Sakjane likes sik kemeng, tapi lek ati karep, kadit osi awak dikongkon ngenem. Sik isuk ladub ae, lha janjian hare ambik De Patimah, ate diisaki sewek. Masiyo lungsuran gak popo tapi sik kinyis-kinyis, kadang nayamul sing lungsuran hare tinimbang sing anyar wkwkwkw…lambemu rek. Paitun uklam mripit embong, Koyoke ngene iki enake liwat ngarepe biskop Merdeka, kera kaceban asaib ngepos ndik kono. Apais iku tekan kadoan suarane koyok sablukan diuncalno.
Jaranan… jarane jaran teji. sing kenek ndoro bei…
Sing nderek poro mantri…
Nyenyek tun… nyenyek tun…
Osi ae. Suarane lumayan, ngono kok gak dodol dawet. Lapo nyandak-nyandak ayas. Tibake Jumain sing nggandang. Ndik kampong kene, masiyo kaceban tapi mbois.. Rapi, utapesan, kaos kakikan, alanete gak lungset, kadang yo nggawe jaket koyok jas. Rambute roto-roto disureni klemis, rambute kadit sepiro… pomed e digetno. Yo nglumpuk ngene iki, gaya, onok sing moco koran, onok sing jigang okeran, onok sing ngrungokno radio. Jian… merdeka. Lek Pi’i yo rudit ngleker ndik jok, ambik suthange ngglantong kaos kakik e ketail bolong-bolong. Tapi masiyo uripe sederhana tapi wong-wong e jujur-jujur, nyukuri urip.
“Tun, onok lecep elek-elekan enak ngene iki ya?” jare Jumain.
“Ente dino iki kok ketok sinam, Tun,” jare Jai. Liane kolem ngroyok wis, saur manuk.
Lecep gegermu iku, batine Paitun. Sewengi ayas kaliren hare. Jarno, lek rameae engkuk tak kandakno Pak Wella, cek semburat kabeh. Kepingin ndase dithuki pestol a ambek Pak Wella. Tak langgit ae wis, selak awan hare.