NGIYUP

Sore-sore gerimis sik kemricik, kerubutan selimut luwih becik. Tapi likise Paitun endi meleg kadit umek. Mripit pinggir embong, lek onok yup-yupan yo ngaso diluk disambi ngrikiti weci sing diisaki Lek Jum maeng. Laris gorengane, wong antri-antri. Tapi lek antri ojok nokat ae, lek rameae osi dinyunyuk suthil ente. Enake mariki ngiyup ndik terase bedake Cik San ae. Cik San turuan lek jogo bedake, ambik ngungokno radio. Ente ero, radio transistor lawas, suarane kadit sepiro, karetane mubeng. Lek pindah gelombang osi grak-grok. Ndeleh radio dicidekno tumpukan gulo abang, sumpek kiro-kiro radione, mulai jaman kolobendu gak tau dipindah. Tau onok wong tuku kober ae nokat, radio sampeyan iku pindahen, dijawab ambek Cik San, ate tuku opo ate ngurusi radio, opo ate bon. Kowe durung lair, radio iki wis ndik kene. Masio tak lebokno karunge beras opo’o, sing penting lak muni ta. Sak jeke iku ganok sing wani takok. Switere ae sing benthelan iku, kiro-kiro gak ganti mulai jaman Jepang, wis ndhredhet gak karuan sik digawe ae. Takok o lek wani, osi dikabyuk simpoa ente.

Lhee… lha kok bek sing ngiyup. Lhuk, golongenae pasukan jangan mblendrang ndik kono kabeh. Tail ayas iso koyok nemu londem. Babahno wis, kadung ketok. Lambene Bendhot biasa koyok corong.

“Iki opo lakone, mreneo Tun. Dari mana saja yang… Udan-udan sik njiat uklam ae rek…” jare Bendhot ambek gaya India. Yang yang yang yang, masio rembes ngene ora kate meleg ambek bledhus iku, batine Paitun. Wisa, male ngurak kabeh. Bambing suit-suit, lhok en praene, rai kok lambe thok. Rambute koyok sapu duk.

“Nurut koen yoopo, Tun. Jare Ngimbab, bakale calon RW sik ganok sing tepak. Gak nganal gak kodew ne,” jare Bendhot mulai ngedu.

“Ojok rungoknoh langes ikuh, Tun. Jangan didenger yah? Sebageh warga, kan oleh awake dewe bicarah. Elek-elekoh awak iki… elek… kik kik kik, maksudkuh, masiyoh awak iki wong cekheter tapi tak delok-delok, mestinyah lek ate dadi ketua erweh lak kudune ngukur awakeh dhisik. Keneh kabeh lak ero sopo wanyok-wanyok iku. Lek mek golek bolo, nglumpuknoh dukungan keneh konoh, kabeh yo osi. Yah tohhh?” jare Bambing ambik gayae kemlinthi. Idune pancet ae siram-siram, Endik sing ndik halabese nutupi raine ambek jaket, dijungkrakno ambik Ngimbab sing sik ngetet ae.

“Duduhno nang warga iki, ilmuneh… ojok prejengane thok. Mburi-mburineh macak ayuh, nggantheng, tiba’e mblegedhesss… Pidatoh ngeneh ngonoh, ngglethek nggedabrusss…,” jare Bambing ambik brusss e sengojo dipakakno nang Endik. Raine Endik koyok dipilok. Osi kekel kabeh.

“Sakjane, mulai awake dewe dadi warga kene, sak jek jumbleg tau tah onok ta sing merhatekno para lansia. Eee… nyediakno tumpakan gratis ta gawe sing sepuh-sepuh opo veteran. Koyok bis sekolah ngono iku. Ayas kadang tail, naisak, onok wong-wong sepuh ngedat mikrolet ambek kepanasen, lek wayah udan yo kudanan ambek ngiyup kademen. Piro se, dicuilno tekan ojir anggaran RW. Guoblikkk… Iyo kono tumpak ane kane. Saking empuke sadele sampek wis kadit osi ngrasakno susahe wong liyan,” jare Jon ambek koyok pegel.

