Jaran Teji

Sakjane likes sik kemeng, tapi lek ati karep, kadit osi awak dikongkon ngenem. Sik isuk ladub ae, lha janjian hare ambik De Patimah, ate diisaki sewek. Masiyo lungsuran gak popo tapi sik kinyis-kinyis, kadang nayamul sing lungsuran hare tinimbang sing anyar wkwkwkw…lambemu rek. Paitun uklam mripit embong, Koyoke ngene iki enake liwat ngarepe biskop Merdeka, kera kaceban asaib ngepos ndik kono. Apais iku tekan kadoan suarane koyok sablukan diuncalno.

Jaranan… jarane jaran teji. sing kenek ndoro bei…
Sing nderek poro mantri…
Nyenyek tun… nyenyek tun…

Osi ae. Suarane lumayan, ngono kok gak dodol dawet. Lapo nyandak-nyandak ayas. Tibake Jumain sing nggandang. Ndik kampong kene, masiyo kaceban tapi mbois.. Rapi, utapesan, kaos kakikan, alanete gak lungset, kadang yo nggawe jaket koyok jas. Rambute roto-roto disureni klemis, rambute kadit sepiro… pomed e digetno. Yo nglumpuk ngene iki, gaya, onok sing moco koran, onok sing jigang okeran, onok sing ngrungokno radio. Jian… merdeka. Lek Pi’i yo rudit ngleker ndik jok, ambik suthange ngglantong kaos kakik e ketail bolong-bolong. Tapi masiyo uripe sederhana tapi wong-wong e jujur-jujur, nyukuri urip.

“Tun, onok lecep elek-elekan enak ngene iki ya?” jare Jumain.

“Ente dino iki kok ketok sinam, Tun,” jare Jai. Liane kolem ngroyok wis, saur manuk.

Lecep gegermu iku, batine Paitun. Sewengi ayas kaliren hare. Jarno, lek rameae engkuk tak kandakno Pak Wella, cek semburat kabeh. Kepingin ndase dithuki pestol a ambek Pak Wella. Tak langgit ae wis, selak awan hare.

Oala… podo ae, ndik ngarep bale erwe yo nglumpuk gerombolan juwet lugur. Jait. Osi kebetheng ndik kono. Ate golek trabasan hadak Bendhot tail ayas. Aluk moro timbang soro.

“Yang, yoopo iki, wis pantes a?” jare Bendhot ambik eksyen boipung,pleboi kampung. Lapo nyeluk ayas yang ..yang, batine Paitun. Ilate mlontir le’e.

Lhuk. Onok opo iki. Bambing jas-jasan wkwkw… ambik malangkerik, blangkonan, tapi jas e wis mbladhus, lengen e dik pundak jaitane wis njepat. Onok kapuk e untup-untup.

“Hehh… ojok mentheleng aeh, Tun. Gimanah? Enteh kok koyok terpesonah ngonoh tail ayas. Kita orang siap thok wis nggentenih petinggi-petinggi erwe sing kenek setrap he he he… Ojok ngremehno wong remeh ente…, “ jare Bambing. Prengas-prenges, rai kok lambe thok.

Ladalah, Endik osi nggawe beskap. Oleh silian tekan endi wanyok. Nyewo ndik Mas Nari paling. Lek gak nyeleh Bondan, opo dipacaki Lek Priyo.

“Koen cek ngerti, Tun. Iki lak wayahe lukir-lukiran. Lek dilantik kan kudu ketok mbois, kudu pantes. Kene iki lak wong Jowo, masiyo Jowo foto kopian. Wong pekoro budoyo Jowo kadit itreng babar blas… wkwkwk…” Endik lek gnomo kemlinti. Atame ketheken, gak suda paling.

Bendhot dungaren imblakan, dilebokno pisan. Kera a ireng nggawe imblak motip e jreng werno-werno. Arek ta baliho. Koyoke klambine ngethok bekase spanduk. Jaitno ndik Sugeng paling. Lengen ndek, dilingkis. Udengan pisan, bayangno, gak kliru tah.

