Kajur Londo…

Paitun Gundul Kajur Londo

ikon paitun gundulIling pesene mak, mari rikim-rikim Paitun oket nang nentam. Ndik gerbange lehot, Paitun awang-awangen ate ublem. Tail ketoke satpam emar, otot-ototan karo genaro-genaro lites. Koyoke wong-wong iku kadit ngawab undangan. Satpam ngotot gak oleh ublem, padahal tamu liane kanyab sing utem ate helom.

Satpame sik enom, rupane ndelok Paitun gak omes blas. Paitun ate diusir. Tekok kadoan onok sing mbengok, ketoke koyok bodigat.
“Wheee, jarno Paitun iku. Kongkon mlebu ae,” jarene.
Satpam nom iku bingung, “Ojok bes, lha engkuk lak diseneni bos ta lek wanyik ublem.”
“Ngawut ae ente, kongkon ublem ae. Yo ente sing dipecat lek Paitun mbok kongkon nyengkre. Sing mantu ambek sing duwe hotel iki lanek Paitun, di baidi, sopo jenengmu? Ngawut ae! Tun, mlebuo Tun!” Jare bodigat iku. Lho, tibae Ober, sam e Bambing. Sak dulur podho methele, tapi Ober sing gelem idrek.

“Ibuk maeng wis pesen, be’e awakmu teko. Ayo tak terno, liwat kene, ojok liwat kono, wong-wong iso podo gilo,” Lambene Ober bedu ambek Bambing.
Sik untup-untup ndik lawang, Paitun jumbul. Oala, dadak bekenyek-bekenyek wis ndik kono, mbyak-mbyakan. Bambing, Bendhot, Slathem, yo asaib ambek gerombolan setengah wong setengah mejikjer liane iku. Athow… prewangane gang gawat ndik kene kabeh. Ajur.
“Ini dia si jail-jali, ayo Tun kita astep!” Congore Bendhot jeplak. Wis liane koyok diilingno.

“Iki Tun, mreneo, iki lho enak Tun, bakmine seje, akeh iwake. Ageh njupuko! Seje Tun. Lek acara ndek kampung, bakmine gubis ambek sawi thok, iwake kos Tun.” Bu Wiwik ngomong ambek moloh-moloh, suarane treble thok halak sone nentam. Bambing piringe bek, rawon banjir. Gake, Bambing iku kok liane nowar ae sing dinakam wong nakaman liane kanyab. Tahlil nowar, rapat RW nowar, sunatan nowar, mangkane irunge Bambing koyok kluwek. Mbak Tin mek mesam-mesem ambek mendelik nang ayas, kadit muni blas, mestiae wong nggiling ae, kesereten diterusno ae, begedele hedeg diuntal ae, harah kono ngungib golek aqua, Slathem mojok, ngedep podheng, njolo ager-ager gak mari-mari.

“Ini baru seep… Tun. Iki namanya kajur londo Tun. Kita orang perlu sekali-kali kayak tuan-tuan yaa?” Bionta ketail ndesite. Masio ayas yo ero, batine Paitun, rujak londo hadak, iku lak salad, soale ayas wis tau diudang nakam model opo ae. Ndik halabese, ojobe Bionta ketoke gak omes tail kanale, ngroweng.
“Lhoken, ojok isin-isini. Terusno, losen
. Engkuk ndik omah lek sambat wetenge loro, deloken sampeyan. Ojok nggraras-nggragas poo. Kalah blender.” Bionta keselek. Bambing nguplek pancine nowar.
“Mbing, njoloa. Liane lak akeh se Mbing. Kok liane rawon ae. Jarno, gak suwe perot koen Mbing.” Bu Wiwik ngrowengi Bambing. Padahal dee kaet maeng yo bakmi ae. Bendhot mari nakam kanyab sik ungak-ungak nang panganan ndik mejo pip.
“Them, ayo nyobak sing ikoa? Them! Ooo… lhoken sing diumek podheng ae, teteren es Them, mene ngiklik ente!” Bionta ate ngadek kolem Bendhot, dicethol ojobe, gak odis.

Paitun wis gak selera. Alon-alon nyengkre. Ndik gerbang lehot ate utem, Ober bengok-bengok.
“Tunn! Berkatmu Tun! Suvenire tak peke yo, koen gae opo.” Ober oket ambek ngisakno kresek takreb.

Paitun nutugno uklame. Gak adoh tekok lehot, ndik trotoar latare toko, Paitun tail arek wedok licek lungguh kerdus, ndulang adike ambek koyoke nakam oges luru. Pitung jangka, onok ebes kodew kewut nendes rombong ketoke ndredeg keluwen. Paitun kelab, rodok ngungib, takrebe mek utas. Akhire, sing dus jajan diisakno nang arek-arek licek iku, ogese dilungno nang ebes kodew maeng. Paitun gak wani suwe ngwasno moto beninge arek-arek licek iku.

Paitun ngetutno getun atine, lampu-lampu sak dowone trotoar koyok-koyok gak iso madangi sumpeke. Yok opo yo, akeh sing uripe ngglundung, ndlosor, sembarang larang, ojir ganok ajine, tapi sik kanyab sing terus astep, mbyak-mbyakan, mbanyu mili, batine Paitun ambek mbrebes mili. Sak dowone trotoar, Paitun ndungo sak kuate mengkis-mengkise ambekane.