Jaran Teji

“Koen-koen lek ngganteni dadi petinggi ndi erwe paling yo podo ae. Lek pidato koyok yes-yes o, tapi asline yo umek nokat rayaban orip, oleh ojir opo ae, bingung pitungan ojir thok. Asline yo merjuangno kesak e dewe-dewe. Terus maringono ngracuni arek-arek sing anyar sing tas nglukir. Ketok e ae, asline pancet, sangking saiki gak oleh stan ate sola macem-macem,” jare Jon molai serius.

“Mosok se? SIk gak duwe wedi ae? Tumon krasan hadak,” jare Endik heran.

“Yo gak duwe isin pisan tah, ndak punya maluh. Ngonoh iku jare yo onok sing sik ngetet aeh dadi petinggi, maunya duduk lamah… Akal-akalaneh pindah parte. Wong jelas-jelas wayahe kenek setrap, osi lenggang-lenggang kangkung… konci busine gak jelasss…wedhuss iku,” jare Bambing ambik gaya mbeso.

“Opo iku konci busi, kontribusi doel. Wahhh, lambemu servisno Mbing. Yo jelas ta, ndi selama iki kontribusine gawe masyarakat, mana? Iku lak asline peladang liar… ndik kampong kene, ndik erwe ne kene iki, isine roto-roto peladang liar. Saiki sliweran sing anyar-anyar. Macak e pinter, kathik onok sing mbandari. Mangkane maringono lek milih petinggi iku sing genah, sing jelas. Kenek ojir cepek ambek diundang nakam ae wis kluthek.Saiki deloken, wis a, ngglundung kabeh. Lek corone ngono, asline melok duso kabeh. Sembarang iku onok wayahe jatuh tempo. Kadit osi ate ngeles nggawe jurus opo ae. Yo mandarmugo ae, Gusti Allah sing sayang karo kampung iki. Mangkane tah, aluk milih konco-konco dewe sing wis jelas-jelas kenal, ambik didungakno cek mlaku bener. Lek gak, kari ngroyok ae ambek ditlembuki he…he…he…” jare Jon pidato. Bendhot langsung gaya siap nglukup mithing.

Wis mulai keras iki, rikipe Paitun. Kadung ate maghrib, lali wes ate nang De Patimah. Mene ae wis, tak nang Alun-alun ae.

Turut embong, Paitun nyawang, kutho langite maghrib oranye abang mbranang. Atine mbatin ambek dungo, mugo Gusti Allah cepet maringi subuh, ngedem karo howo tentrem, maringi rekah srengege sing berkah.(idur)