Astep Taun Baru…

ikon paitun gundulSrengenge tas mudun, Paitun uklam cepet-cepet.  Soale lek gak ngono iso kebetheng ndik embong. Lek ben taun baru yo wis ngono iku.  Ngono yo dibaleni ae ambek wong-wong.  Embong bek, gak wong gak libom.  Brompit tambah, bleyer-bleyer pisan. Ndek hamur opo o nontok tipi opo masak, nakam-nakam ndik pos lak enak. Koyok gak tau tail kembang api ae. Paling pekoro dusel-duselane le’e.

“Ate nangdi koen. Ndik kene ae. Maringono astep Tun. Astep kunthet. Koen adane gak ero adate ae,” Bendhot ate menggak.  Enake yoopo yo, osi ingeb helome. Engkuk bas kadit odis maneh, lak kaliren ta, batine Paitun.

“Opo’o, ojok kuatir. Ibuk-ibuk wis masak,” jare Jon.

“Sing kane yo ngene iki, gak usah macem-macem. Opo istiwewane malem taun baru.  Iku lak mek tengeran lek ente-ente iku tambah kewut, lak oyi se. Lapo nyumet kembang api barang, entek-enteki ojir ae,” jare Endik metuwek.

Halah, wong Endik ae, arek kicik. Lek onok kembang api wong liane mblayu ndelok, lek wanyik tambah ublem singitan.  Paitun sik iling, cilike Endik, memel arek iku, lek ibuke pegel langsung mbengok… onok montor gunting… montor gunting, Endik mblayu sak kayane langsung ublem longan.

Jenate ebese biyen paling ayak sang kampung. Lek taun baru mesti nyumet mercon rentengan, dowo. Masange ae sampek menek ondo. Opo pekoro biyen tau kebledosan mercon renteng.  Dikiro onok sing busung, ate dicekel lha kok mbledhos.  Deloken, tangan kiwone lak bithet.  Sampek saiki bencine setengah mati nang bloke mercon ambik kembang api.

“Iling taun baru ndisik yo? Wis nglumpukno urunan, ate nang pantai, gak odis.  Padahal isuk wong-wong wis nglumpuk ngenteni bis e.  Sampek awan bis e gak njebus.  Tibake ojire disamblek ambek wereng iku, sing nariki duwik lak Yadi ta,” critane Nanang.

“Oyi, mari iku langsung handip, lha diwadani arek-arek Yadi Sanjipak.  Ente ero, ojire jablas digawe opo? Foya-foya, nggomblek, ambek bingo.  Ilinga… sing ndik Indrokilo, jamane ekspo biyen.  Ndekem ben bengi ndik bingo, yo kukut… ngglundung,” jare Bendhot.

“Ayas meh ae biyen nyethet.  Tako’o Pian. Untung mandeg. Jathuko nyenyek tun. Ilinga koen lagune… sudah tau jalannya licin, kenapa naik sepeda, sudah tahu tukar cincin… kok abang masih menggoda… nomernya… empat dua… Wha…ha…ha… Paitun ilo apal. Kesak mbrodhol,” jare Bambing kekel hadak. Jon ngguyu kepiyer.

Wis tambah ingep iki, kok nakam kadit utem-utem, batine Paitun. Nanang dilut-dilut ungak-ungak paling yo ewul. Bambing koyok diilingno.

“Nakamane ndi rek.  Jam orip iki?  Engkok ketepe eskip,” jare Endik gak srantan.

“Lha yoopo. Iyo lek biyen kene masak dewe.  Kenek Edi biyen ngawut thok.  Lek pas jagongan ngene iki, Edi oket mesti ngawab ketep, kadang aud. Ngejak masak-masak.  Tibae nguput ketep ingon-ingone Pak Taslim.  Lek taun baru Pak Taslim lak mesti helom nang ndesone,” critane Nanang

“Oyi, ngono jare tumbas ndik mburi pasar.  Wis pokoke ketep kebengen liwat embong kene, selesai… pergi takkan kembali… ,” jare Bianto.  Dungaren gak metu hah ne, durung klebon oges.

“Ayas methiki lombok ndik latare Pandi, dipisu-pisui ujube.  Pandi ngroweng pisan, Atase lombok ae. Slamete sing sak gegem wis tak kesak,” jare Endik.

“Ente enak, bareng aku?  Ayas bagian sego poteh.  Tak gerilya oges ndik hamur, tak pikir wis ingeb ganok sing nakam maneh.  Wakul tak angkut mrene. Isuke, ojob girab-girab. Ayas lali wakule kari ndik pos. Dapak didangno sego, disape… sarapan ayas mek dithuki jemblem agit ambek teh adem pisan. Engkuk lak mekar ta, jare ojob,” jare Bambing prengesan.

Lhaa… nakaman oket. Bu Wiwik usung-usung nakaman diewangi kanca-kancane. Bianto langsung nyengklak ngrewangi toto-toto.

“Sepurane yo suwe.  Lha nggoleki kemangi, aku lali ndelehe,” jare Bu Wiwik.  Ealaa… dienteni suwene koyok ngono tibae pekoro kemangi.

Ndungo disingkat hare ambek Nanang. Koyok gak mangan rong taun, wuik… wong-wong lek nakam koyok balapan. Tapi sik turah kanyab, akeh sing kadit oket.

“Iki tak dewekno gawe arek-arek panti yo Jon. Opo dibungkus kabeh yo, gowoen ya?” Bu Wiwik wonge seje ambek liane, sing didhisikno mesti wong lio. Kodew liane mlorok ae, gopoh mbungkus gowo moleh, padahal nakaman ndik hamure mbuak-mbuak.  Weteng ta kresek.

Langit bengi wis resik, kembang apine wis prei mletik. Metu gang Paitun ndelok embonge resek thok.  Grang… grong… beluke brompit ambek libom sik mbuleng, macet mrambat.  Duwik sing diobong orip iku, kembang api sak srut, bengsin ngebul sewengi.

Kiro-kiro lek diitung iso le’e sak ulan gawe ngekei nakam arek-arek panti ambek sing kleleran ndik embong, ngrumat wong tuwek-tuwek sing ketlarak. Durung reseke, bekas adahe nakaman, gelas plastik, najaj kidekan, trompet suwek, sak paran-paran. Opo pas mangan gak iling lek subuh uthuk-uthuk sing nyapone idreke soro, telat thithik dipaido.

Paitun uklam tekan ngarepe gedong-gedong. Ingeb unine sik dam… dem… dam… dem. Sak gerombolan kanal kodew utem.  Lhuw… Dodik, Agus Cethul, sopo ae iku.  Lho Mike, Ninik barang.  Apais ae iku, ayas kanyab sing kadit lanek, arek-arek anyar paling.

Kabeh kelakuane koyok kenek oyot mimang. Mari mbyak-mbyakan paling. Ben taun pancet ae.  Nggoleki opo iku kok etet-etetan. Dodik dadak ero ayas. Cilakak.

“Tun, ero potorku a? Dik di paeng yo,” jare Dodik, ilate mlontir.  Montor  pathakmu a, batine Paitun.

“Kon lek kene iki kok pale sarik Tun… ,” jare Dodik ambek atame harem. Arek sempel. Hadah, ketoke ate marani ayas.  Dodik karepe gocekan pager, tibae pager godong… krosakk… gedebug… hadak nyemplung got pinggir embong.  Kapokmu kapan. Taun ngarep balenono, iso nyeblung kali koen.  Klelep uripmu le!