Buto Kaliren

Howone kutho ketoke sik kurang merdu. Ancen adhem, tapi koyok sik onok kroso angete sekem. Paitun suwe gak dolen nang Gang Gawat. Kupinge wis keri suwe kadit denger nggedabruse gerombolan bekakas. Mlebu gang, ndik pojokan bedak e Bu Cip, Paitun ngendeg uklam, apais nggandang cik merdune. Lhuk, iki lak lagune jaman ayas sik licek.

Lepetan, lepetan angudhari
Anguculi janur kuning aningseti
Seti bali lungo dandan
Methika kembang sikatan…

Kait ate ndhodhok ngrungokno, gak sido wis. Kaceb e Pi’I liwat, Riadi Hansip sing numpak, bengak-bengok ae lambene koyok radio lawas.

“Tun, TO koen… nangdi ae. Digoleki wong akeh hadak eskip. I.. Pi’i… lhok en Paitun, dungaren pupurane mbeluk. Wkwkwk… Iko lho Tun, nango pos… lhuk listik e rek, bibirnya mirahhh… hahaha…” Riadi nggarap dilos. Listik… lipsetik… goblik Riadi.

Pi’I nyetir kaceb ambek kekel sampek kaceb s sliyat-sliyut. Kapok a, ban e sing kiwo ublem got. Rasakno…malik a wis… wkwkw… Riadi pucet. Pi’i mecethat, wong awake sak biting. Sukurr… langgit ae wis timbang dipaido.

Ndik pos tibak e emar temenan. Waduh, Bambing tail ayas koyok ndelok berkat. Wisa.

“Lhooo… lakonnyah dateng. Suweh ora jamuh, jamuh godong paitan wkwkwkw… “ jare Bambing. Paitan pathakmu iku, batine Paitun. Irunge tambah koyok klampok.

“Tak tail tekan keneh maeng tak pikir lak kesemek ta ente, Tun. Pupuraneh koyok dempul… wkwkwk…karek nyepet… bemo le’e” jare Bambing nggegek.

“Wis ta Mbing. Tun sepurane yo,” jare Jon saaken. Paitun mubeng nyalami wong-wong. Wayahe Bambing diliwati. Tambah kekel hadak brengkesan iku, ambek nggudo kucinge Paitun. Kucinge bencine setengah mati lek nang Bambing.

“Wis ero ta awakmu, Tun. Pilian erwe wis mari. Koen kesuwen gak beredar iku opo. Iki maeng arek-arek mbahas erwe sing anyar. Wis, lungguho sing anteng, iku ipok e. Rungokno ae ya. Ojok kathik kolem omong. Soale antara dehem ambek ngomong, koen gak tau jelas, tambah iso salah paham. Tertib ya? Wis Cak Mian tutugno,” jare Bendhot. Bendhot tang tinggal suwe, gak putih-putih arek iki, batine Paitun. Areke mlorok.

“Mang tekok endi. Sik. O yo. Tak terusno. Masyarakat kene sakjane kan duwe angen-angen. Pemimpin iku lek iso yo duwe ilmu kabudayan. Atau kalau tidak, ya minimal punya wawasan kebudayaan sing bener. Lek wong Jowo yo kudune ero budoyo Jowo, opo thithik-thithik yo ngertilah… Kudune lak ero sing jenenge Hastabrata. Iki kitab kepemimpinan. Kok Hastabrata, cobak engkuk takonono erwe mu sing anyar, ero ta kenek opo Gatutkoco kok kait oket pas Abimanyu wis itam. Opo pekoro patine Bhisma. Kematiane Bhisma di tangan Arjuno opo Srikandi. Takono sing gampang ae paling kadit itreng. Iki ayas kadit ngremehno lho, tapi kenyataane,” jare Samian kementhus.

“Sampek sak mono yo?” jare Endik koyok yok yok o.

“Ente ngono, Ndik. Wong Jowo potokopi. Koyok ayas ngene iki lho, podho… kok iso gak itreng blass… wkwkwk,” jare Bendhot ambik njulekno Bambing.

“Lek ayas yoh… ngertilah sak iprit. Cumak lalih,” jare Bambing nggedabrus. Genti dijungkrakno ambek Endik.

“Masalahe kan ngene. Pemimpin lek gak duwe sangu bab kebudayan, kan repot. Terus yoopo lek ate njogo opo noto seni opo budaya ndik kampung kene. Iso gak kerumat, iso diglethakno, opo lek gak mek awu-awu cek dianggep peduli seni budaya. Kancane kliru pisan wkwkwkw…,” jare Samian.

“Lek ayas krunguh sambateh wong-wong, iki wis suweh, tapi saiki jareh tambah nemen. Iku lho, jare kakean makelar seni, makelar budayah. Mbuh opo meneh arek-arek lrek ngaranih. Kanyab buto kaliren nggrumbul koyok tumo ndi bale erwe. Repote maneh, wong-wong model ngono ikuh sing dipercoyoh. Sing soroh kan yo sing seniman temenan. Trus yoopoh…’ Bambing sambat.

“Pemimpin iku sakjane kan koyok dalang. Lek paham balungan e cerito, yo mesti pinter lek noto sanggit. Njawil roso. Saiki ledome nguwawur pol lek nyanggit, lak nggarakno ngungib tah,” jare Samian.

Iki ae wis ngungib hare ayas, batine Paitun. Entek ipok agit saleg, Paitun pamitan. Grup bekakas ketoke yo ate rayub pisan.

Tekan ngarep bedak e Bu Cip, lho sing nggandang sik lanjut hare. Nongkrong ae ndik buk ngrungokno ambek ngaso. Merdu.

Nyoh sego, nyoh sego… nyoh sego nyoh cethinge
nyoh lawuh nyoh lawuh… nyoh lawuh nyoh wadhahe
nyoh sambel nyoh sambel… nyoh sambel nyoh coweke

Lho kowe kok dibanda, njupuk apa? Njupuk krikil
Ndi krikile? wis tak edol
Ndi duwite? tak nggo tuku beras
Ndi berase? wis tak liwet
Ndi segane? wis tak maem
Kower mau wis tak kek’i maem,
lha yen ngono kowe kayak buta

Paitun mesam-mesem, ambik mbatin. Oala, saiki buto-buto ewul, gak sing lawas gak sing anyar, tambah tewur sliweran umek ndik bale erwe. (idur)

Oala Senjem… Senjem…

ikon paitun gundulUdan oket koyok diburakno. Paitun setengah iral golek yup-yupan. Masio payungan, tapi wong payunge wis memet, yo sik kepleh ae. Akhire Paitun ngiyup ndek Lek Jum. Untung ipes. Biasane wong-wong antre gorengan. Gorengane Lek Jum pancen beken mulai biyen. Lek isuk mlijo. Halabese bedake Bu Cip lawetan pracangan.

“Rodok rene Tun. Kene lho, koen kenek talang lek ndik kono,” jare Lek Jum. Paitun mripit nginggati ketrocokan unyab tekok payon seng.

“Kene, lungguho kene Tun, deres iki udane. Kucingmu ojok oleh nyanyil lo,” jare Bu Cip nyebul-nyebul ambik nyuwili weci. Weci sanap diuntal ae Bu Cip iki. Paitun lungguh ndik dingklik, lho hadak cidek wajan edeg iku. Iki awak slimpe kucingku iso digoreng ambek Lek Jum, batine Paitun ambik ndekep kucinge. Gak suwe, Bendhot ngiyup pisan.

“Hluk, Paitun wis ndik kene. Udan-udan nglayap ae Tun,” Bendhot mlethes lambene, ambek rambute kluncum koyok tikus kecemplung got.

Ketoke ebes-ebes kodew iki kaet maeng durung mari lek rasan-rasan. Udan… lawetan ipes, lapo maneh lek gak nggosip.

“Wingi anakku melok rapat. Sakjane yo bener arek-arek iku, aku ngrasakno dewe. Tokoku suwe-suwe sepi. Lha deloken opo’o, toko-toko iku, opo jenenge… mini ngapret, opo jenenge…mboh kah… deloken pathing jlentrek. Ndik kampung kene ae onok piro iku. Ate gak ngglundung ta tokoku,” Bu Cip sambat.

“Iyo De, ndik gang sing kono, pojokan cideke omahae Momon yo dibangun maneh toko koyok iku,” jare Lek Jum ambek nuding mini market ndik sabrange dalan.

“Ngono Pak Lurah kok ngijini yo,” Bu Cip ketoke njahe.

“Gak De, lek jare Toha iku sakjane ijine kliru. Sakjane yo gak iso bukak. Tapi lha jaman saiki. Opo sing gak iso diatur. Ijo iso digae abang, ireng iso digae putih, kuning iso dadi biru, sampeyan milih wis… Paitun ilo iso didadekno poto model, modal-madil… kk kkk… ,” Krinyo le’e, batine Paitun. Keblek iku kok gak ngoco, ireng mulai lair sampek saiki yo pancet koyok klentheng.

“Pandi… nangdi Pandi iku. Biasane bengok-bengok lek urusan ruwete kampung. Lha kok saiki klakep. Pak RW yo sirep, Wayahe lak mbelani wong-wong koyok awake dewe iki tah!” jare Bu Cip ambek mendelik. Lali, wecine durung dientekno, kari separo dicekethem ae.

