Reuni

Isuk uput-uput, warunge Mak Ti dinggeni ebese ojobe Endik, digawe lawetan ketan mendhol.  Antri lek kate nakam, laris pol, biasane jam wolu wis siba. Pekoro ketan mendhol, nakam model opo ae dilakoni. Onok sing mangan ambik ndhodhok, onok sing klesetan ndik terase bedake Wak Adenan.

Sing kanyab yo nakam ambek methakol ndik brompit. Durung sing nyeleh lungguh ndik kaceb.  Lek onok sing kate ngaceb yo terpaksa handip ambik moloh-moloh.  Paitun seneng tail wong-wong iku, ambek ndepis nakam cedek koraan.

Dino iki gak sepiro emar.  Gak suwe onok libom minggir.  Suarane dang dung dang dung gemblodak musike gak jelas. Onok lek wong omil mudun ambek modele koyok mari mbyak-mbyakan, mari kubam lek e sewengi, padahal ketoke wis umur kabeh. Wadow eman sing nggawe jas ketoke mari hantum.  Pesen ketan, kopi, mendhol disaut ae clemat-clemut sampek dipaido ambek Lek Rokim.

“Mas, ojok dientekno mendhole, lha engkuk langgananku liane lak gak uman,” jare Lek Rokim ambek gregeten.  Ketoke sing situk dikandani mlorok ae.  Gak suwe onok sing oket nggawe brompit lawas, suarane knalpote gak karu-karuan, iku brompit opo selepan, sik sula suarane mesin jait.

“Ente suwene, nang di ae Jon?” nawake nokat.

“Aku lali, kadung uklam ate mrene, dadak aku lali lek nggowo brompit. Kadung mlaku adoh … wes ayas kelab nang parkiran, karek brompitku thok, dilanggit ambek tukang parkire, diait! Khatik lawange dirante, wis maleh ngrayab wong kacepan tak kon ngewangi ngangkat,” jare ambek gobyos, praene koyok mari halak neam, ambek atame harem. Kabeh ngakak, Lek Rokim kekel.

“Lek Kim ayas ipok, sing sangar.  Mendhole siba yo?” jare Jon ambek njagrag brompite gak iso-iso.

“Awakmu mari lapo Jon? Iso gak karu-karuan ngono,” jare Lek Rokim sik ambek ngentekno ngguyu. Jon ketoke njae.

“Iki … luwak-luwak iki liane ngejak reuni ae.  Mosok ben ulan reuni.”  Nawak-nawake mek ngenem ae. Jon terus ngroweng.

“Iki terakhir yo rek. Kadit reuni-reunian.  Mosok kaet biyen pancetae.  Foya-foya, astep … gak jelas.  Acarane mek jor-joran ayak.  Ente enak Med, kibrap kanyab, sukses ente.  Tapi itungane yo kadit. Lha ngene iki, ente mulai SMA sampek kewut yo pancetae, yo gak waras-waras. Koen yo ngono Kris, jare halokese es telu, dadi pejabat, lhok en … pantesa koyok ngene iki, hantum ndik parkiran.  Gak isin ta.  Ayas ngroweng iki guduk pekoro opo.  Ente-ente nawak ayas, brathes. “ jare Jon.

Paitun rodok kaget. Padahal biyen Jon korak pol, arek-arek iki ganok apa-apane.  Lek Rokim ngungib, ethok-ethok  sibuk ngelapi lepek. Ketane Jon sik wutuh, mendhole gak diothek blas. Jon tambah ndandi.

“Koen pisan oo ngono Yok!  Ente senengane ngacarakno gendhakan. Prasamu aku kadit itreng ta.  Meh ben ulan ente nggae acara di Jogja, Arabayus, Atrakad, ndek Ilab, kadang nang singgapur opo hongkong.  Sing kegiatan sosialah, jalan sehat, opo sing kadit mbok acarakno.  Ero aku. Iku mek ketoke.  Wong tibae mek gawe ngacarakno gendhakan arek-arek.  Ente ate ngaling? Onok sing crito nang ayas. Kenyataane lak ngono se?” Jon ketoke tambah muntab, tail sing dijak omong dadak tambah keturon kabeh mengkurep ndik mejone warung. Mek Yoyok sing nyelek todes oker ambek grogi dipenthelengi Jon.

Jon ngadeg ate ngaleh.  Yoyok sik ketenggengen.

“Lek Kim, orip? Tak rayabe ae.  Engkuk lek bekakas-bekakas iki gak tangi-tangi, guyangen ae ambek banyu koraan iku, Ndi pesenanku maeng?” jare Jon ambek ngaleh terus nyangking kresek bek bungkusan ketan. Yoyok gak dipamiti.

Mari sarapan ketan, Paitun uklam ambek sik heran mikir Jon. Ndik enggok-enggokan Paitun gak sengojo ngwasno plange panti asuhan ndik ngarepe gang.  Wah, tak reuni pisan wis batine Paitun.  Suwe gak mrono, Paitun biyen gelek rudit kono, koyok hamure ewed.  Omah lawas tinggalane londo. Clengak-clenguk ndik ngarepe lawang, Paitun kaget.

“Lhoo… Tun, mlebuo. Yoopo Tun kok gak tau mrene,” tibae suarane Bu Tin.  Asline jenenge Prihatiningsih, ondor wis kaet jaman biyen, tapi sik sumringah, praene ketok lek bekase nom-nomane sinam. Jare wongwong bojone ilang ndik Timtim.  Paitun ublem, koyok helom rasane.

Sampek ruang tengah, atine tratap ndelok arek licek-licek kembul mangan ketan. Bu Tin metu omongan.

“Yon gene iki Tun, alhamdulillah onok sing digae sarapan.  Digawakno Jon maeng.”

Durung mari trenyuh atine, sak klerapan, tekok cendelo, ndik gange omah ketok Jon mberesi noto blonjoan ambek sayuran ijo sik seger ndik gronjong kayu mlagrang brompite.

“De, budhal sik yo!” Jon pamit ambek nyetater brompite.

“Yo le, tak dungakno rejekimu akeh yo,” Bu Tin nyauti.

“Alhamdulilah Tun, untung direwangi Jon.  Aku wis tuwek, jathuko yoopo aku ngrumat arek-arek iki.  Sak jeke bojone mati, kenek tipes, Jon brobah Tun.  Anake mek situk, wedok.  Melok bojone, dtugasno ndik Sulawesi,” Bu Tin crito dowo.

Ambek ngrungokno Bu Tin, Paitun ambek mbrebes mili kedelengen tekok njero ndelok lawang ngarep, ndik njobo sinare srengege isuk koyok slambu nyorot-nyorot ijone sayur mayur sing nggrumbul digonceng Jon. Koyok ijone atine Jon.