Ratu Luwes…

logo paitun gundulUklam sak ting rong ting kok cenut-cenut kentol iki. Ngaso ae ndik buk cideke warunge Mak Tin ae. Osi ngipok pisan ta. Papakan ambek Riadi hansip, sepedakan kok sliyat-sliyut, osi-osi kesrempet ayas. Sepedakan iso koyok leang-leong, ndrawasi hare.

“Ente lek uklam male teklak-tekluk, Tun. Mangkane kewut ojok nglayap ae…” jare Riadi sak mlethese.

Oo genjik iku rame ae. Masio kewut lek ngremus ente sik kuat le, batine Paitun. Ambekne lapo awan-awan jogo.

“Kono lho nang bale RW, rame acarane ibuk-ibuk,” Riadi ngandani. Wanyok ancene lak setengah corong.

Waik… tepak iki, emar lek ebes-ebes kodew nglumpuk.  Onok kegiatan opo yo, Paitun langsung jablas nang bale RW.

Temenan wong tumplek blek. Onok genjote barang. Ate nyidek kadit kane, Paitun ublem latare hamure Bu Wiwik, hamure pas sebelahe bale RW. Tail tekan kene ae, pip, batine Paitun. Samian ketoke ndekor diewangi Jon.

Waduw, lapo kodew kewut-kewut iku uklam ngubengi panggung ambek ndegak-ndegek, mesam-mesem. Koyoke lomba ratu luwes iki. Riwa-riwi. Lapo wong-wong kewut, kok gak arek nom-noman ae. Deloken, osi-osi kecekluk barang.  Wkwkkwk… onok sing sanggule copot. Diurak wis.  Eit..ee..eee… wisa kesrimpet sewek.

Untung digoceki panitia, lek gak lak iso koyok petinju dilukup utem tekan genjot.  Yo kait iki onok lomba ratu luwes tapi sing nontok isine kekel thok, kalah lomba lawak.

Iki paling tepak yo nang mburi panggung, batine Paitun.  Tekok kadoan kok koyok umyek ae.  Paitun mripit alon-alon nang mburi panggung, ngintip cideke nggene ibuk-ibuk sing ate tampil.

“Ate laopo koen Tun, ate melok latihan?  Lo…lo…lo lak iso kesroh acarane.  Wis ndik kene ae, ojok mlebu!” emar ae lambene Riadi, kaget aku, gak ero ayas lek bekakas iki njogo ndik kono.  Babahno, aco ae, ndik kene gak popo wis.  Temenan, tibake umyek ancene.  Iki sik latihan wis tewur.

“Sing ngemsi gak tepak yo Mbak Tin.  Gak kreatip.  Masio jenengku Jumakyah, mbok ojok nyebut asline, dimanisno thithik ta… inilah penampilan Mbak Maya.  Cek rodok mbois ngono.  Iki gak… inilah Lek Jum.  Wis awak maleh diurak.  Emsine  gak enthos, ” jare Lek Jum ambek plethat-plethot.

Paitun ngempet ngguyu, whuiikk… lipsetike iso koyok cet meni.

“Aku maeng ate mlebu yo tak pleroki emsine.  Lha mosok iso ngumumno… itulah tadi yang bergaya Tante Bambing…  Kudu tak kruwek ae emsine,” ujube Bambing bludrek.

Ancene pas ndik panggung ujube Bambing latihan,  gak kaop lambene bapak-bapak, opo maneh cangkeme Bendhot lek ngurak. Mbing… ndang mulio Mbing…. Oalaaa, rejekine Bambing deww… Biyen kok guduk iku se Mbing…. Tante Beembii…. mana papi Bembing….

“Wis ojok umyek ae, engkuk buyaran latihan tak kandanane emsine,  Sewekmu iku Jum benakno, ate mlorot lhok en.  Ayo saiki sopo, urutane!” jare Bu Wiwik.

Paitun wetenge senep ngguyu thok.  Riadi nglirik Paitun, kekel pisan hadak.  Ngono kenthese disogrokno wetengku, sempel ancene Riadi.  Des iku.  Lhuw… Bambing tibae ndondok ngarepe panggung ambek gerombolane.  Raine Bambing iso koyok berkat.

“Berikutnya, tidak kalah luwes dan mempesona… inilah Bu Pi’i…. dengan kebaya lorek lorek merah delima….” unine emsine dimanis-manisno.

