Barongan

ikon paitun gundulPaitun uklam santai pas wayahe helom. Ngrasakno howone Malang, lek jam setengah wolu isuk ngene pancen mulai kane, seger. Koyoke kudu nrabas Gang Gawat iki, lek gak, iso ingeb tekan hamur, batine. Cidek pos, Paitun karepe ngaso ndik buk, tapi kok akeh genaro jagongan.

Bah wis, sikil wis lesek, aco ae. Temenan, kaet nendes, gak lidok, suarane wong-wong iso koyok tawon astep. Bendot ketoke sangar tibake yo criwis. Slathem njeplak nyaingi combene genaro lawetan jamu ambek sulap.

“Oyi tooo, barongane gak odis dibabat karo Pandi. Gusti Allah gak sare…” Bendhot los mlethos.

“Slamet Ndot, jathuko yoopo kampung iki. Lha iku barongan karek utas, cobako dibabat wahhh … kampung lak osi koyok open tah! Rong ulan osi-osi ente dadi rengginang, Them. Lha lak bendino sumuk tah.” Slathem digarap mek atawek.

“Sembarang lek diperjuangno iku mbois pren. Opo maneh lek gawe kepentingane kampung. Barongan iku masio mek ngono, iku mbesuk penting. Kadit ewag awake dewe thok, iku masa depan. Lak ngonoa pren?

Paitun ngempet ngguyu, Mangkane wong-wong lek ngarani Bendhot ‘mas pren”, soale lek gnomo mesti pran-pren ae. Seje ambek Bianto (nawak-nawake lek nyeluk ‘Bionta’) soale senengane nggawe bahasa, gayae kementing. Lho ya. iku mesti Bionta sing pidato.

“Sebenarnya semua itu kan ada aturanya.” Bianto mulai, dehem dhisik mesti.

“Wis, resmi iki,” Nanang nggudo.

“Sik tah, sebentar, rungokno sik ta,” Bianto mendelik nang Nanang.

“Yang sudah kita lakukan, betul! Ndak pa-pa. Justru Pandi yang harus belajar nang awake dewe-dewe iki. Musawaroh iku penting. Dialog itu penting. Umpamanya waktu itu Pandi cerdas, masalah ini ndak akan terjadi. Oyi?” Nanang ngempet ngguyu. Liane macak serius cek Bianto kadit tersinggung.

“Soal ada yang setuju, onok sing kadit, gak popo. Mosok wong podho kabeh? Ombol ae gak podho yo gak
regeg. Apalagi soal lingkungan kita, alam iki nawak ewed. Barongan iku onok termasuk gawe njogo arsine kampung iki.”

“Nggeh pakde…” Slathem kober ae sukur mlethes.

“Pancet ae koen Met. Ente ta lak sing nggarakno rapat RW kesruh. Warga maleh pecah gara-gara ente.
Koen sliyat-sliyut omonganmu.” Bianto atame mulai harem.

“Untung onok muda-mudi melok rapat. Pandi rodok grogi lek rapat onok muda-mudi. Arek-arek saiki cerdas-cerdas, mereka tahu betul yang diperjuangkan buat kampungnya.” Slathem jegidheg kluthek. Bianto mendeliki Slathem ae.

“Jangan lupa, muda-mudi, arek nom-nom iku mbesuk sing njogo kampung iki. Mosok kita yang tua, kewut-kewut ngene, memberi conto yang nggak bener? Yoopo?” Bainto berapi-api koyok kampanye. Dadak tekan kadoan ojobe Bianto metu ambek mbengok.

“Wisa, bengi-bengi ngablak ae, kalah bandar bingo. Jarno tak kancingi lawang sampeyan!” Bianto mencolot helom, kabeh atawek ngakak. Paitun kekel, kapokmu kapan koen. Malem-malem pakek bahasa.

Paitun ngadeg, ngaleh ambek mesam-mesem. Sing jagongan ketoke yo mulai rayub. Paitun krungu remeng-remeng.

“ Ndhot, liwat endi ente? Lapo mubeng”

“Kadit. Liwat kene ae Nang, bareng aku ae. Aku gak wani liwat hamure Pandi.”

“Lho opoo? Gak popo.”

“Liwat kene ae, ayas wingi papakan gak disopo hare. Takoko Slathem, ente yo dirowengi yo Them?

“Oyi, wis awak kenek. Wionge mbureng ae saiki.”

Ingeb tambah peteng, tapi howone kampung sejuk, adem. Ayang-ayange godhong barongan koyok dada nang Paitun sing gak tau kesel uklam kolem uripe dipadangi sinare bulan tekan langit.