Tumpeng Samblek

Langit sik oranye tapi seger howone, likise Paitun sik ngejak uklam ae. Sing kane mariki ngaso ae, ambik ngipok sing merdu, batine. Tekan ngarepe langgar, wong-wong tas mudun magriban. Bendhot tail Paitun, langsung moro ambik ngandani.

“Tun, engkuk nango pos yo. Koen lek kadit oket, tak owik ente,” jare Bendhot ambek mbenakno sarunge sing mowol-mowol terus ngaleh. Paitun kudu ngguyu. Ngancam hadak, batine. Tapi wanyok masiyo korak, sik ngayambes hare. Aluk ladub saiki ae, timbang engkuk diithikk-ithik klenteng iku.

Pas liwat ngarepe bale erwe, kok emar. Paitun nginceng tekan cendelo. Lhuk… tumpeng sak ingkung e. Pepek tumpenge. Kabeh methakol nakam cik lekone.

“Lhok en, rase wis ndedepi…mambu ae lek onok slametan. Ojok kathik mlebu, iki undangan thok iki. Sana… sana… awak engkuk sing kenek paido. Sori, Tun,”jare Riadi hansip. Gayae koyok sing duwe gawe ae, begedel iku. Nangkus ewed, Paitun ngaleh terus nutugno lakon nang pos.

Ndek kene tibake yo rame dewe, lambene sing rame. Opo ae iku. Laopo Pendik ambek Suradi kolem njagong, dungaren. Liane lodeme kok methuthut kabeh. Bambing thok sing umek ae, lungguh ngadheg… lungguh ngadheg, onok pir e lek e ngokobe.

“Lhaa ikih… Tun, yoopoh ngeneh ikih. Koen kolem slametan ndik bale erweh?” Bambing nokat setengah ngusut. Ayas yo gedeg ta wong ancen kadit.

“Slamet awakmuh… Dungaren rodok pinter ente… Koen eroh, arek loro iki maeng critoh. Jarene, ketep sing digaweh engkung e tumpenge iku tibakeh nyamblek goneke warga. Kathik jare kadit pisan pindho… sempel antaraneh…” jare Bambing mletik-mletik abab e.

“Ente-ente lek kathik nggowo berita gak bener, tak krakoti jithokmu koen Di…Suradi, ambek sopo jenengmu… Pendik? Temenan iki, koen ate nyebar fitnah ta?” jare Bendhot ambik nuding-nuding genaro aud iku.

“Temenan iki sam. Ayas ero dewe. Tau ketemon ayas. Wis kadit kane lek tak omongno, lha konco ndik pengurus erwe. Lek erwe slametan yo wanyok sing bagian nyepakno. Kitipe ngongkon iko nggolekno… wong iko, tonggone Ngimbab,” jare Suradi gak wani nyebut wonge. Tapi kabeh wis ero sopo genaro sing dimaksud. Suasanane pos iso koyok markase detektip, batine Paitun.

“Mangkane, kapan iku aku pas liwat hamure Mbah Mo, rame uwong, Mbah Mo sumpek kitip e bolak-balik ilang ae. Tibake kabeh yo umyek kelangan kitip. Onok ae,” jare Endik ambek gayae molai mancing pekoro.

“Pas rapat nang kelurahan, Pak Lurah tak kandani yoan. Wonge yo rodhok kaget. Guduk pekoro opo, mosok dijar-jarno,” jare Suradi. Pendik mek ngegongi.

“Ayas biyen yo tau dikongkon, dilungi ojir amil saleb. Yo kadit tah… lek onok opo-opo tak deleh endi raiku,” jare Pendik.

“Leboknoh slorokan, le. Opo kulkas, repot ae… Lho iyo Ndhot, ilinga pas kapan iko diundang nang bale erweh? Wkwkwk… sing jenenge engkung cik alote. Diethet-ethet ate dibageknoh, uangelll… Akhireh, Riadi, lek gak salah ambek Giono, kitip gae tarik-tarikan kait pedhot… Mangkane… oala, kitip nyamblek tibakeh… Untung ayas gak doyan kitip lek gak ayam goreng,” jare Ngimbab ambek kekel sampek iluen.

“Iyo, untung ayas yo gak doyan ketep. Lek nakam ketep iso gatelen hare. Riadi lak nakam ndik halabesku, jare Riadi… iki ketep opo ban se Ndhot, kemeng cangkemku. Ngono kitipe langsung diuncalno nang piringe Giono… wkwkwk… ambik Giono dikrakoti mendal, diuncalno nang tumpenge maneh, podo gendhenge arek loro iku,” jare Bendhot. Wis ngakak kabeh.

“Tapih wong-wong iku kok yo telap-telep yo Ndhot. Giginyah mengandung graji…wkwkwk. Setengah untu setengah pemes…wkwkwk,”jare Bambing ngakak sampek ngiler. Ngguyu ae ngiler, ndahne rudit, batine Paitun. Repot mungsuh orem-orem iku. Wisa, awak kenek.

“Kamuh ya… naoww ati-atih kaluk ada slametan di bale erweh. Ente bisa kloloten. En… Paitun untunya ngelencerrr semuah…kak kak kak,” Bambing durung mingkem hadak terus njlungub. Yo mesti ae, lha lungguh ndik pucuke dingklik, Suradi ngadeg ate pamit, dingklike njombat. Rasakno koen, batine Paitun. Iso koyok nongko lugur.

Suradi ambek Pendik tas cabut, Samian oket nang pos, ambek slilit-slilit gak mari-mari. Untune sik onok lomboke.

“Ente tak goleki rek. Gak oket ta nakam-nakam ndik bale erwe? Kanyab sing oket. Suradi ambek Pendik mrene yo maeng” jare Samian nendes nyumet oker.

“Oyi, jare arek loro maeng gak kolem nakam. Mangkane terus jagongan ndik kene. jare Bendhot rodok curiga.

“Jare sopo. Suradi ambik Pendik maeng mojok, methakol nakam ndhisiki. Paling ngenteni ingkung e dibagi kesuwen. Tak delok piringe yo bek munjung. Ayas sik telung pulukan paling, arek loro iku utem. Malah njaluk oker nang aku, aku lak lungguh cidek lawang. Ambik mbisiki jare ate nang pos,” jare Samian sik slilat-slilirt ae.

“Ooo… keblek iku. Dadi arek loro maeng yo kolem nakam-nakam? Mari ngandak-ngandakno hadak melok mbadhog tumpeng?” Jare Brendhot ambek getem-getem. Samian nendes, ngoker beluk bunder. (dur)

NYUSUR

Menthok, menthok tak kandhani… Mung lakumu angisin isini
Mbok ya aja ngetok ana kandhang wae… Enak enak ngorok…
Ora nyambut gawe…

Ayas pas liwat, sopo nggandang cik merdune. Tibake Mbak Tini ketoke nguruki putune Bu Cip. Nayamul tibae suarane, ngono lapo lawetan lupis ambek cenil.

Gak suwe, Riadi Hansip bengak-bengok wong-wong ndik gang kongkon minggir. Onok rombongan liwat. Lho, Olaopo Jon ambek gerombolane kolem ngetutno ndik mburine.

“Koen gak minggir, tak cangking pisan engkuk. Lek wong-wong wis liwat, engkuk gak popo koen leyean ndik embong,” jare Riadi ambek kringete gobyos.. Kementhus kenthes iku. Biasa ae, DI. Adane onok opo ae. Rombongane biasa, wanyok hadak macak penting.

Rombongan uklam utem gang terus ublem libom. Sing ngetutno mandheg nglumpuk ambik ndrememeng ndik latare Bu CIp sing utem pisan krungu rame-rame.

“Mbrebegi ae arek-arek iki. Onok opo, Ndhot?” jare Bu Cip.

“Niku lho de, Pak Erwe kale tiang-tiang petinggi kampung mantun diintergosai ten bale erwe. Krungu-krungune wau tirose pekoro got,” jawabe Bendhot ambik njawil Bambing.

“Got buntu ta, Jon. Pekoro got ae kok rame temen. Sogroken lak mari,” jare Bu Cip sak mlethese.

“Pekorohnya de… gotnyah tidak disogrok, tapih disogok, kik..kik… kik.. Lho Mbak Tini di sinih…” Bandhot njawab sak mlethese pisan ambek prengesan. Wis a, pipine didulek susur ambek Bu Cip.

“Ngimbab mulai ngawut wis. Ngene lho de asline. Biyen, sing mbenakno got e kampung iko lho. Tibake urusan dana ne gak jelas. Jarene ojire akeh sing gawe bancakan ambek petingi-petinggi iku. Got e lancar, kesake mekar. Terus mremen urusane, dowo wis… tibake akeh pekorone, diusut, kenek kabeh. Ngono lho, de,” jare Endik njelasno.

“Yoopo se wong-wong iku. Wong atase sedino mek mangan sego telung piring ae kok kakean polah,” jare Bu Cip ambek ngelus dadha.

“Masalahnyah guduk oges e de, iwakeh… kik… kik… kik, “ jare Bambing. Sik kadit kapok ae, ditutul susur maneha wis. Sik sempat ae gayae njaluk diresiki Mbak TIni. Mbak Tini mek mesam-mesem. Lik Jum nidk pojokan, repot nyepakno dasaran lawetan gorengane.

“Kathik maringono pemilihan erwe, terus yoopo iki. Lek ublem kabeh, sopo terus sing dipilih? Mosok Bendhot? Kadit… kadit. Osi korat-karit negoro iki,” jare Endik nyumet kompor. Bendhot langsung mlorok.

