Juara Ngrumat Wong Mlarat…

0
411

logo paitun gundulMari sarapan ndik Mak Tin, Paitun uklam metu gang. Masio sanap ngene, howone Malang sik merdu. Pas metu gang, dek e kaget, kok emar ndik embong, dalane koyok buntu. Arek sekolahan ketoke lapo kok mblakrak nang embong arek-arek iku. Tumplek blek, mbolos ta rikipe Paitun.

Karepe Paitun ate ndusel kolem ndelok, tapi gak odis, lak iso diurak ta ambek cindil-cindil iku, osi-osi kalah ngetop karnapale ambek ayas. Timbang soro, aluk liwat lompongan tokone Cik San ae. Tapi engkuk tembuse Gang Gawat.

Babah wis, paling kabeh nang embong, senengane wong kono lak ndelok karak-karakan. Lha kok karnapal, onok angon kebo liwat ae wis podo playon tail nang embong. Ndahnio lek kebo iku nggawe rok opo androkan, iso tambah mbois ramene.

Ndik lompongan Paitun ungak-ungak, mandarmugo ipes. Lek onok gnaro-gnaro iso nyanggruk ayas ndik kene.

“Koen gak delok kirab ta? Lapo ndekem ndik kono?” Bianto lambene koyok mercon. Kirab gegermu iku, ayas kaget girab-girab hare. Kucingku sampek mencolot. Lhuw… keblek-keblek iku tibake jagongan kadit tail kirab. Sik ndredeg, Paitun ndhodhok ndik emperan hamure Bu Wiwik.

“Wuaakssiii dew… kirabe,” jare Endik oket ambik gobyos.

“Asik ta ndik? Awake dewe kudu banggah. Iku ngalahno sak Indonesiah. Dadi warga lak seneng ta lek oleh pialah,” jare Juwari. Arek iku lek ngomong mburine mesti onok ha ne, dadi ababe los. Paitun iling, biyen rapat ndik kelurahan regeg. Juwari karepe protes, pidato ngalor-ngidul, akhire ditapuk notes ambek sing lungguh halabese. Wis rapat geger gara-gara idune Juwari bolak balik nyemprot.

“Ente gak tail ta, mrunuo, sik dowo iku kirabe,” jare Endik.

“Kadit. Koen mosok ero wolak-walike kampung. Ero mu sego mateng surak,” jare Bianto rodok gregeten.

Dilut engkas brompite Jon muncul. Pancetae, suoro kenalpote koyok gembreng dithuthuki. Lawetan mlijone ketoke sik kanyab. Sawine sampek puret.

“Ipes ta Jon, kok sik kanyab?” Endik takon.

“Oyi. Embong buntu. Kathik ayas maeng yo ladub kawanen. Ngurusi narubuk, arek ndik panti onok sing itam,” jare Jon ambek nyopot jakete. Ambune… hadow. Wong-wong tratap terus dungo dewe-dewe. Ayas yo ndungo, ngawut ae.

“Arek licek sing wingi ndik hamur tikas iku ta Jon?” Bianto mernahno. Jon manthuk.

“Iku lak sing dibantu arek-arek nom iku yo, nglumpukno urunan, nyumbang. Naisak yo… Wis diikhlasno ae, kok cik saakene arek iku,” jare Bendhot. Bambing nglendhem ae, gayane koyok terharu.

“Wingenane ujube Pak Ji. Sak bojo wis kewut, tikas, uripe soroh. Gak iso mlaku kabeh, butuh kursi rodah. Ngadeg ae gak isoh. Ate lapo ae yo tekok gerdin. Ujube mati. Sak iki wonge sebatang karah,” Juwari crito. Rikipe Paitun, Bambing mbrebes mili, ngelapi banyu motone. Tibake ngelapi cipratane idune Juwari.

“Warga sekitar kene iki kanyab sing sik soro uripe. Talarem. Untung Pak Ji wingi yo dibantu ambek arek-arek muda-mudi. Diisaki urunan ambek nglumpukno sumbangan,” jare Bianto melas.

“Wingi lak yo onok wong tuwek itam ndek bedak pinggir embong ngarep kono. Awake entek njebablah ndik lemah. Sakjane ate tak ewangi ngrumat, tapi Bu Tin bingung, arek-arek panti ingeb lak kudu nakam. Kathik yo onok sing tikas barang. Oalah yo opo… saaken aku ndelok wonge,” jare Jon, ambik ambekan gede.

Paitun jan gak ngiro, wong-wong iki, sing ketoke mokong, sing dianggep gak jelas ambek masyarakat, tibak e luwih jelas kelakuane, luwih kipa gnarone. Biyen halokese ganok sing penet, tapi buktine gelem kolem ngudari benang ruwet. Padahal sekolahe biyen paling rayab lengo gas. Karek orip wong-wong koyok ngene iki.

“Paitun iku lho sing sakti. Ganok sing ngrumat, gak tau tikas, suda jarang, yo gak ketam-ketam, sakjane kulite iso digawe dompet,” Bendhot ngomong koyok jepretan tikus. Ngecing awak klentheng iku. Raine koyok bothekan. Slamete Bianto ngomong maneh.

“Ente gak osi ta ngomong, Pak RW lak sik rulud ambek koen?” Jare Bianto nang Bendhot.

“Angel iku. Pokok lek ambik Pandi, wanyok gak iso opo-opo. Mak kluthek… lulut. Pandi tambah ndadi, sak karepe dewe wis. Iku lek kadung karepe lak ngono a. Lha prasamu ayas gak tau ngomong ta? Ngreken ae kadit,” jare Bendhot.

“Ayas kadang bingung. Iki lek ayas halas yo benakno ya. Maksudku ngene, kampung iki lak wis maju, opo sing gak dibangun, opo sing gak dicet, tambah maringono jare mbangun mol anyar ndik ngarep gange Pendik, ndandani iki… mbangun iku. Terus gae opo kenyataane sik akeh wargane sing uripe soro, tikas gemlethak gak kerumat, itame ae ngenes, naisak,” jare Endik ambek ngempet emosi. Kabeh methekur rikim.

“Lha yo, yok opo yo. Pak RW mestine lak itreng. Opo gak ketok yo. Untung onggot ambek arek-arek nom iku sik kober ngrewangi. Angel jakman saiki golek gnaro kipa, Kudune iku lak diurus RW, lek onok sing peduli mbantu yo tambah kipa,” jare Nanang.

Ketoke omongan mulai ndrawasi. Sing enak nylintung ae ngaleh, rikipe Paitun. Alon-alon ngelesi wong-wong. Mripit sampek ngarepe bale RW. Paitun mandeg pas ndik cendelo tail kanyab piala dijejer ndik rak-rakan koco.

Paitun nyedek nang koco, inceng-inceng. Kipa-kipa werno emas. Lhuw… tulisane onok juara opo ae iku. Ambek rodok kiyer-kiyer Paitun moco tulisan ndik piala-piala iku. Paitun nggumun, kok ganok yo sing tulisane juara peduli jompo, juara sayang anak terlantar, opo juara warga peduli, opo piala gawe sing nulung wong soro.

“Koen iso moco ta Tun?” Pandi tibak e jengunguk ndik lawang, ambek njeplak sampek Paitun jumbul.

Paitun langsung mlencing. Embong wis mulai ipes. Uklam ambik sik ndredeg, Paitun mbatin, ayas masio gak halokes yo sik osi moco. Ngremehno wong remeh hadak. Sepurane ae, maap ya, seje ambek ente le, ente moco ambik mripat, ayas moco ambik ati.