Latihan Drama

logo paitun gundulMumpung sik sore, sing enak uklam-uklam karo ngrasakno angete srengene, Saking enake, Paitun kaget, meh kesrempet rombong. Tibae rombonge baksone Samut. Arek iku ancene seneng nggudo. Mesti senengane rombong oskabe disrempet-srempetno. Nggantenge gak sepiro, medhite gak lumbrah. Jithoke jeru, pait. Ngisaki penthol utas ae gak tau.

“Tun, ojok nengah ae ta, harah kono!” jare Samut ambek nggetak.

“Sing nengah sopo, wong ayas wis minggir. Lambe lek kulino towo yo ngono iku. Kudune lawetan oskab iku lak cukup nuthuk thik-thoke iku tah. Lek awakmu gak. Sak lambene ngablak. Wis brengose koyok srundeng gak kanggo,” semprot Paitun.

“Koen gak nang bale erwe ta? Rono o Tun, onok muda-mudi latihan drama. Lak senenganmu a,” jare Samut.

Gak ngreken Samut, Paitun ngeprit nang Gang Gawat. Lhuk.. bale RW emar pol. Samut pas tepak, iyo i muda-mudi latihan drama. Hadah, kanyab ibuk-ibuk nontok, babah wis kolem ae. Temenan a.

“Loo…Paitun, ate melok main ta? Bu Wiwik mulai mbukak cendelone.
“Ooo iyo…iyo…kongkon dadi suster ae Paitun. Yoa Tun?” Mbak Tin koyok radio dicethekno.

Suster gundhulmu iku, batine Paitun. Lek aku dadi suster, ente sing tak kintus. Lambene Bu Wiwik osi-osi tak obras. Ketoke sing nglatih Samian, Mas Nari mek tail ndik kadoan. Bu Wiwik mboh gremeng-gremeng rasan-rasan opo ambek Mbak Tin.

“Iku gak kliru tah critane, sakjane gak ngono!” Bu Wiwik keprucut omongan.

“Heh, nyonya-nnyonya jangan ribut ya. Kolem ae. Ini cerita sejarah, ero opo sampeyan. Wis! Iki urusane Samian. Urusannya sutradara. Oleh nontok, tapi jendelanya dikunci ya?” Tibae Bambing kaet maeng ndondok ndik ngarep, pakek bahasa, gregeten ibuk-ibuk rameae. Dilut engkas Samian moro.

“Wis sampeyan mulio kabeh. Sumpek aku. Iki tanggal piro, tanggal 10 iku wis emben. Engkuk lak isoa ndelok lek pentas. Arek-arek iku lho sak aken,” Samian nuturi. Ibuk-ibuk klewas-klewes situk-situk ngaleh ambek onok sing mecucu.

“Kamu tetap di sini!” jare Bambing ambek nuding Paitun.

Bambing sempel, arek-arek iku maleh ngurak ayas. Praene koyok klepon, Paitun mbatin mangkel. Berhubung seneng drama, Paitun acoae. Drama onok perange hare. Iku Endik laopo riwa-riwi ndik mburine arek-arek, oo paling dadi piguran, sliweran men.

Saiki lho wis jarang, tambah koyoke ganok blas, muda-mudi kampung nggawe drama crito pahlawan, terus onok aranet alandeb sing ditawan, dieret-eret. Dirante ambek kecer getien. Biasae getihe nggawe tekok yodium.

Padahal yodium lek ditelet-teletno ilange suwe. Male iling Bambing sik enom biyen, tau kolem drama dadi londo tawanan. Menene ladub halokes, awake ambek raine sing koyok klepon iku sik yodium thok, osi koyok mari njlungub. Sampek koyok ngono arek-arek nom pas iku cik senenge drama pahlawan. Saiki poo, yo aluk drama india, korea, sing kera nganale ayu-ayu iku, kodewane nyanyap towo-towo, gilo aku.

Ate magrib latihan wis rayub. Paitun uklam utem gang. Dadak kepikir iyo yo, pas Bu Wiwik rasan-rasan pekoro critone drama maeng, ancene onok benere. Ebese Pak Darmanto biyen lak yo sutradarae drama.

Paitun Iling jenate hame tau crito. Sakjane perang sepolo nopember iku gak mek wong Suroboyo thok sing berjuang. Akeh bantuan tekok pasukan Jawa Timur diladubno gentenan. Tekok Malang diladubno Kompi Sochifudin, tekok Bondowoso Kompi Untung.

Budal tekok Probolinggo Kompi Oesadi sing terus wonge ilang ndik perang. Tekok Lumajang yo onok. Diladubno bergelombang, gak mek pasukan asal BKR-TKR thok, tapi yo pasukan Sabilillah, Laskar Buruh, terus yo onok pemuda-pemudi sing gabung ndik kesatuan bersenjata.

Malang yo kirim pasukan maneh dipimpim Mayor Suwondho ambek komandan kompine Kapten M.Bakri. Pas tempur ndik daerah Ngagel, akeh sing gugur, yo ilang barang, termasuk Letnan Juari.

Hame yo crito, ndik daerah Malang yo ndadak dibentuk pasukan-pasukan. Kanyab kera SMP ambik SMA sing kolem dadi laskar, maju mati-matian ndik perang Suroboyo, kendel-kendel. Akeh sing itam gak dikenal, akhire dimakamno dadi pahlawan tidak dikenal, kusuma bangsa.

Mayor Jenderal Imam Soedjai siji-sjine wong sing nggowo alim ulama Karesidenan Malang nang front Surabaya. Kabeh kadit ngreken sembarang, sing penting ladub nang front pertempuran Surabaya, yakin ngadbi nang nusa bangsa.

Ndik pucuke gang, langit koyok dicet ireng ambek oranye abang. Plek ambek critane hame, koyok langite perang Suroboyo. Paitun uklam karo atine bangga nang perjuangane laskar-laskar iku. Tekok enggok-enggokan Alun-alun Tugu Paitun mesem kecut, oala… kusuma plastik. Ahh… biarlah sejarah mencatat, walau kenyataan melupakan. Lho, male pakek bahasa koyok Bambing lek deklamasi.