Ibuk…

ikon paitun gundulAtine Paitun merdu dino iki. Opo maneh lek mari sarapan lecepe Mbak Sum, onok kembang turine, peyeke empuk, mendhole kecing pisan.  Eclem… Soale jarang mendhol kecing. Saiki wong seneng sing krispi jare.  Mendhol kecing ancene gawene diinepno ngenteni sewengi.  Lek kepingin cepet yo kempiten ae, tapi kecute jelas seje.

Ate nyabrang embong kok onok kodew sinam-sinam.  Lapo arek-arek iki.  Lho onok sing marani ayas, ambek mesam-mesem ngekei kembang. Mboh ngomong opo, ambek nguthik kucingku.

“Selamat hari ibu,” jare sing rokan batik.  Gak enak omongane arek iki.  Dikiro ayas ebese kucing le’e.    Ngono yo sik kober takon.

“Sinten jenenge niki,” jarene ambek kcingku diumek ae ndase.  Aku kepekso mesem ambek ndang ngaleh.  Lek tak dudui jenenge iso dowo.  Maringono takon akte kelairan, terus KTP, ulang taune kapan, mbarep opo ragil, wisss… kadit.  Aku dewe ae gak jelas kok, ayas iki biyen lair opo lugur tekan wit.

Iling omongane arek iko maeng, dituntun atine Paitun uklam nang panti asuhane Bu Tin.  Yoopo yoopo Bu Tin wis dianggep ibuke.  Kait ublem pager, lhuw… lha kok emar.  Sik ketenggengen ate mbalik telat.  Gak lidok.

“Waaah… adah tamu agung.  Monggoh… monggoh.  Waduh… bawak kembang ya,” cangkeme Bianto ngablak wis.  Paitun sik ndlomong ae.  Kok iso pas ayas nyekethem kembang tekok arek maeng. Ublem ae wis, lapo ngrungokno keblek-keblek iku.  Slamete Bu Tin marani ayas ambek ketoke semringah.

“Aku mbok gawakno kembang, Tun.  Apike… suwun yo,” jare Bu Tin koyok nemu emas.  Wisa kliru kabeh wis.  Tapi gak popo, ayas melok seneng campur melas ndelok Bu Tin.

“Ayo Tun… iki… ayo.  Sak onoke yo.  Jon iku lho kepingin nylameti aku, Tun.  Ambek nglumpukno konco-konco lawas.  Awakmu yo diundang kok Tun, tapi wingi Endik tak kongkon nggoleki awakmu jare gak kepethuk.  Yo slamet awakmu mrene.  Ayo Tun, mangan lek bareng-bareng ngene iki barokah, Tun,” jare Bu Tin ambek mernah-mernahno. Endik dipeseni, gak kiro njebus.

Ndik ruangan tengah kabeh nglumpuk, lungguh kloso ngiteri tumpeng. Arek-arek panti nakam ambek koyok bahagia.  Jon repot mbagi tumpeng.  Endik wis mojok, ngrakoti pupu.  Lek Nanang gak doyan ketep, senengane trancam ambek tahune orem-orem.  Bendhot seje maneh.  Senengane mek ndog godog ambek sambel goreng, mi, terus peyek teri.

Koki so ilo nakam mi ambek peyek teri.  Kenek Bambing, ogese sak umbruk.  Opo sing gak dinakam, piringe sampek gak ketok.  Urap-urap, mi, sambel goreng, ndog, ingkung, begedel.  Nakam ambek gobyos.  Mari ndandani talang le’e.  Bianto rame ae, liane sing digoleki rempah.  Jarene angel ketemu rempah lek gak onok wong slametan.

Juwari thok sing ogese thithik, tapi iwake ngrentep.  Oala…  repot mungsuh gerombolan ngombab.  Tapi yo gak popo, iling-iling biyen kabeh uripe abot.  Biyen ae lek nakam ndog siji dibagi papat.  Oges ditakis sik, baru terakhir ndog e.

Paitun ngeleg oges alon-alon, atine trenyuh lek iling riwayate wanyik-wanyik iki.  Masio ketoke bedigasan, yo onok sing mbethik, tapi arek-arek iku biyen bekti nang ibuke.  Paitun ero temenan riwayate wong sak kampung iki.

Bambing iku biyen ben sore sampek ingeb ngewangi ibuke lawetan urap-urap ambek senjem.  Sampek kadang nyambi sinau.   Lampune oblik, dadi Bambing lek moco sampek beleken.  Arek saiki enak,  sianu lampune padang.  Tapi anehe arek saiki dadine yo akeh sing pikirane peteng. Ingeb Bambing sik ngewagi ibuke ringkes-ringkes ambek usung-usung. Bambing urip mek ambek ibuke.  Wis suwe ebes kanale itam, tikas suwe kadit ojir gawe berobat.

