Lokaria…

logo paitun gundulWis ingeb, mari nakam cenil ambek puthu ndik Lek Pah Jagalan, Paitun uklam liwat Pecinan, karepe ate nrabas Kidul Dalem, Buk Gludug, terus nang stasiun. Ndek prapatan Paitun ngaso, sikile kemeng, sikile purik kadit osi dijak kompromi.

Ngglempoh ndik trotoare toko olah raga, ambek rodok nggliyeng, ndelok plange toko-toko ndik pojokan sik onok sing kelap-kelip. Paitun dadak iling, ndik kono biyen lak gedung Flora, terus dadi gedung Wijaya Kusuma. Biyen seneng, hiburane apik-apik. Onok ketoprak Siswo Budoyo, ludruk, akeh wis pokoke. Tapi Paitun paling seneng Lokaria. Paitun ngguyu dewe iling Lokaria. Oyi, Lokaria.

Bayangane Paitun kelab nang zaman biyen. Maleh iling Isye, Abimanyu, Rudi Hartamin, Asmuni, Nurlela, Alukard, apais henem yo, Jujuk, Timbul, Paimo, wis pokoke mbanyol kabeh. Lek wayahe Lokaria neam, direwangi rai gedheg gak popo ndekem ndik ngarep sing jogo karcis, sampek lek wis sing nontok ublem kabeh, akhire dikongkon ublem ambek sing jogo. Kadang-kadang dilebokno Pak Amang, bose Lokaria. Lek pas liwat, terus tail Paitun, langsung dikongkon ngublemno.

Paitun sik iling banyolane.

“Opo buktine lek bumi iku bunder?”

“Gampang. Deloken lek ndik pelabuan. Kapal iku pertama muncul genderone, terus ketok cagake, terus alon-alon, suwe-suwe muncul kapale.”

“Gak iso. Buktine bumi iku bunder gak ngono. Pak Lurah wedi ambek Bu Lurah, Bu Lurah wedi ambek tikus, tikus wedi ambek kucing, kucing wedi ambek Pak Lurah.”

Onok maneh sing pekoro tuku radio. Onok wargane sing wuto, kadit ketok, lapor nang Pak Lurah.

“Pak Lurah, saya nggak terima. Saya kan bilang ke tokonya, saya beli radio transistor merek Philip. Lho lha kok ten nggriyo, kulo setel … tibae sanes radio Philip.”

“Lho, kok ero koen lek iku duduk radio Philip? Wong koen gak ketok? Iki lho jelas mereke… tak wacakno yo, radio transistor Philip. Lho jelas ngene lo.”

“Sanes Pak Lurah, niku sanes radio Philip.”

“Koen iku gak ketok, ngotot ae.’”

“Ngeten lho Pak Lurah. Ten nggriyo pas kulo nyetel radione, unine lha kok ngeten… inilah radio republik Indonesia. Kudunue lak… inilah radio pilip.”

Lek Rudi Hartamin, durung utem panggung, sik nginceng thok anguk-anguk ate ublem panggung, sing nontok wis kekel sik. Praene ae wis mbanyol pol. Lek Abimanyu ngomong idune muncrat-muncrat. Isye yo ngono iku lambene koyok kenalpot. Kanyab sing nontok lek atawek sampek singan-singan.

Lek malem Jumat, mesti lakone serem, nates, gendruwes, drakula, pocongan. Gak koyok saiki, lek saiki lak gendruwone ngesot barang, suster ngesot, nates thithik-thithik ngesot, nates kok kemproh. Sing dadi drakula yo Alukard iku.

Tapi sing serem lek natese sing dadi Paimo. Tapi sak serem-sereme yo sik kekel ae sing nontok. Biyen dibukak ambek diselingi lagu-lagu barang, onok ben sing ngiringi. Sing nyanyi yo Alukard, Nurlela, kadang yo sing main kolem, masio ta lek nyanyi mleyot, pales, tambah mbayol sampek weteng senep.

Paitun yo sik iling. Lek awan, arek-arek Lokaria yo nggrumbule ndik De Yem, Kidul Dalem. Lapo maneh le gak neam. Pokok lek tekok kadoan krungu unine grup wong kroncongan yo berarti ndek De Yem onok acara main kertu. Emar, sembarang dicepakno. Podo ramene ambek kodew-kodew petan ndik gang-gang kono. Pemaine Lokaria, sing primadona opo bintange, lek kos ndik enek wes dianggep koyok rulud.

“Tun, lapo ngguya-ngguyu dewe!”

Paitun kaget. Oo… ancene sempel Ji iku. Saaken arek iku. Ji mulai licek wis dadi tukang parkir, gelek ngisaki ayas oges bungkusan. Mboh jenenge asline apais, eroku jenenge yo mek Ji. Ham e biyen Wak Ba’I ramalek sitrak ndik Flora kono.

Paitun ngadeg, uklam rodok males. Gringgingen pisan. Ngwasno Flora diluk. Biyen ndik ngarepe gerbang disendekno poster gambaran tangan. Judule ambek gambare ganti-ganti ndelok lakone bendino. Beranak Dalam Kubur, Sam Pek Engtay, Gara-gara Pisang Goreng, Pak Lurah Hamil. Saiki akeh gambare tulisan isi pulsa.

Uklam maneh. Dalan kene maleh padang soale kanyab lehot. Lampune lek ingeb ngene asik nylorot werno-werno madangi aspal dalan, madangi kutho. Paitun mbatin, kabeh wis dadi lehot, dadi toko, emol, gedung biskop.

Terus nangdi gedung-gedung sing tak kangeni, sing ayas osi nontok ludruk, ketoprak, iso onok pentas sing koyok Lokaria biyen. Sing iso nguri-nguri seni budoyo, jare Mas Nari. Gedung-gedung sing lampune gak mek madangi aspal ngapiki kutho, tapi gedung sing lampune sinare sula ngwerno ati, madangi roso.