BIKANG MEKROK

Wis suwe koyoke gak udan. Howo awan adem, ingeb sanap. Gerimis kadang nyiram, tapi gak roto, Ambik uklam turut embong ditutno ayang-ayange, Paitun mbatin, howo sembarang kudu disyukuri, wong iku kersaning Gusti Sing Nggadah Urip. Ndik ngarep gang ketemu Riono kue thok, dungaren sik isuk najaj e wis sibun. Ngono sik mbengok towo ae. Wong tak tail mek onok bikang ambik godir karek sak ipet. Ngono yo sik kober gayae ate nyrempet awak-awakan ambek ngekek. Bayem ri ne. Irunge koyok kue thok.

“Jajan a, Tun. Njupuko, sik onok iki. Kemblas wis diborong wong-wong. Ndik pos rame. Tak pikir nanggap koen maeng,” jarene nggarap, terus ndhodhok ambil mbeluk bunder. Sakjane kepingin ciak godir, tapi krungu ndik gerdu kok emar, lho yo aluk ngeprit ae mrono.

Lhuw, nglumpuk kabeh jemblem sak gerombolane. Karepe mripit sula, hadak bekenyek kotis iku tail.

“Lapoh koen nyirik-nyirik. Sinih… Dari tadih di njaba sini orang-orang nunggu kamuh. Soaleh jare wong-wong, koen masioh praenmu gak jelas, tapi lek ngroweng kadang onok benereh… Ojok takok kopi lho yoh?” jare Bambing.

Wisa, liane kolem ngegongi. Ketoke onok genaro aud sing ayas kadit sepiro lanek. Mek mesem thok. Tail ayas gak wani kolem ngguyu. Wedi lek tak tayar le’e. Onok nangkuse paling. Mbuh yoopo kaitane, sing jelas omongan tambah pathing pecothot ae.

“Lek ayas, aluk milih penyanyi opo bintang pelem sing sarik, om. Engkuk bale RW dicet merah muda. Osi-osi bendino warga gemruduk. Wuasik. RW ne gak usah idrek, nglayani warga selpi ae cukup. Merdu…, ” jare Endik ambek nuthul-nuthul rambute. Atase rambut koyok kawul ae, apane sing disureni.

“Iyo yo… lek warga ate duwe gawe lak lumayan, dijaluki tanggapan. Ngene ae, pas nyalon kudu dijaluki perjanjan ya. Kalok warga punya hajat duwe gawe, nanggap bu artis RW gratis. Telung-telung lagu kadit masalah. Ngarep gang, pasang balihone, oke… sip wis. Lho ojok lali, termasuk poto lengkap bersama keluarga manten. Tobbb…” jare Bendhot ambek joget alus.

“Lha idreke terus kapan RW ne? Waktune lak entek ta sobo terop,” Riadi gayae protes.

“Ate idrek opoh… ero tah ubo rampene pemerintahan, ero pembukuan ae mbu-mbuan. Kiroh-kiroh kiteke kenek mangsine stempel ae isoh sedino mbnenakno ndik saloneh Siska. Tapi pegaweneh iso tertib, oketeh isuk-isuk. Helome embuh…. kik…kik…kik… Lek rapat ojok mlorok aeh, iso ditimbali barang… kak…kak…kak… Lhok en… engkuk lak kanyab sing gemar ditimbali… ” jare Bambing ambek gaya kemayu awe-awe. Nggilani Ngimbab, wong raine kok lambe thok.

Paitun terpaksa kolem nggegek. Sik kadit osi mbayangno, iki rasan-rasan wong kampung, omongan gerdu. Lek terus sing jare wong pinter-pinter ndik kampung kene terus setuju, lak ngungib ta sing pinter sakjane sing endi. Sik tak nyimak, ngroweng opo meneh bekakas-bekakas iki.

“Onok sing ketoke temenanan, Ndhot. Iku lho, sing kapan iko mlayu ngubengi kutho, pirang ndino iko. Iku lak yo nyalon RW?” Samian molai kolem genomo.

“Lha laopo, wong onok bemo, kaceb, bis, ojek yo karek ngawe… hadak mlayu. Gak kemeng ta.,” jare Bendhot dengan lugunya.

“Eruoh ngonoh gak ngomong ayas.. . gendhongan ambik ayas po’oh, sak ting rong ting gentenan. Pokok lek istrirahat marung sing kaneh. Lek atase lecep ae yo kadit, peyok badankuh… wk wkwk…. Mlaku ndhodhok sakjane luwih sangar… ya heh yah?” jare Bambing sukur mlethes.

“Tapi nayamul semangate. Cumak yo iku, lek karepe warga, sing tak rungok-rungokno lho yo, kanyab sing karepe lek osi asli warga kampung kene. Wis wayahe, soale suwe RW-RW sing biyen roto-roto guduk kelairan kene. Lek jare sesepuh kene, yoopo-yoopo lek ari-arine… opo yo… lali aku teruse. Jare ibarate, duwe sawah kok mesti dipacul wong lio. Wis pokoke seje howone lek wong asli kene dewe, atine wis ngempel ambek lemah sing diidek. Jarene lho, tapi mbuh meneh,” jare Samian.

“Onok kotis henem. Ngganteng kathik jare jago balap. Mbois le’e yo?” Endik ketoke ngenes.

“Krungu ayas. Tambah jare ate digandengno karo kera sinam kodew kene. Iki kene golek RW rek, guduk ate mantu, ngawutae… Tapi yo iso aksi yo…” Bendhot osiae.

“Masiyoh pembalap opo ae gak popoh. Sing penting lak ojok bolak-balik ngebok opo ngepot, lak isoh bingung tah wargane. Lek mimpin sing kane, ojok mbleyer-mbleyer aeh… ya…heh..ya?” jare Ngimbab.

Pancet ae, sing jagongan liane imblake genah, onok sing imblakan ate ladub rontak, onok sing triningan, Bendhot ae sing kemproh sik kaosan ambek alanet jin. Bambing kadit, kaosan kutang sing ndhredhet, terus kathok ndekan favorite sing koyok tekok karung mblegadhus iku. Padahal ambek ujube kathok iku tau dibuwak. Ngono ambik Ngimbab yo diumumno ndik berita kehilangan ndik radio. Lhoh, ngono ilo yo onok sing ngilabno. Setel sempele.

Mari pidatone poro lambe gerdu, Paitun rikim, sopo ae sing mimpin iku mesti mbois, yo gak kadit nes, yo lek osi ngoco sik, ngukur awake. Terus duwe isin. Cumak sing dikuatiri, pertama ancen koyok yok-yok o, sula… tibae mburine nglethek tetep peladang liar sing kolem juragane. Lak terus nyenyek tun ta kampung iki.

Langit wis thang-thang. Tak langgit sik ae buwuh nang Bik Samini. Ndik ngarep gang hadak rombonge Riono sik nyanggrok. Tak ungak, karek bikange sik kanyab.

“Jupuken Tun, entekno bikang iku. Akeh sing gak sepiro seneng saiki. Jare wong-wong seneng bikang sing asli, sing dicithak langsung mekrok, mambu pandan, medhuk. Bikang saiki ate mekrok ae leren diganjel lungguhane, kathik ngawe pewarna jare,” Riadi drememeng ambik ngaleh.