“Mangkane talah, ojok sukur milih uwong, rek. Terus lek onok kejadian ngene iki, koen-koen kabeh nyocot. Lek jare jenate Pak De mu biyen, wong lek ate nyalon petinggi iku niate macem-macem. Lek engkuk wis kepilih, kait terang teroco, ketok yoopo asline, Dadi pemimpon iku yo le, abot sanggane,” jare Bu Cip ambek nyusur. Lik Jum ambik nyethik kompor, kudu kolem ngablak ae.

“Gak abot bagemanah… yo nyunggi lemari… yo nggendhong kursih… durung lek mangku momongan… kak..kak… kak, “jare Bambing ambik ngelesi Bu Cip.

“Onok benere sampeyan, mas. Bu Wiwik tau crito, koncone lak onok sing bojone petinggi. Lek pertemuan ngono, jare, bojo-bojone petinggi iku jor-joran, gak pakeane gak sembarange. Tapi yo nggak kabeh, umum e ngono. Sing pancet sederhana yo onok, tapi mek siji loro…. Iki gak ngrasani lho yo…” jare Lik Jum.

“Lha iyo, ayas bendino jungkir walik nggolek nakame arek panti sakmono akehe. Onok bantuan yo ndelok-ndelok sik, lek dijak mbathi, kathik kayal, yo kadit. Mosok tanda tangan sak mono, nrimone sak mene. Ate tak emploki barang koyok,ngono ta arek-arek,” jare Jon.

“Aku yo gak masalah mas masiyo mek dodol cenil ambek lupis,” jare Mbak Tini sing ket maeng mek mesam-mesem ngrungokno.

“Melokoh pilihan, Ndhot. Sopo ngertih lek dadi mbesuk ente iso potih kulitmu. Bendino nangoh salone Siska, tapi ojok nggawe ojireh plengsengan… kak…ka.. kak…,” jare Bambing ambik terus mlungker dipithing Bendhot. Wis, kekel kabeh.

“Wis… wis… gak usah rasan-rasan, gak usah sambat. Koen nduk, Jum, kudu bersyukur, masiyo dodol gorengan tapi anak-anakmu sekolahe dhuwur-dhuwur. Jon yo ngono, kudu ikhlas le, cek pahalamu diitung. Awakmu lek ero yo, Tini iki biyen yo meh dirabi petinggi. Diteri montor, dicepaki omah sak perabotane, karek mlebu bleng, Ate kepingin opo ae ibarate dituruti. Tapi Tini gak gelem, saiki dodolan cenil. Uripe wong gak mesti, le. Paling slamet, yo melok Gusti Alloh. Jaluko sembarang keturutan. Melok Gusti Alloh yo mesti sugih,” jare Bu Cip nuturi. Njegidhed kabeh wis, ngowos.

“Jathuko biyen, cobak Dik Tinih meleg tak ibar, lhuuuwww…,” durung sempat mingkem, Bambing kadit sempat ngeles, lambene dijejeli susur e Bu Cip ambik ngroweng.

“Ngomong mencla-mencle… emploken iku!”

Paitun kekel, kapeka… kapokmu kapan. (dur)

HELEM IRENG

Udan wis gak sepiro wisan. Tak tutno ae likis ate nang endi. Lhuk, ngarepe gang kok emar. Lhok en Bambing malangkerik ambik tuding-tuding, tekan mburi osi koyok ceret. Kok plaurmen isuk-isuk regeg. Tak tail e se. Iku ngroweng ta kemu, ceret iku.

“Kandanonoh tonggomu iku, Ndhot. Ping piroh ae, Ben papakan ndik enggok-enggokan mestih pethutat-pethuthut. Padahal wis tak kei dalan, ayas ngalah ae. Ngono mbok mesem suwun tah, orahh… Kudu tak ketes ae lundug e… ,” jare Bambing ambek lambene koyok hespre. Wis kekel kabeh ngrasakno Bambing.

“Ente sik ngono. Ayas tau, tekan kadoan ayas wis ketok onok Wak Pan mlijo. Lha ndik ngarep hamure Mbak Riani onok brompit e Jumali, gronjonge krupuke masiyo wis dipepetno got, lak yo sik mangan dalan. Ngono ilo, Lik Pandi kok isone, wong wis kewut karek belung ambek entut, iso brompite sliyut-sliyut ngetet ae nyelip. Wiss… awak rubuh nang apedese Jumali, keblegan krupuk ta, morat-marit. Lik Pandi tambah ngowengi ayas. Gak main blas wong iku. Jait. Kon ojok nggegek ae. Tun…” jare Endik.

Sing kekel wong-wong, awak-awakan sing kenek, batine Paitun. Sing slamet ente keblegan krupuk, kok gak ublem got pisan. Endik wedi, brompit e paling nyeleh kidae. Kok dungaren disilihi. Ndhisik dulur-dulure wis kapok, pengaweane nyekolahno brompit.

“Takok o Paitun ta. De’e lak retune embong. Apal wisan kelakuane wong ndik embong. Ente iling a Mbing, wanyik semaput pekoro kecipratan helem mencelat, wkwkwk…,” jare Bendhot nggarap Paitun.

Iling ae, kampas rem iku. Tapi ancene, mbuh jaman saiki yoopo yo. Meh kabeh wong ndik embong isine methuthut ae. Sing mesem mek siji loro. Onok wong apik-apik ngalah, ngekei dalan, ngekei kesempatan kendaraan nyabrang dalan, ambik mesem nyumanggakno, tambah dipendeliki. Onok sing ngetet hape an, padahal dienteni kendaraan liane, yo gak duwe isin, koyok embonge hame ae. Sing ndesit maneh yo akeh. Wis jelas-jelas onok ebes-ebes kewut ngenteni suwe ate nyabrang, ngono yo ganok sing mandeg diluk tah ngekei kesempatan, untung ae disabrangno arek kaceban. Iku gak enom gak kewut, ledome koyok gak ketok ngono, gak peduli blas. Onok yoan sing apik wonge, onok wong nyabrang mandeg sik ambek mesem nyumanggakno nang sing nyabrang, tapi tambah dipleroki ambek kendaraan kanan kirine sing ngotot sliyat-sliyut nyelip. Kathik ambek bleyer-bleyer, jan ndesit pol. Biyen sekolah opo gak yo.

“Heehh, ndelilek ae sadel ikih, yoopoh koen Tun njegidheg aeh… Jare ratune embong… Ooo… saikih wanyik kolem kebatinan om… sembarang dibatin… Sing jelas doel…”jare Bambing nggarap. Lambene iso koyok cikrak.

“Onok sing kadit nes maneh, wong wis jelas-jelas setopan sik abang, sik bal-bel, tan tin ae. Lek gak sabar yo mumbulo wayahe. Mari abang lak jelas ijo ta, lak gak abang terus. Yo sek onok makluk koyok ngono,” jare Endik. Riadi hansip kolem-kolem pisan.

“Kok setopan, wis ero lalu lintas macet, mandeg jegreg, yo onok sing ngetet nglakson. Kemalan iku, paling ate pamer lek akine dobel. Biasane ngono iku wonge kadit bahagia. Senengane mbrebegi kancane, antarane ngono,” jarene. Lhok en, sepatu jatah kegeden sik diewag ae. Seragame yo ngono, mbok dipermak sik. Paitun mesti kudu ngguyu lek tail Riadi. Ketoke kroso wanyok.

“Paitun ngono kadit osi sepedaan wkwkwk…, gonceng ae,” jare Riadi. Terus ae hadak lambene. Repot kenthes iku. Gak pathek en gak gonceng koen le, ora katene. Ente lek ero umbame jakete. Osi koyok ndog kuwukan. Kathik pas krah e sing dhedhes iku.

“Tapi nggonceng Paitun aman, masiyo kadit heleman, dijarno ambik isilup. Paling isilupe gilo, wkwkwk… “jare Bendhot ambek nggegek. Osi kekel kabeh. Asline yo gudhuk pekoro awak-awakan. Dipikir isilup, makoa iku yo heleman, wong ndas sak raine meles koyok helem ireng. Mek ganok cap-capane. Ente ero bompite, lek uline sibun, diisene gemuk. Tau keleket biyen, diketes karo isilup e ambik kekel wonge.

Jenate Pakde Sri biyen, pensiunan isilup, ayas gelek diisaki oges bungkusan, pas jagongan ndik pos pulisi Alun-alun, sik ling aku, wonge tau crito. Carane ngukur watek e uwong iku salah sijine iku tekok perilakune ndik lalu lintas. Asline ketail wis, wong crekel, wong sombong, njaluk menange dewe, gak duwe suwun, koyok jagoan dewe, kadit peduli masalahe genaro liyan, yo onok sing gak duwe isin, rai gedhek. Gak wong elit gak wong kampung. Pekoro parkir kendaraan ae, yo onok sing sak karepe dewe, kudune kan mikir ooo… iki engkuk lek aku parkir ngene, iso wong liyo kangelan gak. Onok sing kenalpote suarane gak karuan, lek jare kendel gantien po’o ambek mercon bumbung pisan. Nyetir ndik embong iku sakjane yo kan salah satu ujian tekan Sing Nduwe Urip, jare Pakde Sri. Dikongkon sabar, ati-ati, gak ngangel-ngangel wong liyan. Umpomo wong-wong ndik embong iku seneng mesem, sabar, suka menolong dan mendahulukan orang banyak, enteng njaluk sepuro, tertib, iso-iso lalu lintas menyenangkan, macet iso udar dewe, opo maneh lek budhal nyetir kabeh ndungo slamet lan lancar. Terus, yo helem ukut ewed, bondo dew, ojok nyeleh kancane ae

Sik durung mari mbatin. Bambing hadak gutap iral singitan ndik rombong rokoke Mat. Bendhot yo ngono tapi kadit sempat eskip, posisine kedangdangan ting listrik. Mbak Riani tibake marani ambik cinding-cincing sewek e. Emar wis.