“Lapo koen ngwasno aku ae?  Panganen Tun, cek umel ente. Ndungo sik, nakam cek dadi daging,” jare Bambing.  Paitun kaget.  Bambing ero ae lek dibatin. Lhok en lek nakam, wis lambene ombo bek pisan moloh-moloh.  Rai kok lambe thok.  Paitun genti noleh ndelok Endik.

Sangking kepingine anak-anake halokes, ibuke Endik biyen lawetan nomer.  Jamane nalo ambek pon surya.  Buntutan sik gak dilarang. Sampek ingeb, Endik ambek kida-kidae ngewangi ibuke nyetat ambek ngitung ojir terus ngeterno setor nang hamure bandare.  Ambek disambi nyinaoni kida-kidae.

Sampek gelek diseneni gurune soale gelek rudit, ngantuk ae ndik halokes.  Gak ngantukan yoopo wong pas iku nakamane ogese oges bulgur, jaman gak enak. Kathik adike papat, omil ambek Endik. Ebes kanale biyen idrek ndik anim, itam kesetrum lugur tekan cagak listrik. Gak abot yoopo urip.  Ojok takok pekoro buku seribu satu mimpi, nglonthok, apal Endik.

Sampek pelajaran berhitung gak tau Endik oleh isore wolu. Cobak arek saiki, opo iku… LKS, halokes helom sore tapi yo sik kursus, liane ojir ae, terus gae opo halokes, gurune montore kipa-kipa.

“Koen ndelok aku koyok ate jaluk nomer ae.  Wolulas iku wis mbok kei nakam ta?” Endik mangap pisan.  Repot lapan tujuh iku, batine Paitun.

Ketok Jon riwa-riwi ngladeni arek-arek panti, Paitun iling jenate ebes kodewne Jon.  Ibuke Jon biyen anake genaro ayak. Sak aken, warisan hame dipek aradus-araduse ibuke.  Ebes kanale kadit nes. Ero ibuke ate talarem  ebes kanale langsung shio kuda.  Gawe urip, ibuke lawetan mlijo cilik-cilikan ndik hamure kontrakan, nggene nylempit ublem kampung.

Ben jam loro bengi, Jon ngeterno kulakan ibuke nang pasar.  Lek onok ojir yo numpak bemo.  Tapi akeh uklame gawe ngirit.  Tekan hamur wis jam setengah papat.  Dulure ebes kodew ne gak jowo kabeh.  Tau Jon ingeb helom ngaji, udan deres, ewul pisan.  Jon ngiyup ndek hamure budene.  Dilut engkas pakde ne ketoke mari slametan, ngawab takreb.

Sik ndik lawang, takrebe ndang-ndang dijupuk kanae digowo ublem.  Ditawani ae kadit.  Gak suwe budene utem, kok ditawani takreb, ngombe ae kadit. Jon dikongkon ndang helom jare soale wis ingeb, padahal  sik udan masio wis gak deres.  Jon ambek ewul, uklam mripit kademen, diluk-diluk mandeg ngiyup, awake njebeber.  Tekok hamur Jon kaget, kok emar onggot.  Ibuke Jon ditimbali ambek Sing Kuoso.  Ancen wis suwe ibuke tikas kabotan pikir.

“Tun, lek nakam sing genah ta.  Mek thithik men.  Koen iso loro lho Tun.  Koen lek luwe opo ate ngaso, lek pas liwat nango kene ae Tun,” jare Jon.  Naisak Jon, wes kelangan ibuke, terus ojobe yo itam kenek tipes.  Lek Juwari ngono ancene gak ero ebese mulai bayek.  Bu Tin sing nemoni bayine Juari ditinggal ndik terase panti.

Timbang riwayate wong-wong iku terus  mbuleng ndik pikiran, Paitun pamit.  Bu Tin jan suwun-suwun setengah mbrebes mili.  Ndik mejo, kembange maeng tak delok wis diadahi vas.

Durung Isyak, Paitun wis ngleset ndik buk alun-alun ngarepe Jamek.  Kanyab temen kodew-kodew poto-potoan, gayane macem-macem. Wong surup-surup ngene kok gak ndik omah wong-wong iku.

Ambek thenger-thenger rikim uripe, krungu pengajian tekok coronge Jamek.

“… Ibu-ibu kita,  termasuk panjenengan ibu-ibu sedoyo … adalah al-ummu madrosatul ula’.  Ibu adalah sekolah pertama.  Sekolah pertama inilah yang akan menentukan nasib anak-anak kita ke depan.  Nopo panjenengan pun gadah bekal?”

Paitun ngelus-ngelus kucinge.

“Iku rungokno.  Ngerti a koen?” jare Paitun ambek mesem-mesem, ngguyu uripe dewe.