“Ente lek tail ayas mesti gak asik. Sentimen koen nang ayas, yang. Prasamu gak iso tah awak-awakan dadi petinggi ndik erwe. Gak usah kakean rapat, onok sing mblendhes, keplaki… ,” jare Bendhot macak kereng. Koyok yok-yok o, theng… klentheng. Ketemu kecoak ae pencilakan.

Jon tail mek gedheg-gedeheg gak osi ngrasakno. Jon thok sing kadit kolem aneh-aneh. Akhire ngroweng Jon.

“Ente-ente iku ate lapo. Adane opo ae. Sing ate nglukir petinggi erwe karo koen-koen iku sopo? Mbok ngrogoh jitok e. Sekolahmu ae gak jelas. Lhok en, koyok ate tanggapan jaran teji ae,” jare Jon getem-getem.

“Lho Jon, enteh ojok ngremehno ayas. Elek-elek ngene awak iki yo S2, ngawut aeh. Aslineh awak ikih ancen nyamar. Awak ikih S2, sosor-sosorrr…kik…kik…kik.. es duwah…” jare Bambing ambik ngeles wedi dijulekno Bendhot. Arek sempel ancen, ababe koyok gembor.

“SIk nayamul timbang Bendhot. Ijasah es de ae ate tuku, gak didoli sampek saiki ha… ha…ha…” Endik nggarap Bendhot. Bendhot mek mlorok mbureng ambek sibuk nglingkis lengene imblake.

“Koen-koen lek ngganteni dadi petinggi ndi erwe paling yo podo ae. Lek pidato koyok yes-yes o, tapi asline yo umek nokat rayaban orip, oleh ojir opo ae, bingung pitungan ojir thok. Asline yo merjuangno kesak e dewe-dewe. Terus maringono ngracuni arek-arek sing anyar sing tas nglukir. Ketok e ae, asline pancet, sangking saiki gak oleh stan ate sola macem-macem,” jare Jon molai serius.

“Mosok se? SIk gak duwe wedi ae? Tumon krasan hadak,” jare Endik heran.

“Yo gak duwe isin pisan tah, ndak punya maluh. Ngonoh iku jare yo onok sing sik ngetet aeh dadi petinggi, maunya duduk lamah… Akal-akalaneh pindah parte. Wong jelas-jelas wayahe kenek setrap, osi lenggang-lenggang kangkung… konci busine gak jelasss…wedhuss iku,” jare Bambing ambik gaya mbeso.

“Opo iku konci busi, kontribusi doel. Wahhh, lambemu servisno Mbing. Yo jelas ta, ndi selama iki kontribusine gawe masyarakat, mana? Iku lak asline peladang liar… ndik kampong kene, ndik erwe ne kene iki, isine roto-roto peladang liar. Saiki sliweran sing anyar-anyar. Macak e pinter, kathik onok sing mbandari. Mangkane maringono lek milih petinggi iku sing genah, sing jelas. Kenek ojir cepek ambek diundang nakam ae wis kluthek.Saiki deloken, wis a, ngglundung kabeh. Lek corone ngono, asline melok duso kabeh. Sembarang iku onok wayahe jatuh tempo. Kadit osi ate ngeles nggawe jurus opo ae. Yo mandarmugo ae, Gusti Allah sing sayang karo kampung iki. Mangkane tah, aluk milih konco-konco dewe sing wis jelas-jelas kenal, ambik didungakno cek mlaku bener. Lek gak, kari ngroyok ae ambek ditlembuki he…he…he…” jare Jon pidato. Bendhot langsung gaya siap nglukup mithing.

Wis mulai keras iki, rikipe Paitun. Kadung ate maghrib, lali wes ate nang De Patimah. Mene ae wis, tak nang Alun-alun ae.

Turut embong, Paitun nyawang, kutho langite maghrib oranye abang mbranang. Atine mbatin ambek dungo, mugo Gusti Allah cepet maringi subuh, ngedem karo howo tentrem, maringi rekah srengege sing berkah.(idur)