“Iku bengak-bengok lek urusane dewe, De. Lek ngene iki? Rapat ae keplas,” Jare Bendhot.

“Jare Yuni, anakku sing ndik Jakarta, pas moleh iko crito. Yoopo se ndik Malang kok iso ngene. Iki bahaya lho buk, jarene. Aku yo penasaran, bahaya opo nduk. Yuni crito, ndek kono saiki usum toko-toko modern ngono tapi gak dodol pracangan, dodolane panganan, sego soto, kopi, sembarang onok, sampek dodol gorengan barang. Bukak e sediono deng pisan. Jare Yuni, lek sampek iku bukak ndik kene buk, sampeyan iso kukut. Wong-wong sing dodol gorengan ambek warung-warung cilik iso jablas. Onok internite barang jarene.” Lek Jum crito ketoke yo ambek grogi.

Paitun kudu ngguyu, internit… wah ndeso, asbes le’e, Iyo, gawe nggenteni seng e ente ndik dhuwur sing bocor netes ae unyabe nang imblakku. Masiyo ngene awak yo itreng, iku jenenge internet … Di Baidi, batine Paitun. Sori, ayas yo nongkrong ndik warnet, ndik emperane tapi, ndek njobo.

“Tenang De, sabar… arek-arek sik berjuang. Lek ganok sing mbelani? Gusti Allah lak ero. Mangkane sampeyan rewangi ndungo ya?” Bendhot rodok tepak ngene iki.

Udan karek grimis lembut. Paitun mesem pamit. Ate disangoni gorengan Paitun isin, tapi berhubung howone adem, iyo ae, nayamul gawe anget-angetan. Uklam turut gang, Paitun ndelok utas-utas, bedak toko ndik hamure Mbak Nunuk ketoke wis tutup, gak lawetan maneh, ngarepe wis dikei pot-pot kembang.

Gak adoh, ndik hamure Pak Ri, yo ngono, biyen cendelone gawe toko, saiki wis mbalek dadi cendelo maneh. Yo bener jare kanae Lek Jum. Berarti arek iku halokese biyen bener, soale pikirane bener, masiyo gak sepiro pinter.

Paitun biyen tau krungu pas jenate Pak Paat ngandani anake, lek blonjo iku ndik tokone tonggo ae, cek mbantu usahane tonggo, yo cek nambahi seduluran. Kacek thithik gak popo, tonggo iku dulur nduk, jarene.

Iling gorengan, Paitun mandek ndik pos. Kreseke dibukak. Iki sip, lhuk senjem. Ate nyokot Paitun kedelengen, senjem e nglentruk. Bledeg lhab-lhab… dar-der ndik langit. Gak mentolo nakam, Paitun ngowoh, koyoke senjem iku susah, kroso bakale onok bledheg sing luwih edeg, onok singan sing bakale koyok udan.

HELEM IRENG

Udan wis gak sepiro wisan. Tak tutno ae likis ate nang endi. Lhuk, ngarepe gang kok emar. Lhok en Bambing malangkerik ambik tuding-tuding, tekan mburi osi koyok ceret. Kok plaurmen isuk-isuk regeg. Tak tail e se. Iku ngroweng ta kemu, ceret iku.

“Kandanonoh tonggomu iku, Ndhot. Ping piroh ae, Ben papakan ndik enggok-enggokan mestih pethutat-pethuthut. Padahal wis tak kei dalan, ayas ngalah ae. Ngono mbok mesem suwun tah, orahh… Kudu tak ketes ae lundug e… ,” jare Bambing ambek lambene koyok hespre. Wis kekel kabeh ngrasakno Bambing.

“Ente sik ngono. Ayas tau, tekan kadoan ayas wis ketok onok Wak Pan mlijo. Lha ndik ngarep hamure Mbak Riani onok brompit e Jumali, gronjonge krupuke masiyo wis dipepetno got, lak yo sik mangan dalan. Ngono ilo, Lik Pandi kok isone, wong wis kewut karek belung ambek entut, iso brompite sliyut-sliyut ngetet ae nyelip. Wiss… awak rubuh nang apedese Jumali, keblegan krupuk ta, morat-marit. Lik Pandi tambah ngowengi ayas. Gak main blas wong iku. Jait. Kon ojok nggegek ae. Tun…” jare Endik.

Sing kekel wong-wong, awak-awakan sing kenek, batine Paitun. Sing slamet ente keblegan krupuk, kok gak ublem got pisan. Endik wedi, brompit e paling nyeleh kidae. Kok dungaren disilihi. Ndhisik dulur-dulure wis kapok, pengaweane nyekolahno brompit.

“Takok o Paitun ta. De’e lak retune embong. Apal wisan kelakuane wong ndik embong. Ente iling a Mbing, wanyik semaput pekoro kecipratan helem mencelat, wkwkwk…,” jare Bendhot nggarap Paitun.

Iling ae, kampas rem iku. Tapi ancene, mbuh jaman saiki yoopo yo. Meh kabeh wong ndik embong isine methuthut ae. Sing mesem mek siji loro. Onok wong apik-apik ngalah, ngekei dalan, ngekei kesempatan kendaraan nyabrang dalan, ambik mesem nyumanggakno, tambah dipendeliki. Onok sing ngetet hape an, padahal dienteni kendaraan liane, yo gak duwe isin, koyok embonge hame ae. Sing ndesit maneh yo akeh. Wis jelas-jelas onok ebes-ebes kewut ngenteni suwe ate nyabrang, ngono yo ganok sing mandeg diluk tah ngekei kesempatan, untung ae disabrangno arek kaceban. Iku gak enom gak kewut, ledome koyok gak ketok ngono, gak peduli blas. Onok yoan sing apik wonge, onok wong nyabrang mandeg sik ambek mesem nyumanggakno nang sing nyabrang, tapi tambah dipleroki ambek kendaraan kanan kirine sing ngotot sliyat-sliyut nyelip. Kathik ambek bleyer-bleyer, jan ndesit pol. Biyen sekolah opo gak yo.

“Heehh, ndelilek ae sadel ikih, yoopoh koen Tun njegidheg aeh… Jare ratune embong… Ooo… saikih wanyik kolem kebatinan om… sembarang dibatin… Sing jelas doel…”jare Bambing nggarap. Lambene iso koyok cikrak.

“Onok sing kadit nes maneh, wong wis jelas-jelas setopan sik abang, sik bal-bel, tan tin ae. Lek gak sabar yo mumbulo wayahe. Mari abang lak jelas ijo ta, lak gak abang terus. Yo sek onok makluk koyok ngono,” jare Endik. Riadi hansip kolem-kolem pisan.

“Kok setopan, wis ero lalu lintas macet, mandeg jegreg, yo onok sing ngetet nglakson. Kemalan iku, paling ate pamer lek akine dobel. Biasane ngono iku wonge kadit bahagia. Senengane mbrebegi kancane, antarane ngono,” jarene. Lhok en, sepatu jatah kegeden sik diewag ae. Seragame yo ngono, mbok dipermak sik. Paitun mesti kudu ngguyu lek tail Riadi. Ketoke kroso wanyok.

“Paitun ngono kadit osi sepedaan wkwkwk…, gonceng ae,” jare Riadi. Terus ae hadak lambene. Repot kenthes iku. Gak pathek en gak gonceng koen le, ora katene. Ente lek ero umbame jakete. Osi koyok ndog kuwukan. Kathik pas krah e sing dhedhes iku.

“Tapi nggonceng Paitun aman, masiyo kadit heleman, dijarno ambik isilup. Paling isilupe gilo, wkwkwk… “jare Bendhot ambek nggegek. Osi kekel kabeh. Asline yo gudhuk pekoro awak-awakan. Dipikir isilup, makoa iku yo heleman, wong ndas sak raine meles koyok helem ireng. Mek ganok cap-capane. Ente ero bompite, lek uline sibun, diisene gemuk. Tau keleket biyen, diketes karo isilup e ambik kekel wonge.

Jenate Pakde Sri biyen, pensiunan isilup, ayas gelek diisaki oges bungkusan, pas jagongan ndik pos pulisi Alun-alun, sik ling aku, wonge tau crito. Carane ngukur watek e uwong iku salah sijine iku tekok perilakune ndik lalu lintas. Asline ketail wis, wong crekel, wong sombong, njaluk menange dewe, gak duwe suwun, koyok jagoan dewe, kadit peduli masalahe genaro liyan, yo onok sing gak duwe isin, rai gedhek. Gak wong elit gak wong kampung. Pekoro parkir kendaraan ae, yo onok sing sak karepe dewe, kudune kan mikir ooo… iki engkuk lek aku parkir ngene, iso wong liyo kangelan gak. Onok sing kenalpote suarane gak karuan, lek jare kendel gantien po’o ambek mercon bumbung pisan. Nyetir ndik embong iku sakjane yo kan salah satu ujian tekan Sing Nduwe Urip, jare Pakde Sri. Dikongkon sabar, ati-ati, gak ngangel-ngangel wong liyan. Umpomo wong-wong ndik embong iku seneng mesem, sabar, suka menolong dan mendahulukan orang banyak, enteng njaluk sepuro, tertib, iso-iso lalu lintas menyenangkan, macet iso udar dewe, opo maneh lek budhal nyetir kabeh ndungo slamet lan lancar. Terus, yo helem ukut ewed, bondo dew, ojok nyeleh kancane ae

Sik durung mari mbatin. Bambing hadak gutap iral singitan ndik rombong rokoke Mat. Bendhot yo ngono tapi kadit sempat eskip, posisine kedangdangan ting listrik. Mbak Riani tibake marani ambik cinding-cincing sewek e. Emar wis.

