GETHUK

GETHUK

kae-kae rembulane… yen disawang kok ngawe-awe

koyo-koyo ngiling ake, konco kabeh ojok turu sore-sore…

Hmmm… sopo nyetel lagune Waljinah iku, batine Paitun. Merdu hare. Diurut ambek Paitun, tekan endi suarane radio iku. O, lha iku opo, golongane omplong nglumpuk ndik warunge De Patimah. Lhuk… ngipok sanap, loooo… yo kolem ae. Asaib, Bendhot congore pancet ae.

“Lhaa iki opo rembulane… rembulan grimpis rawuh. Lho… kok tambah krowak wkwkwk…,” jare Bendhot ambek gaya Arafiq, setengah ndhodhok, komprange suwek, sepatune jenggel tapi lerekane dhedhel, tungkake rodhok njepat. Oala, repot mungsuh boipung iku, lawas pisan. Babah, aco ae, batine paitun ambek langsung ublem lungguh dingklik cidek pawon.

“Kopi a, Tun. Sik cek umep. Koen wis ero a, mariki onok pilian erwe. Arek-arek elek iki maeng rasan-rasan, Tun. Gak trimo jare, mosok wedok nyalon ketua erwe. Masiyo aku wedhok ngene, lek nandangi koen ae le… le… sik kuat. Tak gibeng munyer koen, Ndhot… ” jare De Patimah ambik gaya ngejeb.

“Lheee, sik ta de. Lek jaman sampeyan tak akoni. Kodew saiki… sepurane, kulite sulum-sulum, tangane alus-alus. Lha engkuk gelem ta kolem kerja bakti, onok uler opo cacing ae iso gutap menek genteng barang. Osi-osi akeh macake timbang idreke. Durung biaya klambine, nang salon osi isuk sore.

Mosok iso alise menclek thithik ae… Durung giwange, mas-mas ane. Kene lak durung ero, asline yoopo, judes opo kadit, iso masak opo kadit. Lak ngono a, Mbing, ya?” jare Bendhot setengah nggudo De Patimah. Wonge mek plethat-plethot, ambek nggoreng tahu. Jarno ae, batine Paitun. Suwe-suwe Bendhot iso ditapuk sothil. Hadak Mbak Riana ublem ate golek nakaman ketoke, tibake kadit, nempil endhog. Lhuk, emar iki mariki.

“Yohh…. tibakeh moroh mek isone nyeplok, ndadar, opoh nggodog enhog. Teter edhog ae lak iso bonongen ta rakyat koyok awake deweh iki… wkwkwk… kuk…” jare Bambing keselek. Lho… ooo tibake genthong iku mojok nendes selonjor ambik nggiling jemblem. Kapok a keselek.

“Sampeyan nyemoni tah? Ojok ngremehno wong wedok sampeyan. Paling ditinggal telung dino ae sampeyan iso seser koyok kekean,” jare Mbak Riana. Mbak Riana ancen ngono iku, lek ngomong los kathik lincip. Kabeh iso kemekel.

“Iku lho masiyo wedok yo sekolae yo dhuwur. Sampeyan, opo? Esde ae paling biyen mbayar lengo gas,” jare Mbak Riana ambek kudu ngguyu.

“Gak Na, arek iku biyen mbayar bothok. Biyen sekolae ngodok iku, mangkane deloken sampek saiki sikile bubulen,” jare De Patimah kontan nyemes nemu stan. Bambing iso nggegek hare.

“Ndhot… mulai pisik guyoneh Ndhot, pisik… Yoopoh om… om,” jare Bendhot prengesan. Mbak Riana sik gak trimo. Jon ate nyaut malih kadit odis.

