Kopi Ketan… Oala…

ikon paitun gundulNdik ngarepe balai RW Paitun nakam tahu campure Sampurno. Kane. Ate gak kane yoopo wong sitrag. Cuma sampurno kadang nggregetno. Awak gelek dibikin. Lek ngedoli ayas mesti gajihe thithik, belung nom ambek mayang diakehi. Iso koyok nakam setip. Ente lak eroa mayang, dicokot iso mendhal-mendhal ndik cangkem. Duduhi sak ipet. Seneng le’e ndelok ayas kloloten. Kupinge koyok thethelan.

Lapo wong-wong nglumpuk iki. Pak RW koyoke morang-muring.

“Mbing… Endik, kok iso onok kedadean gak pokro koyok ngono iku. Koen kabeh lak bendino nongkrong ndik pos. Mosok onok arek rempon ndik taman iso gak ero. Isin-isini ae!” jare Pak RW ambek nyengkre. Wong-wong sebagian yo helom.

Oo… iki mesti pekoro arek rempon sing jare ebes kodew-kodew ndik mlijoan maeng isuk. Kalah koran, lambene wong-wong lek nggosip lak diakehi bumbune, micine. Gak kaop Bu Wiwik ambek Mbok Ra, iso stereo, nrebel.

Pak RW ngalih, gak iso ngrasakno. Ate maido ae bondo campur, batine Paitun. Tapi lek Bendhot yo halabuk ae, wong rai gedeg. Klop ambek Bambing, lambene koyok cithakane najad.

“Maleh awak sing kenek. Arek saiki ancene nguaawuurr pol. Gendheng le’e. Kok iso ilo rempon ndik tamane balai RW. Kopitan awan-awan pisan. Lek onok arek cilik ndelok lak iso sawanen ta,” jare Endik ambek gedheg.

‘Gak usah arek licek. Bambing ae iso sawanen kok,” Bianto manasi. Wong-wong kekel. Bambing ngenem ae ambek ketoke kroso ate digarap.

“Cobak pas iku onok Slathem, lhuw… iso kenek retribusi arek iku. Lak onok ae ta akale Slathem. Kathik lek ngarang cepet. Maaf dik, ini tolong ada retribusi kopi ketan. Apa itu pak? Retibusi kopitan… kik…kik…kik… Lho iso lho ngono lek kenek Slathem. Ambek Bambing dipasang ndik mburine koyok bodigat,” jare Bendhot ambek nirokno gayae Slathem lek narget. Bambing ketok lego, omongan menggok nang liane. Tibae kadit. Paitun ngempet ngguyu. yo saaken, tapi yo seneng lek Bambing disikso.

“Ngimbab iki elek-eleko ngene boipung thess… pleboi kampung. Ente iling a biyen, Bambing sik tas-tase ngojob ambek kera Kepuh. Dikawab nang barongan. Gak suwe Bambing mbejudul mblayu, diuber ambek dikabyuki, areke kodew ne keroken kabeh kenek lugute pring” jare Bendhot ambek ngekek. Bambing kate njae tapi yo kudu ngguyu. Bianto oleh stan pisan.

“Bambing biyen lak yo tau nggending Darwati, arek RT siji halabese pabrik es lilin, ponakane Bu Wiwik,” Bianto sik mulai crito, Endik iling ngakak digetno ae. Bambing raine mulai kandel ketoke.

“Oyi… oyi… Bambing bathuke distempel pos ambek Pak Wito,” jare Endik ambek kekel.

O iyo, Paitun yo ero pekoro iku. Pak Wito kantor pos. Wonge lak wis suwe gregeten soale lompongan halabese hamure gelek digawe arek-arek ngamprin. Wis dikei lampu, dipenek arek-arek, diputer lampune diitami. Wis dipenging, diurak-urak ambek Pak Wito, sik gak kapok-kapok ae. Akhire Pak Wito nemu akal. Wonge lak idrek ndek kantor pos, lek helom ngawab stempel pos sing onok danganane iku. Lek onok arek ngamprin ketemon, dilungguhno ambek Pak Wito terus distempel bathuke kanal kodew.

“Darwati dijak nang lompongan halabese hamure Pak Wito. Apes Bambing, tibae wis didedepi ambek Pak Wito,” jare Bianto ambek kekel sampek mbrebes mili. Wis Bambing melok kekel gak odis njahe, tambah crito pisan.

“Padahal awak sorene wis tail lokasi. Tak pikir wonge lungo. Lha lampune omahe peteng. Durung nyandak, dasku diketes… krahe imblak dicekethem tekan mburi. Jiait. Awak helom rai koyok perangko. Darwati singan ae. Lha yoopo ngilangine, helom lak iso diumbah ta awak ambek ebes kanale,” jare Bambing.

