Jenang Sapar…

0
150

ikon paitun gundulHowo panas koyok ganok enteke. Ndik latare air mancur Alun-Alun, Paitun klesetan ngedem awak, nayamul oleh semriwinge kepyure unyab. Koyok ndik pantai wis, tapi duduk pantai banyu anjlok, iki banyu nyiprat. Adah… kanae apais sing clometan iku.

“Onok ikan duyuung… ikan duyung… nggendong kucing!”

Wis a, temenan, sak Alun-alun tail kabeh, arek cilik-cilik mblayu marani. Sing nggrumbul ndelok tandak bedhese Pak Untung, iso kolem semburat marani ayas. Boimin Tahu gak kaop lambene koyok wajan.

“Iku duduk ikan duyung le… iku iwak klothok diseweki… kak kak kak….,” Boimin kekel. Blekok iku… lek ngguyu koyok luwak.

Lhuk… Pak Untung sak sedebe mendelik nang ayas, Hadah… sedebe atame harem ngamuk ate marani, iral ae ayas, timbang dikrawuki. Ayas
mblayu ngetepeng, lha kok tambah ditabuhi ambek Pak Untung. Wong sak Alun-alun surak-surak. Saking kekele, Boimin karepe cekelan pikulan, tapi pikulane ucul, mbleset, njlungub raine ublem pas pancine petis.

Gentenan, wong-wong genti nyuraki Boimin, ngono yo ditabuhi terus ambek Pak Untung. Sedebe keplas wedi ndelok Boimin, gingkang ngamplok sak kayane nang bose.

Awak aman wis, ambekan karek seprapat hare. Nang warunge Mak Ti ae, ngelak… ewul pol pisan. Koen lek ero hedol e hmm… mblendrang thes.

Waduh onok opo iki, emar pol. Kanyab umbul-umbul, genaro grudukan. Warunge Mak Ti bek uwong, dengklek e entek, tapi kursi plastik pathing slengkrah. Sing marung gnarone dempal-dempal koyoke gak wani lungguh kursi plastik. Slimpe thithik iso nggeblak kalem.

Waduhh… lha kok buntut wolu thok sing nglumpuk. Kok muncul ngene iki, lha iku… Nomba, Eko, Mul, lhuu… Indab… Dra’ub, Solikin, Bengeb, meh kabeh onok. Gak ewul ngono eskip awak, batine Paitun. Bah wis. Paitun kalem-kalem ublem liwat mburi.

“Sik repot iki Tun, koen rene lek luwe thok ae. Mbok ngrewangi,” Jai rame ae. Atase anak angkat ae nyocot. Mboh biyen Mak Ti nemu ndik ndi, ndik Kali Kasin paling. Metesek, gayae koyok ahli waris ae. Untune koyok ruji.

“Koen gak ro ta Tun. Ndik kampung sebelah onok pilihan Tun. Kene katut ruwet. Aku maleh bukak sampek bengi-bengi Tun, Lek luwe njupuko dewe ae yo… ganok sing ngladeni,” jare Mak Ti. Jai langsung mlorok, raine koyok sablukan.

Oo… mangkane gerombolan buntut wolu kok lengkap. Paitun ungak-ungak tekan mburi mejo. Mul ketoke mbureng, bolone disrangap kabeh.

“Ojok dibaleni kelakuan ngono iku rek. Mosok wingenane ente nggowo gnaro agit, gayae surbanan, jare iso ngongkon jin ngrewangi nyoblos barang. Khayal. Durung mari ngomong sing utas dijegug ambik Dra’ub. Nawake sing aud langsung ngetepeng, koncone mlungker dilanggit,” jare Mul.

“Kin, koen yo ngawur. Ente yaolo pol. Nggawe acara ngundang wong sak RT jare gawe temu warga. Jaluk ojir gawe operasional. Tibake opo? Asline dadak nyunatno anake. Temu warga apane, nyirik sak buwuhane… Genjik iku,” Eko wadul. Solikin gak trimo.

“Ente kadit nes Ko. Deloken jithokmu. Ayas ero, ente ngawab sembako rong pikep. Jare mbok dum-dumno. Nyatane opo? Gak sampek seminggu kidamu bukak lawetan sembako. Saya tahu Om…,” jare Solikin. Eko abang ireng raine. Mul koyoke ate nengahi.

“Wis, saiki ngene. Ente-ente kabeh iso ditoto opo gak? Lek kadit… yo mlaku dewe-dewe ae. Iki idrekan rek. Bah sing menang apais, sing kalah sopo, iku urusan mburi. Sing penting kanan kiri oke. Lha gendheng ta ate mbelani salah siji. Sing penting ojir co! Tapi yo ojok dinakam dewe. Digawe kembul. Ngono lho pren,” Mul tipis lambene, batine Paitun.