“Ketok Bambing a rek? Blekok iku nyeleh helem gak dibalek-balekno. Anakku ate kuliah maleh bingung. Koen yo ngono Ndhot! Helem sing ireng iko durung mbok balekno. Suwe-suwe lek gregeten… deloken yo! Koen tak klongkop tak gawe helem. Cek e, tak karekno kupingmu thok!” jare Mbak Riani mencak-mencak. Lhee, lha kupinge dicantholno endi om, batine Paitun ambek ngempet ngguyu. (dur)

KLOPO PARUTANE

Slametan ndik hamure Lik Jum tas rayub. Kabeh wis nyangking kresek berkat. Ayas helom kari, mesti diisaki dobel ambek Lek Jum. Tapi ndik dalan berkatku tak lungno Jon, soale ndik panti kanyab sing luwih butuh. Biasane, buyaran slametan, mari ngampirno berkat nang hamure dewe-dewe, terus nglumpuk ndik pos. Yo akeh sing nggowo duse najaj. Jarene ndik hamur sopo sing nakam, wong kanae jare podo kadit ngenes nang jajane berkat.

Temenan, kanyab sing nggowo duse najaj. Gak kaop Bambing, cik ngenese nang sing jenenge bikang. Lek Bendhot masio ledome sangar yo sik tetep kemaruk nang apem. Endik lek nemu wajik iso koyok ketemu araduse. Lek awak yo nogosari ae, dew. Londo ae sing genarone lites lek ero roti kukus osi koyok tail kodew sinam. Mangkane lek onok berkat gak tau rebutan. Mbuh lek ojir, wkwkwk…

“Ndik hamur, jajan koyok ngene yo kadit uyap. Kerduse diungak thok ambek anakku, ambek ngomong, ganok sing rodok lawas meneha jajane? Jait…” jare Bendhot ngroweng.

“Podho… Isuk tak ungak, sik wutuh hare, ganok sing nguthik babar blas. Kadang dikrikiti cecek. Saiki lek berkat onok najaj e cangking mrene ae, cek diselesekno Ngimbab, ” Samian nggarai. Bambing ngono yo mek mrenges ambik lambene mowol-mowol nyamblek bikang. Repot cithakane apem iku.

“Kiro-kiro lek mbesuk wis ganok jajan-jajan model ngene iki, ente-ente kabeh paling iso bolak-balik step paling. Kejer, wkwkwk… lha ate nggolek nangdi,” Endik molai nggarap.

“Iyo yo, kudune masiyo jajan lak kudu dilestarikno yo,” Londo nyaut. Bendhot keselek.

“Yoopoh mbesok lek awak-awakan kepingin nakam horog-horog, bogis, kucur, opoh wastapel… ” jare Bambing ambik clemat-clemut ae.

“Wafel a… wastafel hadak… turuo jeding pisan, krakotono cebuk iku,” jare Bendhot ambik ndudul pundake Bambing.

“Koen Ndhot… deloken po’oh saiki. Ikuh… ayas maeng liwat ngarepeh bedake Pendik. Wong-wong sing terkenal ikuh, biduan… bingtang pilem, sing ndik tipi ikuh, kabeh bukak bedak panganan ndik kampung keneh. Tak inceng ndik kocoh… ayas ganok sing eroh najaj e…,” jare Ngimbab. Koyoke mancing pekoro, omongane pan-panan iki.

Paitun maleh molai melok rikim. Wis molai ketoke, wong-wong sing terkenal ndik tipi podo gembruduk bukan toko jajan ndik kampung kene. Tulisan reklame ne macem-macem, oleh-oleh khas Malang, sing iki sing iko… Tapi pas kapan liwat, tak ungak tokone, koyoke gak tau tumon ayas najaj sing jare khas iku, modele ae anyar, bas-bas wong-wong iku mek ngarang dewe. Iling aku, ayas tau diisaki ambek Bu Cip, najaj sing jare khas iku. Dapako kane, opo ilatku sing gak cocok. Bu Cip ngelungno ambek ngroweng, Tun, iki panganan opo, tilik ono talah, Ngono kok ngaku-ngaku panganan khas kene, lak ngawut tah, jare Bu Cip.

“Heh, Tun. Lapoh ndomblong aeh, iku lho nogosari senenganmuh… wajik e karek utas. Cepet… selak dibadhog jrangkong ikih…wkwkwk…” jare Bambing ambik nuding Bendhot. Ngono Bendhot yo sengojo nyaut wajik langsung diemplok. Wong-wong nggegek. Jarno ae, arek ireng iku ancen lambunge sampek kentol, batine Paitun ambek gregeten.

Jon telap-telep nyuwili dadar gulung. Endik rame ae, mbukak lemper isine mek separo. Kait ero ta. Onok sing isine mek seprapat hare, kathik disolasi. Mbukak e cik angele. Lemper disolasi, suwe-suwe gedang dilakban. Bikang ae wis diganjel ngokobe, cek mledhing.

“Lha iyo, lek terus artis-artis bukak toko jajan kabeh ndik kampung kene, kathik ngomonge jajan khas kampung kene, terus yoopo nasibe nakaman, jajan sing asli. Jelas halak sak sembarange ta. Kalah nggen, kalah ojir modale, kalah promosine. Ndik kene iki gak kurang macem-maceme najaj sing asli, produksine warga dewe. Tapi, wong sembarang ndek kene diijini erwe, kadit ditail sik yoopo iki engkuk pengaruhe mbesuk,” jare Jon mari ngelek godir. Cepete wis ganti godir. Samian ngegongi pisan, pancet ae gayae kementing.

“Koyoke ganok masalah ya? Yo iku jengene bisnis. Bisnis kadang lak mek ndelok kesempatan. Liane urusan mburi. Ngeneh. Panganan, jajan, iku yo tetenger kabudayan, gak mek tarian, lukisan, musik, kerajinan. Kuliner iku mek guduk urusan cangkem thok. Sembarang digawe iku onok asal-usule, onok hubungane ambek adate masyarakat. Lak ngoten nggeh, Pak Nardi?” jare Samian golek bala.

“Yo pancen jamane yo terus maju. Tapi yo kudu tetep duwe tanggung jawab. Opo maneh lek nyangkut kabudayan. Cumak, ngerti opo gak wong-wong iku. Jangan mereka datang ke sini, terus sak karepe dewe cuma cari untung sendiri. Iso kok sakjane, misale ngene ya, erwe membuat peraturan misalnya, setiap toko-toko jajan moderen iku diharuskan juga melok ngedol kue-kue atau jajanan asli sing khas gawenane warga kampung iki. Gak ketang telu opo limang macem jajan tradisionil melok didasar ndik tokone. Artine, sethithik akeh kan wis melok ngrumat, kontribusine jelas. Tapi yo ojo awu-awu, ethok-ethok… mek gawe gugur wajib thok, ganok niat apik, yo repot…” jare Pak Nardi. Wanyok masiyo pansiunan tapi sik padang pikirane, gak tau mandeg mikirno warga, batine Paitun. Ngono Pak RW cik bencine. Kayal. Lek jarene warga, onok sing ngedu.

Ola opo Bambing mukok, ngungib nyaponi lambene,

“Sing ikih kloponeh umbam… lho ya, rodok penguk,” jarene ambik ngambu-ngambu najaj sing dileket. Kabeh kontan ngakak.

“Goblik… ndesit ancen ente, Mbing. Iku keju diparut nduwure rotine,” jare Bendhot ambek njulekno Bambing.

“Yo iku lek kakean andok ndik warung isore barongan…wkwkwk…” Endik nggarap. Ngono yo nggegek pisan bledhus iku.

“Kadit, Ndik. Asline wanyok kegeleken ndekem ndik warung klepone Mbak Tini,” jare Jon.

“Lhuww… yoopoh ente. Mosok eroh ente klopo parutaneh MbakTini… sulaaa. Sedino lek kadit ketemu lupis… osi nggliyeng ente om,” jare Bambing ambek gaya ludruk.

Plokkk… apem disawatno tepak pas pipine Ngimbab. Bendhot kaget, apem sing dicekel, dieman-eman ate dinakam kari-kari hadak disaut Tante Bembi ujube Bambing, ambek mencak-mencak. Bambing gutap.

“Rasakno… nggliyeng a wis! Bojo bendino dikongkon ngengat-ngenget jangan, sampek mbuak-mbuak… hadak mbadhog sak paran-paran! Ayo moleh, tak parut sampeyan mariki…” buantere sak kampung vokale Tante Bembi ambek nyeret Bambing sing nginthik helom.

Tail tekan warunge, De Patimah kekel sampek ilue bolak-balik dilapi pucuke seweke. Radione rek lagune…

Aku suka jaipong kau suka disko

Oh … oh…

Aku suka singkong kau suka keju

Oh …oh… (dur)

SEPUR-SEPURAN

Ndik pertelon Kauman Paitun ngaso ndik emperan markase Bik Samini. Klesetan, anyep lemeke, grimis kepyur pisan. Tapi gakpo po, udan iku lak barokah. Lho, lapo Bambing riwa-riwi koyok setriko ambik ndase ditutupi koran, nggoleki opo kumbahan mamel iku. Kringete sampek gobyos, imblake ngeplek karo ambekane ngongsloh. Umbam kringete koyok trasek.

