Mari magrib Paitun karepe helom, tapi pas liwat gang gawat, wanyik penasaran, kok ndik ngarepe balai RW emar, kanyab arek enom ndik njobo. Tekan kadoan ketok Nanang ambek sing kewut-kewut jagongan ndik ngarepe pos. Ketoke ngrasani arek-arek sing umek ndik balai RW. Paitun mripit nyedek. Krungu nggremenge wong-wong, jare saiki pilihan ketua muda-mudi (Pilkadi).
Sakjane Paitun wegah, tapi gak popo wis batine, kepingin ro arek enom saiki yoopo. Ilinge, wis suwe pol arek-arek nom iku gak lapo-lapo, ewag acara kampung yo gak, ngewangi kerja bakti yo kadit. Sing kanyab saiki yo nglamak nang sing tuwek.
Adoh ambek biyen Kampung rame ambek kegiatane arek nom-nom, kumpulan muda-mudi sregep mbantu warga. Lek tujubelasan opo hari-hari peringatan, onok ae, sing nggawe drama, onok sing gitar-gitaran ngiringi koncone wedok nyanyi, lek gak salah jenenge pokal grup, onok sing mbeso, onok sing sregep ndekor, onok sing pinter deklamasi. Biyen seneng ndelok latihan operet. Trus biyen onok grupe kentrung anake pak Tris.
Mbanyol grupe. Onok sing ngeceti gapuro, pager ambek badugan pinggire got. Paitun sik iling, lek pas liwat ngono gelek digarapi, tapi sik sopan cangkeme, gak nglarakno ati, kathik yo tepo selirone dhuwur. Kadang dijak nakam bareng-bareng lek kerja bakti, gak mbedak-mbedakno. Warga yo seneng, sing nyumbang maleh kanyab. Lek genjot sak terope yo mesti disumbang jenate pakde Jayusman.
Sone nyewo ndik Pak Kalam Lokwaru, mek ngisi kas, aku ero soale aku tau katut pikepe. Biyen kabeh sembarang koyok ikhlas ngono. Tau, pas karnapal ayas dipacaki ambek arek-arek iku, dikei daster, diwedaki mbeluk, terus ambek ngemut dot. Ancene sempel, tapi bahagia.
“Ente ate kolem rapat a Tun,” Nanang ngaget-ngageti.
“Ojok kolem-kolem Tun, iku urusane arek nom-nom,” saut Londo.
Onok arek nom, ngganteng, ketoke ate utem nang embong, diawe ambek Nanang, tibake jare ate golek oker. Nanang takok.
“Yoopo dik, wis onok hasilea. Sopo sing kepilih?” Nanang sula, metuwek.
“Pun pak.”
“Lho kok cepet, sopo?” Nanang nyerek ae takok.
“Nggeh pak, ketingale nggeh disetel.” Jare arek iku ambek ketok getun. Disetel? Radio lee batine Paitun. Nanang ate ngetet takok, tapi arek iku ketoke ngeles.
“Sekedap pak, kulo pados ses riyin,” jarene ambek ndang eskip. Durung adoh, Londo nyumet kompor.
“Kandani a, ayas wis ngiro. Wingenane ayas lak crito nang ente. Ente kudune kolem, ngawal, tapi sing sula. Jaremu ayas nggedabrus. Wis a?”
“Deloken engkuk, lak pancet ae, programe gak jelassss,” Endik melok nyumet.
Dilut engkas pak RW ketok utem tekan gedung. Praene lungset. Lho… lha kok mrene. Iso tambah emar iki. Durung onok sing takok, pak RW wis crito sik.
“Yoopo iki rek. Mbleset wis. Arek sing sregep, programe jelas. Tambah gak kepilih,” Pak RW sambat.
“Lha sing lintune yok nopo pak RW, lak kathah calone?” Nanang nyathek.
“Calon opo, moro-moro liane mundur. Kalah sebelum berperang, hayo yoopo ngono iku? Iki maeng tak celuk, aku kaet ngerti wong areke crito. Iki rahasia, tapi ente-ente perlu ero. Dadi sore maeng onok tokoh masyarakat mrene. Wis, gak perlu ero jenenge. Arek-arek iku diceluk. jarene, arek-arek iku dikongkon mundur, wis munduro ae le, cek ketuane iku, trus koen-koen engkuk didadekno pengurus. Arek-arek jane ate protes tapi situasine gak enak. Ngono critane. Maeng yo tak seneni, lapo gelem. Tapi wong wis kadung,” Pak RW blak-blakan.
“Tapi sing kepilih niki programe sae ta pak?” Nanang takok.
“Koyoke ndakik-ndakik, bosone dhuwur. Wis embuh, didelok ae engkok prakteke,” jare pak RW. Endik mbek lolhak-lolhok. Londo gayae getun. Kemlinthi Ndo, atase bekas pengurus muda-mudi, oleh gayae thok, ero aku. Lek pas kancane repot, tewur, kadit ngetok, tapi lek wis mari kabeh acara ate dimulai hadoow macak jas-jasan nyambut tamu koyok lakone, rambute kluncum pomed. Endik podhoae, senengane dadi protokol, lek wis nyekel mik ayahab arek iku, kalah toa, nggedowos sampek dipaido sing nontok.
Lek Nanang gak, tau dadi ketua, mek rodok kemalan.
Ngenem-ngenem Paitun mrepet nyedeki balai RW, liwat lompongan halabes, nginceng tekok cendelo. Ladala… iki rapat model opo iki. Kabeh ndingkluk nyekethem telpune. Jare wong sak iki jenenge opo, hape androit. Lek aku eroku yo androk, androkan. Oalaa sing rapat lek lungguh ketail kanyab sing gak androkan.
Paitun helom utem gang. Pas liwat Kayutangan, ndik ngarepe servis radio pojokane Rajabali, Paitun mandheg, ndeloki radio-radio lawas ndik etalase koco. Ndelok radio lawas, Paitun iling jamane ambek make kolem ngrubung radio ngrungokno pidatone pak Karno
“”Beri aku 1.000 orang tua, niscaya akan kucabut Semeru dari akarnya. Beri aku 10 pemuda niscaya akan kuguncangkan dunia.”