DREMULEN

Udan tas mari, embong sik nggilap banyu. Paitun uklam male rodok ngebok soale ambek ngelesi unyab ngecembeng. Slimpe thithik osi keblowok. Dalan ta udun njebrot. Lampune embong mrepet pisan. Tekok kadoan Riadi sepedaan iso koyok ulo-uloan. Iki lek awak kadit waspada, iso diceproti ambek arek sempel iku. Lapo mudun marani ayas, batine Paitun.

“Tun, ojok liwat kono. Ndik omahe Pak Bejo akeh isilup. Nrabaso gange Momon ae,” jarene ambek terus ladub henem.

Prasamu buron ta ayas. Ente mosok itreng, Di. Isilup pren kabeh ambek awak-awakan. Maleh penasaran, tail pisan ae nang hamure Pak Bejo. Lhuw iyo, akeh isilup. Lho, laopo Pak Bejo dietheng-etheng terus diublemno nang libome isilup. Sirine ne liu-liu kelap-kelip terus libome ngaleh. Ndik ngarepe tokone Cik San, ibuk-ibuk nggrumbul. Paitun mripit nyidek. Gak lidok, koyok radio rapat.

“Sampeyan lek gak ero urusane, gak usah crito. Iso dadi pitenah Mbak Yah. Iku wong kenek musibah, lak saaken ta,” jare Bu Wiwik. Mbak Yah rodok mecucu, sik ngetet ae kementhus.

“Ancene kenyataane ngono kok. Sampeyan lak ero kabeh, deloken bojone. Gelange ngrentep. Kalunge sak ombyok. Lek nang salon koyok marung, meh bendino. Yatik salon iku sampek bingung, bendino modele rambut njaluk ganti. Mangkane iku. Aku gak ngrasani lho yo?” jare Mbak Riana.

Jenenge ae radio rapat, kathik sing agit radio rusak, sing utas mbrebet, liane potensione cepot, situke batreine nayeng dikareti, yo bayangno ae unine, gak trimo stereo thok, jelas krodit.

“Tas e sing sak ipet iku ae, regane jutaan. Durung regane sepatune, ditukokno Paitun iso oleh sejinah,” jare Mbak Yah. Wong-wong ngempet ngguyu. Lapo nyandak-nyandak ayas, rikipe Paitun. Repot sol sepatu iku, gelungane koyok cowek, paling made in urek-urek. Lambene Mbak Yah tambah barak.

“Ben riyoyo ganti montor. PKK jarang teko. Paling wedi le’e kumpul kene, wedi kulite sing mulus iku katut ireng. Tau biyen melok senam isuk-isuk, wong lanang-lanang sing biasane turu ngleker, iso tangi isuk kabeh. Kok iso moro kompak melok senam. Sename gak sepiro, mulek ae. Gak kaop wong lanang, motone sing senam,” jare Mbak Yah.

“Tapi bojone Pak Bejo wonge apik kok, langganan gorenganku, lek tuku gorengan ndik nggonku mesti akeh. Ben onok acara ndik omahe opo ndik kantore mesti mborong gorengan. Kathik gak tau gelem disusuki. Lek slametan kabeh tonggo mesti diteri berkat,” jare Lek Jum.

“Iku lak sangking a Jum. Paling gorenganmu mek dipangan papat, liane gawe sawat-sawatan,” jare Mbak Riana hadak nggarai regeg ae. Lek Jum ketoke rodok njahe.

“Ojok ngenyek sampeyan. Paling sampeyan iri. Menthil atine. Wong lak rejekine dewe-dewe. Kok iso sampeyan koyok ngono. Wong sampeyan yo gelek diteri, riyoyo yo diparani. Ojok crito sing enggak-enggak ta. Sampeyan gak saaken ta nang keluargane, anak-anake?” Lek Jum sanap. Wis gorengen ae sanggule iku Lek Jum, batine Paitun. Ngono Mbak Yah yo sik ngetet ae.

“Tak akoni, loman ancene. Tapi buktine, saiki bojone ditangkep pulisi. Lak gak beres ta. Paling yo wis ngono iku…” Durung tutuk Mbak Yah ngomong, disantap ambek Lek Jum.

“Paling opo? Mbok ngoco sampeyan iku. Pas bojo sampeyan bangkrut biyen, sopo sing nulungi. Sik untung sampeyan saiki gak golek othis. Ojok ngono. Sing biyen sampeyan ditekek bank thithil iko, sopo sing noroki? Wong iku, gak mesti nasibe. Kadang ndik nduwur, yo kadang ndik isor.”