“Ketok Bambing a rek? Blekok iku nyeleh helem gak dibalek-balekno. Anakku ate kuliah maleh bingung. Koen yo ngono Ndhot! Helem sing ireng iko durung mbok balekno. Suwe-suwe lek gregeten… deloken yo! Koen tak klongkop tak gawe helem. Cek e, tak karekno kupingmu thok!” jare Mbak Riani mencak-mencak. Lhee, lha kupinge dicantholno endi om, batine Paitun ambek ngempet ngguyu. (dur)

CENIL KLOPONE

Lek mulai udan ngene iki jare wong-wong akeh rejeki. Tak mripit ae alon-alon, lha yoopo, pas ngiyup hadak kepikiran lopis ambek cenile Mbak Tini. Wonge sinam, najaj e kane. Macak opo ae sarik genarone. Halabese warunge Bude Patimah. Podo, yo sarik pisan, tapi ngabyukan. Ndik kono yo kanyab wong jagongan ngipok.

Lhuk, lakok emar, antri hare. Wis gak popo, tak nan mburine ae, ngenteni sabar, Ambek tail-tail sing ukut. Ayas ndepis wanyik ero ae.

“Nang di ae, Tun, Suwe gak mrene rek. Sepurane ngenteni, akeh sing antri,” jarene. Awak oyi ae. Sitrag mosok ate ngroweng. Iku sopo nding warunge De Patimah rame ae, kok tau krungu suarane. Ooo… mangkane, blek e krupuk nglumpuk pisan ndik kono. Emar pekoro opo iku.

“Sakjane ngene. Kudune pak RW sak durunge mutusno opoae, kan kudu ndelok sik sembarang. Lek terus ngene iki, maleh kabeh isine bengkerengan. Kapan iko penumpang wis mulai nayamul, hadak saiki tambah soro. Ojok nyalahno lek arek-arek terus demo,” jare sing srongebe ketel.

“Suwe-suwe osi kukut dew… Kono enak uripe, awak sik nyekolahno arek papat hare. Ngono iku kok gak mikir yo? Ooh engkuk wargaku yoopo,.. Cobak de’e kongkon dadi kene, cek tau…,” jare situke maneh sing lakenan. Lapo Bambing kolem ae. Lhok en nangdi di kaos kutangan. Keleke osi koyok barongan.

“Lek ayas yahh… Nangdih ae ndak masalah. Ate numpak angkot, ngohjek, terus opo ikuh? Gohjek a…? Podoh ae. Masiyoh onok cikar yo numpak cikar… Lek ngaceb ndelok sik, sing mancal sopoh. Lek Pi’i kadit. Ayas tau numpak kacebe Pi’i, ndik dun-dunan iko, kacebe njombat… numplek. Awak mencelat ndlosor, raikuh babras kabeh. Pi’i isoh mencelat ublem got. Arek sempel iku, nyetir ngawuttt… ngganthengku kalong wis malean.” jare Ngimbab crito sak gayae. Kabeh iso kekel.

“Ente lek ngablak ganok hubungane blas, Mbing. Masiyo gak brabas ancen asline raimu koyok watu,” jare Bendhot. Bambing osi melok kekel hare.

“Ngene lho yo. Kera-kera ini sambat pekoro onok onlen-onlen iku lho. Kok moro-moro onok. Begitu tewur ngene iki, sakjane yo podho kagete. Sakjane ganok sing salah, Situke kroso terancam sandang pangane, lah situke yo gak halas wong onok peluang njambut gawe. Rejeki ancene sing ngekei Gusti Allah, kabeh oleh… sopoae. Cumak terus RW ne sing kadit nes. Kudune, ate ngetokno sembarang ijin, iku kudu ndelok-ndelok sik. Diperikso sik ta, sak piro mudarate, sak piro manfaate. Pemimpin kudu ati-ati, untung rugine gawe wargane kudu dirunding temenan. Nyerek yo nyerek tapi ojok tutup mata. Lek wis kejadian ngene iki, mecungul ae kadit,” jare Jon ambek.

“Tutup matah… Jon…Jon, sing jelas ngonoh lho… sanjipak… kik..kik..kik…” Ngimban nyamplak ae. Wisa, gegere didudul Jon.

“Masalahe koyok awak-awakan iki lak nguber setoran ta. Wis sembarang laham,” jare sing lakenan.

“Wanyok yoh nguber setoran om… Erweh yo seser… kik…kik…kik,” jare Bambing tambah kemekel. Liane osi gak iso ngrasakno kelakuane bledus iku. Jon mulai rodok mesem. Bendhot ledome metuek pisan.

“Iki mek rasan-rasane wong akeh ya. Ente-ente kabeh yo kudu iso nrimo. Kanyab warga sambat jare pelayanan sampeyan kadit sip, kadang pekoro tarip opo ngoper penumpang sak enake, Kadang kera halokes diinggati. Wis macem-macem unine, wong suarane warga. Iku yo kudu diakoni, iku rubahen. Sing numpak cek kroso kane, krasan, aman. Lak ngonoa, pren?” jare Bendhot. Bambing ate nggarap langsung dicekethem gulune ambik Bendhot.

“Yo iku kan gak kabeh, sam. Siji loro paling,” jare sing srongebe meles. ambek nyureni brengose terus, tapi yo sik njepat ae. Endik kadit genomo blas, yoopo wong umek ambek nowar.

“Sing perusahaan taksi iku yo ngono, yoopo karyawane cek gak gutap? Yo ndang nggaweo sing koyok onlen-onlen iku. Jaman moderen iku banter mlayune. Asli. Waktune iso entek gawe eker-ekeran ae,” Jon nutugno. Liane mek manthuk-manthuk, mbuh ngerti mbuh ngantuk.

“Kabyuken ae po’o,” hadak De Patimah nyaut.

“Ojok kolem-kolem sampeyan, de. Jare belajar sabar. Sik ta… Perusahaan sing nggawe onlen-onlen yo ngono. Yo ojok rikim ithab thok. Ublem omahe wong, terus moro-moro macul sawahe wong. Tapi yo yoopo, wong diijine sing nduwur-nduwur. Angel wis lek pekoro ithab-ithaban. Lek wani, lek lanang, yo bukak-bukaan. Wania Pak RW ngundang warga nang Balai RW, terus njelasno ijin opo unine kotrake yoopo. Terus biyen dasare opo ngekei ijin, setorane yoopo. Wani? Entenono linggis ngambang,” jare Jon.

Wadah, lek mulai serem ngene ndang tak entekno ae cenil iki. Lupise yo merdu hare. Kesusu-susu sampek ate kloloten.
“Nakamo sing enak, Tun. Koen ojok melok-melok. Tak gibeng lho lek gak mbok entekno. Aku biyen yo ngono, rodok nggeges. Deloken toko-toko roti tlecekan, iko. Wong dodol jajan model opo ae. Aku aco ae, Tun. Rejeki onok sing ngatur. Rombongku tak gae resik, pangananku tak gawe tambah enak. Adahe deloken, lho tak gawe moderen, mbois ya?. Aku tau saiki lek ngedoli ambek mrengut? No… no way… kadit, saiki kudu mesam-mesem…ngguya-ngguyu…,” Jare Mbak Tini gayae koyok penyanyi lawas. Paitun ngempet ngguyu ambek mbatin, yo pinter dakocan iki. Lambene gaya cenil dicakot. Hadak Bambing mbengok tekok warung halabes.

“Cenil kloponeh… ngetan lupisehhh..,” Untune osi koyok cecek-cecekan. Rambute koyok horog-horog. Des iku.(Idur/Yei)

DREMULEN

Udan tas mari, embong sik nggilap banyu. Paitun uklam male rodok ngebok soale ambek ngelesi unyab ngecembeng. Slimpe thithik osi keblowok. Dalan ta udun njebrot. Lampune embong mrepet pisan. Tekok kadoan Riadi sepedaan iso koyok ulo-uloan. Iki lek awak kadit waspada, iso diceproti ambek arek sempel iku. Lapo mudun marani ayas, batine Paitun.

“Tun, ojok liwat kono. Ndik omahe Pak Bejo akeh isilup. Nrabaso gange Momon ae,” jarene ambek terus ladub henem.

Prasamu buron ta ayas. Ente mosok itreng, Di. Isilup pren kabeh ambek awak-awakan. Maleh penasaran, tail pisan ae nang hamure Pak Bejo. Lhuw iyo, akeh isilup. Lho, laopo Pak Bejo dietheng-etheng terus diublemno nang libome isilup. Sirine ne liu-liu kelap-kelip terus libome ngaleh. Ndik ngarepe tokone Cik San, ibuk-ibuk nggrumbul. Paitun mripit nyidek. Gak lidok, koyok radio rapat.