“Arek-arek sempel, Tun. Awak dipesi. Uklam mulai stasiun sampek mrene, gak onok hadak. Deloken ae, osi ta owik arek-arek iku,” jare Bambing ambek terus ngeprat. Lhuk, yo ditutno ae wanyok, mesti emar kampung.

Ndik pos sepi. Ngimbab ambik abang-ireng ngungib nggoleki gerombolane. Paling ndik warunge De Patimah, filinge Paitun. Rikim sediluk, Bambing gak lidok marani warunge De Patimah. Temenan, geng londem tibake nglumpuk. Ketoke podo ngempet ngguyu pas Ngimbab oket. De Patimah sampek nutupi raine ambek sewek. Bendhot gutap singitan ndik isor mejo kompor.

“Klentheng endi? Des iku! Ndhot… metuo koen, lapo singitan. Ireng… elek… singitan isor kompor. Langus thok lambemu!” jare Bambing ngamuk. Bendhot terpaksa utem, ambek sik ngempet ngguyu.

“Opo Mbing. Sing jelas ente. Lapo murang-muring,” jare Bendhot gaya ngeles.

“Gara-gara koen mos… termos. Senengange mulosoroh kancaneh,” Bambing sing menggos-menggos. Endik karepe mernahno ate nglungguhno Bambing, tapi kenek pisan.

“Ate lapoh koen? Podo aeh… ente Ndik, nggedabrus.. radioh rusak. Lak ente se sing wingi critoh jaremu saiki onok sepur cilik sing riwa-riwi ndik ndhuwur. Isuk uput-uput ladub ayas. Lha awak lak yo kepingin tah numpakih. Ayas mubeng nggoleki, ndih iki… Liane ketemu kacebe Pi’i ae, mulek. Ngaceb laris tibake, juwet ikuh…,” jarene. Kabeh osi nggenggek kemekel gak osi ngrasakno. Bambing tambah mbureng, tapi suwe-suwe trus mesem, kroso lek dibikin. ambik nggablog geger e Endik.

“Ayas wingi lak sik crito se Mbing, lha laopo ente terus ladub ewed. Lak salahmu dewe ta. Mangkane ta ojok biasa ninggal konco. Ente mambu sembarang, ladub ae. Terus… karepmu opo lek onok sepur mini iku? Iku ril e ndik ndhuwur lho Mbing, Kadit osi ente mudun sak enak e,” jare Endik model ngudang.

“Mubengo ambek kacebe Pi’i lak iso ta Mbing, onok opo-opo paling mek beset opo kecekluk… wkwkwk…,” Bendhot njarak.

“Mari rong ubengan, Pi’i malik, awak soroh… gara-gara juwet iku awak isoh urusan silup. Maksudku ngeneh lho… sopo jenengmu? Wkwkwkw… Karepkuh, awak tak numpak mubeng ngonoh. Lek onok halteneh gak mudun sik. Lak wuasik tah… tail tekan nduwur. Ndelok kutho tekan ndhuwur… Engkuk liwat alun-alun, ketok Paitun koyok pemean riwa-riwi. Awak mbayangnoh lek pas liwat ndhuwure kampunge dewe. Lhuuuw, Mbak Tini klepon pas korah-korah, merduuuhh… Bendhot pas leyeh-leyeh ndik pos, paling koyok getas sing ketan ireng… wwkwkw. Koen Ndik, isoh koyok gombal gak kanggoh. Lek sampeyan De, paling tekan ndhuwur koyok kinangan… ha ha ha,” jare Bambing nggegek. Durung mingkem Bambing disawat serbet ambek De Patimah, ditekek tekan mburi ambek Bendhot, wetenge dicewel ambik Endik, ambek mlungker sik kekel ae luwak iku, dingklik sampek njombat-njombat. Et… Jon molai serius.

“Ngene lho yo. Ndik kene nggawe sembarang koyoke grusa-grusu. Lek aku yo gak setuju. Goleh masalah anyar iku jenenge. Kudune lak didelok sik, kuthone awake dewe iki pemandangane apik, langite resik, yo kudu dijogo iku. Ojok karepe moderen, tapi ngrusak lingkungan. Prasane gampang ta. Opo wis diitung yoan, engkuk bas-bas mateni rejekine wong liyo. Manfaat ambek mudhorote kudu dipikir temenan. Saiki bayangno, yoopo nasibe Pi’i kaceb, Mul ojek, ambek angkutan liane. Macete dalan kudu dipikirno bareng, guduk ngarang proyek anyar gawe nyirik, om,,” jare Jon gayae nuturi.

“Kuthone awake dewe iki ate diapakno se, gak jelas blas. Kuthone awake dewe iki terkenal kutho enak, kutho mbois. Tapi mboise asli, kane, gak mbois mekso, Mangkane ta rek, lek milih pemimpin sing juelasss…” jare Bendhot ambek joget sula.

Pak Nardi sing ket maeng mek ngguyu sampek mbrebes mili, akhire yo komentar.

“Kuthone awake dewe iki kutho bersejarah. Kutho pusaka arane. Yoopo yo, iki gak muluk-muluk aku lek ngomong. Awakmu kabeh lak ero sing jenenge peradaban. Lek gak ngerti rungokno ae wis. Nah, masalahe, lek pemimpine awake dewe iku tepak, berarti ero, dia akan menyumbang sesuatu yang baik untuk kemajuan peradaban kuthone awake dewe. Tapi lek sing mimpin gak ero, apes awake dewe, peradaban iso diorat-arit. Looo… gak main-main. Mangkane kudune pemimpin iku kudu duwe ilmu, yo tanggung jawab ate diapakno kuthone dewe iki. Lek ngawut yo ajur peradaban kutho iki, “jare Pak Nardi. Kabeh iso mek ndlomong. De Patimah ketoke susah, sewek maneh dilapno mripate. Kewut hobine mbrebes mili. Wonge ngwasno aku.

Durung mari Pak Nardi ngomong, dhuerr… bledheg murup. Osi njumbul kabeh. Wisa, gutap pamitan helom kabeh. Lapo Bendhot bisik-bisik nang gerombolane.

Tibake wong papat iku, cekel-cekelan pundak, hadak sepur-sepuran ambek nyanyi, liwat ngarepe Mbak Tini klepon.

naik kereta api… Tin… Tin… Tin…

Pyorrr…. Kapok a ambek Mbak Tini disiram banyu koraan. Wong papat klumus, ngaleh ambek regeg dewe.(dur)

DI RADIO…

Embong nggilap, bulan seser koyok apem. Howone merdu, angin semriwing kolem Paitun uklam sak ndlujure dalan. Ndik rombong oker pojokan gang, Mat nyepit leyeh-leyeh nyetel radio. Masio gemrosok suarane yo kane ae wanyok ngrungokno, padahal suoro biduane sampek gak jelas, nyanyi opo tukaran ambek pegawai ben e. Ndik halabese, Lik Paeni lawetan sate laler. Satene sak opil, beluke sak kecamatan. Nangdi maneh yo, nang pos ae enake, be’e umbul lawas nglumpuk.

Ladalah, temenan, lengkap pasukane, Bendhot en his geng, gico kabeh iki. Kok dungaren tertib lambene. Oala… tibae ngrungokno radio pisan. Kolem ae ayas, batine Paitun. Onok ipok, nakaman, pepek dew… Dumane howone kane, Bambing iso mek kaos kutangan thok hare.

“Sinih kamu, iki laguneh mbois-mbois, Tun. Lagu lawas tapih wuenak-enak. Lek denger lagu saikih ayas gak paham,” jare Bambing.

“Suwe ayas kadit nyetel radio, oyi hare, ingeb maeng gak sengojo onok lagu-lagu blues, lhuk… iki mbois thesss…” jare Endik koyok nemu emas, ambek gaya gitaran. Mekitik, le.

“Le ayas yoopo-yoopo yo sek ngenes lagu indonesah tah. Kathik sing aslih, lek musikeh anyar awak-awakan kadit osi niroknoh,” praene Bambing osi koyok sueneng ngrungokno radio, gayae terharu.

Lek radio sing dicekel Bendhot iki rodok lumayan unine, masio onok ngembrete thithik. Batreine ndik njobo jejer-jejer dikareti, rodok nayeng. Wayahe batreine lak papat, iki iso nem hare. Paling gak tau ganti, mek dipepe lek isuk.. Potensione wis krowak. Antene iso seyek, sing pucuk nggambleh. Gak e, arek iku lek nyetel radio ambek diuncal-uncalno ta. Tutupe mburine ae wis diganti kethokan triplek ditaleni kawat. Radio ta bekupon iku. Tulisan gelombange wis ilang, karek garis-garise.

Ambek Bendhot ketoke diumek ae, gelombange ditepakno karepe.

“Ojok diumek aeh ta pren, pas kane hare lagune,” Bambing ngablak wis.

“Iki tak pasno kok. Antene mari tak benakno sik ngewes ae. Radio mu ndik hamur jupuken po’o, iki ketoke batreine ate sibun, ” Bendhot njawab.

“Sayang radiokuh wis kadit osi diserpis. Lha tak serpis nangdi ae, jare wonge mesti kongkon mbuak, jiait anceneh,” jare Bambing ambek mecucu. Iso koyok klepon.

