Liwat Gang Gawat…

ikon paitun gundulBiasae lek ate nang Alun-alun, Paitun nunut mikrolet. Tapi saiki kepingin uklam. Nrabas gang-gang, liwat trotoar, terus ngaso diluk nang isor wit. Kolem sak uklame sikil, Paitun ublem Gang Gawat.

“Suwe gak liwat kene, wong-wong tambah sugih ketoke,” batine Paitun. Sak dowone gang ancene akeh sing mbangun omah, onok ae lek agit.
“Lho, Paitun, dungaren liwat kene!” bu Wiwik mbengok, Paitun sampek jumbul. Onggot mulai emar komentar. Paitun meneng ae, ngaso ndik buk’e pos. Dirungokno ae nggedabruse wong-wong nang kono.

“Paling Paitun melok-melok blusukan ya?” onok sing nyaut.
“Yo ket biyen lek Paitun. Durung onok sing blusukan, Paitun wis blusukan,” jare liane. Mbak Tin mecungul kolem pisan, takok nang Mbak Tin.
“Mbak Tin, tukang sampeyan prei ta?
“Duduk tukange sing prei, sidu iki cupet?
“Sopo sidu iku mbak?”
“Si duitt….” Mbak Tin jawab cengengesan. Paitun mbatin, pancet ae Tin iki. Mulai nom sampek rabi sik prengesan ae koyok arek enom.
“Alaa paling yo ojire deleh isor bantal. Ndang marekno omah sampeyan cek ndang apik,” jare Mbak Wiwik, manasi. Paitun mek mesem tail wong-wong iku.

“Kono lho, njaluko walikota, mumpung saiki mbangun kantore. Be’e sampeyan oleh lungsurane kayu reng ta semen,” onok sing mulai ngawur.
“Ngawurae… lek jenenge walikota, yo opo ae yo enak. Kepingin sembarang sak det sak nyet yo dadi. Lha aku, iso ae mbangun omah ndang mari, uuaapik, tapi maringono poso setahun. Isuk bengi teter sego krupuk ambek kecap, lak iso kendho kabeh sak omah.” Wong-wong podho kekel, Paitun mek mesem. Iso koyok aku koen, batine Paitun. Awak bendino kemping hare.
“Takok’o Paitun. Tun, awakmu wis mampir ta nang balaikota. Mampiro Tun.”
“Yo Tun, deloken, jare uaapikk, mewah Tun. Awakmu masio ngono yo kudu ngrasakno. Lungguhane jare empuk Tun,” Bu Wiwik ngurupno spiker aktipe.
Wis iki, batine Paitun, mulai gak enak iki. Omongane Bu Wiwik mulai pengaruh. Mbak Tin tambah banter.
“Lho iyo lho, masio awake dewe yo kudu ngrasakno.”

“Kita kan termasuk ikut urun?” mbak Wiwik mulai gae bahasa.
Paitun kroso mulai gak enak. Ngadek alon-alon ateh ngaleh.
“Ate nang endi Tun. Dijak rundingan dadak ngaleh.”
Paitun acuh ae. Lek gak ngaleh, awak iso kepengaruh.
“Paitun cabut, rek!” jare wong-wong podo atawek.
Paitun nyludurae, sing bengak-bengok jarno batine Paitun. Paitun wis ate utem gang, ngono yo onok ae sing mebngok tekan loteng.

“Tun, lek ketemu walikota sampekno yo, kapan rek slametane. Ojok lali ayas ambek onggot-onggot diundang ya!?! Temenan Tun, sampekno yo…!
Paitun gak ngreken, tapi pas mlaku sobo trotoar nerusno uklame sikil, Paitun mbatin, wong-wong yo onok benere. Cobak se tak mampir, ambek ate ngomong suwun soale alun-alunku male apik.