“Sampeyan lek gak ero urusane, gak usah crito. Iso dadi pitenah Mbak Yah. Iku wong kenek musibah, lak saaken ta,” jare Bu Wiwik. Mbak Yah rodok mecucu, sik ngetet ae kementhus.

“Ancene kenyataane ngono kok. Sampeyan lak ero kabeh, deloken bojone. Gelange ngrentep. Kalunge sak ombyok. Lek nang salon koyok marung, meh bendino. Yatik salon iku sampek bingung, bendino modele rambut njaluk ganti. Mangkane iku. Aku gak ngrasani lho yo?” jare Mbak Riana.

Jenenge ae radio rapat, kathik sing agit radio rusak, sing utas mbrebet, liane potensione cepot, situke batreine nayeng dikareti, yo bayangno ae unine, gak trimo stereo thok, jelas krodit.

“Tas e sing sak ipet iku ae, regane jutaan. Durung regane sepatune, ditukokno Paitun iso oleh sejinah,” jare Mbak Yah. Wong-wong ngempet ngguyu. Lapo nyandak-nyandak ayas, rikipe Paitun. Repot sol sepatu iku, gelungane koyok cowek, paling made in urek-urek. Lambene Mbak Yah tambah barak.

“Ben riyoyo ganti montor. PKK jarang teko. Paling wedi le’e kumpul kene, wedi kulite sing mulus iku katut ireng. Tau biyen melok senam isuk-isuk, wong lanang-lanang sing biasane turu ngleker, iso tangi isuk kabeh. Kok iso moro kompak melok senam. Sename gak sepiro, mulek ae. Gak kaop wong lanang, motone sing senam,” jare Mbak Yah.

“Tapi bojone Pak Bejo wonge apik kok, langganan gorenganku, lek tuku gorengan ndik nggonku mesti akeh. Ben onok acara ndik omahe opo ndik kantore mesti mborong gorengan. Kathik gak tau gelem disusuki. Lek slametan kabeh tonggo mesti diteri berkat,” jare Lek Jum.

“Iku lak sangking a Jum. Paling gorenganmu mek dipangan papat, liane gawe sawat-sawatan,” jare Mbak Riana hadak nggarai regeg ae. Lek Jum ketoke rodok njahe.

“Ojok ngenyek sampeyan. Paling sampeyan iri. Menthil atine. Wong lak rejekine dewe-dewe. Kok iso sampeyan koyok ngono. Wong sampeyan yo gelek diteri, riyoyo yo diparani. Ojok crito sing enggak-enggak ta. Sampeyan gak saaken ta nang keluargane, anak-anake?” Lek Jum sanap. Wis gorengen ae sanggule iku Lek Jum, batine Paitun. Ngono Mbak Yah yo sik ngetet ae.

“Tak akoni, loman ancene. Tapi buktine, saiki bojone ditangkep pulisi. Lak gak beres ta. Paling yo wis ngono iku…” Durung tutuk Mbak Yah ngomong, disantap ambek Lek Jum.

“Paling opo? Mbok ngoco sampeyan iku. Pas bojo sampeyan bangkrut biyen, sopo sing nulungi. Sik untung sampeyan saiki gak golek othis. Ojok ngono. Sing biyen sampeyan ditekek bank thithil iko, sopo sing noroki? Wong iku, gak mesti nasibe. Kadang ndik nduwur, yo kadang ndik isor.”

“Wisa…male bengkerengan! Ayo nyengkre kabeh. Kok liane ngrasani tonggone ae. Yah, ambek koen Riana, lambemu iku kapan-kapan dandakno yoh? Wis ero tonggo kenek musibah, lambemu sik koyok ceret ae. Wis gak usah ngurusi rumah tanggane wong, ayo…buyar! Koen nyingkrio pisan, Tun, Kono…nang pasar malem ndik lapangan kono.” jare Bu Wiwik ambek nggesuh wong-wong iku, terus ngaleh pisan. Wis a, awak maleh kenek. Bener, Mbak Yah ambek Riana iku lambene diobrasno ae, batine Paitun mangkel.

Ada pasar malem ini. Mrono ae wis, suwe hare gak ketemu pasar malem. Temenan, tekok kadoan nyorot-nyorot soklene. Lapangane padang jingglang kanyab lampune. Mbois iki. Ndik lawange ublem, hadak Riadi hansip macak kereng, malangkerik ndang-ndangi ayas ate ublem. Tapi maringono mrenges ambek ngongkon ayas ublem. Pancet ae sentolop iku gayae.

“Koen ojok numpak dremulen. Iso mencelat koen engkuk,” jare Riadi. Kadit doel, ayas lek onok pasar malem ngene iki, mek kepingin nunggoni ndelok arek-arek licek numpak jaran-jaranan munyer. Cek iso mbayangno anakku. Oala, ndik ndi yo anakku, batine Paitun nelongso.

Kait selonjor, pasar malem gempar. Sing numpak dremulen emar bengak-bengok. Tiba’e dremulene macet. Paitun kolem sing nontok podo gembruduk marani. Kabeh gopoh. Panitiane ngekei peringatan ndik corong. Ndik ndhuwur dremulen kabeh yo cerik-cerik.

Kok tau krungu suarane sopo iku. Lhugg… pas ndik dhuwur dewe hadak Bambing. Lho, Endik pisan. Sempel ta brengkesan iku, lapo kewut dremulenan, umel-umel pisan. Mangkakne maleh macet. Bendhot sing tepak lungguhane ndik isor, mencolot mudun. Ngono yo ambek ngakak nggarapi Bambing, padahal tukang dremulene gutap mbenakno mesin desel e sing rewel. Onok isilup utas kolem ngendalekno situasi.

“Mbing, muduno Mbing! Jare ente iso ngawang! Awak siap wis nampani. Ojok ngompol lho pren!” jare Bendhot tambah gunggungan.

Bambing raine pucet campur njahe pol, ambek nyekethem gocekan. Kathik suarane arek licek-licek nangis saur manuk. Ngono Endik lungguhe ndik halabese Bambing, kepancing Bendhot yo kober ae kolem nggarap Bambing.

“Ndhot…, wanyik grogi, ate gingkang jare jimate kari. Areke mbrebes mili..kik kikk kkk…. Celukno Tante Bembi, Ndhot! Mbing ojok obah ae lho ente, melip iki, dremulen iki osi njombat engkuk. Ndungo sing jelas Mbing!” jare Endik nggudo Bambing sing mek osi mbureng, mentheleng thok ambek adus kringet.

Gak suwe, greengg… desele murup. Dremulen mandeg, kabeh mudun gentenan. Sing jenenge Bendhot langsung iral shio kuda. Bambing nyaut imblake Endik luput, Endik mencolot mudun langsung ngetepeng sampek ate nubruk wong lawetan gulo kacang. Pas wayahe Bambing, mlorot alon-alon ambek disuraki wong-wong. Riadi sing kaet maeng kekel ae, iral pisan ndelok Bambing ate utem. Lawange portir ditinggal hare. Bambing diparani isilup keamanan, ketoke diperingatno, terus dirangkul ate diterno nang dalam utem.

Oala, Mbing…Mbing. Mangkane ojok kakean polah, batine paitun. Urip iku koyok dremulen. Kadang ndik ndhuwur, sekali waktu ndi isor. Lek kadung macet koyok ngono iku, yoopo? Osi dhedhel dhuwel ente lek gak siap. Ndik ndhuwur ambek ndik isor podho ndrawasine. Sawang sinawang, Om. Waduh… lapo Bambing marani ayas.

“Lek ada kamuh, ayas mestih apes. Awas koen, ojok sampek critro wong-wong. Bikin maluh!” jare Bambing ngancam ayas.

Bambing kadit itreng lek Tante Bembi ujube wis ndik mburine, kathik modhele koyok ate ngrakoti sing kanal. Isilupe filing gak enak, terus ngaleh. Keturutan Bambing dicetholi turut dalan. Kathik suarane bojone koyok sirine.

“Ditinggal arisan diluk ae ucul. Kok cik becike… nyethik setriko dadak ditinggal dremulen! Lek omahe kobong, yoopo! Ate kemping koen Mbing!” (idur/Yei)

Bancakan…

ikon paitun gundulLangit sik klawu, padahal sik awan. Paitun njagong ndik markase Bik Samini. Emperan cidek penginepan, nggene kodew-kodew kewut lek awan ngaso selonjor. Wong-wong sing uripe dinakam zaman, sak aken gak jelas kana araduse. Mangan kembul oges rong bungkus. Paitun kolem sak puluk rong puluk, gak tego tail.

Durung tentu bendinone ibuk-ibuk iki nakam ping pindo. Sing nyenengno lek rimpam ndik kene, cukup gak cukup onok nakaman sembarang digawe kembul. Gerimis rasane koyok singan, mbrebes mili ndelok bolo-bolo iki cik senenge iso nakam. Mumpung durung katut melas ngrasakno, Paitun pamitan.

