Kadit Nes!

Gerimis arang-arang, tapi langite padang. Onok wewe gombel manak paling. Paitun pancet uklam. Gak popo mamel–mamel thithik, maringono rimpam nang warunge Wak Mul, batine Paitun. Pojokan parkiran, orem-oreme ciamik. Lonthonge sula. Sampek saiki lonthonge bungkusan godhong.

Kaet mbayangno orem-orem, warunge Wak Ri lha kok emar temen. Lhuk… onok Parman satpame mol, Warno ripus taksi. Samut cilok, ngipok okere kebal-kebul. Onok sing nggrumbul ndik ngarep lawang, yoopo awak lek ate ublem. Ngomong saur manuk, pathing pecothot, saingan ambek suarane brompit parkir.

“Gak e, ayas sampek heran, ate diapakno ae kutho iki. Nggawe sembarang kok mesti nggarakno emar. Kathik gak tau tepak. Ayas masio wong embongan yo ngerti seni,” jare genaro sing gawe jaket levis. Umure kiro-kiro tekes tapi pawakane mbois, macak enom cuma untune tanggim, karek agit.

“Ayas wingi yo gak osi njawab hare. Pas ublem Malang, penumpangku takok, yoopo Malang mas, kok umek ae, jarene. Ayas ate njawab, wonge dadak ngomong terus ae. Sak iki Malang jarene kipa yo? Tapi aku krungu jare onok sing kadit nes. Malang iku mbois. Tapi kudu itreng mboise Malang iku yoopo. Lek kliru yo tambah ndesit. Mboise Malang iku seje, jarene. Ayas oyi ae, lha ate njawab ganok stan. Genarone ketoke wong intelek, tapi lek ngomong thas thes. Dowo wis…,” critane Warno. Warno biyen supir bis. Entek bis telu dipecat. Sing disasak liane rombong ambek wit. Untung korbane ganok sing ketam, tapi warase suwe.

Sing nganal kewut, imblake necis, rambute semiran gak roto, koyoke pensiunan pejabat njaluk emboh orem-orem ambek komentar.

“Ngatur kutho iku gak gampang, dik. Cuma ya ndak bisa seenaknya sendiri. Lak kudu didelok sik, akeh manfaate opo mudorote gawe masyarakat. Kudu ne lak wis paham. Mboh mene lek onok kepentingan liyane. Kaet biyen ngono iku onok, tapi sing saiki kok koyoke rodhok gak enthos,” jarene, ambek nampani mangkok. Embah-emboh ae tak delok wanyik iki, batine Paitun. Kewut nyethet orem-orem. Nyekel sendok ae nggreweli.

Sing jaketan levis tambah ngroweng.

“Lek rasan-rasane arek-arek, koyoke sing nangani iki sakjane pinter tapi onok ndesite. Paling sik kepingin ngetop, cek diarani mbois. Onok gunggungane, dikeploki konco-koncone tambah ndadi. Apais wanyok iku, ket biyen kene-kene yo kadit itreng. Bener jare penumpange Warno maeng. Gak ero mboise Malang iku yok opo, kepingin ngetop keliru, mekso. Tapi yo mboh se, isoae mek dikongkon.” jarene.

Dadak arek parkiran nyaut kolem ae.

“Yo sik ngetopan awak, bes. Sak Malang sing parkir kene sopo sing kadit lanek nang ayas,” ambek ngakak. Samut cilok sing kaet maeng mbeluk ae, moro-moro njeplak.

“Heh, ngetop apane wong koen gak mbois. Karcis iku kekno, susuk ono, wong-wong gak usah leren njaluk, doel. Iku mbois jenenge…” Arek parkir iku langsup klakep, untung keslimur brompit oket. Wis kabeh ngengongi ambel kekel.

“Paitun iku lho mbois. Kewut tapi ngetop,” Samut makakno awak. Sempel arek iki. Ciloke kanji thok. Tau biyeng wong sak kampung diamuk. Ujube lak isin, Samut kakaen alasan lek dikongkon kolem kerja bakti. Keblek iku kadit odis lawetan, gara-gara kanjine diisakno kabeh nang wong-wong gawe ngelem gendero cilik-cilik sing ditarik benang terus dipasang ndik nduwure embong pas tujuhbelasan. Nang ujube gak kiro wani, kepingin diraupi saos ta.