Nom-nomane biyen, Mul idrekane ancen dadi combe ndik Alun-alun. Yo combene wong dodol obat, combene wong dodol nomer.

“Calone pilihan kampung halabes odis agit ta?” Bandi takok.

“Onok calon sing naisak, Sam. Wis bondo cupet, oleh wakil tukang gendam. Nguput terus ojir jare gawe sosialisasi. Time curiga, disanggong hamure. Tibae pegaweane ben bengi mek melekan nggedabrus ambek bolo-bolone. Menene tangine awan jam utas. Gak idrek tibae. Idreke ndek pabrik odol, odol-odol kesake aramaut. Ngono lek oket jas-jasan, ngakune araduse wong top, tapi dasi ae nyeleh kancane. Ngomonge ente lek ero, sula… wong-wong iso percoyo hare. Jait.” Dra’ub crito.

“Sing urusan wingi wis beres, Sam. Bingkisan karo ubo rampe dan lain sebagainya wis tak atasi. Diewangi Bengep ambek Nomba,” Bandi laporan. Kaose Bandi mbois hare, onok gambare tangan nggowo panah, tulisane opo iku… Robin Hood… oo duduk, eala tibae tulisane Rokim Hood.

Solikin kober ae nyathek lambene.

“Temenana? Benera Mbon jare Indab?”

Nomba manthuk. Bengep tolah-toleh ngglendem. Solikin ngetet ae.

“Engkuk bas masmu mben bukak toko sarung.”

Pas ngomong ambek mlengos, dadak Solikin ngwasno ayas. Paitun telat ate ndlesep.

“Lho Paitun, nawak lawas… wis oleh dum-duman Tun? Oo… tapi ganok hare dum-duman sewek. Njaluko Bandi ae… stok sarunge sik akeh,” Solikin nyemoni Bandi.

Bandi mblethat emosine. Nyaut kursi plastik ate diuncalno nang Solikin. Untung didangdangi Eko. Waduh kesroh iki. Warunge Mak Ti osi-osi mbledhos. Jai mek ndlongob. Lek koyok ngene tak ngaleh sik ae ayas, batine Paitun ambek ndredeg terus utem. Onok opo-opone ayas osi kecokot.

“Ojok kesroh ndik kene. Lapo ae. Ayo buyar…buyar!” Mul mbengok metu kerenge. Kabeh klewas-klewes nyengkre.

Paitun nyepetno uklam. Tekan ngarep hamure Bu Wiwik, ketok wong-wong, Nanang, Endik, Juwari, Bianto nglumpuk, ketoke nakam-nakam. Mosok slametan. Slametan opo kok sore.

“Lha iku Paitun. Mrinio Tun. Iki lho, Bu Wiwik nggawe jenang Sapar. Kane Tun, onok grendule!” Bambing metu genae. Wanyok lek onok nakaman umbam ae.

Paitun nggumun, tibae sik onok sing iling jenang Sapar. Wong-wong sederhana koyok ngene iki sing tambah iso moco urip. Paitun iling nasehate jenate hame Bu Tin panti.

Mbah Sujono biyen crito, lek wulan Sapar ngene ini onok sing diarani dino Rebo Wekasan. Dino sing bek karo braolo, ewonan musibah iso kedaden. Waduh, lak emben rikime Paitun. Kabeh iku iso ditamengi, jare Mbah Sujono. Kudu turah ibadah, kudu kathah sedekah, ambek kudu sak akeh-akehe nglakoni apik karo tonggo lan lio liane.

Paitun nyiduki jenang Sapar ndik piringe, ngecapi ambek ndredeg. Paitun rikim, lha iyo mosok wong-wong sing pinter iku, dum-dum sembarang kalir opo niate wis bener yo. Kok lek onok perlune kait dum-dum. Lek ilingku, sedekah iku yo kadit hutub balen. Lha ancene lak wis kewajibane, terus ate goroh model opo, kadit osi ente ngaling.

Sakjane paitun kepingin suwe jagongan ambek wong-wong. Jenange kane, bayem rine, ayem atine. Tapi sikil kudu ndang uklam dienteni dalan.
Ndik pojokan gang, gak sengojo Paitun papakan Mul ambek Bandi. Benderan gak ngreken ayas.

“Ndi, aturen yo. Sarung ambek liane amanno sik. Mben dicairno ae. Ojok ero arek-arek. Tak enteni ndik hamur yo,” jare Mul ati-ati terus mlencar.
Gerimis mulai kepyur padahal srengege sik padang. Paitun niat kadit ngiyup, yakin karo seweke sing wis grimpis, sewek sing njogo awake mulai lair sampek mati engkuk.