Pupuran Mbeluk

ilustrasi (Anja a)

Mambengi Paitun keturon maneh ndik pos, maleh kadit helom. Isuk-asuk karepe ditutukno rudit, lha howone adhem njejep hare. Mbuh kah, ate mlungker yoopo, uput-uput Wak Pan mlijo wis dirubung ebes-ebes kodew, kathik lambene koyok spiker kabeh. Iku durung sarapan, suorone wis koyok terminal bemo. Bah wis, mlungler ae ambek ngrungokno.

“Sampeyan maeng liwat bale erwe a mbak Tin? Tak delok kok koyok akeh wong anyar,” jare Bu Wiwik.

“Iyo buk. Aku krungu jare iku petinggi-petinggi anyar. Ngganteni sing lawas, sing kenek setrap. Pemain cadangan, adane bal-balan ae,” jare Mbak Jum sak njeplake. Iso maleh kekel kabeh.

“Mandarmugo ae gak kenek kartu merah pisan. Tak delok onok Mbak Ninil. Mangkane, mulai subuh wis bingung macak. Padahal biasane, jam sepoloh sik dasteran, ambek ngetapel nontok tipi mangku panganan. Maeng subuh pas aku nyapu latar, tak pikir wonge budal subuhan, tibake ndok-dok salone Siska wkwkwk…,” jare Bu Wiwik molai nyumet kompor.

“Aku maeng yo ketok Mak Tinik, Bu Wilujeng, terus sopo maeng, ooo… Mbak Bawon. Cumak aku rodhok heran. Mosok wong-wong iku moro-moro mbejudul dadi petinggi ndik erwe?” jare Bu Wiwik gaya mancing.

“Yow is rejekine ta buk, gak oleh njahe,” hadak Wak Pan plaurmen nyaut omongan. Mbak Jum yo sanap ta.

“Wong lanang ojok melok-melok, ini urusan perempuan! Ilingku awakmu wis gak sepiro krungu, tapi sik krungu ae.” jare Mbak Jum ambek njupuk tomat ate diuncalno nang Wak Pan. Wak Pan ancen wis rodok budheg.

“Eit…eit, tomat hadak ate digawe kasti. Sembarang larang, ate diuncal-uncalno,” jare Wak Pan ambik gaya nyaut tomate.

“Sampeyan lek rame ae, tak orat-arit blonjoan iki. Kene iki warga, lak yo berhak ero tah,” Mbak Jum macak bludrek. Wak Pan klakep, langsung ethok-ethok noto dagangan. Para kodew kembali saur manuk.

“Gak e, iso tah dadi petinggi. Awake dewe lak ero ta sopo wong-wong iku. Lek aku yo ngoco sik ta. Deloken maringono bendino lak sobo salon. Iki lak ngurusi pemerintahan se, gak poodho lho ambek ngurusi arisan erte. Lha wong sak jek jumbleg, nang PKK ae gak tau teko. Nang omahku ilo mek lek onok sing dirasani, opo njaluk trasi. Temenan iki,” Mbak Tin lek ngomong ganok potensione.

“Situke tambah mbak. Ndik ndi-ndi bendino mek nyanyi. Ben ketemu ndik ndi, mesti pas menyanyi. Lagu sembarang apal ketoke. Lak aluk dadi penyanyi tah, nyanyio ae enak. Lak sik enak ngapalno lagu ta timbang ngapalno peraturan eh… opo… undang-undang,” jare Bu Wiwik.

“Iyo yo buk, lek nyanyi lagune rodok lali, sik dikeploki. Lek peraturan gak apal, iso dikeplaki ta… disetrap barang,” jare Mbak Jum ambek nggegek. Wis tambah rame.

“Yo gak popo. Engkuk paling tugase mek dadi emsi ndik rapat-rapat. Opo nyanyi lek pas kancane ngaso rapat. Lumayan ta, karek nyeluk elektun thok, Sinyo ae wkwkwkw…,tapi bon e pancet,” jare Mbak Riani gaya nyekel mik.

Paitun tambah sumpek brebeken. Akhire tangi, ambik atame sik mrepet ketheken, tapi gak wani utem pos. Osi dietrek-etrek ambek Ebes-ebes kodew iku. Gak e, gak mari-mari lek blonjo, terus kapan masake. Lak iso sarapan abab tak keluargane, batine Paitun. Ewul pol hare, tapi kadit rayub-rayub lomba pidatone. Ngenem ae wis ndik pos, ambek tak raup terus pupuran.

