Pekoro Graono

Mari udan sewengi, dino iki padang njingglang. Langit terang teroco. Paitun uklam lenggang kangkung koyok wong gak duwe utang. Ate nang Bu Wiwik ae mumpung iling, batine Paitun. Nayamul dijanjeni sewek ambeng selendang hare. Masio wis tuwek tapi sik nendang…wkwkwk. Ladub prennn…

Tekan ngarep pos Paitun ngungib, opo iku ndik isore ambene pos. Ate nyidek, hadak onok sing utem tekan isore longan amben ambek gopoh ketatap-tatap. Olaopo ae iku, lho… kok iso ndlosor, ndase ambek awake ublem longan, ngokobe hadak sing njengunguk mleding. Tak pikir lak kresek isine pipian. Ladalah… tibae Bambing. Yo kaget ambek setengah isin wanyok tail onok ayas.

“Heh… lapo koen ndik keneh. Ojok kathik critoh wong-wong lho yo? Awas kalok kamu bikin malu sayah,” jarene ngancam. Paling nggedak thok, wong atase Bambing ae, batine Paitun ambek ngempet ngguyu.

‘Onok grahonoh, koen gak ero ta? Mangkane ayas latihan ublem longan. Lek ndik hamur iso dikabyuk ambek ojob. Ayas latihan entek gerdin duah. Ojok ngguyu! Koen awas lek critoh!” jare Bambing ambek praene abang ireng. Oala, graono lak sek mene, onok latihane barang, kewut tapi keplek eram. Timbang kolem sempel, aluk nyengkre ae.

Ndik pojokan terase Pak Nardi lha kok grup bengkarokan jagongan. Cilakak iki, bah wis halabuk ae ethok-ethok kadit itreng ae. Wisa, Nanang hadak takok.

“Tun, koen ketok Bambing? Sik ndlosora ndik pos?” bantere Nanang lek takok. Apes awak, tibake wis eroh kabeh. Lha lak awak ta engkuk sing diarani nyebarno berita. Timbang dipitenah, nyanggrok ae ndek kene, bek e Bambing mrene. Ketoke graono dadi omongan.

“Lek jamanku cilik ancene dikongkon mlebu longan ambek ebes. Ndik negorone awake dwe iki lek pekoro onok graono yo macem-macem tradisine. Lek ndik kene jarene Bethoro Kolo kalah duel ambek Bethoro Guru. Bethoro Kolo gulune pedhot kenek senjata cakra, ndase ngglundung tapi terus nguntal srengenge, karepe cek e bumi iki peteng dhedhet pisan. Mangkane penduduk nuthuki lumpang ambek alu cek e srengengene diutahno maneh,” critone Endik. Slathem kadit meleg halak.

“Ndik Ternate meh podho. Jenengen ndek kono tradisi dolo-dolo. Pas graono penduduk nuthuki kenthongan pring cek srengengene cek diutahno maneh soale dipangan nogo, mboh opo jenenge lali aku,” jare Slathem ambek gayane rodok kemeruh.

“Gak e, critone kok untal-untalan, srengenge adane apem ae,” jare Bendhot sak mlethese.

“Sik untung kadit nguntal ente Ndhot. Ente gak tau ta dicritane ebesmu opo sopo. Tapi yo ayas maklum, Bendhot biyen lek halokes lak nyambi bukak dadu,” Endik nyemes.

“Lambemu Ndik. Koen ero a rek, Endik biyen lek onok graono, iral… bettt… sak kayane, terus ublem seweke hame. Lha hame pas milii menire beras. Saking kagete hame iso njlungup nang tempeh. Wanyok dicengkiwing hame, dilebokno longan. Marine graono Endik kok gak utem-utem. Tibae koen ero, diinceng, Endik diseret metu, ngetet ae kadit meleg. Tibae wanyok nganthong… wk..wk… Ngakuo ae ente Ndik,” jare Bendhot koyok wong menang main. Endik raine abang ireng, gedheg thok gak wani njahe. Wis kekel kabeh.