Sak njaluke sikil uklam, Paitun lesek karepe dewe. Enake ngaso ae, sing cidek yo nrabas Urek-urek nang warunge Mak Tin. Lek Seloso ngene iki biasane njangan bung, lek Kemis manisah. Lek Minggu yo karek sing nget-ngetan thok, krupuk wis kanyab sing ayem. Hadah, lha kok emar. Lapo brengkesan undur-undur ndik kene kabeh. Mak Tin ngawe ayas. Aco ae langsung ublem, gaya kadit lanek ae. Nggedabrus opo ae wong-wong iku.

“Howone kampung ancene seje. Arek-arek enom ketoke aktip sak iki. Lek ente pas liwat, deloken, ndik embong deretan hamure Nanang iku gelek onok acara, koyok serasehan, onok musike barang. Ndik hamure Pak Ranu, ngarep taman iko yo gelek remaja nglumpuk koyok rapat,” jare Bendhot.

“Yo apik tah lek kanyab kegiatan. Ayas pas nang Narko, ndik ngarepe hamure yo emar. Mboh mbahas opo, onok deklamasine barang ambek gitar-gitaran,” jare Bambing, ngomong ambek nggiling ae situk iku, batine Paitun.

“Tapi jare Narko, tau kanae sing kodew crito. Arek iku lak aktip kolem-kolem kegiatan. Jare yo onok sing ketoke gak tepak, maksute sakjane gak cocok karo budayane kene. Kanae Narko iku lak cerdas, mungkin suwe-suwe yo kroso,” Bendhot nerusno crito.

Mulai thethekan iki, oleh ae lek kulakan perkoro. Liane male katut wis. Jakete ambune koyok pindang, batine Paitun. Temenan, gak kaop Bianto lambene berengen.

“Ayas tau krunguh beritah. Sama keamanan RW kan terus dipantoh. Sepertinyah ada yang nyetel. Katanyah… guduk ayas,” jare Bianto. Pipine iso koyok miler.

Paitun kudu ngguyu, radio lek e disetel barang. Irunge koyok potensio. Bianto iki umpomo dikongkon ndodok ndik Urek-urek, paling ditowo wong soale dikiro radio lawas. Untune lek mrenges persis cethekane radio lawas, ombo jejer-jejer.

“Ojok ngeres sik ente. Gak kabeh ngono. Ababmu aturen ta lek ngablak. Ente ayahab, Ot. Saiki usum, masyarakat tewur yo gara-gara wong koyok ente. Gak ngerti urusane maringono ngomong pathing pecothot, kemeruh pisan. Male kanyab wong salah paham. Ati-ati pren ente lek ate ngobral abab, ngawut ae…” Samian ketoke gregeten. Kukule kanyab wanyik, pipine osi koyok samiler.

Pak Nardi sing kait maeng nggethu nakam ketan ketoke ate nengahi. Wanyik iki wis kewut, untune siba hadak senengane ketan. Lek nakam ketan male nggiring, lek wis tepak kaet dilek ambek rodok mendelik. Iku ae ambek disurung ngombe ipoke.

“Sik… sik… ngene lho dik. Zamane saiki lak zaman terbuka. Orang boleh berkumpul, berpendapat, melok mikir urusan umum. Sampeyan delok ta, gak usah adoh-adoh, ndik kampung kene ae. Sing diarani kumpulan, komunitas … opo ae istilahe, cik akehe… muncul koyok jamur lek udan. Iya apa ndak?”

Lek Pak Nardi sing pidato, liane cendelone mingkem. Bianto thok sing sik kethok untune, padahal wis mekso mingkem. Pak Nardi pidato, kudu nyimak. Lek gak iso dipaido ente.

“Lha… saiki sing penting masyarakat dewe. Masyarakat kudu pinter, kudu kritis… yo ambek melok memantau. Kan nanti kelihatan, iku misine opo, iko tujuane opo, terus juga dilihat mau dibawa kemana generasi muda kita. Lek gak, lhooo…iso-iso anak-anake dewe digawe bancakan, digawe kembul ambek sing duwe-duwe kepentingan. Iyo lek pas sing dieloki jelas. Pak RW ambek pengurus liane harus peka
soal ini. Ojok bangun fisik thok. Gawe opo kampunge apik lek atine wargane nggreges, isine mek suudon, ngarani, didu, gak nyaman, kuatir thok. Iyo opo gak?” jare Pak Nardi.

Bendhot iso kliru manthuk nang mburi, ketoke ngantuk pol. Bambing ngelapi lambene, pancetae ndlendeng. Samian ngowos. Ayas methakol ae nakam ambek jangan bung., mblendrang hare. Sak karepmu, Di.

“Saya kapan itu ketemu warga, ngobrol-ngobrol. Semua ndak keberatan, ya cuma kalau bisa jangan sampeklah kegiatan-kegiatan itu tidak sesuai dengan budaya kita, terus dicecer paham-paham sing gak jelas, ambek aktivitas-aktivitas sing mbingungno keyakinane masyarakat. Carane ancene alus. Sing gak ngerti ae iso mbelani. Yo tugase awake dewe kabeh njogo kampung, mageri, lek kegiatane bener, manfaate jelas gawe warga, gak ditumpaki kepentingan, ya kita kan mendukung,” Pak Nardi ngomong terus.

Krungu tumpak-tumpakan, Paitun mripit liwat lawang mburi. Lek gak ndang nyengkre awak-awakan suwe-suwe osi ditumpaki kepentingan pisan, Paitun rikim. Tekok ngarep balai RW Paitun mandeg, kok emar pisan. Ambek munduk-munduk Paitun moro, nginceng tekan cendelo. Lhuk, ndik mejo panganan sak arat-arat.

Hadak bancaan, wakehe, padahal wonge mek piro. Waduh lha kok diparani Riadi, keamanan RW paling kereng hare. Genarone kendep tapi raja tega. Kepergok thok, iso ngompol ente. Ganok omonge, plak-plek ae. Ndik embong-embong sopo gak wedi ambek Riadi, disapu kabeh.

“Ket maeng koen tak delok inceng-inceng. Lapo ae. Iki, tak bungkusno koen. Ojok rame ae. Sing iki titip pisan. Kekno nang Bik Samini. Ampirno lo?” jare Riadi setengah mbisiki ambek ngisaki kresek.

Tiwas grogi ayas. Gak nglindur ta arek iku.

Golek Gantrung Le’ e…

Paitun Gantrung

Paitun ketok ndik pojokan Balai RW pas onok acara. Parkiran bek brompit, libom yo kanyab. Mangkane Draup prengas-prenges ae, nyirik thok ae spion iku. Jogo parkir ae cik necise, riwa-riwi ngoco ndik spion terus, Diluk-diluk ngoco. Jaket e sing mburi onok gambare opo iku, simbule gak jelas. Paling jaket diisaki, lek gak nemu ndik urek-urek.

“Lapo koen tail jaketku ae? Opoo… mbois ta gambare? Awak lak kreatip ta, heh ya? Ente ketoke ngremehno ayas,” jare Draup ambek kemenyek. Mbois apane, batine Paitun. Raine koyok watu.

“Minggir… minggir… ,” Riadi keamanan tekok kadoan bengak-bengok ambik gayane nyeterilno embong. Paitun penasaran, onok opo iki.

Rombongan apais iku. Lhuk, karak-karakan. Pandi ndik ngarep dhewe, ngawab koyoke kerdus dihias. Ndik mburine ditutno wong-wong kencak ambek podo ngangkat sapu korek. Ate nyaponi opo wong-wong iki ingeb-ingeb, rikipe Paitun. Tibake gerombolan Pak RT sing ngetutno ambek mbeso. Paitun kudu ngguyu ambek gak habis pikir, lapo ngawab sapu korek.

“Koen gak minggir… tak kabyuk kene engkuk!” jare Supri ambek ethok-ethok ate ngabyuk Paitun. Ola opo, plaur men situk iku kolem ae. Arek iku lak guduk RT. Wis kendep, rambute njegrik, kalah sapu korek. Lhok en ta, iku uwong ta sulak.

Riadi tibake yo kudu ngguyu, tapi macak kereng maneh pas dipleroki Pak RW. Mbesone prei, karak-karakan sapu korek ublem Balai RW. Oala… sapune yo dikawab ublem. Terus ola opo, bas ndik njero joget sogrok-sogrokan, batine Paitun. Kait ungak-ungak, diparani Riadi.

“Koen mesam-mesem, maleh ayas kudu ngguyu pisan. Ngalio ae Tun, awak osi ditlembuk pisan engkuk. Wis ojok ndik kene… age,” jare Riadi ambek nuding-nudingno khentese. Gak usah mbok usir, ayas nyengkre dewe, Di, batine Paitun. Andalane Riadi yo mek kenthes e sing melur iku. Gak sumbut lek kres ambik Riadi.

Sing kane ngene iki nang sanggare Samian. Golek hiburan, ambek ngecas ati, cek ngedem roso. Tekok ngarep pager, suarane Samian cik bantere, regeg antarane. Kanyab gnaro jagongan. Lhuw… gerombolan thothok uwok. Sing aman kadit ublem sik, ndik njobo pager ae, rikipe Paitun. Tail situasi sik, thes.

“Iku lak mbanyol ta. Opo maksute? Nentokno simbule kampung iku kadit sembarangan ho! Mestine lak kudu rundingan sik ambek sing akline. Onok pilsapate iku, gak sukur mlethos ae. Wis… wis… nguwawur pol!” jare Samian ambek atame mendolo.

