MEA = Melok Endi Ae

paitun gundul

logo paitun gundulUdan e deres pol, tapi bledheke gak muni, mek lhab lhab. Paitun ngiyup ndik emperan terase Cik San. Rodok sesek wong sing ngiyub kanyab, wayahe jam helom idrek. Unung bledhek gak muni, cobak dhar-dher, lak sing ngiyup bolak-balik njumbul, tekan kadoan osi koyok wayang titi, mek ganok sing salto.

Cik San mek songgowang, kethap-kethip ngantuk kademen. Switere yo pancet ae sing digawe, mulai taun piro, switere yo iku ae, sampek benthelane nglokor kabeh. Simpoane sampek ngethel.

Tapi wong kampung kene, masio nggrumbul kenek tampes banyu yo sik nglocor ae lambene, Kait maeng opo ae sing diomongno. Podo ngetet soale ngalahno suarane udan.

“Koyok awake dewe ngene iki osi-osi gak kanggo. Kalah stan lek gak siap. Ambekne lapo onok pasar bebas. Lha koyok awake dewe ngene iki lak iso terjun bebas ta, jup…. tlosoorrr…” jare Endik.

“Saiki bayangno, wong luar oleh bebas idrek ndek kene, lawetan los…, dagang yo sak karepe, sing kanyab modal yo tambah merdu. Durung liane…, ajur…ajur,” Bendhot sambat.

“Lha awakmu wingenane gak kolem pelatihan ta? Kapan iko Pak RW yo towo-towo kursus gratis ketrampilan. Jarene warga cek siap,” Sugik ngandani.

“Yo telat thes… ibarate kono wis siap perang, awake dewe kait dilatih mbedil. Yo osi halak sak sembarange ta, yo osi tiarap thok awak dewe. Opo lek gak ente-ente ini gawe titis-titisan. Yo dubukak ae kursus ngeles,” jare Bendhot. Okere bal-bel ae. Ketoke Sugik okere siba.

“Sam, okere utas Sam. Ate tuku, udan sam, ojir kari pisan,” jare Sugik ambek gayane ngrogohi kesak. Mblebes keblek iku. Pancet ae, apal ayas, batine Paitun. Lek tahlilan ambek wong-wong mesti ditengeri, lek ate rayub ngono oker sing ndik saleg disok ambik Sugik nang kerduse takreb. Hengg… mlorok nang ayas pethulo iku. Ketoke prei lawetan angsle, lha gak ketoki rombonge. Udan sik nggrojog, sikil mulai njebeber.

“Tambah jarene, wong-wong luar bakale grudukan sing ate idrek ndek kene. Tekok pietnam, tailan, pilipina, singgapor, ndi mene yo… wis pokoke… losss…ate kadit ayahab ta,” Endik ngroweng.

“Mulai tukang sampek professor. Mulai gedibal sampek penyanyi sak penarine. Kathik kodewne sarik-sarik. Iso-iso tukang cukur, tukang talang, depot sampek dokter. Bukak toko lhuw… bebas… bas!,” Endik tambah ngompori.

Krungu toko, Cik San langsung jumbul melek. Paitun kudu ngguyu tapi terus saaken. Digetno ae lek narik switer nang dodone, wis sing mburi bedah.

Bambing thenger-thenger, ketail mulai grogi. Iki ngono pisan, okeran ta nyusur. Beluk utem tekok irung thok hare, iso koyok anglo. Bendhot ngablak ae gak mari-mari.

“Ngene iki lek onok Samian, Budi, opo Londo iso step le’e lek krungu. Lha yoopo, ngeneae kesenian wis mengkis-mengkis. Bayangno ta, lek misale nggembruduk penari-penari sing mangglik-mangglik, tanggapan murah, katek meleg hatanges odum… hara koen, yoopo? Iku durung pelukis sing seniman opo sing daden-daden, hadak lawetan lukisan koyok lawetan taplak ae. Serem… serem iki!,” Lambene tipis ancene asbak iki.

“Ayas yo krunguh. Kabare… wong-wong sing ateh grudukan nang keneh iku kathik wis akli kabeh, masiyoh tukang yo propesional. Godir lek idrekan ae. Sudah berapah taun wis disiapnoh. Dikursusi boso Jowo, boso Indonesah. Sinau kebudayaane keneh. Negoro hadak suwanteh… woles. Kono woles, kene-kene iki sing mules akhire,” jare Bambing sampek gak kroso lek imblake teles separo ketetesan bocoran.