“Wong-wong biyen iku corone ancene ngono iku lek ngekei peringatan. Awakmu lak iling ta wong-wong tuo biyen lek menging awake dewe, magrib ojok ndik ngarep lawang, ojok nglungguhi bantal, arek cilik gak oleh melok nylawat engkuk sawanen. Liane sik akeh, koen kabeh mesti iling. Masyarakat, opo suku-suku, iku duwe tradisi dewe. Duwe tapsiran dewe pekoro graono. Mangkane onok sing nabuhi, onok sing mbeso, onok sing singitan, duwe adat dewe-dewe,” Pak Nardi nuturi. Kabeh ngrungokno ambek ngowos. Jagongan maleh osi koyok kelase Kejar Paket A.

“Saiki opoo, masio gak magrib ndik ngarep lawang, yo osi disasak brompit. Wisss… nguawur pol wong lek apedesan,” Slathem ngroweng.
“Lek awake dewe saiki yo seje ndeloke. Graono iku sakjane iso diarani peringatan, menungso cek iling kuosone Gusti Allah, sing nduwe jagad. Iku sik dipetengi diluk srengengene. Yoopo lek jagad iki dipetengi sedino, seminggu, sak ulan, setahun?” jare Pak Nardi. Arek-arek mulai klincutan. Onok sing pucet. Bendhot thok sing pancet soale masio ganok graono yo wis koyok langus.

“Tapi jaman sak niki, graono mboten usah ngenteni taunan Lek Di. Saking biasae, masyarakat mboten kroso lek bendinten enten graono,” jare Nanang.

“Ente ngawut ae. Lek graono bendiro lak maleh angel lek nggoleki Bendhot,” Endik karepe nyekak Bendhot.

“Lek angel nggoleki ayas, nokato Paitun ae mesti ero, yu Tun?” jare Bendhot. Lho lapo kongkon takok ayas, lha prasane ayas bulike ta, batine Paitun. Karuan duwe ponakan sing mbois. Lek Bendhot yo gak patheken. Pas jagongan, lak dipikir wong ayas lawetan areng.

“Kulo guyon,Lek Di. Nopoo kulo kok ngarani graono enten bendino, soale jaman sak niki raksasa opo nogo niki mboten nguntal srengenge, tapi nguntal proyek. Bedane nggeh sak niki mboten petengan tapi gelap ah… he… he… he…” jare Nanang ambek gayane niru ngguyune Ustad Rozikin.

“Iyo yo…pas ngene ini onok pintere sampeyan. Kathik koyoke wis males wong-wong ate nabuhi. Lancar wis ya?” jare Pak Nardi.

“Lho, kathah sing nabuhi de. Tapi sing ditabuhi ethok-ethok mboten krungu. Kadang-kadang rombongan sing nabuhi enten sing terus jagongan kale nogone. Nogo sak niki lak mboten saget nyemprot geni soale moloh-moloh kale sing diuntal. Sing nabuhi rebutan nadai ilere. Ngoten tirose, tirose lho…” jare Nanang.

Lhuw… tekan kadoan Bambing ketoke moro ambek emosi. Paitun gak sempat ate keplas. Awak iso ditlembuk ambek keblek iku. Slamet… slamet tibake kadit.

“Rek,tulung ewangonoh. Ayas ambik Riadi dikandaknoh RW. Amben ndik pos mblethat kabeh. Jareneh aku dikongkon ndandani. Tapi ayas bingung. Jare Riadi, kongkon gawe ereng-erengan enteke orip, ditanggung RW. Terus kongkon nambahi pisan itungane ndandani gentenge, ngambakno terase pos ambek ngganti tekele ambik keramik. Jare ayas lek dlosoran cek enak. Nurut ente yoopoh enake?” jare Bambing nggomblohi. Wong-wong iso lolhak-lolhok.

“Koen yo Tun sing ngandani Riadi!” Bambing mendelik nang Paitun.

Karepe dewe ae keblek iku. Awak wis kroso, mesti diarani, batine Paitun. Kapokmu kapan Mbing, saiki diciprati ilere, emben ente diuntal karo nogone.