“Sakjane ayas wis krungu. Tak pikir guyon. Tambah tak gudo, iku sapu korek e iso mumbul tah lek ditumpaki? Koyok sing ndik komik-komik iku. Seksi keseniane RW langsung mlorok nang ayas,” jare Londo. Bambing ngenem ae, koyoke rikim golek bahan.

“Ayas yo heran. Mestine lak ngejak rundingan sik. Sembarang iku lek diomongno lak enak. Ndek kene lak akeh wong-wong sing akline sejarah. Budayawan, wong seni sing ngerti yo nyepak. Dadi engkuk ketemune simbule iku iso mbois. Lha iki moro-moro ditentokno simbule sapu korek, opo’o gak sak cikrake pisan. Kadit mbois babar blas…” jare Samian. Wong-wong kekel. Bambing koyok disumet lambene.

“Aku krungu, jare sapu korek iku artine persatuan. Tapi yo emboh, persatuan sing yok opo. Opo bersatu nyaponi kancane. Kita punya kampung iki pegunungan, guduk panteh, yo gak onok wit klopoh. Tekan endi asale bitingeh. Khayal… khayal…” jare Bambing ambek ngongsloh. Gnomo ambek ndhodhok. Bianto utem srongote, nyocot pisan.

“Pak RW iku yo ngono pisan. Wong wis ngerti lek mulai biyen seksi kesenian RW iku gak sepiro enthos, yo sik digawe ae. Lek jare wong-wong njobo, orang kalo sudah pikirannya tiga C, cwan… cwan… cwan, ojok arep-arep kemajuane kampung,” Bianto mulai pakek bahasa. Et… et… deloken, temenan.

“Orang seperti itu biasanya ndak punya yang namanya tanggung jawab moral, tanggung jawab budaya. Terus biasane yo rai gedeg. Lek ayas meleg ngablak, lhooo… kanyab kasuse. Dikiro ayas gak ero. Bukan rahasia umum wisan. Gangdoan, pren…” jare Bianto, ambek malangkerik koyok ceret.

Ndik pojokan, Bendhot klepas-klepus, okeran opo wanyok kok beluke mbuleng. Penjalin lek e ditodes. Samian uthek ambek udenge, diblebetno nglokor terus, suwe-suwe diuncalno. Lha kok pas raine Londo sing klosotan ndik amben halabese. Londo njahe, wis udenge diuncalno nang got. Samian mek ndlomong. Gnaro aud iku kait biyen kadit akur, sakjeke biyen kadit odis besanan.

“Ojok ngono ta rek, iku lak kreatip jenenge. Saiki lak usuma kreatip-kreatip. Ojok rikim elek sik tah,” jare Endik. Dadak Bendhot ngablak.

“Oyi, kreatip sanjipak, kreatip nylinthung kancane, kreatip ngakali wong kampung. Kreatip ekonomi, ekonomi kreatip, ithab kreatip, mbulet… tewurrr, mboh kah… gak jelas. Tapi ancen sula niame, tak akoni, sula… Paitun ae ero, yo Tun?” jare Bedhot cik entenge lambene ambek nuding awak. Ngawut ae klentheng iku, ero ancene ayas. Kadit sula blas sablukan iku.

“Saking kreatipe, jare wong-wong lek rasan-rasan, Pak RW sampek bertekuk lutut. Lak male kanyab sing salah tapsir. Pak RW iku ero, opo nggomblohi, opo digorohi, opo ancene nyetel, opo kurang cerdas… Kok gak kroso. Gak athik nggawe ilmu, iku ketail jelas…las. Onok lho sing mbedek, Pak RW iku bas wonge gak sepiro pinter, koncone kliru pisan. Yo naisak yoan. Guduk ayas lho sing ngomong,” jare Londo. Mari crito, grogi dewe. Liane melok kadit kane, tapi Bendhot hadak kekel.

Endik sing kait maeng nggethu sekak ambik Pak Nardi, mari halak maleh nyaut kolem pecothotan.

“Onok sing crito. Pas latihan ndik Balai RW, seksi keseniane RW oket. Kabeh diklumpukno, arek-arek diwanti-wanti ojok sampek ngejak wong-wong seni sing kadit pro RW. Iku lak ayahab ta. Ngedu kono, ngedu kene. Deloken ta, wis ping orip, acarane kampung mesti nanggap wong njobo kampung. Padahal ndek kampunge dewe iki lak sak ketapruk wong seni, sanggar sing sakjane butuh pembinaan, butuh diuri-uri. Lek atase kepingin ayak ae ojok ngorbano kepentingan kampung, kepentingan bongso. Lak ngonoa ya?” jare Endik.

Ketoke howone mulai sanap. Sing kane yo ndang kemblas ae, rikime Paitun. Koyoke ate gerimis maneh hare. Uklam sik ae, ate nangdi dirikim mburi. Ambek mripit setengah ngiyup, lho… kok krungu wong nyanyi keroncong. Lhok… sinam iki. Ketoke onok latihan keroncong ndik hamure Hengky. Temenan. Merdu iki. Ndhodhok ae ndik teras. Oala sing nyanyi Lek Jum. Tibae lumayan suarane, nrebel, ngono gak lawetan ledre ae.

Sapu lidi, ujung pepaya…
Jiwa manis ujunglah pepaya…

Hadak Bendhot liwat. Ngungak terus nyengkre ambek ngakak.

“Tak kiro ente sing nyanyi, Tun. Sapu lidi hare, ate golek gantrung le’e…,” kober ae lambene njeplak. Repot ae lem sepeda iku..

Mercon Bumbung

Howone posoan wis mulai kroso. Awan rodok sore, Paitun sengojo uklam menggok Gang Gawat. Lhok en, iku Mbak Tin wis umek mbenakno mejo dasaran gorengane. Dicet, dingklik-dingklik sing peyok dibenakno. Untung ae gnakute Wak Ri, cobak Bendhot sing nggarap yo tambah menclek kabeh. Waik, mejo dasaran ditempleki sepanduk, tapi gambar senjem e osi hedeg sak blabak-blabak, yo gak jelas iku gambar weci opo sepon pupurane wedhak.

Lhuww… De Patimah gebere warunge anyar yo an. Gambare cingkire kopi tapi kegedhen, iso mblenduk ngono. Gambar kuleb e ipok osi kluwer-kluwer koyok cacing ongkep. Paling Bambing sing nggambar. Nggambar cingkir hadak dipadakno irunge. Mbak Tini cenil yo kadit meleg halak hare. Sepanduke sing nemplek rombonge sik gres ketoke. Onok potone wanyik ewed, hmmm… merdu ambik malangkerik, esem e maut. Lho, gambar lupise lha kok koyok buah karambol. Lek De Patimah gak kiro wani potone nemplek geber warunge. Lak dirikim wong lawetan kewes ambek selendang. Iki, anyar pisan iki, ujube Bambing, tante Bembi bukak toko pisan ndik cendelo ne, bek toplese najaj, camilane kera licek-licek pathing grandol werno-werno. Ketoke lawetan oskab pisan. Oskab kanji ketoke, lha lonthepe bundere gak jelas. Iki kampung ta pasar senggol, batine Paitun.

Ndik pos lapo ae grup e rengginang iko. Tak paranane ae. Wuik… Samian sibuk ngganti senare gitar. Bendhot ngumek ketipung, di tang… di obeng, ditabuhi. Bendhot sibuk nyetem cukulele, gitar cilik iku lho. Endik ambik ambek Samian nggraji pring, kethoke nggawe kenthongan. Pak Nardi ngik ngok ngik ngek, nyobak biolane ambek bolak-balik herbone diarpus. Wanyok lak termasuk buaya keroncong biyen. Engkuk bengi osi-osi cek son iki, rikime Paitun. Lek poso lak usum patrol.

“Ndhot, yoopo iki, bas cethole e odis nyeleh Jakik ta, kronconge lak prei a,” Endik takon.

“Kadit wis. Gak usah bas cethol marih. Kegedhen. Sopoh sing meleg nggotong. Kathik kene engkuk maleh kadit osi uklam ublem lompongan. Bolak-balik mandeg, ngaso thok ae isineh. Ente iling a, patrol nggowoh bas e kroncong, isuke mokel gentenan…wkwkwk. Mboten om, ayas tak mauh menyiksa dirih,” jare Bendhot.

“Ngene ae, yoopo lek bas e ente ae, Mbing. Ente ae sing muni kolem lagune. Mek, dham dhem… dham dhem… Nayamul,” jare Endik.

“Kathik mubeng kampung rong ubengan ya? Seneng lek kancaneh lambene njedir ambek hewod? Gendheng tah… Patrol oleh telung dino, awak opnameh…kak kak kak… Kamu ketoknyah sukak kalok temannya ndak bisa riyayah wkwkwk…arek sempel,” jare Bambing nggegek.

“NIki biola sing mbiyen niko a Pak Nardi? Sik kane hare munine,” jare Samian ambek nyetem kendang e.

“Iyo dik, riwayat iki. Pokok lek herbone asli rambut kuda, yo unine ulem, dik,” jawabe Pak Nardi. Hadak Bambing ngakak.