“Sing blaen ketoke wanyik iko, Mbak Tin. Wong iku lak kudune lak ngukur awake dewe. Sampeyan lak ero dewe a, aku yo gak ngenyek. Uripe rumah tanggane yo rodok abot, tapi lek tuku golongane wedak, mik ap, hadohh… luarang-larang, sing laham-laham. Beha gak gelem tuku ndik pasar. Tapi lek iuran dasa wisma, mbulet mintak ampun. Arisan mesti njaluk oleh disik, ketan kolek gempo legi,” Mbak Riana nggebros wis.

“Koyoke saiki keturutan mbak. Mariki kepingin opo ae iso,” jare Bu Wiwik ngegongi.

“Opo maneh mari njabat petinggi, mesti akeh rapat, acara, undangan. Lho..lho… iso bendino nang salon. Oo iyo, mene ilingno yo, ayo totoan, mene modele rambute ganti opo gak. Gayane anyar opo gak. Biasane mlakune moro seje. Wkwkwk…” jare Mbak Tin. Osiae.

“Aku mene lek ketemu disopo opo gak yo? Soale wingenane tak ilokno pekoro pemean,” jare Mbak Jum.

“Kiro-kiro sing gelem nggak yo njaluk jangan blendrang nang omahku,” jare Mbak Tin.

“Hape ne paling langsung ganti anyar, langsung tuku telu. Rambute disemir ungu, opo nggawe wig,” jare Bu Wiwik.

“Lak koyok terong, ngawur ae sampeyan, wkwkwk.. poko ojok liwat taman,” Mbak Jum kekel hadak.

“Wak Pan, ndelok buku sampeyan., paling wong-wong iku sik ngebon yo,” jare Mbak Jum ambek nggoleki buku catetane sing blonjo ngebon. Ambek Wak Pan bukune ndang-ndang dislempitno jakete.

“Aku mbayangno yoopo yo. Lak durung paham blas wong-wong iku. Yo mandarmugo ganok masalah opo-opo. Kadung mbendino budal macak ayu-ayu, moro onok masalah pekoro durung paham. Cukup ta waktune gawe sinau. Amanah iku, gak main-main. Gak iso mbayangno, yok opo praene metu tekan bale erwe lek onok sing gak beres,” jare Mbak Riani mbengung.

Paitun wis gak kuat, ewul pol. Utem tekan pos. Kait mbukak lawang, ebes-ebes kodew iso njumbul, paling pecothot lambene.

“Lho… lho… lho… ratune sampun wungu. Enak temen oripmu, Tun,” Mbak Riani ngomong digetno ae.

“Wuikkk… pupurane rek, gak kurang mbeluk ta, iso koyok dempul,” lek iku ketok lambene Mbak Jum.

“Sik…sik. Iki ide apik iki. Petinggi-petinggi anyar iku kongkon pupuran sing mbeluk ae lek onok masalah. Kan lumayan, gak sepiro isin. Masuk…masuk…” jare Bu Wiwik koyok pengumuman.

Wak Pan sumpek, selak awan, dagangan osi kadit uyap. Sawine sampek ngletruk. Gubise ngringet.

“Wisa iki, mbayar opo bon, lak selak awan ta,” jare Wak Pan ambek ate ngaleh.

“Sing enak sampeyan lek ngomong,” jare Mbak Jum, ambik karepe nggudho. Nggoleki opo iku. Lhuk, hadak Mbak Jum njupuk kanji plastikan. Disuwek plastike, nyawuk kanji marani Wak Pan. Wak Pan kroso, brompite distater gak murup-murup, langsung mencolot iral sak kayane diuber Mbak Jum. Womg-wong kolem kaget, tapi mek ndlomong.

Kesempatan iki, batine Paitun ambek cepet-cepet ngaleh. Mumpung wong-wong emar ewed.

Ndik embong Paitun ngungib, lapo gnaro-gnaro kok tail kabeh. Kroso kadit kane, nggrayahi rai ne. Kok tambah kaku pipi iki. Ooo… jait, iki pasti kelakuane Bendot lek gak Bambing. Ayas pas rudit wedakku dicampuri koyoke. Kanji paling. Engkuk bas-bas semen putih. Dhes ancene. (idur)