KLOPO PARUTANE

Slametan ndik hamure Lik Jum tas rayub. Kabeh wis nyangking kresek berkat. Ayas helom kari, mesti diisaki dobel ambek Lek Jum. Tapi ndik dalan berkatku tak lungno Jon, soale ndik panti kanyab sing luwih butuh. Biasane, buyaran slametan, mari ngampirno berkat nang hamure dewe-dewe, terus nglumpuk ndik pos. Yo akeh sing nggowo duse najaj. Jarene ndik hamur sopo sing nakam, wong kanae jare podo kadit ngenes nang jajane berkat.

Temenan, kanyab sing nggowo duse najaj. Gak kaop Bambing, cik ngenese nang sing jenenge bikang. Lek Bendhot masio ledome sangar yo sik tetep kemaruk nang apem. Endik lek nemu wajik iso koyok ketemu araduse. Lek awak yo nogosari ae, dew. Londo ae sing genarone lites lek ero roti kukus osi koyok tail kodew sinam. Mangkane lek onok berkat gak tau rebutan. Mbuh lek ojir, wkwkwk…

“Ndik hamur, jajan koyok ngene yo kadit uyap. Kerduse diungak thok ambek anakku, ambek ngomong, ganok sing rodok lawas meneha jajane? Jait…” jare Bendhot ngroweng.

“Podho… Isuk tak ungak, sik wutuh hare, ganok sing nguthik babar blas. Kadang dikrikiti cecek. Saiki lek berkat onok najaj e cangking mrene ae, cek diselesekno Ngimbab, ” Samian nggarai. Bambing ngono yo mek mrenges ambik lambene mowol-mowol nyamblek bikang. Repot cithakane apem iku.

“Kiro-kiro lek mbesuk wis ganok jajan-jajan model ngene iki, ente-ente kabeh paling iso bolak-balik step paling. Kejer, wkwkwk… lha ate nggolek nangdi,” Endik molai nggarap.

“Iyo yo, kudune masiyo jajan lak kudu dilestarikno yo,” Londo nyaut. Bendhot keselek.

“Yoopoh mbesok lek awak-awakan kepingin nakam horog-horog, bogis, kucur, opoh wastapel… ” jare Bambing ambik clemat-clemut ae.

“Wafel a… wastafel hadak… turuo jeding pisan, krakotono cebuk iku,” jare Bendhot ambik ndudul pundake Bambing.

“Koen Ndhot… deloken po’oh saiki. Ikuh… ayas maeng liwat ngarepeh bedake Pendik. Wong-wong sing terkenal ikuh, biduan… bingtang pilem, sing ndik tipi ikuh, kabeh bukak bedak panganan ndik kampung keneh. Tak inceng ndik kocoh… ayas ganok sing eroh najaj e…,” jare Ngimbab. Koyoke mancing pekoro, omongane pan-panan iki.

Paitun maleh molai melok rikim. Wis molai ketoke, wong-wong sing terkenal ndik tipi podo gembruduk bukan toko jajan ndik kampung kene. Tulisan reklame ne macem-macem, oleh-oleh khas Malang, sing iki sing iko… Tapi pas kapan liwat, tak ungak tokone, koyoke gak tau tumon ayas najaj sing jare khas iku, modele ae anyar, bas-bas wong-wong iku mek ngarang dewe. Iling aku, ayas tau diisaki ambek Bu Cip, najaj sing jare khas iku. Dapako kane, opo ilatku sing gak cocok. Bu Cip ngelungno ambek ngroweng, Tun, iki panganan opo, tilik ono talah, Ngono kok ngaku-ngaku panganan khas kene, lak ngawut tah, jare Bu Cip.

“Heh, Tun. Lapoh ndomblong aeh, iku lho nogosari senenganmuh… wajik e karek utas. Cepet… selak dibadhog jrangkong ikih…wkwkwk…” jare Bambing ambik nuding Bendhot. Ngono Bendhot yo sengojo nyaut wajik langsung diemplok. Wong-wong nggegek. Jarno ae, arek ireng iku ancen lambunge sampek kentol, batine Paitun ambek gregeten.