“Opo’o radiomu?” Samian takon.

“Critane ojob lak mbiyodo. Mumpung ipes, radio tak get noh ae, lha pas laguneh diparpel hare. Hadak ayas keturon. Gak eroh ojob helom. Ayas gak sempat wis, radio ambek ojob hadak dicemplungnoh got. Awak mencolot, padahal pas tak goleki ndik got sik munih, laguneh pas semuk on de woter. Bareng ketemu hadak wis mbleluk, kobong… koslet paling,” jare Bambing ambek kekel campur getun.

Wong-wong nggegek kabeh. Pancet ae Mbing. Liane kok dadi pelengkap penderita ae. Kok radio, entek taplak ambek sewek piro Bambing lek pekoro setriko.

“Ente sik iling ta, awake dewe biyen. Direwangi numpak bemo, kadang uklam, opo apedesan, mek pekoro tuku kupon lagu. Ambek kepingin lanek penyiare. Opo maneh lek onok artis penyanyi terkenal oket.” Endik crito.

“Artis-artis biduan biyen lek gak sobo radio yo kadit osi ngetop,” jare Bendhot.

“Biyen kanyab radio amatir ndik kene. Lha iku saksine… Tun, Paitun apal iku. Wong kabeh tau diparani. Sakjane pas iku wanyik osi dadi penyiar, cumak isinan. Tau dijak siaran ndik radam ndi iko, lali aku… gak muni-muni… hadak ngompol,” jare Samian. Wis kekel kabeh.

Awas koen le, Samian, rambute koyok sapu duk. Lek surian, sedino entek suri agit. Lek pekoro radio amatir, ancene apal ayas. Ente ecek-ecek.

Ente ero a. biyen radio amatir ndik kene sak arat-arat. Onok Radam Tris ndik Mbareng Kartini, iki nggene lagu langgam ambek keroncong, penyiare sing beken yo Cak Ruslan, tapi terus handip nang Pioner Jalan Bromo. Onok KDS 8 ndik kudusan terus pindah Jalan Kawi. Radio Dendys ndik daerah perusahaan, Radio Lamda ndik Oro-oro Dowo. Lek SOBC sak durunge ndik Jalan Wilis, we’e Om Yoe. Ndik Taman Slamet radione jenenge Telstar 7, cideke onok Radio Tenes-X, ndik cidek stadion iku. Opo maneh. Andalus ndik Jalan Kelengkeng.

Ndik taman Senaputra yo onok we’e Pas Rustam, penyiare Opan sing gondrong sangar iku, gawene bengok-bengok ndik stadion lek onok bal-balan. Radio Omega wek e Hendrik ndik Talun. Radio Imanuel ndik Jalan Cipto. Ndik ngarepe pabrik es Ngaglik biyen onok, tapi ayas lali jenenge. Ndik Glintung onok Radio GL e Pak Jono, Cakrabuwana ndik jalan Ngantang. Ilinga ente, TT 77 ndik Celaket, Gema Surya ndik Sukun. Ndik Kidul Dalem yo onok Radam KD33. Ilingku yo onok Kutilang, terus Fancy ndik Jalan Wilis. Liane sik kanyab, tapi ayas lali. Jaman sakmono penyiar osi beken koyok bintang pilem. Gelek, pendengar-pendengare sing seneng ater-ater nakaman opo najaj. Ayas biasane diumani ambek wong-wong ndik radam.

Zaman iko ganok ilok-ilokan, kabeh rukun. Njaluk lagu, kirim-kiriman salam, salam manis…salam kompersa… kompak persahabatan, salam sayang… wkwkwkw…. Tapi yo onok penyiare nganal sing pleboi, lek sing wedok jenenge opo yo… plekodew le’e. Yo jaman saiki iki, wong kok hobine ilok-ilokan, maido, mesoh… ndik umum pisan. Biyen kabeh lambene tertib. Yang yangan thok wis.

Lho, kok dipateni radione ambek Bendhot.

“Sori.. sori.. batreinya wafat sodara-sodara. Besok pagi mepe lagi yah?” jare Bendhot ambik ngringkese radione. Atase radio transistor ae lek ngringkese koyok sewan sone nentam. Kabele batrei ambek anten iso gak kompak, diringkes mowol-mowol. Bambing iso mbureng hare.

“Lek lagu pas kane ngene iki, batreimu ojok sampek sibun, Ndhot. Bambing helom iso sumer engkuk,” jare Samian nyemoni Bambing.

Tak inggati pisan ae, batine Paitun ambek ngadeg. Mboh, dino iki dituruti ae likis ate nglayap nang di. Tekan prapatan Kayutangan, Paitun mandeg ndik ngarepe serpis radio nggene Pak Edi. Radio opo ae sing ganok ndik kene, mulai radio kuno sampek sing transistor. Pak Edi ketoke nggethu dirubung radio rusak. Sodere mbeluk arpus. Tak rikim lek rusak kabeh. tibae wanyok ngetes nyetel radio, muni ndik corong nduwure toko. Lhuk lagune rek.

Di radio… aku dengar lagu kesayanganmu
Kutelepon… di rumahmu, sedang apa sayangku…

Iku lak lagune Gombloh. Nawak iku, ayas tau ingeb jagongan ambek arek gondrong iku ndik Alun-alun. Malah ayas diukutno tahu petise Boimin. Oala…tahu petis rasa coklat. (idur)

GETHUK

GETHUK

kae-kae rembulane… yen disawang kok ngawe-awe

koyo-koyo ngiling ake, konco kabeh ojok turu sore-sore…

Hmmm… sopo nyetel lagune Waljinah iku, batine Paitun. Merdu hare. Diurut ambek Paitun, tekan endi suarane radio iku. O, lha iku opo, golongane omplong nglumpuk ndik warunge De Patimah. Lhuk… ngipok sanap, loooo… yo kolem ae. Asaib, Bendhot congore pancet ae.

“Lhaa iki opo rembulane… rembulan grimpis rawuh. Lho… kok tambah krowak wkwkwk…,” jare Bendhot ambek gaya Arafiq, setengah ndhodhok, komprange suwek, sepatune jenggel tapi lerekane dhedhel, tungkake rodhok njepat. Oala, repot mungsuh boipung iku, lawas pisan. Babah, aco ae, batine paitun ambek langsung ublem lungguh dingklik cidek pawon.

“Kopi a, Tun. Sik cek umep. Koen wis ero a, mariki onok pilian erwe. Arek-arek elek iki maeng rasan-rasan, Tun. Gak trimo jare, mosok wedok nyalon ketua erwe. Masiyo aku wedhok ngene, lek nandangi koen ae le… le… sik kuat. Tak gibeng munyer koen, Ndhot… ” jare De Patimah ambik gaya ngejeb.

“Lheee, sik ta de. Lek jaman sampeyan tak akoni. Kodew saiki… sepurane, kulite sulum-sulum, tangane alus-alus. Lha engkuk gelem ta kolem kerja bakti, onok uler opo cacing ae iso gutap menek genteng barang. Osi-osi akeh macake timbang idreke. Durung biaya klambine, nang salon osi isuk sore.

Mosok iso alise menclek thithik ae… Durung giwange, mas-mas ane. Kene lak durung ero, asline yoopo, judes opo kadit, iso masak opo kadit. Lak ngono a, Mbing, ya?” jare Bendhot setengah nggudo De Patimah. Wonge mek plethat-plethot, ambek nggoreng tahu. Jarno ae, batine Paitun. Suwe-suwe Bendhot iso ditapuk sothil. Hadak Mbak Riana ublem ate golek nakaman ketoke, tibake kadit, nempil endhog. Lhuk, emar iki mariki.

“Yohh…. tibakeh moroh mek isone nyeplok, ndadar, opoh nggodog enhog. Teter edhog ae lak iso bonongen ta rakyat koyok awake deweh iki… wkwkwk… kuk…” jare Bambing keselek. Lho… ooo tibake genthong iku mojok nendes selonjor ambik nggiling jemblem. Kapok a keselek.

“Sampeyan nyemoni tah? Ojok ngremehno wong wedok sampeyan. Paling ditinggal telung dino ae sampeyan iso seser koyok kekean,” jare Mbak Riana. Mbak Riana ancen ngono iku, lek ngomong los kathik lincip. Kabeh iso kemekel.

“Iku lho masiyo wedok yo sekolae yo dhuwur. Sampeyan, opo? Esde ae paling biyen mbayar lengo gas,” jare Mbak Riana ambek kudu ngguyu.

“Gak Na, arek iku biyen mbayar bothok. Biyen sekolae ngodok iku, mangkane deloken sampek saiki sikile bubulen,” jare De Patimah kontan nyemes nemu stan. Bambing iso nggegek hare.

“Ndhot… mulai pisik guyoneh Ndhot, pisik… Yoopoh om… om,” jare Bendhot prengesan. Mbak Riana sik gak trimo. Jon ate nyaut malih kadit odis.