“Jagomu sopo se? Wong lanang-lanang sing lawas-lawas iku a? Podho dene iku. Aluk wong iki sik sekolah. Dalan jenglong gak karu-karuan, wis pokoke sembarang koyoke gak jelas karepe. Sak mono suwene mbangun opo… deloken kampung iki. Tapi lek dikandani wong-wong jare pengkuh, njaean. Ngomongo taman age? Tak akoni apik ancene. Tapi, putune Bu Cip sing ndik luar negeri iku, pas teko mrene tau crito. Gak iso lek mek niru thok. Iyo, ndik luar negeri kono, srengege diluk, udan ganok, lalu lintase gak was wes. Ndik kene dingklik jejer turut embong, sopo ate panasan ambek udan-udan, ate mepe karak le’e. Wayahe lak dikei yup-yupan. Seneng lek onok warga disrempet montor pekoro ate mepe karak? Lek Paitun ngono menter…” jare Mbak Riana ambek kekel. Lhee… malih awak-awakan kenek. Repot pensiunan penyanyi iki. Mbak Riana iki biyen penyanyi, tapi akeh diurake timbang dikeplokine. Lek nyanyi enak, cumak kene sing gak osi ngrungokno. Lapo nyandak-nyandak ayas barang.

“Maringonoh… lek ingeb gaweh pangku-pangkuan, ibuk-ibukan hadak wkwkwk… ” jare Ngimbab ambek terus ngeles soale disawat serbet ambik Mbak Riana. Ngono serbete yo langsung dikalungno koyok anduk. De Patimah kekel sampek lali, ndlandapan mateni kompor, ngenget jangan sampek meh sat duduhe. Mblendrang wis, merdu, batine Paitun. Wonge ngwasno ayas, kroso paling.

“Kudune, ancen lek golek pemimpin iku sing watek e jelas. Kudu mikirno yoopo warga kampung iki cek nyaman urip ndik kampung iki. Dalane korengen, lhok en, banjir gak mari-mari. Maksude, mbok mikir sing penting-penting sik ngono lho. Bingung ngetop ae… Kudune lak ero. Mikir… om. Ojok warga dijejeli dorpres ae. Bendino macet iku lak yo kudu dipikirno. Diceluk kabeh, dijak rundingan yoopo carane ngatasi masalah-masalah sing penting dhisik. Kadit bendino wong lungguh taman, yo gak kabeh, tapi sobo embong lak sak wayah-wayah. Trus… slender sing tuku laham iku, em em an, dilkuk lak memet ta gawe nyaponi dalan sing udune njebrot kabeh, ” jare Jon metuwek. Kabeh meneng, et… golek bahan paling.

“Lek aku kok sir sing iko se. Rasan-rasane onggot, rodok iso dijagakno. Jarene… tembung jare…” jare Bendhot ambek umek saleg ipoke. Paitun ngguyu mbatin, mangkane wanyok kok ireng, lha kopi karek lethek ae sik dietet diombe. Wisa, lethek e numplek nang irunge. Gak enthos. De Patimah langsung mlorok.

“Jare sopo, selama ndik erwe, ayas gak tau ero lapo. Podo ae, selama iki ketoke busung. Situke pencolat-pencolot, gak jelas. Gandengane yo ngono, pirang periode dadi petinggi yo … koyoke gak lapo-lapo. Gak mletik blas. Kanyab sing gak ero. Masiyo ketail kalem ngono jare kera-kera, mekitik, gayae jare yoopo ngono, meksoan,” jare Endik.
Paitun kaget, lhuk wajan mbeluk. Gosong wis. De Patimah spaneng, warunge mbuleng.

“Wisss… buyaro rek, nggedabrus ngrasani wong gak mari-mari. Kemeruh kabeh. Buyar…buyar! Kene… kene… prei bon… ojok kakean alasan, ayo!” jare De Patimah ambek malangkerik narget.

Hadak Bambing moro gutap mencolot utem. Dingklik e osi malik hare.
“Jiait, lali aku mapak ojob. Ajurrr… De, aku melok Jon. Rayab en sik, pren,” jare Bambing merat eskip. Jon mek getem-getem.

Lho, ngono ndik ngarepe Mbak Tini klepon, halabese warung De Patimah sik kober ae Bambing nggudho Mbak Tini.
“Gethuk asale soko teloh… lek wis gathuk ojok nggolek pekoroh…” jare Bambing dimanis-manisno.

Sak ketoke, Mbak Tini nyaut klepon disawatno, plek… osi pas pipine Bambing. Ngono yo terus diemplok ambik iral. Repot mungsuh rantang iku. (dur)