Wong-wong ngakak tambah gak haluan. Pak Nardi sing kaet maeng mek mesam-mesem sampek iso nggegek. Sampek onok sing ngungak tekan cendelo. Ojobe Bambing ngungak pisan, Bambing iso tratap. Paitun ngempet ngguyu, lha lek ojobe krungu lak iso dibothok ta Bambing ambek mama.

“Awake dewe biyen lek ngamprin koyok perjuangan. Sak ngawut-ngawute sik duwe isin. Masio njiat yo sik nurut aturan. Ente lilinga, biyen lek apel. Ebese riwa-riwi ae. Pokoke TVRI lek wis jam songo, ate dunia dalam berita… suarane mesti digedekno ambek ebese. Tong tong teng… teng tong tong teng… wis jam songo ndang mulio… ,” jare Endik. Ngakak maneh.

“Ate aneh-aneh yo maluh, isin nang sak kampung. Isin nang keluargah. Lha saiki, isin iso sak duniah. Paitun ngono gak tau ngamprin, ” Bianto ngablak, ababe, lapo ngerah awak-awakan. Untunge Pak Nardi kolem ngomong.

Pak Nardi iku pensiunan guru. Wonge sederhana, jujur. Anake dadi kabeh. Gak koyok bekenyek-bekenyek iki, dadi molo. Saiki mbukak les-lesan gratis gawe arek kampung.

“Jaman saiki pancen mbingungi. Aku telung puluh tahun mulang. Koyoke saiki arek sekolah, arek kuliah, dipleter kongkon pinter, duduk dikongkon bener. Akeh sekolahan maleh dadi dagangan. Bisnis. Sing ruwet maneh,wong tuone karepe pasrah bongkokan urusan anake nang sekolahan. Mbayar piro ae yo, pokoke beres. Sampeyan tau ta saiki nyinaoni anak sampeyan, paling mek njupuk rapot thok,” Pak Nardi njlentrehno.

“Sing mendhet rapot mawon ibuknyah… he… he,” Bianto ngaku.

“Ayas ketemu anak mek lek budhal sekolah ambek ate turu,” jare Bendhot koyoke getun. Wis, rombongan sambat utem kabeh.

“Mangkane awake dewe saiki kudu iling. Sing ndrawasi maneh, arek-arek saiki akhire nemu konco-koncone sing anyar, hape, android, bb, opo ae… internet, gim. Awake dewe gak iso nguber, gak ero blas ate digowo nang dunia ndi anak-anake dewe. Awake dewe iso lho kelangan arek-arek,” Pak Nardi ngomonge mulai serem. Kabeh mek njegideg. Dadak diterusno ambek Pak Nardi.

“Masio ta sampeyan ben menit telpon areke. Koyoke cidek, tapi asline tambah adoh. Yo sik slamet lek areke dasare apik, ngerti sorone wong tuane. Arek kadang yo butuh digandeng, kepingin dilem, kepingin diseneni, kadang njaluk digudo. Anak tetep anak masio wis dadi opo ae. Duwek thok gak iso. Lha wong dhuwik iku selimute setan hare.” Jare Pak Nardi. Bambing lha kok mulai pucet. Bendhot nggreweli, okeran nyambung terus koyok anglo. Sepur ae onok stasiune.

Embong nggilap tilase grimis. Enake ngene iki mampir nang warung ketane Lik Nur. Ketane top, karek milih bubuke kacang opo dele. Ipoke merdu sekali. Masio mek lawetan ketan kopi, Lik Nur anake loro-lorone dadi kabeh. Biyen masio arek kuliahan tapi gak isin ngrewangi ngedoli ketan. Kathik sopan-sopan. Sing wedok dadi camat ndik Pasuruan, bojone pemborong, langganane tuku ketan, kelet akhire Sing kanal dadi dokter ndik rumah sakit kene, ujube biyen pemain pilem, lek ngaso soting senengane yo andok ketan. Ceket wis.

Dilut engkas dadak anake sing dokter oket. Yo nyopo aku barang. Lik Nur cik jowone nang anake.

“Dines bengi ta le. Tak gawekno teh yo. Wis mangan ta? Rambutmu mbok potongo le. Mosok dokter gondrong. Awakmu kok pucet, kurang turu ta? Jae anget ta, tak gawekno yo? Anakmu mang moleh sekolah mampir, tak sangoni ketan gawe bojomu.” Lik Nur lek ngomong koyok bren. Dokter Arif iso rikuh, ndelok nang ayas.

“Tun, imbuo. Tak jupukno yo,” jarene pak dokter.