DI RADIO…

Embong nggilap, bulan seser koyok apem. Howone merdu, angin semriwing kolem Paitun uklam sak ndlujure dalan. Ndik rombong oker pojokan gang, Mat nyepit leyeh-leyeh nyetel radio. Masio gemrosok suarane yo kane ae wanyok ngrungokno, padahal suoro biduane sampek gak jelas, nyanyi opo tukaran ambek pegawai ben e. Ndik halabese, Lik Paeni lawetan sate laler. Satene sak opil, beluke sak kecamatan. Nangdi maneh yo, nang pos ae enake, be’e umbul lawas nglumpuk.

Ladalah, temenan, lengkap pasukane, Bendhot en his geng, gico kabeh iki. Kok dungaren tertib lambene. Oala… tibae ngrungokno radio pisan. Kolem ae ayas, batine Paitun. Onok ipok, nakaman, pepek dew… Dumane howone kane, Bambing iso mek kaos kutangan thok hare.

“Sinih kamu, iki laguneh mbois-mbois, Tun. Lagu lawas tapih wuenak-enak. Lek denger lagu saikih ayas gak paham,” jare Bambing.

“Suwe ayas kadit nyetel radio, oyi hare, ingeb maeng gak sengojo onok lagu-lagu blues, lhuk… iki mbois thesss…” jare Endik koyok nemu emas, ambek gaya gitaran. Mekitik, le.

“Le ayas yoopo-yoopo yo sek ngenes lagu indonesah tah. Kathik sing aslih, lek musikeh anyar awak-awakan kadit osi niroknoh,” praene Bambing osi koyok sueneng ngrungokno radio, gayae terharu.

Lek radio sing dicekel Bendhot iki rodok lumayan unine, masio onok ngembrete thithik. Batreine ndik njobo jejer-jejer dikareti, rodok nayeng. Wayahe batreine lak papat, iki iso nem hare. Paling gak tau ganti, mek dipepe lek isuk.. Potensione wis krowak. Antene iso seyek, sing pucuk nggambleh. Gak e, arek iku lek nyetel radio ambek diuncal-uncalno ta. Tutupe mburine ae wis diganti kethokan triplek ditaleni kawat. Radio ta bekupon iku. Tulisan gelombange wis ilang, karek garis-garise.

Ambek Bendhot ketoke diumek ae, gelombange ditepakno karepe.

“Ojok diumek aeh ta pren, pas kane hare lagune,” Bambing ngablak wis.

“Iki tak pasno kok. Antene mari tak benakno sik ngewes ae. Radio mu ndik hamur jupuken po’o, iki ketoke batreine ate sibun, ” Bendhot njawab.

“Sayang radiokuh wis kadit osi diserpis. Lha tak serpis nangdi ae, jare wonge mesti kongkon mbuak, jiait anceneh,” jare Bambing ambek mecucu. Iso koyok klepon.

“Opo’o radiomu?” Samian takon.

“Critane ojob lak mbiyodo. Mumpung ipes, radio tak get noh ae, lha pas laguneh diparpel hare. Hadak ayas keturon. Gak eroh ojob helom. Ayas gak sempat wis, radio ambek ojob hadak dicemplungnoh got. Awak mencolot, padahal pas tak goleki ndik got sik munih, laguneh pas semuk on de woter. Bareng ketemu hadak wis mbleluk, kobong… koslet paling,” jare Bambing ambek kekel campur getun.

Wong-wong nggegek kabeh. Pancet ae Mbing. Liane kok dadi pelengkap penderita ae. Kok radio, entek taplak ambek sewek piro Bambing lek pekoro setriko.

“Ente sik iling ta, awake dewe biyen. Direwangi numpak bemo, kadang uklam, opo apedesan, mek pekoro tuku kupon lagu. Ambek kepingin lanek penyiare. Opo maneh lek onok artis penyanyi terkenal oket.” Endik crito.

“Artis-artis biduan biyen lek gak sobo radio yo kadit osi ngetop,” jare Bendhot.

