Golek Gantrung Le’ e…

Paitun Gantrung

Paitun ketok ndik pojokan Balai RW pas onok acara. Parkiran bek brompit, libom yo kanyab. Mangkane Draup prengas-prenges ae, nyirik thok ae spion iku. Jogo parkir ae cik necise, riwa-riwi ngoco ndik spion terus, Diluk-diluk ngoco. Jaket e sing mburi onok gambare opo iku, simbule gak jelas. Paling jaket diisaki, lek gak nemu ndik urek-urek.

“Lapo koen tail jaketku ae? Opoo… mbois ta gambare? Awak lak kreatip ta, heh ya? Ente ketoke ngremehno ayas,” jare Draup ambek kemenyek. Mbois apane, batine Paitun. Raine koyok watu.

“Minggir… minggir… ,” Riadi keamanan tekok kadoan bengak-bengok ambik gayane nyeterilno embong. Paitun penasaran, onok opo iki.

Rombongan apais iku. Lhuk, karak-karakan. Pandi ndik ngarep dhewe, ngawab koyoke kerdus dihias. Ndik mburine ditutno wong-wong kencak ambek podo ngangkat sapu korek. Ate nyaponi opo wong-wong iki ingeb-ingeb, rikipe Paitun. Tibake gerombolan Pak RT sing ngetutno ambek mbeso. Paitun kudu ngguyu ambek gak habis pikir, lapo ngawab sapu korek.

“Koen gak minggir… tak kabyuk kene engkuk!” jare Supri ambek ethok-ethok ate ngabyuk Paitun. Ola opo, plaur men situk iku kolem ae. Arek iku lak guduk RT. Wis kendep, rambute njegrik, kalah sapu korek. Lhok en ta, iku uwong ta sulak.

Riadi tibake yo kudu ngguyu, tapi macak kereng maneh pas dipleroki Pak RW. Mbesone prei, karak-karakan sapu korek ublem Balai RW. Oala… sapune yo dikawab ublem. Terus ola opo, bas ndik njero joget sogrok-sogrokan, batine Paitun. Kait ungak-ungak, diparani Riadi.

“Koen mesam-mesem, maleh ayas kudu ngguyu pisan. Ngalio ae Tun, awak osi ditlembuk pisan engkuk. Wis ojok ndik kene… age,” jare Riadi ambek nuding-nudingno khentese. Gak usah mbok usir, ayas nyengkre dewe, Di, batine Paitun. Andalane Riadi yo mek kenthes e sing melur iku. Gak sumbut lek kres ambik Riadi.

Sing kane ngene iki nang sanggare Samian. Golek hiburan, ambek ngecas ati, cek ngedem roso. Tekok ngarep pager, suarane Samian cik bantere, regeg antarane. Kanyab gnaro jagongan. Lhuw… gerombolan thothok uwok. Sing aman kadit ublem sik, ndik njobo pager ae, rikipe Paitun. Tail situasi sik, thes.

“Iku lak mbanyol ta. Opo maksute? Nentokno simbule kampung iku kadit sembarangan ho! Mestine lak kudu rundingan sik ambek sing akline. Onok pilsapate iku, gak sukur mlethos ae. Wis… wis… nguwawur pol!” jare Samian ambek atame mendolo.

“Sakjane ayas wis krungu. Tak pikir guyon. Tambah tak gudo, iku sapu korek e iso mumbul tah lek ditumpaki? Koyok sing ndik komik-komik iku. Seksi keseniane RW langsung mlorok nang ayas,” jare Londo. Bambing ngenem ae, koyoke rikim golek bahan.

“Ayas yo heran. Mestine lak ngejak rundingan sik. Sembarang iku lek diomongno lak enak. Ndek kene lak akeh wong-wong sing akline sejarah. Budayawan, wong seni sing ngerti yo nyepak. Dadi engkuk ketemune simbule iku iso mbois. Lha iki moro-moro ditentokno simbule sapu korek, opo’o gak sak cikrake pisan. Kadit mbois babar blas…” jare Samian. Wong-wong kekel. Bambing koyok disumet lambene.

“Aku krungu, jare sapu korek iku artine persatuan. Tapi yo emboh, persatuan sing yok opo. Opo bersatu nyaponi kancane. Kita punya kampung iki pegunungan, guduk panteh, yo gak onok wit klopoh. Tekan endi asale bitingeh. Khayal… khayal…” jare Bambing ambek ngongsloh. Gnomo ambek ndhodhok. Bianto utem srongote, nyocot pisan.