“Wisa…male bengkerengan! Ayo nyengkre kabeh. Kok liane ngrasani tonggone ae. Yah, ambek koen Riana, lambemu iku kapan-kapan dandakno yoh? Wis ero tonggo kenek musibah, lambemu sik koyok ceret ae. Wis gak usah ngurusi rumah tanggane wong, ayo…buyar! Koen nyingkrio pisan, Tun, Kono…nang pasar malem ndik lapangan kono.” jare Bu Wiwik ambek nggesuh wong-wong iku, terus ngaleh pisan. Wis a, awak maleh kenek. Bener, Mbak Yah ambek Riana iku lambene diobrasno ae, batine Paitun mangkel.

Ada pasar malem ini. Mrono ae wis, suwe hare gak ketemu pasar malem. Temenan, tekok kadoan nyorot-nyorot soklene. Lapangane padang jingglang kanyab lampune. Mbois iki. Ndik lawange ublem, hadak Riadi hansip macak kereng, malangkerik ndang-ndangi ayas ate ublem. Tapi maringono mrenges ambek ngongkon ayas ublem. Pancet ae sentolop iku gayae.

“Koen ojok numpak dremulen. Iso mencelat koen engkuk,” jare Riadi. Kadit doel, ayas lek onok pasar malem ngene iki, mek kepingin nunggoni ndelok arek-arek licek numpak jaran-jaranan munyer. Cek iso mbayangno anakku. Oala, ndik ndi yo anakku, batine Paitun nelongso.

Kait selonjor, pasar malem gempar. Sing numpak dremulen emar bengak-bengok. Tiba’e dremulene macet. Paitun kolem sing nontok podo gembruduk marani. Kabeh gopoh. Panitiane ngekei peringatan ndik corong. Ndik ndhuwur dremulen kabeh yo cerik-cerik.

Kok tau krungu suarane sopo iku. Lhugg… pas ndik dhuwur dewe hadak Bambing. Lho, Endik pisan. Sempel ta brengkesan iku, lapo kewut dremulenan, umel-umel pisan. Mangkakne maleh macet. Bendhot sing tepak lungguhane ndik isor, mencolot mudun. Ngono yo ambek ngakak nggarapi Bambing, padahal tukang dremulene gutap mbenakno mesin desel e sing rewel. Onok isilup utas kolem ngendalekno situasi.

“Mbing, muduno Mbing! Jare ente iso ngawang! Awak siap wis nampani. Ojok ngompol lho pren!” jare Bendhot tambah gunggungan.

Bambing raine pucet campur njahe pol, ambek nyekethem gocekan. Kathik suarane arek licek-licek nangis saur manuk. Ngono Endik lungguhe ndik halabese Bambing, kepancing Bendhot yo kober ae kolem nggarap Bambing.

“Ndhot…, wanyik grogi, ate gingkang jare jimate kari. Areke mbrebes mili..kik kikk kkk…. Celukno Tante Bembi, Ndhot! Mbing ojok obah ae lho ente, melip iki, dremulen iki osi njombat engkuk. Ndungo sing jelas Mbing!” jare Endik nggudo Bambing sing mek osi mbureng, mentheleng thok ambek adus kringet.

Gak suwe, greengg… desele murup. Dremulen mandeg, kabeh mudun gentenan. Sing jenenge Bendhot langsung iral shio kuda. Bambing nyaut imblake Endik luput, Endik mencolot mudun langsung ngetepeng sampek ate nubruk wong lawetan gulo kacang. Pas wayahe Bambing, mlorot alon-alon ambek disuraki wong-wong. Riadi sing kaet maeng kekel ae, iral pisan ndelok Bambing ate utem. Lawange portir ditinggal hare. Bambing diparani isilup keamanan, ketoke diperingatno, terus dirangkul ate diterno nang dalam utem.

Oala, Mbing…Mbing. Mangkane ojok kakean polah, batine paitun. Urip iku koyok dremulen. Kadang ndik ndhuwur, sekali waktu ndi isor. Lek kadung macet koyok ngono iku, yoopo? Osi dhedhel dhuwel ente lek gak siap. Ndik ndhuwur ambek ndik isor podho ndrawasine. Sawang sinawang, Om. Waduh… lapo Bambing marani ayas.

“Lek ada kamuh, ayas mestih apes. Awas koen, ojok sampek critro wong-wong. Bikin maluh!” jare Bambing ngancam ayas.

Bambing kadit itreng lek Tante Bembi ujube wis ndik mburine, kathik modhele koyok ate ngrakoti sing kanal. Isilupe filing gak enak, terus ngaleh. Keturutan Bambing dicetholi turut dalan. Kathik suarane bojone koyok sirine.

“Ditinggal arisan diluk ae ucul. Kok cik becike… nyethik setriko dadak ditinggal dremulen! Lek omahe kobong, yoopo! Ate kemping koen Mbing!” (idur/Yei)