Srengenge pas endas, warunge Mak Ti wis emar. Paitun ndik pojokan, ngenem ae ambek ndekep opo iku, ketoke koyok undangan, ngrungokno clometane bekakas-bekakas iku. Bendhot cik bantere lambene.
“Paitun ae oleh undangan. Lha ente kok kadit Nang?”
“Paling kliru ngetik iku,” onok sing nyaut. Mak Ti ketoke mbelani Paitun.
“Ojok ngremehno wong remeh koen rek. Masiyo ngono Paitun lak ngetop tah timbang awakmu?”
“Terus ngado opo Paitun? Iki sing duwe gawe yo wong top lho Mak Ti,” Bendhot ngetet ae. Mak Ti male pidato.
“Wong ngundang Paitun iku wis ero le. Paitun iku lho gak tau teko. Paitun yo tau diri. Paling engkuk lek wis tamu sepi, ate buyar, lha biasane Paitun kaet moro. Iku kebiasaane Paitun. Lek Paitun gak moro, wong-wong sing bingung, mesti ngongkon uwong, iki berkate Paitun terno, golekono sampek ketemu. Lho temenan iki!”
Paitun kroso ndase rodok gedhe. Lapo Mak Ti crito barang, batine Paitun.
Dilluk engkas onok Pandi tuku oker. Wong-wong langsung cep. Lha kok onok sing plaurmen takok.
“Pak Rawi mantu, sampeyan diundang de?” Sakjane Pandi males, tapi yo njawab ae.
“Lek aku yo mesti diundang. Lek ente-ente ngene iki paling yo kadit,” pandi sengak omongane.
“Ngado nopo de?” Sik plaur ae sing takon. Gae Pandi iki kesempatan.
“Ngene yo, sopo jenengmu? Lek diundang ambek wong sing menurut aku terhormat dan punya pengaruh, yo iki itungan bisnis le. Piro nomere sepatumu?” Pandi ngwasno Bendhot, Bendhot iso gak enak. Pandi orasi.
“Lek sing ngundang sogeh, ayak, yo kadone kudu imbang, Mosok aku ngado mek tekes? Iku lak sunatanmu biyen. Iki seje. Aku ngado paling yo… minimal 5 juta lah…” Pandi tambah ndadi. Kabeh mingkem setengah njahe. Dadak Slathem dengan tenangnya berkomentar. Nanang wis kroso.
“Iso gawe ngotrak hamurmu rong tahun, Ndhot.” Jare Slathem.
“Congormu Them!” Bendhot njahe. Ndilalah Paitun ngadeg, negekekno undangan nang Mak Ti, ambek setengah ngode njaluk diwacakno. Makti itreng karepe Paitun.
“Iki undangan tekok Pak Rawi, Tun. Minggu ngarep, Seloso, ndik hotel.” Paitun mesam-mesem, ambik njaluk undangane maneh, terus didekep. Pandi kaget. Paitun atawek ambek nuding-nuding nang Pandi. Batine, prasane koen thok tah sing diundang. Pandi ngaleh ambek mbureng. Kabeh atawek ngakak.
“Wong atase kado ae disiarno. Radio le’e.” Bendhot mbales ambek cekikikan. Nanang kait wani ngablak.
“Sakjane lho, lek sing duwe gawe wis ayak, yo ojok buwuh akeh-akeh, lak podho karo nguyai segoro ta. Lek iso, justru lek sing duwe gawe iku pas-pasan, talarem, kadit raijo, lha iku buwuhono sing akeh,” jare Nanang. Paitun rikim, tibae bekenyek ini onok pintere, dungaren.
“Jaman saiki le, seje. Sembarang maleh onok motipe. Opo maneh lek petinggi duwe gawe, kabeh geden-gedenan buwuh. Wedi lek engkuk marine gak direken.” jare Mak Ti ambek ngudhek ipok. Slathem nggarai maneh.
“Opo maneh lek petinggine petinggi yo Mak? Slathem mlethes.
“Maksude ente opo, Them?! Mbulet ae.” Bendhot gregeten.
“Ente sembarang lambat, Ndhot. Petinggi iku lak onok bose. Lha prasamu Pandi iku dadi koyok ngene pekoro sopo? Sing ngebosi Pandi iku Pak Rawi. Ngono lho thess…ente iki yoopo. Takoo Mak Ti.” Jare Slathem ambek kemlinthi.
Mak Ti mek mesem. Bendhot rodok mbureng. Lek howone wis gak kane, Paitun biasane nyengkre. Ngenem-ngenem eskip liwat pinggir geber warunge Mak Ti.
Paitun ngaso ndik buk alun-alun. Undangane diwasno ae. Male iling jare make biyen. Panganan ndik resepsi duwe gawe iku nduk yo, kurang apik, soale sing diundang iku wong-wong sing sugih, sing malah sering mangan enak. Ora tau ngundang wong mlarat sing keluwen, sing mangan bendino ae angel. Tapi lek diundang yo tekoo nduk.
Pesene make koyok mbengung ndik kuping. Paitun sik ngwasno ae undangan iku. Wernone onok emas-emase, pitae yo werno emas pisan, sinare kelap-kelip mantul, bareng karo kelap-kelipe air mancur Alun-alun.