“Pakek rambutnyah Mbak Riani ndak bisah de? Kik kik kik… lak tambah sula tah..unineh, opo maneh rambute Mbak Tini… lhuwww…,” jare Bambing nggarap, dijulekno ambek Bendhot.

Wah emar iki, batine Paitun. Lapo Pak Pandi marani ambek praene mbureng. Wong-wong kroso pisan ketoke.

“Rek, tak ilingno yo. Lek patrol ojok sampek liwat lompongan sebelah omahku. Aku ero, koen-koen iki sengojo mandeg ngarepe cendelo kamarku. Terus mbok banter-banterno lek mbengok. Situk engkas! Ojok sampek ngrewangi arek-arek cilik nggawe mercon bumbung ndik barongan iko ya!? Koen terutama, Ndhot,” jare Pak Pandi terus nyengkre. Koyoke tangi turu sore, durung pepek. Bendhot lek mungsuh Pak Pandi, tambah njahe.

“Mbing, mene peseno nang Riadi, bumbunge kongkon golek sing rodok gede maneh. Deloken, jarno ae, tekan barongan mercon bumbunge tambah tak pasno madep mburi omahe Pandi, cek bolak-balik njumbul,” Bendhot getem-getem.

Diluk engkas Bu Wiwik oket marani. Ate maido opo maneh iki. Tapi rodok alus, soale kadit itreng lek onok Pak Nardi.

“Sepuntene Mas Nardi. Mbing, lek patrol iku mbok lagune sing tepak. Mosok ben taun, mulai biyen lagune lek gak Kuda Lumping, Begadang, Tul Jaenak, Hidup di Bui, Diana, terus opo maneh iko. Gak iso nyanyi liane tah. Aluk nyetelo tip, nggowo salon tumpakno becak. Sepurane lho yo, suwun,” jare Bu Wiwik pamit ambek mesam-mesem. Pak Nardi biyen ambik Bu Wiwik lak sir-siran, tapi gak odis dadi. Pak Nardi pas iku dadi guru penempatan ndik luar jawa, kathik taunan. Akhire yo tekek kecemplung laut.

Maneh, De Patimah liwat, mandeg sak nyuk ambek mentheng kelek.

“Le, koen kabeh, rungokno yo, ojok sampek penekan, nyolongi blimbing ambek pencit ndik latarku. Tak kabyuk koen, tak guyang banyu. Deloken yoh…” jare De Patimah ngancam terus ngaleh.

Datang lagi si Riadi Hansip. Ngerem apedese mbliyut, njagrag meh keblowok got.

“Rek, ayas maeng mek dikongkon nyampekno, patrol sing tertib. Lek iso arek-arek sing kolem patrol kandanono, ojok oleh nyaut ember, omplong, blek…opo tutupe resek ndik latare warga. Dithuthuki gawe kothekan, maringono diklemprakno sak paran-paran. Ayas mek nyampekno lho yo,” jare Riadi langsung gutap ngaleh soale Bendhot mencolot marani.

Coronge langgar muni adzan. Pak Nardi pamit helom. Grup rengginang hadak sek klesetan. Bu Cip ambek Tante Bembi liwat uklam budal nang langgar. Ndelok ndik pos, Bu Cip kontan gak srantan.

“Yoopo awakmu iku le…le. Nggak magriban ta… Gak sembayang? Magrib kok genjrang-genjreng ae. Wis tuwek-tuwek tambah gak karuan. Kok iso… wis durung adus, wong cap opo se awakmu iku, rek” jare Bu Cip nyeneni. Wisa, Tante Bembi maleh kolem siaran. Bambing cekekal ngadeg, liane mek ndlomong.

“Lo..lo…lo, sampeyan sik ndik kene. Emben wis poso, Mbing. Mbok sing pokro. Titenono yo, lek saur gak tak gugah. Wegiahh… Jarno bude, engkuk tak ngongkon arek-arek nyumet mercon bumbung ndik kamar!” jare Tante Bembi ambek ngejak Bu Cip ngaleh. (idur)

RANGEN

Srengege durung sanap, kait nendes ngeluk boyok, ndhodhok ndik ngarepe bedake Wak Adenan, hadak ketok Bambing iral ngetepeng ublem gang. Lapo ae bekenyek iku. Wong-wong kaceban sampek kekel tail Ngimbab, praene abang ireng, sandalan mek sese. Parani ae nang pos. Sakjane wegah, embonge blethok thok, tapi eman lek kadit ero critane arek sempel iku.

Ketoke kerja bakti tas rayub, yo pancet ae ndik pos kari golongane prithilane gorengan. Balapan nyruput ipok ambek kademen njebeber. Wong-wong mek dlomong tail Ngimbab langsung nyaut ipok disruput, untung wis adem ipoke, jathuko lak tambah ndomble ta lambene.

“Oker… oker, ndi okere, pren…” jare ambek sik menggos-menggos.

“Lapo ae ente, Mbing. Wayahe wong soro hadak ngilang. Koen digoleki ojobmu. Murang-muring, nggowo berang maeng. Hamure makmu kebanjiran iko lho, goblik…” jare Bendhot ambek sik kudu ngguyu. Bambing gayae kaget, ate mencolot ngaleh.

“Telattt… wis mari. Ate lapo koen? Nyaponi ledhok? Ate nglangi? Gak enthos… Gayamu koyok petinggi ae, oket lek banjir wis menep. Nandi ae ente? Lhok en, ndlahom ae…,” jare Jon gregeten.

“Sik tah. Mosok ero tah ayas. Wong ndik konoh gak udan blas. Padang thag-thang. Tak critanih koen yoh… Aku maeng ndik embong, uklam helom, hadak kok onok suarane opoh iku. Tak toleh, hadak ndik mburiku onok slender, tapi ngarepeh onok koyok sapune… guedhe-guedhe myuner ngonoh. Lho, lapo lha kok ngetutno ayas aeh… Ayas iral, kono yo tambah nguber. Jait. Ambek mbengung ngonoh…” Ngimbab crito ambek sik pucet. Wis kabeh langsung kekel. Onok sing pas nyruput ipok sampek muncrat.

“Dobol anceneh… Akhireh ayas mlebuh nrabas gang e tokone Cik San. Slender e kadit osi kusam, ndik ngarep gang ngenteni ambek wherr… wherrr, munyer aeh sapuneh. Kapokmu kapan. Tak ece-ece ambik ayas, terus tak langgit. Wedus ikuh… ” jare Bambing ambik kekel pisan. Emar wis kabeh, wetenge senep.

“Paling ente dikiro karunge resek ngglundung, Mbing wkwkwk… keterak angin. Ndesittt… Iku ngono mesin gawe nyapu dalan. Cobak ente maeng kenek ciduk mlebu mesin iku, lho utem osi dadi kerduse berkat… wkwkwk…” jare Endik ambek tangane munyer.

“Osi dhedhes awak-awakan. Ngawut aeh ente… Tun, ente kok gak disedot ambek slender ikuh?” jare Babing nuding ayas ambik telap-telep ngemplok rondo royal. Ewul paling, lek gak ndik lambunge onok terwelu agit.

“Gak wani nyaponi Paitun, kepingin diwalik ta slendere. Yo, Tun?” jare Bendhot. Lambene kebal-kebul koyok anglo.

“Yoopo lek terus banjir ngene iki. Ente ilinga pren, rapat-rapat mulai jaman RW biyen sampek saiki koyoke ganok sing mikir temenanan pekoro banjir. Ndek kampunge awake dewe iki, kayal sakjane lek banjir. Kayal. Iku opo nggarai, mbangun sembarang diijini, gak didelok sik. Nguber setoran thok. Lek wis onok kejadian, ngglendhem ae…” jare Jon. Pantes lek Jon njahe, batine Paitun. Soale Jon mesti ngresiki panti lek mari kembeng unyab. Mepe kasure arek-arek panti. Kasur wis gembos kabeh, gebleh dipepe tambah memet. Ngosek kamar-kamar. Gak mari sedino. Idrekan maleh prei, padahal bendinane Jon kudu nguripi panti. Arek-arek panti kudu tetap nakam.

“Mangkane ta rek, pilian erwe engkuk, milih sing jelas wonge. Deloken opo’o saiki, calon-calone mek mikir yoopo carane menang pilian. Cek dadi erwe. Mosok tau mikir, ngoco, trus niate jelas. Ojok mikir menange thok, marine menang iku sing penting. Atine ditoto, niate disonggo. Lek dadi mbesuk kudu lapo, osi nggak ngatasi masalah-masalah sing nyengsarakno wargane. Isoa? Kepikir ta? Saiki kadit, sowan mrono-mrene, bingung carane menang dadi erwe. Lek wis menang, tiba’e asline gak enthos, ndlahom jaya. Lah oyi se?” jare Endik. Lek pas ngene teges sablukan iki. Molai, Bendot oleh stan mancing Bambing.

“Lek nurut ente yoopo, Mbing. Misale ente nyalon yoopo, heh ya?” jare Bendhot ambek ngelus-elus pundake Ngimbab.

