Penthol Abang-abang…

Sik setengah pitu, tapi langit sik rodok biru. Paitun kalem uklam ngrasakno howone cik segere. Nang ndi maneh ngene iki lek gak nang Gang Gawat. Cumak dirasakno onok sing seje. Embong aspal maleh nggilap-nggilap abang kenek pantulane penthol-penthol sing pathing gembrandol.

Sak jek urip sobo kene, yo kait iki embong-embong nggilap abang. Biyen-biyen yo kadit, embong-embong yo mantul werno-werno, asik. Mangkane wong-wong ndik kaceban maeng kok kanyab sing rasan-rasan.

“Ambekne lapo kok iso ndik ndi-ndi dpasangi lampu abang-abang koyok ngono iku, adane ambulan ae, untung gak muni. Lek muni lak iso disawati arek-arek ta. Lak mbrebeki ta,” jare sing brewok.

“Mosok ganok sing kreatip stape RW iku.  Iku lak tiwas mbuwak ojir thok ta. Iku laham lho thess… Lha timbang digawe seng gak jelas ngono, mbok digawe ngrumat sing kewut-kewut koyok awake dewe iki tah, ya? Pahalane jelas, wkwkwk…” jare sing kempong. Untune pepek tapi koyoke pipine kempong mulai lair.

“Akhir-akhir iki ancene tambah gak jelas. Wingenane onok nawak oket tekan Ilab. sing tukang nuthuki dram iku lho, arek ben-benan, pas ublem mrene, ndik pintu gerbang ngungib jare. Dipikir ndik ndi iki. Jare ngene, lho patung Ken Dedes ndik ngarep iko kok maleh dadi putih kabeh, mosok maleh koyok patung opo ae….

Maringono tambah ngungib, kok pathing gerandol lampu-lampu abang ndik embong-embong, ayas gak keliru ta, tak rikim ublem Makao jarene, wkwkwwk…” jare sing nggawe jaket kulit. Ketoke biyen nom-nomane mbois, jakete sing dhehes kabeh. Jakete sak umuran wonge.  Sing nggrumbul kekel kabeh.

“Ate diapakno kampunge dewe iki. Sembarang kok koyok mekso. Awake dewe iki lak itungane wong lawas,  kene lak ero asal-usule, sejarahe, sipate kampung iki yoopo, apal… nglonthok. Hadak stap-stape RW, cindhil-cindhil sing gak jelas iku, kemeroh, nggawe sembarang diawut ae.

Deloken, onok ta sing digawe gak nggarakno masalah. Ngono onok opo-opo yo ngglembus ae. Kok gak isin yo?” jare sing brengose ketel.

Saking ketele brengose, lambene sampek kadit ketail, dadi lek genomo brengose sing umek. Iku srongeb opo wig.

Paitun kolem kadit kane ngrungokno omongan iki. Tapi biasane wong-wong ngisor ngene iki jujur,  soale atine wis mancep nang lemah kampunge. Ente osi ta mesi genaro-genaro lawas? Wong sing cinta mati nang tanah kelairane. Lek ente gak ngreken, yo genti tambah kadit direwes. Wong Malang wani sembarang, jare.

Oala… yoopo iki, batine Paitun. Adah, Bambing ambek Londo oket hadak, iki lambe babal osi tambah sanap  Kadit onok sing takok, ostosmastis muni ewed lambene Bambing

“Sampeyan ndik keneh ndrememeng thok aeh…. gak teko tah maeng nang rapat musyawaroh warga? Rameh dew…,” radio mulai disetel.

“Ramene paling pekoro awakmu,Mbing,” onok sing mlethes.

“Helom ae, Ndo,” jare Bambing mbik gayane purik ate ngaleh, nyaut lengene Londo.

“Lho sik ta, ojok purik ta Mbing. Yoopo critane, masio rahasia tapi wong-wong lak yo perlu ero ta,” ja re sing brewok. Yo onok ae sing sik ngablak.

