Jaran Teji

Oala… podo ae, ndik ngarep bale erwe yo nglumpuk gerombolan juwet lugur. Jait. Osi kebetheng ndik kono. Ate golek trabasan hadak Bendhot tail ayas. Aluk moro timbang soro.

“Yang, yoopo iki, wis pantes a?” jare Bendhot ambik eksyen boipung,pleboi kampung. Lapo nyeluk ayas yang ..yang, batine Paitun. Ilate mlontir le’e.

Lhuk. Onok opo iki. Bambing jas-jasan wkwkw… ambik malangkerik, blangkonan, tapi jas e wis mbladhus, lengen e dik pundak jaitane wis njepat. Onok kapuk e untup-untup.

“Hehh… ojok mentheleng aeh, Tun. Gimanah? Enteh kok koyok terpesonah ngonoh tail ayas. Kita orang siap thok wis nggentenih petinggi-petinggi erwe sing kenek setrap he he he… Ojok ngremehno wong remeh ente…, “ jare Bambing. Prengas-prenges, rai kok lambe thok.

Ladalah, Endik osi nggawe beskap. Oleh silian tekan endi wanyok. Nyewo ndik Mas Nari paling. Lek gak nyeleh Bondan, opo dipacaki Lek Priyo.

“Koen cek ngerti, Tun. Iki lak wayahe lukir-lukiran. Lek dilantik kan kudu ketok mbois, kudu pantes. Kene iki lak wong Jowo, masiyo Jowo foto kopian. Wong pekoro budoyo Jowo kadit itreng babar blas… wkwkwk…” Endik lek gnomo kemlinti. Atame ketheken, gak suda paling.