“Jagomu sopo se? Wong lanang-lanang sing lawas-lawas iku a? Podho dene iku. Aluk wong iki sik sekolah. Dalan jenglong gak karu-karuan, wis pokoke sembarang koyoke gak jelas karepe. Sak mono suwene mbangun opo… deloken kampung iki. Tapi lek dikandani wong-wong jare pengkuh, njaean. Ngomongo taman age? Tak akoni apik ancene. Tapi, putune Bu Cip sing ndik luar negeri iku, pas teko mrene tau crito. Gak iso lek mek niru thok. Iyo, ndik luar negeri kono, srengege diluk, udan ganok, lalu lintase gak was wes. Ndik kene dingklik jejer turut embong, sopo ate panasan ambek udan-udan, ate mepe karak le’e. Wayahe lak dikei yup-yupan. Seneng lek onok warga disrempet montor pekoro ate mepe karak? Lek Paitun ngono menter…” jare Mbak Riana ambek kekel. Lhee… malih awak-awakan kenek. Repot pensiunan penyanyi iki. Mbak Riana iki biyen penyanyi, tapi akeh diurake timbang dikeplokine. Lek nyanyi enak, cumak kene sing gak osi ngrungokno. Lapo nyandak-nyandak ayas barang.

“Maringonoh… lek ingeb gaweh pangku-pangkuan, ibuk-ibukan hadak wkwkwk… ” jare Ngimbab ambek terus ngeles soale disawat serbet ambik Mbak Riana. Ngono serbete yo langsung dikalungno koyok anduk. De Patimah kekel sampek lali, ndlandapan mateni kompor, ngenget jangan sampek meh sat duduhe. Mblendrang wis, merdu, batine Paitun. Wonge ngwasno ayas, kroso paling.

“Kudune, ancen lek golek pemimpin iku sing watek e jelas. Kudu mikirno yoopo warga kampung iki cek nyaman urip ndik kampung iki. Dalane korengen, lhok en, banjir gak mari-mari. Maksude, mbok mikir sing penting-penting sik ngono lho. Bingung ngetop ae… Kudune lak ero. Mikir… om. Ojok warga dijejeli dorpres ae. Bendino macet iku lak yo kudu dipikirno. Diceluk kabeh, dijak rundingan yoopo carane ngatasi masalah-masalah sing penting dhisik. Kadit bendino wong lungguh taman, yo gak kabeh, tapi sobo embong lak sak wayah-wayah. Trus… slender sing tuku laham iku, em em an, dilkuk lak memet ta gawe nyaponi dalan sing udune njebrot kabeh, ” jare Jon metuwek. Kabeh meneng, et… golek bahan paling.

“Lek aku kok sir sing iko se. Rasan-rasane onggot, rodok iso dijagakno. Jarene… tembung jare…” jare Bendhot ambek umek saleg ipoke. Paitun ngguyu mbatin, mangkane wanyok kok ireng, lha kopi karek lethek ae sik dietet diombe. Wisa, lethek e numplek nang irunge. Gak enthos. De Patimah langsung mlorok.

“Jare sopo, selama ndik erwe, ayas gak tau ero lapo. Podo ae, selama iki ketoke busung. Situke pencolat-pencolot, gak jelas. Gandengane yo ngono, pirang periode dadi petinggi yo … koyoke gak lapo-lapo. Gak mletik blas. Kanyab sing gak ero. Masiyo ketail kalem ngono jare kera-kera, mekitik, gayae jare yoopo ngono, meksoan,” jare Endik.
Paitun kaget, lhuk wajan mbeluk. Gosong wis. De Patimah spaneng, warunge mbuleng.

“Wisss… buyaro rek, nggedabrus ngrasani wong gak mari-mari. Kemeruh kabeh. Buyar…buyar! Kene… kene… prei bon… ojok kakean alasan, ayo!” jare De Patimah ambek malangkerik narget.

Hadak Bambing moro gutap mencolot utem. Dingklik e osi malik hare.
“Jiait, lali aku mapak ojob. Ajurrr… De, aku melok Jon. Rayab en sik, pren,” jare Bambing merat eskip. Jon mek getem-getem.

Lho, ngono ndik ngarepe Mbak Tini klepon, halabese warung De Patimah sik kober ae Bambing nggudho Mbak Tini.
“Gethuk asale soko teloh… lek wis gathuk ojok nggolek pekoroh…” jare Bambing dimanis-manisno.

Sak ketoke, Mbak Tini nyaut klepon disawatno, plek… osi pas pipine Bambing. Ngono yo terus diemplok ambik iral. Repot mungsuh rantang iku. (dur)

RANGEN

Srengege durung sanap, kait nendes ngeluk boyok, ndhodhok ndik ngarepe bedake Wak Adenan, hadak ketok Bambing iral ngetepeng ublem gang. Lapo ae bekenyek iku. Wong-wong kaceban sampek kekel tail Ngimbab, praene abang ireng, sandalan mek sese. Parani ae nang pos. Sakjane wegah, embonge blethok thok, tapi eman lek kadit ero critane arek sempel iku.

Ketoke kerja bakti tas rayub, yo pancet ae ndik pos kari golongane prithilane gorengan. Balapan nyruput ipok ambek kademen njebeber. Wong-wong mek dlomong tail Ngimbab langsung nyaut ipok disruput, untung wis adem ipoke, jathuko lak tambah ndomble ta lambene.

“Oker… oker, ndi okere, pren…” jare ambek sik menggos-menggos.

“Lapo ae ente, Mbing. Wayahe wong soro hadak ngilang. Koen digoleki ojobmu. Murang-muring, nggowo berang maeng. Hamure makmu kebanjiran iko lho, goblik…” jare Bendhot ambek sik kudu ngguyu. Bambing gayae kaget, ate mencolot ngaleh.

“Telattt… wis mari. Ate lapo koen? Nyaponi ledhok? Ate nglangi? Gak enthos… Gayamu koyok petinggi ae, oket lek banjir wis menep. Nandi ae ente? Lhok en, ndlahom ae…,” jare Jon gregeten.

“Sik tah. Mosok ero tah ayas. Wong ndik konoh gak udan blas. Padang thag-thang. Tak critanih koen yoh… Aku maeng ndik embong, uklam helom, hadak kok onok suarane opoh iku. Tak toleh, hadak ndik mburiku onok slender, tapi ngarepeh onok koyok sapune… guedhe-guedhe myuner ngonoh. Lho, lapo lha kok ngetutno ayas aeh… Ayas iral, kono yo tambah nguber. Jait. Ambek mbengung ngonoh…” Ngimbab crito ambek sik pucet. Wis kabeh langsung kekel. Onok sing pas nyruput ipok sampek muncrat.

“Dobol anceneh… Akhireh ayas mlebuh nrabas gang e tokone Cik San. Slender e kadit osi kusam, ndik ngarep gang ngenteni ambek wherr… wherrr, munyer aeh sapuneh. Kapokmu kapan. Tak ece-ece ambik ayas, terus tak langgit. Wedus ikuh… ” jare Bambing ambik kekel pisan. Emar wis kabeh, wetenge senep.

“Paling ente dikiro karunge resek ngglundung, Mbing wkwkwk… keterak angin. Ndesittt… Iku ngono mesin gawe nyapu dalan. Cobak ente maeng kenek ciduk mlebu mesin iku, lho utem osi dadi kerduse berkat… wkwkwk…” jare Endik ambek tangane munyer.

“Osi dhedhes awak-awakan. Ngawut aeh ente… Tun, ente kok gak disedot ambek slender ikuh?” jare Babing nuding ayas ambik telap-telep ngemplok rondo royal. Ewul paling, lek gak ndik lambunge onok terwelu agit.

“Gak wani nyaponi Paitun, kepingin diwalik ta slendere. Yo, Tun?” jare Bendhot. Lambene kebal-kebul koyok anglo.

“Yoopo lek terus banjir ngene iki. Ente ilinga pren, rapat-rapat mulai jaman RW biyen sampek saiki koyoke ganok sing mikir temenanan pekoro banjir. Ndek kampunge awake dewe iki, kayal sakjane lek banjir. Kayal. Iku opo nggarai, mbangun sembarang diijini, gak didelok sik. Nguber setoran thok. Lek wis onok kejadian, ngglendhem ae…” jare Jon. Pantes lek Jon njahe, batine Paitun. Soale Jon mesti ngresiki panti lek mari kembeng unyab. Mepe kasure arek-arek panti. Kasur wis gembos kabeh, gebleh dipepe tambah memet. Ngosek kamar-kamar. Gak mari sedino. Idrekan maleh prei, padahal bendinane Jon kudu nguripi panti. Arek-arek panti kudu tetap nakam.

“Mangkane ta rek, pilian erwe engkuk, milih sing jelas wonge. Deloken opo’o saiki, calon-calone mek mikir yoopo carane menang pilian. Cek dadi erwe. Mosok tau mikir, ngoco, trus niate jelas. Ojok mikir menange thok, marine menang iku sing penting. Atine ditoto, niate disonggo. Lek dadi mbesuk kudu lapo, osi nggak ngatasi masalah-masalah sing nyengsarakno wargane. Isoa? Kepikir ta? Saiki kadit, sowan mrono-mrene, bingung carane menang dadi erwe. Lek wis menang, tiba’e asline gak enthos, ndlahom jaya. Lah oyi se?” jare Endik. Lek pas ngene teges sablukan iki. Molai, Bendot oleh stan mancing Bambing.

“Lek nurut ente yoopo, Mbing. Misale ente nyalon yoopo, heh ya?” jare Bendhot ambek ngelus-elus pundake Ngimbab.

“Lambemu, Ndhot. Tapi ngeneh ya… ” Bambing molai eksen, ambik nglingkis clonone cek dikiro wong kolem kerja bakti. Lho lapo sikil kiwo lingkisane didukno thithik maneh, ooo.. tibake ketok sikil kiwo bubulen. Bambing langsung mlorok nak ayas.

