KULAKAN

Ilustrasi. (Anja Arowana)

Saking kesele, mambengi Paitun keturon ndik ambene pos. Srengenge kait anget, ate sare henem, hadak kuping brebeken, lambene sopo sik isuk uput-uput ngene wis nyumet kompor. Koyok oges sak kepel dirubung tumes, ebes-ebes kodew wis nggrumbul ngupengi mlijo. Oala, mulai jaman kolobendu yo wis ngono iku bendino, blonjo ambek dibumboni rasan-rasaan. Terus, ojok kaget lek kari-karine gelek regeg. Kadang blonjone kadit sepiro, tempe, tahu ambek micin, tapi sing jenenge kulakan omongan… mbok… gratis tis, barter pisan. Sik dasteran, durung suda, siaran… Bayangno ae.

Mangkane gang iki dijenengi wong-wong Gang Gawat. Tukarane petang dino, rukune telung dino. Mek lek riyoyo rukune osi rong minggu, iku ae ngenem-ngenem sik kasak-kusuk. Pekoro semprit iso dadi semprot. Pekoro kupat osi dadi mblethat.

Wak Pan, mlijo iku yo podho dene. Filinge Paitun kadit kane iki.

“Wak Pan, sampeyan pirang ndino gak lawetan rek? Nggarai soro wong ae,” onok sing ngroweng.

Wak Pan clingak-clinguk. Ate gnomo koyok ngungib. Lek pas ngono, Wak Pan iki tak sawang-sawang osi koyok timun ketindian klopo. Lhok en, sadele apedese sampek ngrupuk rambak.

“Lapo sampeyan kok koyok aneh ngono?” Bu Wiwik curiga. “Gak buk, gak enak aku lek crito.” jare Wak Pan ambek tail tolah-toleh, koyok sedeb ketulup.

“Onok opo, sopo Wak Pan? Mbak Ipul ta? Ganok wonge, wis limang dino nang Suroboyo. Opo’o se?” jare Bu Wiwik rodok kemero.

“Aku ket wingenane gak dodol, soale kentekan ojir buk, gak iso kulakan.”

“Kok iso se? Awakmu paling sik main kertu ae. Kok liane bakaran, yo kobong dompetmu. Lerenono talah…” mbak Tin nyaut setengah maido.

“Gak kate buk, wis suwe leren aku. Ganok wong sugih pekoro main,” jare Wak Pan ambek gaya menesal.

“Masalahe guduk iku, Tin. Crito ae gak popo Wak Pan. Ojok rasan-rasan tapi,” jare Bu Wiwik.

“Lha yo opo, wong iku liane ban-bon ae, lek ditagih mbulet, alasane onok ae. Blonjone daging, urang, pokoke iwak-iwakan thok. Tak kongkon njupuk sayur ae, aku tambah dipaido… prasamu aku marmut yo…jarene. Maleh kulakan macet, buk” jare Wak Pan setengah melas.

Koyok nguyahi segoro, sambate Wak Pan mbledhos ndik Gang Gawat. Mbak Riani langsung koyok spiker aktip.

“Lhoo…lho…lho, gelange, kalunge, ngrentep koyok bintang pelem, tapi nang mlijo ae ngebon. Ngono lek crito nang aku jare tas tuku bedhak ndik pasar gedhe. Nggedabrus tibae.”.

Mbak Tin tambah koyok corong TOA.

“Lha kok sampeyan kaet ero. Wong iku mblebes. Wingenane nang omahku, crito berlian, model-model rok anyar, nglencer nang luar, bareng mburi-mburine kate utang. Waaa yo kadit ae. Sedino rong dino tak balekno jare. Mboten, kadit, maap… maap…”

“Mlijo yo disasak ae, oala…” liane ngebleki omongan.

“Nang ndi-ndi wanyik iku ngakune pengusaha. Onok montor parkir dinyang. Onok omah kosong ditakok-takokno, ngawut ae, wong sing duwe omah ilo mek sambang morotuone. Kiro-kiro mek pos ambek Paitun thok iku sing gak dinyang,” jare Mbak Riani lek ngomong koyok bren.

Lho, lapo jebus awak-awakan, batine Paitun. Ente wani orip. Suarane koyok panci dithuthuki. Iling tujuh belasan biyen, penyanyi sing gak tau dikeploki yo mek Riani thok. Ben e sing ngiringi osi regeg ewed hare. Lha yoopo, nyanyi ta playon Riani iku.

“Alaa… pengusaha opooo… Ngusahakno kancane ngglundung le’e,” jare Mbak Tin nambahi micin.

Tapi kabeh lali, lek ndik kono onok plek e Mbak Ipul.

“Sampeyan gak oleh ngono, aku gak mbelani, Mbak Ipul iku yo sa’aken. Ojobe jare katut wedokan. Jatahe maleh gak iso dijagakno,” Bu Anna mbelane Mbak Ipul.

“Iyo, tapi uripe koyok artis, mestine lak priatin ta. Wong lek crito jare bayarane ujube jut-jut an kok. Cobak lek bojoku macem-macem, yo tak coret tekan daftar lauk-pauk, ” jare Riani jawab ae.

Bu Anna rodok panas, genti nyantap Wak Pan.

“Koen yo ngono, lapo diomong-omongno barang. Mlijo iku dodol blonjoan, duduk dodol omongan!”

“Iku ngono ancene bolone, Wak Pan.” Mbak Tin ngroweng.

Bu Anna tambah umep. Wak Pan praene tambah koyok timun diacar.

“Sopo bolo-boloan! Ngomong sukur mlethos ae. Hobi kok kulakan. Lambe koyok gak tau sekolah ae.”

Dadak moro-moro Bu Riani jupuk kenthang disawatno nang Bu Anna. Bu Anna kaget mbales, nggrangeh pupune ketep diuncalno nang Bu Wiwik. Lhuk… lha kok kabeh kolem rebutan blonjoan gawe sawat-sawatan, bayem, daging, tempe, sak nyekele disawatno. Isuk-isuk Gang Gawat mbledhos, emar ibuk-ibuk kasti.

Untung Jumali lawetan krupuk liwat, terus gupuh nyeluk Pak RT. Gak suwe Pak RT oket ambek mbureng, durung suda pisan. Kabeh diseneni dikongkon helom.

“Isuk-isuk wis rame. Koyok ganok pegawean liane. Gak ngurusi anak sampeyan ate budhal sekolah ta? Kok liane geger ae. Sik isuk wis kulakan omongan,” Pak RT njahe ambik malangkerik.

Wong-wong semburat plencing. Koyok tikus rapat onok kucing oket. Dadak Wak Pan sambat nang Pak RT.

“Lha dagangan kulo yok nopo pak?”

“Yo embuh … lha maeng yo opo kok iso ngene? Ngene ae, engkuk bengi mrinio, digenahno.”

“Mangkane ta… ojok dodol omongan. Pancet ae…” jare Jumali ambek ngaleh.

Paitun ngempet ngguyu tail Wak Pan, ndik bathuke onok bekase tomat njebrot.