“Ente lek lawetan maringono tambah laris, Mut. Maringono ndik Malang akeh nggen nongkrong, taman onok gembok cintane barang. Osi-osi bakale onok taman kerangkeng asmara, pangku-pangkuan park, taman indehoi. Opo maneh… taman nendes kodew… Wiss… ente jaluk opo. Liane emar, koen nyerek Mut… ha… ha. O yo, taman cilok, cinta lokasi..ha…ha… Tapi ojok liwat Arjosari ente. Tail cilok… iso dianclap koen karo kucing garong sing untune tikas iko,” jare sing jaketan levis. Lambene podo ambek jakete, dhedhes kabeh, batine Paitun.

Onok ibuk-ibuk sing ngadeg ket maeng ngedat angkot kolem mesam-mesem. Ngono yo kober ae ebes kodew iku mlethes.

“Niku sanes kucing garong mas. Niku singone mari opname, hi…hi…,” osi ae Poniti iku, batine Paitun. Sanggule nemplek koyok bakpao. Tangane mblarak sempal, kalunge ngrentep sak gelange, paling ate melok karnapal. Karek nggaekno swiwi, iso koyok widodari. Kodew Malang sinam-sinam asline. Seje lek Parman, lek iku gegere klopo sempal. Kait tak batin, Parman nglirik awak.

“Urusan ngono ojok nokat Paitun. Ente-ente iki kuno, angel lek dijak maju. Takoko arek-arek iku, yok opo nurut sampeyan, mas?” jare Parman macak kereng.

Kera agit sing ket maeng dlomong thok, iso ngungib. Koyoke arek kuliahan. Paitun iling, iku lak arek-arek sing biasane grudukan demontrasi. Raine kileng-kileng, ngelak paling mari panasan. Kongkon sekolah hadak caring. Tapi lek gak arek-arek iki, sopo sing gelem ngilingno pemerintah.

“Nuwun sewu, bapak-bapak. Memang semua ya harus maju. Tapi maju yang bagaimana. Kan harus diperhitungkan juga dampaknya. Mungkin secara fisik bagus, tapi kalau ditelusuri lebih dalam, ternyata bisa-bisa justru merongrong budi pekerti dan budaya masyarakat. Sepertinya semua dikerjakan tanpa dipikir panjang. Kan tidak salah kalau orang jadi bertanya-tanya. Itu biayanya dari mana, apa pakai hasil pajak? Kalau pakai uang negara ya tidak bisa kalau cuma untuk membiayai ambisi pribadi, apalagi yang merasakan hasilnya cuma segelelintir atau sekelompok orang saja. Pakai uang pribadi saja ya ada aturannya. Kita-kita ini kan hanya mengingatkan. Ya kadang-kadang yang namanya kekuasaan itu semakin naik, memang bisa membuat gelap mata, ujung-ujungnya ya nggak amanah,” jare arek situke ambek semangat. Ketok lek arek pinter, batine Paitun. Bathuke sigar degan, nggilap nglopo.

Wong-wong mek manthuk-manthuk. Wadah… iki, lek pekoro ojir-ojiran tak nyengkre ae aku. Mburine mesti tewur. Paitun nylenthung utem. Terang ketoke, terang lek sik grimis maksute. Enake ublem mol ae, adem ndek njero, iso ambik nggaringno sewek mamel iki, rikime Paitun. Cek cepet liwat ondo munyer iku ae, tambah deres hare. Lapo dadak Parman satpam ndang-ndangi.

“Tun, koen lek ate munggah liwato undak-undakan ae. Kono. Ayahab. Lek liwat kene engkok sewekmu kesrimpet. Sopo sing tanggung jawab!” jare Parman macak bludreg. Liwat undak-undakan lak tambah lunyu ta. Oo… bedun iku, kadit nes!