JARAN KEPANG

Kringet osi gobyos, uklam tekan tail jaran kepang. Jaran kepange masiyo kadit khatik kalap-kalapan tapi mbois tari-tariane. Ancen onok sing seje, gak koyok biasae, tapi yo apik. Sing nggarakno lites lak soale sing main kera-kera enom. Ciamik.

Lapo Riadi iku, ketoke ban e gembos. Ngono ae maeng nyelip ambek gayae kadit lanek. Saiki tak selipe ambek gaya mencep.

“Olaopo koen mencap-mencep, Tun. Seneng lek kancane soroh. Tak piker koen maeng diuntal caplokan wk,,,wk,,,, “jare RIadi nggarap Paitun. Lhok en, lambene ambek ban e podo ngowose, batine Paitun. Gendongen sepedamu le…wk..wk…wk… Sori tak langgit. Wayahe sepeda iku ijolno jaran gedheg, karek ngempit, gak nuntun. Repot, sadel iku.

Mampir warung cenile Mbak Tini, hadak emar genaro nggedabrus nongkrong ndik warunge De Patimah halabese. Asaib, sopo meneh lek gak grupe bledhus ambek horok-horok. Kait ndeleh ngokob, spiker aktip saur manuk.

“Koen marih tail jaran kepang yo Tun. Saiki koyoke gak tepak yoh, mosok onok nogone, onok uloh tarung karoh kucing. Sejeh ambik biasane. Ganok kalape pisan… kadit serem…” jare Bambing ambik kementhus.

“Tapi apik kok, Mbing. Senengku opo? Sing niam arek-arek enom. Angel lho saiki golek arek enom seneng jaran kepang. Mbois garapane. Masiyo ganok kalape, tapi tak akoni ngeten. Jaman saiki kalap-kalapan, oleh endi sempronge…wak ente iki, “jare Bendhot.

“Ente ero opo Mbing. Ngimbab iki lambat, kadit itreng jaman now. Arek-arek enom iku termasuk kreatip lho. Tako’o Cak Mian. Yo cak yo?” jare Endik. Bambing mek mrenges nggomblohi. Samian ngomong ambek elus-elus geger e Ngimbab.

“Lek ngomong seni budaya iku lak gak mek pentas, tanggapan, opo pekoro ojir thok. Kabeh onok tanggung jawabe jugak pekoro pelestarian, nglestarekno. Seni budaya iku kudu berkembang cek gak ditinggal karo sing nontok, opo masyarakate. Gak popo ditambahi opo dikurangi, sing penting gak ngrusak nilai-nilai budayane. Onok sing kudu tetep dijogo. Tapi yo onok ae sing ngroweng, sing maido. Biasa iku. Sing penting berkarya terus, sing iso nduduno kemajuan, kreatip, onok niat nguri-uri budoyo. Guduk ngroweng ae. Lek kancane nggawe karya, ewangono… ojok diriwuki,” jare Samian.

“Ngohten nggeh pakdeh…,” jare Bambing. Langsung dijegug ambik Samian. DIsawat brambang pisan ambik De Patimah.

“Aku kapan iko yo ndelok. Jaran kepange apik. Awakmu lek ate kalap-kalapo dewe, le. Mbing. Ganok semprong, iki onok toples,” jare De Patimah ambek nyenthe-nyenthe. Iso kekel kabeh.

“Ente biyen koyoke tau melok jaran kepang, iyo Mbing? Cumak lek kalap senengane golek neon, gak gelem semprong. Tau, neon murup dikremus, lhok en lak sik njedhir sampek saiki…haha…ha…,” Endik ngomong okere sampek mecethat.

“Prasamuh ayas anim tah…,”jare Bambing. Yo kolem kekel ta, wong Bambing.
Mbak Tini sing kaet maeng mek mesam-mesem lah kok kait muni.

“Cak Mian, sampeyan gak kepingin nggawe ludruk opo kentrungan ta ndik kampung kene?” jarene ambik rodok ngalem. Bambing iso mencolot hare.

“Bisahhh… Suuiipp… sutradarah siyapppp…” jare Bambing ambik nyembur idune.

“Harahhh kono, diputusi dewe ae hadak, “ jare Bendhot ambik ngglungguhno Bambing.

“Yo gak popo Mbak, lek wong-wong kene gelem, yo engkuk ditoto,” jare Samian ambik njegug maneh geger e Bambing. Mbak Tini osi kekel hare. Wisa, mbanyaki kabeh.

“Aku biyen sik nom-noman melok grupe Cak Nari. Biyen aku mesti dadi ratu, sueeneng aku… Aku melok lho yo?” jare De Patimah ambek umeg ae mbenakno kemben e.

“Lhee… lek saikih de, rikoh cocoke yo dadih ibu suri…tapi sing tertib lho de… ojok nyawatan serbet ya? Ndak boleh pechithatan lho ya? Wk..wk…wk… Nantik yang jadi ratunyah ya Mbak Tini. Merduuu… Bagaimana Tuan Bendot…kik..kik.kik..” Bambing iso gumbira hare. Kapok, disawat serbet temenan ambek De Patimah.

“Ayas dadi londone lho Mbing. Londo ireng gak masalah. Lhaa… karek golek nonik londone. Sopo kiro-kiro ndik kampung kene sing iso didadekno peran nonik yo? Sopo, Ndik?” jare Bendhot takon nang Endik sing sik ngguyu gak mari-mari.

“Ente lak lanek Kemal. Paranono Kemal. Akeh stok londone. Cumak rodok angel golekane Kemal, soale mubeng lawetan lengo wangi. Golekono ndik cidek Pulosari kono lho… biasanae lek ingeb ngepose ndik kono,” jare Endik. Ketoke kemeruh.

“Terus sing dadi rojone sopo?” jare Samian mancing. Bambing langsung ngadeg ambek gayae perkenalan nyalami.

“Enteh semuah masak ndak tau, kenalnoh…kenalnoh . Awak-awakan tah calon dadi rojoh. Kamuh mintak apa?” jare Bambing ambik macak rojo.
Gakro lek ujube ket maeng ngadeg ndik lawang, Bambing kaget, gutap.

“MInta apa? MInta ini… Dititipi gulo ambek micin mulai isuk gak njebus-njebus!” jare ujube ambek nyiwir ngruwesi kupinge Bambing. Suarane treble pol. Wong-wong yo kaget kok Tante Bembi moro-moro mecungul. Bambing digiring helom. Uklame iso koyok jaran kepang tapi gak ngempit jaran.(dur)