“Omonganmu onok benere, Jon. Kudune pemimpin iku nganggep wargane kabeh koyok keluarga. Ayas kadang lek pas mandeg lampu abang. Ndelok arek-arek nom sing pacakane aneh-aneh iku, ngamen, terus ndelok wong-wong sing kleleran ndik embong-embong, wong ngombab, macem-macem. Iku kok mesti dianggep panyakit sosial. Kudune yo dipikirno tah yoopo enake. Nasibe wong gak podho. Tapi ojok dianggep resek, sampah. Mereka kan sebenarnya punya hak yang sama sebagai warga, sebagai keluarga kampung jugak,” Endik lek ngene iki pas tepak lambene lek ngomong. Paitun iling. Endik biyen yo kleleran gak karuan ngono, mbethik pol. Terus dijak Lik Pa’at ngewangi ndik serpis radione, akhire sak iki tertib, yo pinter nyoder. Saiki bukak dewe nggawe salon spiker pesenan. Osia ae arpus iku.

Mulai rodok njebeber iki likis. Bendhot pancet ae gayae towo-towo. Nawani bakso, nawani cwimi, Tapi lek nyeluk rombong, ngedat sing dagangane wis entek. Boimin tahu liwat, tahu petise sing bek, Bendhot langsung nylimur gayae nyele korek. Blekok iku osi ae. Padahal ndik ngokobe dompete ketok tebel mbendhol. Paling isine domino, batine Paitun. Lek gak, buku seribu satu mimpi. Samian nyaut njeplak pisan.

“Kok ngono. Seniman ae ganok regane. Liane disanjipak ae. Iki ayas guduk genomo melip lho yo. Mimpin iku kudune lak duwe cara, yoopo duwe tanggung jawab ngatur kebudayaan. Lek pemimpin atine wis kadit berbudaya, opo maneh kelakuane. Lek jare sejarah, selama pemimpin kadit itreng, trus gak duwe komitmen gawe seni dan budaya, kampunge yo mesti dadine gak jelas, ketoke ae kinclong, yo mek bungkus, isine asline umbam, ” jare Samian.

“Lek kodew ngono yoopo yo sing dadi erwe? Lhow iyo, lak onok ujube Bambing ta. Issoo… iku…. Tante Bembiii. Calokno, Mbing. Kek ono kesempatan ta ojob rek?,” Endik molai manasi.

“Rameaeh… tak gibeng kene koen engkuk. Sorihhh ya, ojob waktuneh ndak adah. Ojob sak iki repot… sibuk emsi… MC… Awak-awakan maleh rodok kadit kerumat. Emsi teruss…momong cucu… kik kik kik,” jare Ngimbab ambek gumbira gaya merdeka. Ngakak kabeh tail kluwek iku. Paitun osi kolem kekel. Cidek magrib nggedowos ae.

Dhuerrrr… hadak bledek buanter. Bendhot kaget iso nggeblak pas nglungguhi kotake beras. Korak opo, kenek suoro bledheg iso mencelat. Bambing jumbul ndhase ketatap celengan kitip sing ngrentep digantung. Endik hadak rubuh nendesi bloke panci, wajan, wis gemblondang korat-karit. Samian malik soale Jon ngadeg dingklike njombat. Radio langsung gemrosok, Cik San tangi, langsung bludreg ndelok kelakuane bekenyek-bekenyek iku. Sak ketoke, njupuk gulo abang, disawatno… iso pas gegere Ngimbab… beggh. Gutap kabeh, iral mlencing semburat. Wong wis gak udan ket maeng.

Tekan Alun-alun, wong maghriban tas mudun. Biasane onok ngaji sampek Isak. Lho temenana, ustade sing suarane merdu iku. Pas tepak hare omongane.

“Mangkane… lek sampeyan milih pemimpin, nggeh sing ati-ati. Wonten dalam salah satu hadis disebutkan, Rasulullah SAW bersabda, “Akan datang sesudahku penguasa-penguasa yang memerintahmu. Di atas mimbar mereka memberi petunjuk dan ajaran dengan bijaksana, tetapi bila telah turun mimbar mereka melakukan tipu daya dan pencurian. Hati mereka lebih busuk dari bangkai… Lho yok nopo… niki Rasulullah SAW piyambek sing sanjang.”

Ketoke bener ancene, batine Paitun. Boimin tahu hadak mbengoki.

“Tun, ambek ngaji ngiyup kene lho. Iki lho tahu sik anget, gak luwe ta awakmu.” (Idur/Yei)