“Lek ayas dadi erweh, engkuk enteh tak peseno slender timboh. Dadi lek banjir ngene ikih slendere iso nimbo. Mosok wayahe banyu teko ngene ayas pesen slendere bledug. Lek pekoroh resek, akeh pasukane, wargah yo wis mulai sadar perkoro resek. Tapi lek pekoro banyu lak dowoh urusane. Jadi beginih Ndot, Endhot Supi’i… Slender timbo iku engkuk onok embere hedeg-hedeg, munyer nimboh, nguras banyu ngembeng, terus ledhoke digrojokno gegermu… wkwkwk, laham ancene, tapi awak lak ithab kik..kik..kik…,” jare Bambing ambek nggegek terus dijungkrakno Bendhot. Wong-wong kekel pol, tapi terus klakep.

Lhuk, Bambing gak ero lek ujube, Tante Bembi wis ngadeg ndik kono, cincing-cincing ambek nggowo sapu korek sak cirak e.

“Pancet ae kelakuane. Omahe mak sik ngembeng, hadak jagongan. Benakno kono. Lapo njegidheg ae, wedi rangen ta?” jare Tante Bembi buanter, nggiring Bambing ambek sapu korek. Kapokmu kapan, batine Paitun. Oala, gak popo rangen sikile, Mbing, pokok gak rangen atine. (idur)

NGIYUP

Sore-sore gerimis sik kemricik, kerubutan selimut luwih becik. Tapi likise Paitun endi meleg kadit umek. Mripit pinggir embong, lek onok yup-yupan yo ngaso diluk disambi ngrikiti weci sing diisaki Lek Jum maeng. Laris gorengane, wong antri-antri. Tapi lek antri ojok nokat ae, lek rameae osi dinyunyuk suthil ente. Enake mariki ngiyup ndik terase bedake Cik San ae. Cik San turuan lek jogo bedake, ambik ngungokno radio. Ente ero, radio transistor lawas, suarane kadit sepiro, karetane mubeng. Lek pindah gelombang osi grak-grok. Ndeleh radio dicidekno tumpukan gulo abang, sumpek kiro-kiro radione, mulai jaman kolobendu gak tau dipindah. Tau onok wong tuku kober ae nokat, radio sampeyan iku pindahen, dijawab ambek Cik San, ate tuku opo ate ngurusi radio, opo ate bon. Kowe durung lair, radio iki wis ndik kene. Masio tak lebokno karunge beras opo’o, sing penting lak muni ta. Sak jeke iku ganok sing wani takok. Switere ae sing benthelan iku, kiro-kiro gak ganti mulai jaman Jepang, wis ndhredhet gak karuan sik digawe ae. Takok o lek wani, osi dikabyuk simpoa ente.

Lhee… lha kok bek sing ngiyup. Lhuk, golongenae pasukan jangan mblendrang ndik kono kabeh. Tail ayas iso koyok nemu londem. Babahno wis, kadung ketok. Lambene Bendhot biasa koyok corong.

“Iki opo lakone, mreneo Tun. Dari mana saja yang… Udan-udan sik njiat uklam ae rek…” jare Bendhot ambek gaya India. Yang yang yang yang, masio rembes ngene ora kate meleg ambek bledhus iku, batine Paitun. Wisa, male ngurak kabeh. Bambing suit-suit, lhok en praene, rai kok lambe thok. Rambute koyok sapu duk.

“Nurut koen yoopo, Tun. Jare Ngimbab, bakale calon RW sik ganok sing tepak. Gak nganal gak kodew ne,” jare Bendhot mulai ngedu.

“Ojok rungoknoh langes ikuh, Tun. Jangan didenger yah? Sebageh warga, kan oleh awake dewe bicarah. Elek-elekoh awak iki… elek… kik kik kik, maksudkuh, masiyoh awak iki wong cekheter tapi tak delok-delok, mestinyah lek ate dadi ketua erweh lak kudune ngukur awakeh dhisik. Keneh kabeh lak ero sopo wanyok-wanyok iku. Lek mek golek bolo, nglumpuknoh dukungan keneh konoh, kabeh yo osi. Yah tohhh?” jare Bambing ambik gayae kemlinthi. Idune pancet ae siram-siram, Endik sing ndik halabese nutupi raine ambek jaket, dijungkrakno ambik Ngimbab sing sik ngetet ae.

“Duduhno nang warga iki, ilmuneh… ojok prejengane thok. Mburi-mburineh macak ayuh, nggantheng, tiba’e mblegedhesss… Pidatoh ngeneh ngonoh, ngglethek nggedabrusss…,” jare Bambing ambik brusss e sengojo dipakakno nang Endik. Raine Endik koyok dipilok. Osi kekel kabeh.

“Sakjane, mulai awake dewe dadi warga kene, sak jek jumbleg tau tah onok ta sing merhatekno para lansia. Eee… nyediakno tumpakan gratis ta gawe sing sepuh-sepuh opo veteran. Koyok bis sekolah ngono iku. Ayas kadang tail, naisak, onok wong-wong sepuh ngedat mikrolet ambek kepanasen, lek wayah udan yo kudanan ambek ngiyup kademen. Piro se, dicuilno tekan ojir anggaran RW. Guoblikkk… Iyo kono tumpak ane kane. Saking empuke sadele sampek wis kadit osi ngrasakno susahe wong liyan,” jare Jon ambek koyok pegel.

“Omonganmu onok benere, Jon. Kudune pemimpin iku nganggep wargane kabeh koyok keluarga. Ayas kadang lek pas mandeg lampu abang. Ndelok arek-arek nom sing pacakane aneh-aneh iku, ngamen, terus ndelok wong-wong sing kleleran ndik embong-embong, wong ngombab, macem-macem. Iku kok mesti dianggep panyakit sosial. Kudune yo dipikirno tah yoopo enake. Nasibe wong gak podho. Tapi ojok dianggep resek, sampah. Mereka kan sebenarnya punya hak yang sama sebagai warga, sebagai keluarga kampung jugak,” Endik lek ngene iki pas tepak lambene lek ngomong. Paitun iling. Endik biyen yo kleleran gak karuan ngono, mbethik pol. Terus dijak Lik Pa’at ngewangi ndik serpis radione, akhire sak iki tertib, yo pinter nyoder. Saiki bukak dewe nggawe salon spiker pesenan. Osia ae arpus iku.

Mulai rodok njebeber iki likis. Bendhot pancet ae gayae towo-towo. Nawani bakso, nawani cwimi, Tapi lek nyeluk rombong, ngedat sing dagangane wis entek. Boimin tahu liwat, tahu petise sing bek, Bendhot langsung nylimur gayae nyele korek. Blekok iku osi ae. Padahal ndik ngokobe dompete ketok tebel mbendhol. Paling isine domino, batine Paitun. Lek gak, buku seribu satu mimpi. Samian nyaut njeplak pisan.

“Kok ngono. Seniman ae ganok regane. Liane disanjipak ae. Iki ayas guduk genomo melip lho yo. Mimpin iku kudune lak duwe cara, yoopo duwe tanggung jawab ngatur kebudayaan. Lek pemimpin atine wis kadit berbudaya, opo maneh kelakuane. Lek jare sejarah, selama pemimpin kadit itreng, trus gak duwe komitmen gawe seni dan budaya, kampunge yo mesti dadine gak jelas, ketoke ae kinclong, yo mek bungkus, isine asline umbam, ” jare Samian.

“Lek kodew ngono yoopo yo sing dadi erwe? Lhow iyo, lak onok ujube Bambing ta. Issoo… iku…. Tante Bembiii. Calokno, Mbing. Kek ono kesempatan ta ojob rek?,” Endik molai manasi.

“Rameaeh… tak gibeng kene koen engkuk. Sorihhh ya, ojob waktuneh ndak adah. Ojob sak iki repot… sibuk emsi… MC… Awak-awakan maleh rodok kadit kerumat. Emsi teruss…momong cucu… kik kik kik,” jare Ngimbab ambek gumbira gaya merdeka. Ngakak kabeh tail kluwek iku. Paitun osi kolem kekel. Cidek magrib nggedowos ae.

Dhuerrrr… hadak bledek buanter. Bendhot kaget iso nggeblak pas nglungguhi kotake beras. Korak opo, kenek suoro bledheg iso mencelat. Bambing jumbul ndhase ketatap celengan kitip sing ngrentep digantung. Endik hadak rubuh nendesi bloke panci, wajan, wis gemblondang korat-karit. Samian malik soale Jon ngadeg dingklike njombat. Radio langsung gemrosok, Cik San tangi, langsung bludreg ndelok kelakuane bekenyek-bekenyek iku. Sak ketoke, njupuk gulo abang, disawatno… iso pas gegere Ngimbab… beggh. Gutap kabeh, iral mlencing semburat. Wong wis gak udan ket maeng.

Tekan Alun-alun, wong maghriban tas mudun. Biasane onok ngaji sampek Isak. Lho temenana, ustade sing suarane merdu iku. Pas tepak hare omongane.

“Mangkane… lek sampeyan milih pemimpin, nggeh sing ati-ati. Wonten dalam salah satu hadis disebutkan, Rasulullah SAW bersabda, “Akan datang sesudahku penguasa-penguasa yang memerintahmu. Di atas mimbar mereka memberi petunjuk dan ajaran dengan bijaksana, tetapi bila telah turun mimbar mereka melakukan tipu daya dan pencurian. Hati mereka lebih busuk dari bangkai… Lho yok nopo… niki Rasulullah SAW piyambek sing sanjang.”

Ketoke bener ancene, batine Paitun. Boimin tahu hadak mbengoki.

