Pekoro Gendero

ikon paitun gundulWis suwe gak mampir kampunge Wakid, mumpung pas liwat, mampir. Soale biasane lek ingeb akeh sing jagongan ndik pos. Lha tenan, wong-wong podo nglumpuk koyok mbako enak.

“Lhoo rek, lhok’en iku genaro endi, gak kesasar ta?” Onok sing mulai njeplak.
“Paling nglindur, lali kelab hamure, wkwkwk…” Mboh lambene sopo mene nyocot.

Pancet ae, olob lawas. koyok gak ketemu tahunan. Noyug gak jelas, rodok ingeb omongan mulai rodok jelas. Bianto (tapi arek-arek lek nyeluk Bionta) sing crito. Ngene…

Sak jeke warga kampung kono rodok makmur, yo onok sing berubah , tapi yo akeh sing gak. Onok sing gaya uripe berubah, onok pisan sing kelakuane tambah gak asik. Hobine wong-wong saiki panas-panasan.

Gak soal dunyo gak soal kelakuan. Wingenane pekoro tujubelasan. Pandi iki yo nawak lawas, tapi tibake yo kelakuane sik tetep lawas pisan, sampek dadi rasan-rasan wong-wong pekoro ndik ngarep omahe gak dipasang gendero.

Wis dirasane koyok golek ter-teran. Onok sing ngomong montore telu, sugih, tapi gak iso tuku cagak gendero. Sing kera partai komentar rodok kemeruh, jare iku ngono wis sibah nasionalismene. Omongan ebes-ebes kodew tambah koyok ambune klothok digoreng.

Sing jarene ngrentengi kodewan, sing jare ojobe Pandi camilane mas-masan, onok sing ngilokno jithoke jeru, wis pokoke ajur Pandi. Onok sik ngawut, jare Pandi dewe ae kongkon dadi cagak gendero, kera e lak kuru, duwur (lek ndek sekolahan biyen celukane ‘genter’). Ngono ketambahan gak nyumbang tujubelasan, alasan ben tahun panitia laporane gak jelas. Gak cerdas blas.

Lha kok Pandi krungu, itreng lek dadi omongan. Pandi sanap, wong-wong kerja bakti diparani. (Kaet iki Pandi teko kerja bakti, tapi ate ngamuk, nggawe kaos kutang lawas pisan).

“Ente kabeh gak asik. Pak RT, yok opo iki, ayas kurang opo nang RT. Koen yo ngono Mbang, aku itreng ente pinter politik tapi ente kadit nes nggowo-nggowo nasionalisme. Indab yo ngono (Bandi maksude) aku lak titip cagak gendero, ndi sampek saiki, paling ojire mbok gawe ceki. Maleh ayas sing kenek. Koen ancene sanjipak. Deloken yo, atase cagak gendero ae, tak tukokno sak kampung!”

Pandi ngaleh ambek ngroweng. Tibae kaos kutange mburine bedah. Wis wong-wong atawek kabeh. Menene kampung emar. Pandi nekakno pring cagak gendero nggowo pikep, onok lek 15 cagak.

“Kantun niki pak pringe.” Jare ripuse.
“Wis dumen pisan, kelilingno nang wong-wong iku. Cek ero Pandi iku sopo, atase pring ae!”
“Yotrone pak?”
“Tak bayar tak bayar. Mbok pikir ayas gak iso rayab. Dumno sik, mariki tak rayab, ya?”

Oleh sak jam, ripus pikep mbalik laporan.
“Mboten enten sing purun pak. Tirose pun enten kabeh. Tirose tiang-tiang, mosok omah siji genderone loro, ate gendheng ta, ngoten tirose tiang-tiang.”
“Lha terus tak gawe opo?
“Nggeh mboten semerep pak, sing penting sak niki pelunasane.”
“Koen rame ae, gak tak tukoni meneh mbesuk.”
“Sak niki sak niki pak, mbesuk nggeh mbesuk”

Pandi ngungib. Karepe ngomong sula nang ripus iku.
“Ngene ae mari, cek podho gak rugine, yo opo lek aku tuku separo ae.”
“Lha kulo lak rugi, adoh-adoh. Damel nopo.”
“Yo laweten maneh opo gawe en gendero ndik hamur ente, ya?

Ripus pikep mbesengut.
“Omah siji gendero loro, ate gendheng ta.”

Pandi sanap.
“Koen podho ambek wong-wong iku!”
Ripus iku ndang cepet-cepet nampani ojir sing diisaki Pandi.

Isuke kampung regeg. Warda kaget. Emar maneh. Kabeh grudukan nang hamure Pandi, koyok ate nang ekspo. Latar hamure Pandi dideki cagak sak genderone kabehe limolas. Pandi malangkerik ngarepe lawang nggawe kaos bedah, sampek kalah Paitun.