“Biyen kanyab radio amatir ndik kene. Lha iku saksine… Tun, Paitun apal iku. Wong kabeh tau diparani. Sakjane pas iku wanyik osi dadi penyiar, cumak isinan. Tau dijak siaran ndik radam ndi iko, lali aku… gak muni-muni… hadak ngompol,” jare Samian. Wis kekel kabeh.

Awas koen le, Samian, rambute koyok sapu duk. Lek surian, sedino entek suri agit. Lek pekoro radio amatir, ancene apal ayas. Ente ecek-ecek.

Ente ero a. biyen radio amatir ndik kene sak arat-arat. Onok Radam Tris ndik Mbareng Kartini, iki nggene lagu langgam ambek keroncong, penyiare sing beken yo Cak Ruslan, tapi terus handip nang Pioner Jalan Bromo. Onok KDS 8 ndik kudusan terus pindah Jalan Kawi. Radio Dendys ndik daerah perusahaan, Radio Lamda ndik Oro-oro Dowo. Lek SOBC sak durunge ndik Jalan Wilis, we’e Om Yoe. Ndik Taman Slamet radione jenenge Telstar 7, cideke onok Radio Tenes-X, ndik cidek stadion iku. Opo maneh. Andalus ndik Jalan Kelengkeng.

Ndik taman Senaputra yo onok we’e Pas Rustam, penyiare Opan sing gondrong sangar iku, gawene bengok-bengok ndik stadion lek onok bal-balan. Radio Omega wek e Hendrik ndik Talun. Radio Imanuel ndik Jalan Cipto. Ndik ngarepe pabrik es Ngaglik biyen onok, tapi ayas lali jenenge. Ndik Glintung onok Radio GL e Pak Jono, Cakrabuwana ndik jalan Ngantang. Ilinga ente, TT 77 ndik Celaket, Gema Surya ndik Sukun. Ndik Kidul Dalem yo onok Radam KD33. Ilingku yo onok Kutilang, terus Fancy ndik Jalan Wilis. Liane sik kanyab, tapi ayas lali. Jaman sakmono penyiar osi beken koyok bintang pilem. Gelek, pendengar-pendengare sing seneng ater-ater nakaman opo najaj. Ayas biasane diumani ambek wong-wong ndik radam.

Zaman iko ganok ilok-ilokan, kabeh rukun. Njaluk lagu, kirim-kiriman salam, salam manis…salam kompersa… kompak persahabatan, salam sayang… wkwkwkw…. Tapi yo onok penyiare nganal sing pleboi, lek sing wedok jenenge opo yo… plekodew le’e. Yo jaman saiki iki, wong kok hobine ilok-ilokan, maido, mesoh… ndik umum pisan. Biyen kabeh lambene tertib. Yang yangan thok wis.

Lho, kok dipateni radione ambek Bendhot.

“Sori.. sori.. batreinya wafat sodara-sodara. Besok pagi mepe lagi yah?” jare Bendhot ambik ngringkese radione. Atase radio transistor ae lek ngringkese koyok sewan sone nentam. Kabele batrei ambek anten iso gak kompak, diringkes mowol-mowol. Bambing iso mbureng hare.

“Lek lagu pas kane ngene iki, batreimu ojok sampek sibun, Ndhot. Bambing helom iso sumer engkuk,” jare Samian nyemoni Bambing.

Tak inggati pisan ae, batine Paitun ambek ngadeg. Mboh, dino iki dituruti ae likis ate nglayap nang di. Tekan prapatan Kayutangan, Paitun mandeg ndik ngarepe serpis radio nggene Pak Edi. Radio opo ae sing ganok ndik kene, mulai radio kuno sampek sing transistor. Pak Edi ketoke nggethu dirubung radio rusak. Sodere mbeluk arpus. Tak rikim lek rusak kabeh. tibae wanyok ngetes nyetel radio, muni ndik corong nduwure toko. Lhuk lagune rek.

Di radio… aku dengar lagu kesayanganmu
Kutelepon… di rumahmu, sedang apa sayangku…

Iku lak lagune Gombloh. Nawak iku, ayas tau ingeb jagongan ambek arek gondrong iku ndik Alun-alun. Malah ayas diukutno tahu petise Boimin. Oala…tahu petis rasa coklat. (idur)