Jon telap-telep nyuwili dadar gulung. Endik rame ae, mbukak lemper isine mek separo. Kait ero ta. Onok sing isine mek seprapat hare, kathik disolasi. Mbukak e cik angele. Lemper disolasi, suwe-suwe gedang dilakban. Bikang ae wis diganjel ngokobe, cek mledhing.

“Lha iyo, lek terus artis-artis bukak toko jajan kabeh ndik kampung kene, kathik ngomonge jajan khas kampung kene, terus yoopo nasibe nakaman, jajan sing asli. Jelas halak sak sembarange ta. Kalah nggen, kalah ojir modale, kalah promosine. Ndik kene iki gak kurang macem-maceme najaj sing asli, produksine warga dewe. Tapi, wong sembarang ndek kene diijini erwe, kadit ditail sik yoopo iki engkuk pengaruhe mbesuk,” jare Jon mari ngelek godir. Cepete wis ganti godir. Samian ngegongi pisan, pancet ae gayae kementing.

“Koyoke ganok masalah ya? Yo iku jengene bisnis. Bisnis kadang lak mek ndelok kesempatan. Liane urusan mburi. Ngeneh. Panganan, jajan, iku yo tetenger kabudayan, gak mek tarian, lukisan, musik, kerajinan. Kuliner iku mek guduk urusan cangkem thok. Sembarang digawe iku onok asal-usule, onok hubungane ambek adate masyarakat. Lak ngoten nggeh, Pak Nardi?” jare Samian golek bala.

“Yo pancen jamane yo terus maju. Tapi yo kudu tetep duwe tanggung jawab. Opo maneh lek nyangkut kabudayan. Cumak, ngerti opo gak wong-wong iku. Jangan mereka datang ke sini, terus sak karepe dewe cuma cari untung sendiri. Iso kok sakjane, misale ngene ya, erwe membuat peraturan misalnya, setiap toko-toko jajan moderen iku diharuskan juga melok ngedol kue-kue atau jajanan asli sing khas gawenane warga kampung iki. Gak ketang telu opo limang macem jajan tradisionil melok didasar ndik tokone. Artine, sethithik akeh kan wis melok ngrumat, kontribusine jelas. Tapi yo ojo awu-awu, ethok-ethok… mek gawe gugur wajib thok, ganok niat apik, yo repot…” jare Pak Nardi. Wanyok masiyo pansiunan tapi sik padang pikirane, gak tau mandeg mikirno warga, batine Paitun. Ngono Pak RW cik bencine. Kayal. Lek jarene warga, onok sing ngedu.

Ola opo Bambing mukok, ngungib nyaponi lambene,

“Sing ikih kloponeh umbam… lho ya, rodok penguk,” jarene ambik ngambu-ngambu najaj sing dileket. Kabeh kontan ngakak.

“Goblik… ndesit ancen ente, Mbing. Iku keju diparut nduwure rotine,” jare Bendhot ambek njulekno Bambing.

“Yo iku lek kakean andok ndik warung isore barongan…wkwkwk…” Endik nggarap. Ngono yo nggegek pisan bledhus iku.

“Kadit, Ndik. Asline wanyok kegeleken ndekem ndik warung klepone Mbak Tini,” jare Jon.

“Lhuww… yoopoh ente. Mosok eroh ente klopo parutaneh MbakTini… sulaaa. Sedino lek kadit ketemu lupis… osi nggliyeng ente om,” jare Bambing ambek gaya ludruk.

Plokkk… apem disawatno tepak pas pipine Ngimbab. Bendhot kaget, apem sing dicekel, dieman-eman ate dinakam kari-kari hadak disaut Tante Bembi ujube Bambing, ambek mencak-mencak. Bambing gutap.

“Rasakno… nggliyeng a wis! Bojo bendino dikongkon ngengat-ngenget jangan, sampek mbuak-mbuak… hadak mbadhog sak paran-paran! Ayo moleh, tak parut sampeyan mariki…” buantere sak kampung vokale Tante Bembi ambek nyeret Bambing sing nginthik helom.

Tail tekan warunge, De Patimah kekel sampek ilue bolak-balik dilapi pucuke seweke. Radione rek lagune…

Aku suka jaipong kau suka disko

Oh … oh…

Aku suka singkong kau suka keju

Oh …oh… (dur)