Sepi nyenyep sediluk. Embong kelem banyu. Ngiyup rasane osi koyok numpak tongkang sing kampul-kampul diterak lesus. Bledhek iso koyok strobo. Angin yo was-wes ae. Ipok pengaruh sakjane ngene iki. Ate njaluk Cik San? Lhuw, kresek ae diitung hare. Warung halabes tutup pisan.

Jithok mulai sep-sep, osi-osi helom kerikan kabeh. Sugik iku lapo, oker disumet, ditodes diluk, pateni. Maringono disumet maneh. Begitu karek othis, pas enak-enake dadak mamel… harah kono ngetet ae koreke sampek ketam pisan. Wong-wong kekel kabeh ngapok-ngapokno. Kongkon nyele korek Cik San gak wani. Sik duwe ngatu gulo jare.

“Lek misale ngene yoopo, Sam? Gentian awake dewe golek idrekan nang luar yoopo, budal nang negoro-negoro iku, lak podo ae tibone,” Sugik plaure duwe pendapat. Bendot getem-getem.

“Heh, ngene yo pethulo bin ronde. Mbok pikir ate kemping? Lek ente ladub nang luar, gak duwe keahlian, mek sak enthose, terus ate lapo, elek-elekan paling-paling ente digawe campurane sandal japit. Sing rodok nayamul, paling ente dikontrak ndik restoran, tapi kongkon ndodok ndik njero panci gawe kaldu. Meleg ente? Lek koyok Paitun ngene karuan, ndik kono diklongkop, kulite iso gawe dompet. Maringono dimereki Paytoon, dikirim ublem kene maneh, laham wis… Daginge gawe campuran rabuk, dadi pupuk organik…mereke..sik…Peitania. Ngono le, pethulo bin ronde…ketan kolek gempo legi…” jare Bendhot.

Wis kabeh ngakak, sampek Cik San melok kekel, switere tambah nglokor kabeh.

Paitun menthil atine. Deloken koen Ndhot, Paitun mbatin, tak dungakno helom disamber bledhek, tapi gak ketam tapi tambah ireng koyok tilise dandang. Awak gak pisan pindho gawe sansak. Lek mrenges deloken, koyok dakocan. Dakocan kathik sik dipilok ireng dop pisan. Lambene koyok babal.

Paitun rikim, lha lek wong kene kanyab sing nang luar, maringono helom tibake ndik kene wis dinggeni kabeh ambek wong asing. Lak ngaplo ta ente. Terus lek ndik kene saiki kabeh ngglendhem ae, moro wong asing gembruduk idrek mrene, ngawab ojir kanyab pisan, lak yo tambah bunyek, ate dadi bongso gedibal ta sak lawase? Dipesi thok ae ket biyen. Aluk kadit lek ayas.

“Ayas duwe akal, Sam. Engkuk rombong angsleku tak akehi, nggawe omil engkas. Tak tulisi angsle Vietnam, Angsle Singapura, Ronde Manila, Pethulo Tailan, Serabi Jawa. Siippp wes. Kathik warga kene lak delap a lek nang jeneng-jeneng luar. Sing penting lak cwan ta bos…” Sugik lek ngomong cik kemlinthine. Brengose koyok ketan ireng dirubung tumes.

“Nisore tulisan angsle iku tambahono, le. Tulisono…MEA… dalam kurung… Melok Endi Ae… ,” Endik ngegongi. Ngakak terus. Udan wis entek, gak ngaleh-ngaleh keblek-keblek iku. Tak langgit ae ngenem-ngenem.

Aluk ngale ae. Repot mungsuh genaro-genaro Melok Endi Ae iku. Sing dirikim mek cwan thok. Nyirik thok ae pikirane.

Embong kampung sik teles. Paitun uklam kalem ambek ngelesi banyu ngembeng. Koyoke enake rimpam ae nang hamure Pak Hengki, rikime Paitun. Ngipok, ambek suwe hare ayas gak ngrungokno lagu-lagu lawas. Koen ero, Pak Hengki duwe kaset lawas sak kethapruk, ewonan, sampek koyok museum. Wanyik lek rudit paling bantalan kaset.

Ate ublem, ketail Pak Hengki nendes santai ngrungokno musik ambek okeran beluk bunder. Wa ik, udenge wis ganti rek. Sing disetel lagune wasik, senenganku hare… penyanyine akmat iku lho, tapi sing rambute kribo, guduk akmat sing gundul.

Lebih baik di sini, rumah kita sendiri…
segala nikmat dan anugerah Yang Kuasa
semuanya ada di sini…

“Mlebuo Tun, ipok opo teh? Ndek kene ae sik. Deloken ta, ndik njobo mendunge roto,”