HELEM IRENG

Udan wis gak sepiro wisan. Tak tutno ae likis ate nang endi. Lhuk, ngarepe gang kok emar. Lhok en Bambing malangkerik ambik tuding-tuding, tekan mburi osi koyok ceret. Kok plaurmen isuk-isuk regeg. Tak tail e se. Iku ngroweng ta kemu, ceret iku.

“Kandanonoh tonggomu iku, Ndhot. Ping piroh ae, Ben papakan ndik enggok-enggokan mestih pethutat-pethuthut. Padahal wis tak kei dalan, ayas ngalah ae. Ngono mbok mesem suwun tah, orahh… Kudu tak ketes ae lundug e… ,” jare Bambing ambek lambene koyok hespre. Wis kekel kabeh ngrasakno Bambing.

“Ente sik ngono. Ayas tau, tekan kadoan ayas wis ketok onok Wak Pan mlijo. Lha ndik ngarep hamure Mbak Riani onok brompit e Jumali, gronjonge krupuke masiyo wis dipepetno got, lak yo sik mangan dalan. Ngono ilo, Lik Pandi kok isone, wong wis kewut karek belung ambek entut, iso brompite sliyut-sliyut ngetet ae nyelip. Wiss… awak rubuh nang apedese Jumali, keblegan krupuk ta, morat-marit. Lik Pandi tambah ngowengi ayas. Gak main blas wong iku. Jait. Kon ojok nggegek ae. Tun…” jare Endik.

Sing kekel wong-wong, awak-awakan sing kenek, batine Paitun. Sing slamet ente keblegan krupuk, kok gak ublem got pisan. Endik wedi, brompit e paling nyeleh kidae. Kok dungaren disilihi. Ndhisik dulur-dulure wis kapok, pengaweane nyekolahno brompit.

“Takok o Paitun ta. De’e lak retune embong. Apal wisan kelakuane wong ndik embong. Ente iling a Mbing, wanyik semaput pekoro kecipratan helem mencelat, wkwkwk…,” jare Bendhot nggarap Paitun.

Iling ae, kampas rem iku. Tapi ancene, mbuh jaman saiki yoopo yo. Meh kabeh wong ndik embong isine methuthut ae. Sing mesem mek siji loro. Onok wong apik-apik ngalah, ngekei dalan, ngekei kesempatan kendaraan nyabrang dalan, ambik mesem nyumanggakno, tambah dipendeliki. Onok sing ngetet hape an, padahal dienteni kendaraan liane, yo gak duwe isin, koyok embonge hame ae. Sing ndesit maneh yo akeh. Wis jelas-jelas onok ebes-ebes kewut ngenteni suwe ate nyabrang, ngono yo ganok sing mandeg diluk tah ngekei kesempatan, untung ae disabrangno arek kaceban. Iku gak enom gak kewut, ledome koyok gak ketok ngono, gak peduli blas. Onok yoan sing apik wonge, onok wong nyabrang mandeg sik ambek mesem nyumanggakno nang sing nyabrang, tapi tambah dipleroki ambek kendaraan kanan kirine sing ngotot sliyat-sliyut nyelip. Kathik ambek bleyer-bleyer, jan ndesit pol. Biyen sekolah opo gak yo.

“Heehh, ndelilek ae sadel ikih, yoopoh koen Tun njegidheg aeh… Jare ratune embong… Ooo… saikih wanyik kolem kebatinan om… sembarang dibatin… Sing jelas doel…”jare Bambing nggarap. Lambene iso koyok cikrak.

“Onok sing kadit nes maneh, wong wis jelas-jelas setopan sik abang, sik bal-bel, tan tin ae. Lek gak sabar yo mumbulo wayahe. Mari abang lak jelas ijo ta, lak gak abang terus. Yo sek onok makluk koyok ngono,” jare Endik. Riadi hansip kolem-kolem pisan.

“Kok setopan, wis ero lalu lintas macet, mandeg jegreg, yo onok sing ngetet nglakson. Kemalan iku, paling ate pamer lek akine dobel. Biasane ngono iku wonge kadit bahagia. Senengane mbrebegi kancane, antarane ngono,” jarene. Lhok en, sepatu jatah kegeden sik diewag ae. Seragame yo ngono, mbok dipermak sik. Paitun mesti kudu ngguyu lek tail Riadi. Ketoke kroso wanyok.

“Paitun ngono kadit osi sepedaan wkwkwk…, gonceng ae,” jare Riadi. Terus ae hadak lambene. Repot kenthes iku. Gak pathek en gak gonceng koen le, ora katene. Ente lek ero umbame jakete. Osi koyok ndog kuwukan. Kathik pas krah e sing dhedhes iku.

“Tapi nggonceng Paitun aman, masiyo kadit heleman, dijarno ambik isilup. Paling isilupe gilo, wkwkwk… “jare Bendhot ambek nggegek. Osi kekel kabeh. Asline yo gudhuk pekoro awak-awakan. Dipikir isilup, makoa iku yo heleman, wong ndas sak raine meles koyok helem ireng. Mek ganok cap-capane. Ente ero bompite, lek uline sibun, diisene gemuk. Tau keleket biyen, diketes karo isilup e ambik kekel wonge.

Jenate Pakde Sri biyen, pensiunan isilup, ayas gelek diisaki oges bungkusan, pas jagongan ndik pos pulisi Alun-alun, sik ling aku, wonge tau crito. Carane ngukur watek e uwong iku salah sijine iku tekok perilakune ndik lalu lintas. Asline ketail wis, wong crekel, wong sombong, njaluk menange dewe, gak duwe suwun, koyok jagoan dewe, kadit peduli masalahe genaro liyan, yo onok sing gak duwe isin, rai gedhek. Gak wong elit gak wong kampung. Pekoro parkir kendaraan ae, yo onok sing sak karepe dewe, kudune kan mikir ooo… iki engkuk lek aku parkir ngene, iso wong liyo kangelan gak. Onok sing kenalpote suarane gak karuan, lek jare kendel gantien po’o ambek mercon bumbung pisan. Nyetir ndik embong iku sakjane yo kan salah satu ujian tekan Sing Nduwe Urip, jare Pakde Sri. Dikongkon sabar, ati-ati, gak ngangel-ngangel wong liyan. Umpomo wong-wong ndik embong iku seneng mesem, sabar, suka menolong dan mendahulukan orang banyak, enteng njaluk sepuro, tertib, iso-iso lalu lintas menyenangkan, macet iso udar dewe, opo maneh lek budhal nyetir kabeh ndungo slamet lan lancar. Terus, yo helem ukut ewed, bondo dew, ojok nyeleh kancane ae

Sik durung mari mbatin. Bambing hadak gutap iral singitan ndik rombong rokoke Mat. Bendhot yo ngono tapi kadit sempat eskip, posisine kedangdangan ting listrik. Mbak Riani tibake marani ambik cinding-cincing sewek e. Emar wis.

“Ketok Bambing a rek? Blekok iku nyeleh helem gak dibalek-balekno. Anakku ate kuliah maleh bingung. Koen yo ngono Ndhot! Helem sing ireng iko durung mbok balekno. Suwe-suwe lek gregeten… deloken yo! Koen tak klongkop tak gawe helem. Cek e, tak karekno kupingmu thok!” jare Mbak Riani mencak-mencak. Lhee, lha kupinge dicantholno endi om, batine Paitun ambek ngempet ngguyu. (dur)