Kait ate golek nggen gae ngaso ae kok yo tail ndik embong ngarepe Gang Gawat emar. Sikil kemeng tapi ati ndrememeng. Wis parani ae. Ndik warunge Mak Tin yo kanyab wong. Paitun nggremet nang mburine geber sampinge warung. Mak Tin sampek kaget.
“Get-get i ae, Tun, luwe a koen? Luwe a?” jare Mak Tin. Bantere rek wong iki, ewal-ewul ae, lak isin ta dirungokno liane. Awak ewul tapi yo ojok rame ngono, kadit nes Mak Tin ini. Wadah, kok emar ngene, apais iku sing gnomo ngetet. Oo… pancet ae, gerombolan ruwet nglumpuk koyok mbako.
“Lek terus tuleg ae yo opo ngono iku. Selawase ayas urip ndik Malang, gak tau koyok saiki. Lak oyi a Ndhot?” jare Nanang.
“Oyi ancene. Lha bayangno, pirang ewu arek ublem Malang ate halokes, ate kuliah. Luwih tekok aud hulup ubir lho rek ben semester. Kathik macem-macem asale,” Slathem nambahi.
“Makane, sekarang ini rawan komplik,” Bambing muni. Bambing lek dijar-jarno iso ngrusak kamus, batine Paitun. Endik kaet maeng ngenem thok, ate gak ngenem yo opo, wong kegiatane nggiling najad thok ae. Arek ta blender!
“Pak RW, mboten saget ta, misale lho, niki misale, sak derenge lare kos-kosan niku mlebet, diklumpukaken riyin ten bale RW, ditatar riyin, cek ngertos yok nopo adat-istiadate kampung. Cek semerep carane urip ndik Malang, ngoten umpomone,” Bendhot usul rodok genah.
“Karepku yo ngono. Lek perlu tak kongkon nggawe surat pernyataan, sebagai warga pendatang yang bermukim ndek kene. Paling nggak lak iso ngerem, cek iso nyesuekno,” jare Pak RW.
Onok libom ate ublem gang. Lampune dikedep-kedepno. Ndik pucuke gang libome mandeg, cendelo ngarep dibukak. Paitun kolem ngungak. Eala… Pandi. Pancet ae gayae, macak kereng.
“Onok opo Ndhot?” Pandi takok.
“Iki bos, mbahas arek kos-kosan,” Bendhot njawab. Biasane lek dilinggap bos, wuww… Pandi langsung seje praene, moro loman ae, utem sembarange. Lha temenan a, mesin libome diitami, langsung utem tekan libom. Nutup lawange libom tapi ambik ngroweng.
“Opo o arek kos? Urusan liane sik akeh, ngurusi arek kos? Koen pamane tah?” jarene.
“Lho kadit bos. Iki akeh warga sambat, lha bolak-balik regeg ae. Wong-wong iki mikir yo opo golek jalan keluare,” Bendhot mulai rodok njahe. Kadung nyeluk bos, luput…
“Ngene yo… sopo jenengmu? Koen ero? Are-arek iku nggowo duwik piro mlebu kene. Iku meningkatkan pendapatan kita, ojok lali. Koen mosok ero iku? Iku onok pajeke le, onok itungane, ojok sukur mlethes yo,” Pandi lha kok sanap. Pak RW koyoke gak kane.
“Ngene lho Pak Pandi. Awake dewe iki yo ero soal iku. Tapi yo opo-yo opo warga lak tetep butuh nyaman… aman… Tak kiro yo gak iso lek ukurane mek duwik. Kene lak yo kudu ngrungokno keluhane warga. Mangkane dipikir bareng, diomongno sing enak.”
“Iku paling warga tertentu, gak kabeh. Onok-onok ae. Nganggur ta,” Pandi ketoke wegah eker-ekeran. Lawange libom digetno ae lek nutup, terus plencing.
“Situk iku lek dijak rundingan cik angele. Kedonyan. Wis gak usah direken Pak RW,” jare Nanang ambek pegel.
“Oyi, semua kaluk dirunding kan enak. Gak ngetet ae. Lha kaluk maunya sendiri, ndak mau dengarkan orang lain… Akhirnya apa? Semua ya selalu belakangnya jadi rame,” jare Bambing.
Atase Bambing ae, nggedabrus, opo belakangnya… belakangnya… pawon a, batine Paitun. Bambing dadak mendelik nang Paitun. Dibatin ae kroso klepon iki.
“Nggiling terus… Endik lhok en, ente wareg, ayas sing rayab, ooo bedun iki,” Bendhot mbengok, Endik mrenges ae, untune onok lomboke. Kok iso mangan pohong ambek lombok. Mak Tin lha kok kolem-kolem.
“Sakjane Pandi iku karepe apik, cumak carane sing gelek kliru. Ganok ta sing iso ngilingno ngono? Mboh kah, kudune lak ngerti wong bolak-balik regeg ae ambek warga.”
“Ngene lho sakjane Met, koncomu jare ngajar ndik kampus. Kongkonen usul nang pimpinane. Lek perlu, mahasiswa baru sing tas mlebu iku, ndik semester awal kongkon ngekek i pelajaran pekoro Malang, adate iku yo opo, masyarakate yo opo, toto kromo orip nang Malang iku yo opo, sejarahe, pokoke seluk-beluk e Malang,” jelas e Pak RW.
“Bener niku. Opo iku jenenge, lek nang SMA onok jenenge MOS iku lho. Lha timbang digawe sing aneh-aneh, disalahgunakno, kadang onok sing nyikso kancane, alukan digawe iku. Sae niku Pak RW,” Bendhot ngiyani.
“Nggeh Pak RW, kulo sampekaken. Sae niki. Lek perlu sing dikengken mulang nggeh Pak RT, Pak RW, nopo Lurah. Asyik niki, Pak RW,” Slathem ngegongi.
“Paitun ae kongkon mulang!” Endik njeplak. Paitun kaget.
Lapo bedun iki makakno awak-awakan. Gak popo ayas mulang, tapi muride Endik. Temenan, lek gak bendino tak ceples ambik tak setrap. Ditail halase ae. Asline ayas ero, wong Endik iku SMP ne ngendog kadit hanggum ping aud. Ayas biyen gelek ketemu ebese dilinggap nang halokes e, opo maneh lek gak langganan disekores. Ulangan mesti ketemon ngrepek.
“Sampean ate dadi waker ta, turuo embong!” ojobe Bambing mbengok sak kayane. Ingeb-ingeb hare, kabeh iso njumbul. Bambing mencolot koyok klepon diuncalno.
Pak RW akhir e pamit helom. Bendhot njulekno Endik, ipoke dientekno karek letheke. Mumpung durung digarap maneh, Paitun ngenem-ngenem keplas.
Ngurut dalan, howone Malang cik merdune. Angine semriwing. Paitun rikim, kutho adem e kane koyok ngene kok yo onok ae sing nggawe panas. Panase srengege iso ngiyup. Lha lek panase ati?