“Pak RW iku yo ngono pisan. Wong wis ngerti lek mulai biyen seksi kesenian RW iku gak sepiro enthos, yo sik digawe ae. Lek jare wong-wong njobo, orang kalo sudah pikirannya tiga C, cwan… cwan… cwan, ojok arep-arep kemajuane kampung,” Bianto mulai pakek bahasa. Et… et… deloken, temenan.

“Orang seperti itu biasanya ndak punya yang namanya tanggung jawab moral, tanggung jawab budaya. Terus biasane yo rai gedeg. Lek ayas meleg ngablak, lhooo… kanyab kasuse. Dikiro ayas gak ero. Bukan rahasia umum wisan. Gangdoan, pren…” jare Bianto, ambek malangkerik koyok ceret.

Ndik pojokan, Bendhot klepas-klepus, okeran opo wanyok kok beluke mbuleng. Penjalin lek e ditodes. Samian uthek ambek udenge, diblebetno nglokor terus, suwe-suwe diuncalno. Lha kok pas raine Londo sing klosotan ndik amben halabese. Londo njahe, wis udenge diuncalno nang got. Samian mek ndlomong. Gnaro aud iku kait biyen kadit akur, sakjeke biyen kadit odis besanan.

“Ojok ngono ta rek, iku lak kreatip jenenge. Saiki lak usuma kreatip-kreatip. Ojok rikim elek sik tah,” jare Endik. Dadak Bendhot ngablak.

“Oyi, kreatip sanjipak, kreatip nylinthung kancane, kreatip ngakali wong kampung. Kreatip ekonomi, ekonomi kreatip, ithab kreatip, mbulet… tewurrr, mboh kah… gak jelas. Tapi ancen sula niame, tak akoni, sula… Paitun ae ero, yo Tun?” jare Bedhot cik entenge lambene ambek nuding awak. Ngawut ae klentheng iku, ero ancene ayas. Kadit sula blas sablukan iku.

“Saking kreatipe, jare wong-wong lek rasan-rasan, Pak RW sampek bertekuk lutut. Lak male kanyab sing salah tapsir. Pak RW iku ero, opo nggomblohi, opo digorohi, opo ancene nyetel, opo kurang cerdas… Kok gak kroso. Gak athik nggawe ilmu, iku ketail jelas…las. Onok lho sing mbedek, Pak RW iku bas wonge gak sepiro pinter, koncone kliru pisan. Yo naisak yoan. Guduk ayas lho sing ngomong,” jare Londo. Mari crito, grogi dewe. Liane melok kadit kane, tapi Bendhot hadak kekel.

Endik sing kait maeng nggethu sekak ambik Pak Nardi, mari halak maleh nyaut kolem pecothotan.

“Onok sing crito. Pas latihan ndik Balai RW, seksi keseniane RW oket. Kabeh diklumpukno, arek-arek diwanti-wanti ojok sampek ngejak wong-wong seni sing kadit pro RW. Iku lak ayahab ta. Ngedu kono, ngedu kene. Deloken ta, wis ping orip, acarane kampung mesti nanggap wong njobo kampung. Padahal ndek kampunge dewe iki lak sak ketapruk wong seni, sanggar sing sakjane butuh pembinaan, butuh diuri-uri. Lek atase kepingin ayak ae ojok ngorbano kepentingan kampung, kepentingan bongso. Lak ngonoa ya?” jare Endik.

Ketoke howone mulai sanap. Sing kane yo ndang kemblas ae, rikime Paitun. Koyoke ate gerimis maneh hare. Uklam sik ae, ate nangdi dirikim mburi. Ambek mripit setengah ngiyup, lho… kok krungu wong nyanyi keroncong. Lhok… sinam iki. Ketoke onok latihan keroncong ndik hamure Hengky. Temenan. Merdu iki. Ndhodhok ae ndik teras. Oala sing nyanyi Lek Jum. Tibae lumayan suarane, nrebel, ngono gak lawetan ledre ae.

Sapu lidi, ujung pepaya…
Jiwa manis ujunglah pepaya…

Hadak Bendhot liwat. Ngungak terus nyengkre ambek ngakak.

“Tak kiro ente sing nyanyi, Tun. Sapu lidi hare, ate golek gantrung le’e…,” kober ae lambene njeplak. Repot ae lem sepeda iku..