Oala Senjem… Senjem…

ikon paitun gundulUdan oket koyok diburakno. Paitun setengah iral golek yup-yupan. Masio payungan, tapi wong payunge wis memet, yo sik kepleh ae. Akhire Paitun ngiyup ndek Lek Jum. Untung ipes. Biasane wong-wong antre gorengan. Gorengane Lek Jum pancen beken mulai biyen. Lek isuk mlijo. Halabese bedake Bu Cip lawetan pracangan.

“Rodok rene Tun. Kene lho, koen kenek talang lek ndik kono,” jare Lek Jum. Paitun mripit nginggati ketrocokan unyab tekok payon seng.

“Kene, lungguho kene Tun, deres iki udane. Kucingmu ojok oleh nyanyil lo,” jare Bu Cip nyebul-nyebul ambik nyuwili weci. Weci sanap diuntal ae Bu Cip iki. Paitun lungguh ndik dingklik, lho hadak cidek wajan edeg iku. Iki awak slimpe kucingku iso digoreng ambek Lek Jum, batine Paitun ambik ndekep kucinge. Gak suwe, Bendhot ngiyup pisan.

“Hluk, Paitun wis ndik kene. Udan-udan nglayap ae Tun,” Bendhot mlethes lambene, ambek rambute kluncum koyok tikus kecemplung got.

Ketoke ebes-ebes kodew iki kaet maeng durung mari lek rasan-rasan. Udan… lawetan ipes, lapo maneh lek gak nggosip.

“Wingi anakku melok rapat. Sakjane yo bener arek-arek iku, aku ngrasakno dewe. Tokoku suwe-suwe sepi. Lha deloken opo’o, toko-toko iku, opo jenenge… mini ngapret, opo jenenge…mboh kah… deloken pathing jlentrek. Ndik kampung kene ae onok piro iku. Ate gak ngglundung ta tokoku,” Bu Cip sambat.

“Iyo De, ndik gang sing kono, pojokan cideke omahae Momon yo dibangun maneh toko koyok iku,” jare Lek Jum ambek nuding mini market ndik sabrange dalan.

“Ngono Pak Lurah kok ngijini yo,” Bu Cip ketoke njahe.

“Gak De, lek jare Toha iku sakjane ijine kliru. Sakjane yo gak iso bukak. Tapi lha jaman saiki. Opo sing gak iso diatur. Ijo iso digae abang, ireng iso digae putih, kuning iso dadi biru, sampeyan milih wis… Paitun ilo iso didadekno poto model, modal-madil… kk kkk… ,” Krinyo le’e, batine Paitun. Keblek iku kok gak ngoco, ireng mulai lair sampek saiki yo pancet koyok klentheng.

“Pandi… nangdi Pandi iku. Biasane bengok-bengok lek urusan ruwete kampung. Lha kok saiki klakep. Pak RW yo sirep, Wayahe lak mbelani wong-wong koyok awake dewe iki tah!” jare Bu Cip ambek mendelik. Lali, wecine durung dientekno, kari separo dicekethem ae.

“Iku bengak-bengok lek urusane dewe, De. Lek ngene iki? Rapat ae keplas,” Jare Bendhot.

“Jare Yuni, anakku sing ndik Jakarta, pas moleh iko crito. Yoopo se ndik Malang kok iso ngene. Iki bahaya lho buk, jarene. Aku yo penasaran, bahaya opo nduk. Yuni crito, ndek kono saiki usum toko-toko modern ngono tapi gak dodol pracangan, dodolane panganan, sego soto, kopi, sembarang onok, sampek dodol gorengan barang. Bukak e sediono deng pisan. Jare Yuni, lek sampek iku bukak ndik kene buk, sampeyan iso kukut. Wong-wong sing dodol gorengan ambek warung-warung cilik iso jablas. Onok internite barang jarene.” Lek Jum crito ketoke yo ambek grogi.

Paitun kudu ngguyu, internit… wah ndeso, asbes le’e, Iyo, gawe nggenteni seng e ente ndik dhuwur sing bocor netes ae unyabe nang imblakku. Masiyo ngene awak yo itreng, iku jenenge internet … Di Baidi, batine Paitun. Sori, ayas yo nongkrong ndik warnet, ndik emperane tapi, ndek njobo.

“Tenang De, sabar… arek-arek sik berjuang. Lek ganok sing mbelani? Gusti Allah lak ero. Mangkane sampeyan rewangi ndungo ya?” Bendhot rodok tepak ngene iki.

Udan karek grimis lembut. Paitun mesem pamit. Ate disangoni gorengan Paitun isin, tapi berhubung howone adem, iyo ae, nayamul gawe anget-angetan. Uklam turut gang, Paitun ndelok utas-utas, bedak toko ndik hamure Mbak Nunuk ketoke wis tutup, gak lawetan maneh, ngarepe wis dikei pot-pot kembang.

Gak adoh, ndik hamure Pak Ri, yo ngono, biyen cendelone gawe toko, saiki wis mbalek dadi cendelo maneh. Yo bener jare kanae Lek Jum. Berarti arek iku halokese biyen bener, soale pikirane bener, masiyo gak sepiro pinter.

Paitun biyen tau krungu pas jenate Pak Paat ngandani anake, lek blonjo iku ndik tokone tonggo ae, cek mbantu usahane tonggo, yo cek nambahi seduluran. Kacek thithik gak popo, tonggo iku dulur nduk, jarene.

Iling gorengan, Paitun mandek ndik pos. Kreseke dibukak. Iki sip, lhuk senjem. Ate nyokot Paitun kedelengen, senjem e nglentruk. Bledeg lhab-lhab… dar-der ndik langit. Gak mentolo nakam, Paitun ngowoh, koyoke senjem iku susah, kroso bakale onok bledheg sing luwih edeg, onok singan sing bakale koyok udan.