Kidang Talun, Mil Kethemil…

ikon paitun gundulIsuk segere koyok ngene srengenge mek inceng-inceng, sik onok mendhung ngruwel nutupi, lha kok saiki ketoke ate singitan maneh, batine Paitun ambek uklam nok embong ngarep pasar. Kok krungu rengen-rengeng wong nyanyi, tapi suarane njlembret koyok bebek tikas.

“Aku duwe pitik cilik wulune blirik. Cucuk kuning jengger abang, tarung mesti menang. Sopo wani karo aku, karo pitikku…”

Oo … suarane Bandi sing lawetan ketep ndik emperan. Ketoke ipes lawetane mangkane nyanyi. Wedhus iku, sliyat-sliyut lambene, nantang tapi pitike sing dijokno.

Onok Bu Cip ambek Lek Jum kok mruput men, mborong koyoke.

“Tun, lhok en… sik korep. Kulakan meneh aku Tun. Tokoku ate tak bek’i, cek lengkap koyok biyen,” jare Bu Cip ambek gumbira. Sopo sing takok, rikipe Paitun. Masio korep lak sinam ta awak, timbang ente wis kewut, nglempit. Mek halak sewek ayas.

“Engkuk sore mampiro yo. Bu Cip slametan,” jare Lek Jum. Lhuw…kane, oleh takreb iki. Bu Cip biasae lek slametan rodok gunggungan masakane. Masio ganok hiasane, mesti pepek iwake, sampek acar kuning onok.

Sore mendhung sik durung nyengkre ae, Paitun uklam kalem ublem gang ate nang hamure Bu Cip. Wis kanyab sing oket. Gang Gawat pasukane lengkap. Lapo kok onok Boimin Tahu barang. Lha kok nggrumbul ndik ngarep. Ndelok praene genaro-genaro kok mbureng kabeh. Ambek malang kerik, Bu Cip cik cerawake sampek krungu tekan kadoan.

“Karepe yok opo! Koen ojok mencla-mencle, Ndhot! Jaremu wingi toko-toko mini ngapret iku wis digropyok, lha tibae kok pancet. Terus yoopo?” jare Bu Cip ambek mendelik nang Bendhot.

“Kulo ngge mboten semerep De. Wingi kulo lak ngetut aken tiang-tiang. Enten Pak RW, Pak Pandi, rombongan tiang kathah, termasuk petinggi kale seksi keamanan. Jelas kok, wong tokone nggeh ditempleki cap-capan. Njenengan tanglet ta ten Juwari. Yo Ri?” jare Bendhot nggenahno tapi ngeles. Wong Juari iku areke gak bek, yo njegideg ae. Bendhot gregeten Juari ngglendhem ae.

“Aku maeng ambek Bu Cip ndelok dewe lho rek. Ancene onok setiker ditemplekno, tapi kok tetap bukak, hayo!” Lek Jum hadak tambah manasi.

Samian senden ndik kursi plastik, umek ambek praene njahe. Mentheng-mentheng. Kadung macak, ketoke ditanggap ambek Bu Cip. Raine kadung digambari, iso koyok kates diukir ndik kuade. Mek nggawe rompi ote-ote, wis kademen. Biasane Samian yo ngrangkep pembawa acara. Paitun ngempet ngguyu.

“Koen ngwasno awak terus. Deloken koen yo! Maringono koen tak pacaki pisan,” jare Samian ambek nuding ayas. Yok opo bledhus iku, kok osi ayas dadi sasaran.

“Lek Paitun mbok pacaki, iso dadi Srikendat… guduk Sikandi… wha… ha… ha…,” Bambing ngakak lambene koyok longan. Bu Cip muntab.

“Koen ojok nylemur Mbing. Podo ae kelakuanmu. Lak koen se sing wingi ngetet ae ngongkon aku slametan? Sukuran de… sukuran… Lek wis ngene iki… sookoorrr… ,” jare Bu Cip ambek nyetholi pipine Bambing. Areke iso dlandapan gak sempat ngeles.

“Pun murang-muring sik ta De. Sembarang niku lak enten prosedure. Paling nggeh sik diurus. Sabar mawon,” Endik karepe ngerem. Dadak Boimin Tahu ngunggano tensi maneh.

“Prosedur apane. Awak sing lawetan cekether koyok ngene ae diuber-uber. Golek koyo ganok tenange. Lek sing dagang koyok awak-awakan ngene, modal ojir ngepres, ithab sak ipet. Yo gak tau direwangi, po digolekno jalan keluar. Prasamu gak isin ta di urak-urak bendino ambek keamanan kampung. Jare arek-arek lek sambat, awake dewe iki sak jane diakoni gak se sebagai warga kene. Kudune lak adil tah, wong pekoro ijin yo podo gak nyekele,” Sambate Boimin.

“Sampeyan itreng ta prosedur iku opo? Lek jare koncoku tukang gambar, prosedur iku singkatane tekok… pro sedulur. Jarene lho…,” jare Samian karepe mbanyol ambek brengos palsune hulik-hulik. Raine iso koyok waloh kidekan. Dikolek kane, rikipe Paitun. Temenan, mlorok nang ayas.

“Enake ngeten De, engkin ditanglet aken seksi keamanan mawon. Soale ketoke pun dipasrah aken keamanan. Lha wingi niku, kulo, Bambing, kale lare-lare, takon ten Pak RW. Nggeh mboten dijawab, dipleroki thok. Terus lare-lare ten nggriyane Pak Pandi. Tirose medal, padahal ketok ten cendelo tiange ningali tipi,” jare Bendhot karepe ngedukno tensi.

“Wis gak ero aku. Koen kabeh mene kudu nggenahno yo? Takon sing jelas. Aku iki wis tuwek, dipikir aku gak kroso ngono ta. Aku wis tuwuk dislinthung, wis wareg diakali. Mestine lak koen sing enom-enom sing ngusut, kudu wani le lek bener… gak usah ngongkon wong. Wis, ngene ae, slametan iki gawe nylameti koen kabeh. Jum cepakno nduk!” Bu Cip ketoke wis itreng.

Nakam bareng-bareng iso nggarakno barokah. Magrib sik suwe, Paitun pamitan, uklam turut gang, santai ambek rodok kewaregen. Ndik ngarepe hamure Lik Sum, krungu maneh wong nyanyi, ngudang opo nyinaoni putune iku.

“Kidang talun, mangan kacang talun, mil kethemil mil kethemil, si kidang mangan lembayung…”

Oala… kidang ae yo sliyat-sliyut, jare mangan kacang tibae mil kethemil nakam lembayung.