“Lambemu, Ndhot. Tapi ngeneh ya… ” Bambing molai eksen, ambik nglingkis clonone cek dikiro wong kolem kerja bakti. Lho lapo sikil kiwo lingkisane didukno thithik maneh, ooo.. tibake ketok sikil kiwo bubulen. Bambing langsung mlorok nak ayas.

“Lek ayas dadi erweh, engkuk enteh tak peseno slender timboh. Dadi lek banjir ngene ikih slendere iso nimbo. Mosok wayahe banyu teko ngene ayas pesen slendere bledug. Lek pekoroh resek, akeh pasukane, wargah yo wis mulai sadar perkoro resek. Tapi lek pekoro banyu lak dowoh urusane. Jadi beginih Ndot, Endhot Supi’i… Slender timbo iku engkuk onok embere hedeg-hedeg, munyer nimboh, nguras banyu ngembeng, terus ledhoke digrojokno gegermu… wkwkwk, laham ancene, tapi awak lak ithab kik..kik..kik…,” jare Bambing ambek nggegek terus dijungkrakno Bendhot. Wong-wong kekel pol, tapi terus klakep.

Lhuk, Bambing gak ero lek ujube, Tante Bembi wis ngadeg ndik kono, cincing-cincing ambek nggowo sapu korek sak cirak e.

“Pancet ae kelakuane. Omahe mak sik ngembeng, hadak jagongan. Benakno kono. Lapo njegidheg ae, wedi rangen ta?” jare Tante Bembi buanter, nggiring Bambing ambek sapu korek. Kapokmu kapan, batine Paitun. Oala, gak popo rangen sikile, Mbing, pokok gak rangen atine. (idur)

RAI GEDHEK

Sik isuk wis sumuk, srengenge mesam-mesem dewe. Paitun kolem ae mesam-mesem ambek ndoprok ngarepe terase bedake Bu Cip, ambek nithili sawut sik anget.

“Onok wong poseng, koen mesam-mesem ae, Tun.” Paitun njumbul, lho tibake gakro lek ket maeng Wak Daman yo ndhodhok ndik kono. Dungaren kadit ngawab gedhek. Lapo kok ledome mbureng ae. Ate tak tawani sawut kadit odis, osi tambah diuncalno. Ayas sik rikim, wanyok wis genomo ewed.

“Wingenane gedheg wis diborong kabeh ambek Pandi. Durung dibayar, Tun. Mosok sedino-dino liane nyanggong ae. wonge mbulet ae. Mosok gak saaken ambek aku,” jare Wak Daman.

Paitun mbatin, oala kok naisak. Wak Daman bendino mubeng mikul gedhek, yo kadit bendino wong tumbas. Wonge kipa, tau masiyo lawetane ipes, sik ngekei gedhek nang Bik Samini gawe yup-yupane ibuk-ibuk ndik pinggir embong.

Riadi liwat. Apedesan sik sleat-sleot ae. Biasane lambene ambek pengumuman, iki kok ndlujur ae kenthongan iku. Tak tutno ae, mesti onok sing serem iki.

Lhuw… lapo kok wong-wong ngrumbul ndik gapuro. Lho, gapurone dikelir ta. Bendhot kok modele bludreg ngono. Kok kanyab muda-mudi yo an.

“Le, sopo jenengmu. Sopo sing ngonkon awakmu nggambari gapuro iki?” jare Bendhot.

“Kulo dikengken pak, nggeh purun mawon lha tirose pun enten biayane. Peralatan kaleh bahan nggeh pun dicepak aken,” jare arek nom nganal sing ayu.

“Mas, ngeneh yoh. Saya tidak nyanyah biayanyah. Inih… begini inih… Sing dipikir ojir aeh wanyik iki. Beginih ya dik…” Bambing mulai pakek bahasa, tambah mowol-mowol lambene.

“Anak mudah itu, jangan cumak mikir uang. Ikih sampeyan orat-oret, opoh warga kampung sudah setuju? Ikih guduk kampunge mbahmu le ya. Kuduneh sembarang iku musawaroh. Lek warga rameh ngene ikih. Awakmu sing kenek, erweh ambek setape… ngipok merduh… Gapuroh dikrinyo, dipadakno buku gambar aeh…,” jare Bendhot macak penting. Arek nom-noman iku mek ndhlomong, kemringret raine, paling yo ketambahan idune Ngimbab. Koyok hespre.

“Sik Mbing. Ente adane gak itreng ae. Sing salah iku yo sakjane sing ngongkon. Rombongane sing ngonkon maksude. Bethithete yo pancet ae… mbok ubero koyok opo ae yo tetep masalahe ithab-ithaban. Liane yo mek pekoro kepingin ngetop ae. Lek wis pekoro iku, wong iso peteng, pren. Mbuh iku ngidek kancane, njegug, njungkrakno, iku gawe mereka wis sego jangan. Isin? Prei isin…,” jare Jon. Okere bolak-balik itam ae. Ngugib nggoleki korek, njahe koreke gae dulinan Ngimbab hadak. Mas Nari sing ket maeng mek mesam-mesem, akhire kolem genomo. Endik lek wis ngene nggendhem ae, lambene koyok anglo.

“Sakjane ngene lho. Siapa pun boleh saja punya kegiatan sing apiki gawe kampung iki. Tapi yo kudu bener carane. Ojok ngawut. Ndek kene lak akeh sing kudu dijak omong. Onok akline kabeh. Budayawan, seniman, tokoh masyarakat, terus yoopo pendapat warga. Apapun yang ada dan di kampung ini, iku kebudayaan. Kebudayaan iku dasare sopan santun, ngalusno budi bangsa. Onok etikane. Lak onok se pepatah, serahkan pada ahlinya, atau tunggu kehancurannya. Lha, iki ketoke wis mulai, wis kroso…,” jare Pak Nardi.

“Kalok inih, hadak kanyab orang ngetet… wkwkwk. Lha pigimana? Maringonoh kabeh sak karepe deweh… erwe ambek petinggine yah yoh ae… nyah nyoae… ajor kampung ikih. Sekolah ta gak seh neker-neker iku… Sak omplong isineh neker gludhug thok… amit-amit jabang Bendhot…kik..kik…kik…” jare Ngimbab ambik terus ngeles dikabyuk Bendhot.

Paitun osi kolem kekel. Kera nom-noman iku gak wani ngguyu blas. Wedi nang Riadi sing malangkerik. Arek iku gak ero, Riadi iku ketoke ae mendelik tapi asline yo ancen mendholo. Guduk kereng. Putune ae lek Riadi oket, karepe ngudang, osi kepiyer gak gelem-gelem blas digendong hame, sampek gelek sumer. Mantune sampek kadit kane ambek oromoute.

Paitun tail gelagate arek nom iku kepingin ndang eskip. Lek gak ndang ngaleh, osi bunyek dipaido wong sak kecamatan. Ketoke nawake situke nyobak njelasno.

“Begini Bapak-bapak, sebenarnya waktu itu kami diberi proposal, nggak tau proposalnya siapa. Kita cuma disuruh merubah, biar agak nggak sama katanya. Pokoknya bagaimana caranya kegiatan menggambar gapura bisa terlaksana, “ jarene ambek grogi. Jon hadak terus nyelani.

“Sebentar, sampeyan sekolah apa, kuliah di mana? Kalian ini bakal pemimpin. Sampeyan sudah diajari nggak sama dosen-dosen kalian untuk menghargai ide-ide dan karya orang lain? Pernah diberi nasehat kalo mengaku-ngaku idea apa karya orang lain itu sesuatu yang tidak beradab? Maaf ya, saya ini cuma mengingatkan, ngilingno sampeyan-sampeyan iki. Saya sebagai orang tua hanya kuatir, jangan-jangan adik-adik ini hanya buat alat politik, popularitas, sekaligus kambing hitam. Terus ya ini, bisa jadi adu domba warga. Ya moga-moga saja tidak,” jare Jon serius.

Paitun kaget. Jon kok maleh pinter, rodok tepak dino iki. Lhee… kait dibatin, ayas dipendeliki Jon.

Hadak onok libom ate liwat, kabeh minggir. Lhuw… ndik njero libom, onok Pak RW, Pandi, terus setape. Ngono yo mek liwat thok, ambik mlorok, mandeg nyopo ta, kadit. Ndlahom ae.

Arek-arek nom iku yo mek ngowoh ndelok ambik gak enak, tapi terus pamit pisan nyalami wong-wong. Bendhot langsung macak sesepuh.

“Maap yah… pesen saya, sampeyan-sampeyan ini bakalnyah orang-orang baek. Jangan niruh-niruh yang kayak begitu ituh. Wis talah… ojok sampek yo le,” jare Bambing tapi terus nuding ayas.

“Tun, biasa aeh, gak usah mbrebes milih,” jare Bambing. Bedun iku, ayas didhisiki. Wong de’e dewe macak terharu.

Tak langgit pisan ae wis. Janjian nang hamure Lik Asih, ate dikei godir. Gudire kane hare. Papakan ambik Wak Daman ambek praene sik lencu. Oala, wong sabar sampek ngroweng. Uklam nglentruk ambek nyedhot klobote.

“Yoopo, Tun. Saiki akeh wong macak tapi gak tau ngoco. Rai gedhek…,” jerene.

Komunitas