Bendhot ngadeg malangkerik, blas ganok sing wani ngurak. Penonton gremeng-gremeng ambik bisik-bisik gak wani ngguyu. Hadak Bambing moro-moro ngadeg ambek bengok sak kayane.

“Lorek maneh…. yoyek ho…. Iii…Pi’i… ente nemu ndik ndi Ndott… Eeeendhot supi’iiii…” los cangkeme Bambing.  Sing nontok tegang.  Bambing gak ero lek Bendhot ngadeg ndik mburine.

Lhuk… temenan, hadoh…. Bendhot langsung mithing Bambing.  Bambing berontak, karepe iral lha kok hanggum nang panggung, diuber ambek Bendhot.

Wisa tuleg kemruntel ndik panggung. Ratu luwese semburat. Genjot iso koyok onok lindu.  Akhire panggung bek wong-wong ate misah. Regeg wis. Untung gak kenek dekore, lak iso dibabit ta Bambing ambek Jon. Aluk eskip ae, batine Paitun ambek ndredheg terus iral pisan.

Sikil gak kuat, ambekan ngongslo, Paitun ngaso ndik buk ngarepe bedak pracangane Bu Tatik.  Kanyab ebes-ebes kodew blonjo. Ndek kene tibae yo emar pekoro panggung.

“Wis tuwek-tuwek sik kakean polah.  Mbok ngoco.  Sik pantes opo gak.  Sakjane cek arek nom-nom iku sing nggawe acara, dadi cek ero artine Kartinian.  Iki enggak… ngetet ae.  Lha tambah diguyu wong ta, jeng.  Iyo lek sik langsing ngono, luwes, gemulai…  Iki gak wis awake bunder, pacakane mekso, iso koyok tong dikelir terus diglundungno.  Tin iso koyok lepet,” jare Bu Ambar.  Iso ngekek kabeh, gak kaop kodew-kodew lek ngguyu.

“Iku yo rame lho pekoro danane. Oleh sumbangan warga tibae yo gak nutut.  Kulo ngewangi narik sumbangan De Sum,  kulo bagiane donatur. Sampeyan semerep, kathah sing ngglethek.  Ketoke ae pakeane mewah, tas regone atusan, tibae lek dijaluki sumbangan nggeh mbulet, ngekeki gak sumbut blas kale gayane.  Ayu tapi medhit, mleki,” jare Bu Kawit ambek ketoke pegel.  Wisa, tambah barak kompore, batine Paitun.

“Aku yo ngono kok mbak. Disemayani ping pindo, gak mbalik maneh aku.  Montore ae telu. Iso-iso montore ae bengsine  disemayani. Mosok tahu digawe, tengerono, lak ndik garasi ae,” jare Bu Kus.   Lhuw… tambah nggebros jos kompore.

“Ero aku lek iku. Padahal lek tuku pulsa ndek kene iso sedino pindo.  PKK kesroh lak gara-gara suthil iku.  Mosok pekoro jimpitan rong ewu ae, geger, maringono mengaruhi liani cek gak melok PKK. Ndek TPQ yo ngono, guru-guru ngaji iku lak yo butuh transpot,  adah… gak sepiro, sak  ikhlase.  Maksude, orang tua murid iku sepakat urunan limang ewu.   Ngono yo geger gak setuju, jare kudune gratis.  Lak repot ta,  gawe ngaji anake limang ewu thil gak gelem, tapi tuku pulsa sedino pindo.  Jithoke jeru paling, gak jeru thok… juglangan,” sing duwe toko hadak tambah mbandari omongan.

Gurung mari rasan-rasan ibuk-ibuk kaget.  Bambing setengah mlayu digiring ujube ambek tuding-tuding, adoh… crawake.  Raine Bambing abang ireng gak karu-karuan, imblake dhedhel dhuwel  ditlembuki Bendhot maeng paling.

“Sampeyan gak iso ngregani wong wedok!  Isin-isine ae!  Deloken iko, kesruh kabeh gara-garamu Mbing.  Kathik mene sampeyan nontok pentas, awasss sampeyanI  Iso gak kenek tangane wong lio, tak ssambelll sampeyan!” ujube Bambing spaneng.

Lhukk, sambel pencit kane, iki hadak sambel Bambing…