Nyenyek Tun…

logo paitun gundulRodok iyup, ate sore, kroso ewul. Enake mampir warunge Mak Ti ae, ngono batine Paitun. Tibae Mak Ti tutup. Ate liwat Gang Gawat, Paitun ragu-ragu, mosok bendino kuping dijejeli suarane keblek-keblek iku ae.

Sak klerap Paitun iling. Lak suwe gak rimpam nang hamure Mas Sunari. Ambek ngumbah kuping, ngrungokno sing sula-sula, mesisan ndelok kodew-kodew muda-mudi latihan mbeso, nari.

Paitun ublem gang halabes. Tekan ngarep hamure Mas Sunari tibae ipes, dapako unine gending, manuke Samian ngoceh ae, yo lek enak, menco wis kewut pisan, unine koyok bebek tikas. Tau biyen, Samian idrek tanggapan luar kota seminggu, dadak manuke ambek ojobe dicantholno ndik buri cidek jeding. Helom idrekan, Samian ngamuk, manuke unine dadak mek “ekgh… ekgh” persis unine wong ngeden.

Ojobe diumbah ambik Samian. Samian iku wong seni, duwe sanggar dewe, tapi gelek dijak neam panggung ambek Mas Sunari. Paitun rikim diluk, akhire rimpam nang sanggare Samian. Lhuw, onok Bambing (sakjane jenenge Bambang) mboh ambek wong-wong kono kok diceluk Bambing. Kait amping-amping ndik lawang pagere Samian, Paitun kaget, Bambing pancetae cucuke. Endik tibae yo ndik kene, ketoke uthek mbenakno salon.

“Lhooo Cak Min, kekasih ente datang menghampiri… wkwkwk!” Pancetae cangkeme ludruk iku batine Paitun ambek sik rodok dredeg pekoro kaget. Samian mek mencep. Tibae genaro aud iki maeng sekak ta.

Yahh beginilah Tun. Lha yoopo, idrekan ipes. Aluk sekak timbang nggeblak, ya?
Onok genaro oket, Londo (asline jenenge Jo, tapi celukane Londo, soale lek main drama tujubelasan didadekno londo, ancene praene blasteran, mboh blasteran Jowo ambek gendruwes le’e). Koyoke Londo ate ngabari.

“Cak Mian, sampeyan melok ta nang Atrakad? Jarene kesenian kampunge ewed diundang pentas nang Atrakad.”

“Ayas gak ro i Ndo. Ente jare apais?” Samian ngungib.

“Kanaku dikongkon Bu Ayuk, Seksi Seni Budaya RW, dipilih melok rombongan duta seni jare. Ayas yo yoopo, male kolem tewur hare. Nggolekno sangu, terus perlengkapane, durung lio liane.”

“Ngono iku lho, kok gak kene-kene iki sing dikongkon nangani. Lha terus model pembinaane yoopo.” Samian rodok emosi. Paitun mulai umbam masalah.

Endik sing ket maeng ngenem, salone wis muni dadak melok muni.

“Ayas wingi pas mbenakno son e Jianto, wong-wong pas tepak kumpul ndik sanggare Jianto. Kabeh rame pekoro iku. Krunguku, sanggar-sanggar seni ndik lingkungane dewe saiki wis ate ketam kabeh.”

Bambing dadak koyok tumbu ole tutup.

“Oyi ancene. Ente-ente ini lak wis ero ta. Iki rahasia tapi ente-ente perlu ero. Seksi Seni Budaya RW iku pinter thes. Iku anggarane jelas, bantuane yo hedeg. Tapi… carane yoopo cek ithab, yo golek sing harum, lek perlu sing gak rayab. Lek gak ngono yo diperintahno nang warga opo sekolahan-sekolahan ndik kene, opo liane. Kane thess… Sanggar-sanggar yo ngaplo… nyenyek tun…”

“Ayas sakjane itreng. Cumak lek arek-arek gak kompak yo yoopo. Mestine sanggar kabeh kumpul, genomo sing kane, lek perlu ngadep RW. RW yo cek ero seni dan budaya iku penting. Tau tah wong-wong pengurus RW iku nontok seni sampek kateg? Gak kiro. Paling oket dilut, awu-awu… cek dianggep peduli, maringono eskip,” Samian ngroweng.

Paitun tambah umbam gak kane omongan iki. Karepe ngumbah kuping, lha kok mbleset. Tapi gak popo, batine Paitun, aku tambah ero lek onok kenyataan koyok ngene. Aku biyen paling seneng nontok ludruk, tari-tarian, wayang wong, wayang kulit, seni-seni iku pokoke.

Saiki angel, kok ngono, ulang tahune Malang sing ditanggap gak jelas, wayange sing ditanggap guduk wayange wong Malang, senine wong njobo kabeh. Padahal ndik Malang gak kurang dalang. Tukang mbeso yo akeh. Seni asli liane yo akeh, apik-apik. Iyo yo, kok iso yo. Paitun nggleleng priatin. Londo katut kolem ngroweng.

“Aradusku onok sing ndik Atrakad, idrek ndik iku lho nggene tampil seni-seni sak Indonesia. Iku yo tau crito. Rombongan lek tekok Malang jare mbanyol. Arek-arek seni sing ate tampil iku bingung nyiapno pentas, bingung iku iku, jendral petisi, dadak wong-wong pengurus sing ngetutno, sing kudune ngewangi, nyupot, dadak tambah keplas, ngungib nglencere, blonjo.”

“Lha lapo kolem ae wong-wong iku. Entek-enteki transpot ae. Biyen jare Seksi Seni Budaya RW ate diganti wong sing genah, itreng Tibae pancet, kadit nes. Wayahe lak golek genaro sing peduli, iso ngrumat seni budaya. Gak rikim ithab thok ae. Gak socing blas.” Bambing nyantap.
“Yoopo lek ate ngganti. Pak RW ae ngelu, soale Bu Ayuk iku lak plek ambik Pandi. Podo sanjipake. Lek jare Bendhot, pren… pren… wkwkwk.” Londo noyug. Paitun rikim, heng koena mbulet ae.

“Skak…!” Bambing bengok. Samian gak trimo.

“Ente nganem lek pas slimpene nawak ae, wisss… nyenyek tun!”

Langit semburat werno maghrib. Paitun ngaleh tekok sanggare Samian. Nggremet henam turut embong ambik ngwasno ayang-ayange dewe ambik ayang-ayange wit-witan sing mbeso, menari-nari ndik aspalan dalan.