Prasane Tamane Ham e Tah?

ikon paitun gundul
Isuk-isuk Paitun wis ndik Gang Gawat, ndik warunge Mak Ti, nakam lecep ambek krupuk puli senengane, soale emoh peyek, iso kesereten. Wis ngono, dihambat ngrungokno rasan-rasane wong-wong sing grumbul marung, tambah iso kloloten peyek. Iki koyoke Pandi sing dirasani. Slathem ketoke sing ngetet ae.

“Ente wis tail ta, onok genakut-genakut ndik tamane kampung ngarepe hamure Pandi?”
“Iku ate diaapakno se, Them?” Nanang nyaut.
“Lha yo iku, iku lak tamane kampung, jare Pandi pagere ate diganti. Lha lapo? Prasane iku tamane hame ta. Wayahe lak rundingan sek ambek warga, yo ambek sesepuh. Kadit hare. Moro diputusi ewed ae.” Slathem tambah mangap. Liane mulai koyok radio.

“Onok ngawute wanyok iku. Taman iku onok sejarahe. Pagere sing lawas lak yo nggawe ojire warga. Yo onok sejarahe. Ente lak elenga, Ndot?”. Bendot mek mrenges.
“Takoko Mak Ti. Asline sampeyan sing eruh mak.” Paitun tail Mak Ti, wong loro was-wasan.
“Yo takoko Paitun. Tun critoo Tun.” Mak Ti ngeles, Paitun ngenemae, wong-wong mulai, batine.
Mak Ti yo rikim, iki lek gak ngomong, iso gak ladub-ladub bekenyek-bekenyek iki.

“Yo lek ro ku, iku biyen critane, wong-wong kene lak mari nang alun-alun bunder, ndelok Pak Karno teko ngresmekno tugu iku lho. Lha pas jagongan bengi, onok sing usul, yoopo mumpung bareng ambek gawene tugu iku awake dewe ndik kampung iki yo nggawe tengeran. Yo akhire menene warga langsung kerja bakti, yo dadi tamane kampung iku saiki. Malah akhire wong-wong bingung dijenengno opo terus.
Akhire Lik Paat , mbahe Nanang iki, usul, yoopo lek dijenengno Taman Proklamasi ae, podo ambek jengenge Tugu Proklamasi sing ndik alun-alun bunder iku. Kabeh setuju. Ro ku yo ngono, wong kaet biyen yo aku sing ngurusi konsumsine.” Mak Ti crito dowo. Paitun mbatin, iyo wong aku biyen mbrebes mili pas Pak Karno ngresmekno tugu alun-alun bunder.

“Mangkane sampek saiki sampeyan nyerek terusss warunge.” Kabeh ngakak. Paitun nyokot mendhol.
“Lha terus ganok sing ngilingno ta Pandi iku?” Nanangk dadak mancing omongan. Bendot mlethes.
“Jare wong-wong yo wis. Pak RW kan nokat nang Pandi. Jare Pandi nang pak RW, aku lho ojir nggak jaluk sampeyan. Pak RW yo rodok tersinggung.”.
Slathem nambahi’
“Kathik ente ro, sing nggarap yo iku-iku ae, pancet ae. Biyen mbenakno got yo iku, maving yo iku, nggawe gerbang yo iku. Rapat RW koyok e kadit direwes,” Nanang ngegongi.

“Sakjane lek warga kene kompak, yo sembarang iso dirunding. Lek kabeh ngenemae yo toper. Iso ndadi Pandi. Padahal urusan liane sik kanyab.”
“Oyi, kampung iki sakjane ojok mabangun fisik thok. Mbangun ati, mbangun pikir, cek kadit regegae.” Bendot gnomone pas tepak. Paitun ngempet ngguyu, batine, atase Bendot ae ngomong ati, arek gak jelas, adus ae mbuh-mbuhan.
“Wis…wis, ngomong opo ae, ojok kesusu ngarani ta, be’e Pandi maksude apik. Dijak apik kok rameae.” Mak Ti mulai gregeten.
“Lho masalahe kan sembarang iku sing penting lak carane Mak Ti. Maksude kipa, tapi lek carane halas,terus wong gak itreng, maleh emar. Lak ngonoa thess…” Bendot komen.
Paitun ngenem-ngenem mrepet ngaleh. Wong-wong kaet sadar.
“Lho, ladub-ladub, lak telat ta awak.” Kabeh semburat.

Paitun uklam ngetutno lakon, ambek mbatin turut dalan, wong-wong saiki wis pinter-pinter, tapi yo kok sik salah paham ae.
Sembarang iso dirembug, diomongno sing kipa. Wong jowo iku kudu nguwongno uwong, Paitun iling omongane ebese.
Tail tugu, Paitun rodok mbrebes mili, de’e sik iling crito, Londo lek ate ngalahno arek Malang, kudu ngebom tugu sik, soale tugu iku lambang semangat perjuangane arek Malang. Pas mari dibom, tugu dibangun maneh. Semangate arek Malang bangkit maneh. Londo merat.