Buto Kaliren

Article top ad

Howone kutho ketoke sik kurang merdu. Ancen adhem, tapi koyok sik onok kroso angete sekem. Paitun suwe gak dolen nang Gang Gawat. Kupinge wis keri suwe kadit denger nggedabruse gerombolan bekakas. Mlebu gang, ndik pojokan bedak e Bu Cip, Paitun ngendeg uklam, apais nggandang cik merdune. Lhuk, iki lak lagune jaman ayas sik licek.

Lepetan, lepetan angudhari
Anguculi janur kuning aningseti
Seti bali lungo dandan
Methika kembang sikatan…

Kait ate ndhodhok ngrungokno, gak sido wis. Kaceb e Pi’I liwat, Riadi Hansip sing numpak, bengak-bengok ae lambene koyok radio lawas.

“Tun, TO koen… nangdi ae. Digoleki wong akeh hadak eskip. I.. Pi’i… lhok en Paitun, dungaren pupurane mbeluk. Wkwkwk… Iko lho Tun, nango pos… lhuk listik e rek, bibirnya mirahhh… hahaha…” Riadi nggarap dilos. Listik… lipsetik… goblik Riadi.

Pi’I nyetir kaceb ambek kekel sampek kaceb s sliyat-sliyut. Kapok a, ban e sing kiwo ublem got. Rasakno…malik a wis… wkwkw… Riadi pucet. Pi’i mecethat, wong awake sak biting. Sukurr… langgit ae wis timbang dipaido.

Ndik pos tibak e emar temenan. Waduh, Bambing tail ayas koyok ndelok berkat. Wisa.

“Lhooo… lakonnyah dateng. Suweh ora jamuh, jamuh godong paitan wkwkwkw… “ jare Bambing. Paitan pathakmu iku, batine Paitun. Irunge tambah koyok klampok.

“Tak tail tekan keneh maeng tak pikir lak kesemek ta ente, Tun. Pupuraneh koyok dempul… wkwkwk…karek nyepet… bemo le’e” jare Bambing nggegek.

“Wis ta Mbing. Tun sepurane yo,” jare Jon saaken. Paitun mubeng nyalami wong-wong. Wayahe Bambing diliwati. Tambah kekel hadak brengkesan iku, ambek nggudo kucinge Paitun. Kucinge bencine setengah mati lek nang Bambing.

“Wis ero ta awakmu, Tun. Pilian erwe wis mari. Koen kesuwen gak beredar iku opo. Iki maeng arek-arek mbahas erwe sing anyar. Wis, lungguho sing anteng, iku ipok e. Rungokno ae ya. Ojok kathik kolem omong. Soale antara dehem ambek ngomong, koen gak tau jelas, tambah iso salah paham. Tertib ya? Wis Cak Mian tutugno,” jare Bendhot. Bendhot tang tinggal suwe, gak putih-putih arek iki, batine Paitun. Areke mlorok.

“Mang tekok endi. Sik. O yo. Tak terusno. Masyarakat kene sakjane kan duwe angen-angen. Pemimpin iku lek iso yo duwe ilmu kabudayan. Atau kalau tidak, ya minimal punya wawasan kebudayaan sing bener. Lek wong Jowo yo kudune ero budoyo Jowo, opo thithik-thithik yo ngertilah… Kudune lak ero sing jenenge Hastabrata. Iki kitab kepemimpinan. Kok Hastabrata, cobak engkuk takonono erwe mu sing anyar, ero ta kenek opo Gatutkoco kok kait oket pas Abimanyu wis itam. Opo pekoro patine Bhisma. Kematiane Bhisma di tangan Arjuno opo Srikandi. Takono sing gampang ae paling kadit itreng. Iki ayas kadit ngremehno lho, tapi kenyataane,” jare Samian kementhus.

“Sampek sak mono yo?” jare Endik koyok yok yok o.

“Ente ngono, Ndik. Wong Jowo potokopi. Koyok ayas ngene iki lho, podho… kok iso gak itreng blass… wkwkwk,” jare Bendhot ambik njulekno Bambing.

“Lek ayas yoh… ngertilah sak iprit. Cumak lalih,” jare Bambing nggedabrus. Genti dijungkrakno ambek Endik.

“Masalahe kan ngene. Pemimpin lek gak duwe sangu bab kebudayan, kan repot. Terus yoopo lek ate njogo opo noto seni opo budaya ndik kampung kene. Iso gak kerumat, iso diglethakno, opo lek gak mek awu-awu cek dianggep peduli seni budaya. Kancane kliru pisan wkwkwkw…,” jare Samian.

“Lek ayas krunguh sambateh wong-wong, iki wis suweh, tapi saiki jareh tambah nemen. Iku lho, jare kakean makelar seni, makelar budayah. Mbuh opo meneh arek-arek lrek ngaranih. Kanyab buto kaliren nggrumbul koyok tumo ndi bale erwe. Repote maneh, wong-wong model ngono ikuh sing dipercoyoh. Sing soroh kan yo sing seniman temenan. Trus yoopoh…’ Bambing sambat.

“Pemimpin iku sakjane kan koyok dalang. Lek paham balungan e cerito, yo mesti pinter lek noto sanggit. Njawil roso. Saiki ledome nguwawur pol lek nyanggit, lak nggarakno ngungib tah,” jare Samian.

Iki ae wis ngungib hare ayas, batine Paitun. Entek ipok agit saleg, Paitun pamitan. Grup bekakas ketoke yo ate rayub pisan.

Tekan ngarep bedak e Bu Cip, lho sing nggandang sik lanjut hare. Nongkrong ae ndik buk ngrungokno ambek ngaso. Merdu.

Nyoh sego, nyoh sego… nyoh sego nyoh cethinge
nyoh lawuh nyoh lawuh… nyoh lawuh nyoh wadhahe
nyoh sambel nyoh sambel… nyoh sambel nyoh coweke

Lho kowe kok dibanda, njupuk apa? Njupuk krikil
Ndi krikile? wis tak edol
Ndi duwite? tak nggo tuku beras
Ndi berase? wis tak liwet
Ndi segane? wis tak maem
Kower mau wis tak kek’i maem,
lha yen ngono kowe kayak buta

Paitun mesam-mesem, ambik mbatin. Oala, saiki buto-buto ewul, gak sing lawas gak sing anyar, tambah tewur sliweran umek ndik bale erwe. (idur)