“Tun, ambek ngaji ngiyup kene lho. Iki lho tahu sik anget, gak luwe ta awakmu.” (Idur/Yei)

DREMULEN

Udan tas mari, embong sik nggilap banyu. Paitun uklam male rodok ngebok soale ambek ngelesi unyab ngecembeng. Slimpe thithik osi keblowok. Dalan ta udun njebrot. Lampune embong mrepet pisan. Tekok kadoan Riadi sepedaan iso koyok ulo-uloan. Iki lek awak kadit waspada, iso diceproti ambek arek sempel iku. Lapo mudun marani ayas, batine Paitun.

“Tun, ojok liwat kono. Ndik omahe Pak Bejo akeh isilup. Nrabaso gange Momon ae,” jarene ambek terus ladub henem.

Prasamu buron ta ayas. Ente mosok itreng, Di. Isilup pren kabeh ambek awak-awakan. Maleh penasaran, tail pisan ae nang hamure Pak Bejo. Lhuw iyo, akeh isilup. Lho, laopo Pak Bejo dietheng-etheng terus diublemno nang libome isilup. Sirine ne liu-liu kelap-kelip terus libome ngaleh. Ndik ngarepe tokone Cik San, ibuk-ibuk nggrumbul. Paitun mripit nyidek. Gak lidok, koyok radio rapat.

“Sampeyan lek gak ero urusane, gak usah crito. Iso dadi pitenah Mbak Yah. Iku wong kenek musibah, lak saaken ta,” jare Bu Wiwik. Mbak Yah rodok mecucu, sik ngetet ae kementhus.

“Ancene kenyataane ngono kok. Sampeyan lak ero kabeh, deloken bojone. Gelange ngrentep. Kalunge sak ombyok. Lek nang salon koyok marung, meh bendino. Yatik salon iku sampek bingung, bendino modele rambut njaluk ganti. Mangkane iku. Aku gak ngrasani lho yo?” jare Mbak Riana.

Jenenge ae radio rapat, kathik sing agit radio rusak, sing utas mbrebet, liane potensione cepot, situke batreine nayeng dikareti, yo bayangno ae unine, gak trimo stereo thok, jelas krodit.

“Tas e sing sak ipet iku ae, regane jutaan. Durung regane sepatune, ditukokno Paitun iso oleh sejinah,” jare Mbak Yah. Wong-wong ngempet ngguyu. Lapo nyandak-nyandak ayas, rikipe Paitun. Repot sol sepatu iku, gelungane koyok cowek, paling made in urek-urek. Lambene Mbak Yah tambah barak.

“Ben riyoyo ganti montor. PKK jarang teko. Paling wedi le’e kumpul kene, wedi kulite sing mulus iku katut ireng. Tau biyen melok senam isuk-isuk, wong lanang-lanang sing biasane turu ngleker, iso tangi isuk kabeh. Kok iso moro kompak melok senam. Sename gak sepiro, mulek ae. Gak kaop wong lanang, motone sing senam,” jare Mbak Yah.

“Tapi bojone Pak Bejo wonge apik kok, langganan gorenganku, lek tuku gorengan ndik nggonku mesti akeh. Ben onok acara ndik omahe opo ndik kantore mesti mborong gorengan. Kathik gak tau gelem disusuki. Lek slametan kabeh tonggo mesti diteri berkat,” jare Lek Jum.

“Iku lak sangking a Jum. Paling gorenganmu mek dipangan papat, liane gawe sawat-sawatan,” jare Mbak Riana hadak nggarai regeg ae. Lek Jum ketoke rodok njahe.

“Ojok ngenyek sampeyan. Paling sampeyan iri. Menthil atine. Wong lak rejekine dewe-dewe. Kok iso sampeyan koyok ngono. Wong sampeyan yo gelek diteri, riyoyo yo diparani. Ojok crito sing enggak-enggak ta. Sampeyan gak saaken ta nang keluargane, anak-anake?” Lek Jum sanap. Wis gorengen ae sanggule iku Lek Jum, batine Paitun. Ngono Mbak Yah yo sik ngetet ae.

“Tak akoni, loman ancene. Tapi buktine, saiki bojone ditangkep pulisi. Lak gak beres ta. Paling yo wis ngono iku…” Durung tutuk Mbak Yah ngomong, disantap ambek Lek Jum.

“Paling opo? Mbok ngoco sampeyan iku. Pas bojo sampeyan bangkrut biyen, sopo sing nulungi. Sik untung sampeyan saiki gak golek othis. Ojok ngono. Sing biyen sampeyan ditekek bank thithil iko, sopo sing noroki? Wong iku, gak mesti nasibe. Kadang ndik nduwur, yo kadang ndik isor.”

“Wisa…male bengkerengan! Ayo nyengkre kabeh. Kok liane ngrasani tonggone ae. Yah, ambek koen Riana, lambemu iku kapan-kapan dandakno yoh? Wis ero tonggo kenek musibah, lambemu sik koyok ceret ae. Wis gak usah ngurusi rumah tanggane wong, ayo…buyar! Koen nyingkrio pisan, Tun, Kono…nang pasar malem ndik lapangan kono.” jare Bu Wiwik ambek nggesuh wong-wong iku, terus ngaleh pisan. Wis a, awak maleh kenek. Bener, Mbak Yah ambek Riana iku lambene diobrasno ae, batine Paitun mangkel.

Ada pasar malem ini. Mrono ae wis, suwe hare gak ketemu pasar malem. Temenan, tekok kadoan nyorot-nyorot soklene. Lapangane padang jingglang kanyab lampune. Mbois iki. Ndik lawange ublem, hadak Riadi hansip macak kereng, malangkerik ndang-ndangi ayas ate ublem. Tapi maringono mrenges ambek ngongkon ayas ublem. Pancet ae sentolop iku gayae.

“Koen ojok numpak dremulen. Iso mencelat koen engkuk,” jare Riadi. Kadit doel, ayas lek onok pasar malem ngene iki, mek kepingin nunggoni ndelok arek-arek licek numpak jaran-jaranan munyer. Cek iso mbayangno anakku. Oala, ndik ndi yo anakku, batine Paitun nelongso.

Kait selonjor, pasar malem gempar. Sing numpak dremulen emar bengak-bengok. Tiba’e dremulene macet. Paitun kolem sing nontok podo gembruduk marani. Kabeh gopoh. Panitiane ngekei peringatan ndik corong. Ndik ndhuwur dremulen kabeh yo cerik-cerik.

Kok tau krungu suarane sopo iku. Lhugg… pas ndik dhuwur dewe hadak Bambing. Lho, Endik pisan. Sempel ta brengkesan iku, lapo kewut dremulenan, umel-umel pisan. Mangkakne maleh macet. Bendhot sing tepak lungguhane ndik isor, mencolot mudun. Ngono yo ambek ngakak nggarapi Bambing, padahal tukang dremulene gutap mbenakno mesin desel e sing rewel. Onok isilup utas kolem ngendalekno situasi.

“Mbing, muduno Mbing! Jare ente iso ngawang! Awak siap wis nampani. Ojok ngompol lho pren!” jare Bendhot tambah gunggungan.

Bambing raine pucet campur njahe pol, ambek nyekethem gocekan. Kathik suarane arek licek-licek nangis saur manuk. Ngono Endik lungguhe ndik halabese Bambing, kepancing Bendhot yo kober ae kolem nggarap Bambing.

“Ndhot…, wanyik grogi, ate gingkang jare jimate kari. Areke mbrebes mili..kik kikk kkk…. Celukno Tante Bembi, Ndhot! Mbing ojok obah ae lho ente, melip iki, dremulen iki osi njombat engkuk. Ndungo sing jelas Mbing!” jare Endik nggudo Bambing sing mek osi mbureng, mentheleng thok ambek adus kringet.

Gak suwe, greengg… desele murup. Dremulen mandeg, kabeh mudun gentenan. Sing jenenge Bendhot langsung iral shio kuda. Bambing nyaut imblake Endik luput, Endik mencolot mudun langsung ngetepeng sampek ate nubruk wong lawetan gulo kacang. Pas wayahe Bambing, mlorot alon-alon ambek disuraki wong-wong. Riadi sing kaet maeng kekel ae, iral pisan ndelok Bambing ate utem. Lawange portir ditinggal hare. Bambing diparani isilup keamanan, ketoke diperingatno, terus dirangkul ate diterno nang dalam utem.

Oala, Mbing…Mbing. Mangkane ojok kakean polah, batine paitun. Urip iku koyok dremulen. Kadang ndik ndhuwur, sekali waktu ndi isor. Lek kadung macet koyok ngono iku, yoopo? Osi dhedhel dhuwel ente lek gak siap. Ndik ndhuwur ambek ndik isor podho ndrawasine. Sawang sinawang, Om. Waduh… lapo Bambing marani ayas.

“Lek ada kamuh, ayas mestih apes. Awas koen, ojok sampek critro wong-wong. Bikin maluh!” jare Bambing ngancam ayas.

Bambing kadit itreng lek Tante Bembi ujube wis ndik mburine, kathik modhele koyok ate ngrakoti sing kanal. Isilupe filing gak enak, terus ngaleh. Keturutan Bambing dicetholi turut dalan. Kathik suarane bojone koyok sirine.

“Ditinggal arisan diluk ae ucul. Kok cik becike… nyethik setriko dadak ditinggal dremulen! Lek omahe kobong, yoopo! Ate kemping koen Mbing!” (idur/Yei)

Komunitas