“Lek purik ente elek, Mbing. Gak purik ae asline yo wis rembes, wkwkwk…,” jare sing jakete mbladus.

Bambing kroso lek dibikin, tapi ambek Londo dielus-elus dikongkon lungguh sik. Akhire nurut, ate mbantah yo rikim, wong lek ngatu langganan nang Londo. Mari ambekan gedhe ambek ngetaili wong-wong, Bambing gelem genomo.

“Ngeneh yoh, masyarakat ndeg-ndeg an, kupingmuh pasangen yah? Maeng musyawaroh warga. Tapi pak RW gak tekoh, sing oket mek wakile ambik setap-setape. Enteh eroh, dhedhel duwel akhire jawabane pas ditakoki warga. Mosok jawabane ndak ada yang bermutuh, ndak kelas blas,” critane Bambing.

“Mangkane Pak RW kadit oket, grogi, wis kroso lek e…” onok sing nyaut.

“Kok iso ilo, jenenge staf RW kudune lak nguasai masalah. Lha kok iso biyen dadi staf?’ jare situke.

“Pas ditakoni ambek wakile warga, iso gutap kabeh. Sing digarap tbake ganok sing beres. Ndik rapat maeng kabeh gopoh  iku opoh… ngungib we ah ambek hapene.  Harah konoh. Paling lek kadit nokat yo ngerpek takok kancaneh. Wong-wong ndelok mek getem-getem. Untung wakile RW rodok pinter ngeles. Tapi yo sing kecekluk ae lek ngomong,” jare Bambing ndadi.

“Pekoro lampu abang-abang ambek patung sing dicet putih iku ganok sing protes ta Mbing?” Londo takok.

“Yo kanyab sing protes, tapi yo asaib, gayae dirungoknoh… terus jare ditampung dan laen-laen, nggedabrus… gayae lali thess…. maringonoh kene dianggep ngesroh. Engkuk bas-bas budayane kampung iki ate dipendhem. ” jare Bambing ambek mecoco. Lek ngene wanyik iki pas cerdas, batine Paitun.

“Opo paling isone mek samono rek. Mbok apakno ae lha isone mek iku lha yok opo? Lek jare hamku biyen, lek wonge jujur, niate apik, sik slamet.

Lek gak, yo ajur, mesti lek gak pesi yo sanjipak, gae nutupi gak enthose. Engkuk terakhire  masyarakat mulai bedo pendapat, diadu domba wis…

Ayas lair ndik kene, ngombe banyune sumber kene, kok ate diakal-akali,  dipikir gak ero… lawasss… lek modele koyok ngono,” sing jaketan kulit ketoke rodok njahe.

“Mosok wong dipekso kudu nurut karepe RW, kathik warga gak tau dirungokno. Sing dirungokno kancane thok. Mangkane, kene-kene kabeh ojok sampek slimpe. Kudu kompak dew… Sing kewut-kewut ndik kampung kene kudu mudhun ngewangi njogo kampung. Sopo maneh lek gak awake dewe. Ayas krungu onok sing ayahab, kathik carane sula hare,” jare sing brewok.

Omongan ndik kaceban ae koyok ngono. Ngaleh ae wis. Kupingku ae keri lek ngrungokno. Mosok petinggi-petinggi kampung iku osi gak denger, kopoken lek e. Ndik ngarepe tokone tipi, tipi-tipi kanyab sing diurupno, Paitun mandheg, soale krungu suarane ndik tipi iku sing genomo.

“Ndak bisa yang namanya pemimpin menaruk cermin di dada orang lain. Terus semua suruh nurut apa maunya,  semua apa kata saya, kabeh opo jare aku. Ya ndak bisa, kita kan pelayan masyarakat,… dengarkan suara masyarakat. Kalau nggak, sombong itu namanya.”

Paitun gak ero lek ndik halabese toko tipi onok rombong baksone Samut nyanggrok.

“Tun, sombong men koen,  tivi sakmono akehe ditontok ewed rek!” Samut bengok.

Oo… penthol iku, menthil lek e atine.