Gendruwese Ringin…

0
5

logo paitun gundulGerimis kepyur-kepyur nyiram howo isuk. Godong ambek kembang ndik taman sak dowone piggir trotoar nggilap kelip-kelip koyok mutiara. Paitun uklam ambik ngitung ting listrik, sengojo kadit payungan, kepingin ngrasakno adheme Ngalam sing asli. Tapi naisak kucinge, wulune mamel njebeber kademen.

Paitun mbayangno, ngene iki sing kane yo rimpam nang warunge Cak Kin, nowar karo ngipok, ipoke murni… murni jagung. Nowar e daginge gak sepiro, daging Jowone sing kanyab, manisah e mak tlunyurrr… lek dilek.

Dadak ndik enggok-enggokan Sarinah Paitun Mlongo. Lho… ngecet opo genaro-genaro iku. Lhuk… ngawur ae lapo ringin dicet. Sopo sing ngongkon, kok wani-wanine. Tau sekolah ta gak sing ngongkon iku. Yok opo se, iku paling cilikane gak tau sobo Alun-alun. Paitun pegel, ate diparani wong-wong iku, tapi mandheg, gak sidho, soale ndik pojokan tibake akeh genaro nggrumbul. Ketoke ngroweng kabeh.

“Lha iyo, ngene iki yo opo. Lak iso rusak kabeh tah wit e iku. Ringin iku umure wis sutaran tahun rek. Ayas mulai licek lek diterno ebes minggu-minggu ngono yo ngiyup ndik kono. Lek gak ro sejarah yo ngono iku, kemeruh, soale gak duwe kenangan, ” jare sing kuplukan blantik.

“Paling cilikane gak ndek enek. Gak ro asal-usul. Padahal kapan iku ente lak ero dewe, onok wong-wong tekan pusat, jarene wong pelestarian mboh opo, ayas gak itreng, iku lho ahline sing nglindungi barang-barang lawas. Iku ngukur-ngukur ringin ndik kene kabeh, dicateti, suwe… awak ngetutno sampek gringgingen,” jare sing tangane tato thok. Paitun ngempet mesem, areke sangar, tapi tatone tulisane ‘doa ibu’.

“Wit ringin ndik kene ancene wis sebagian dicatet ambek wong pusat, soale sing ndik alun-alun iki termasuk benda heritage, dadi benda sing dilindungi, wong lek ngarani benda cagar budaya. Yo sakjane sembarang iku kudu ati-ati lek ate lapo-lapo,” Iki sing gnomo rodok intelek, omongane akeh boso londone, klambine kantoran, nayamul yoan gnarone, batine Paitun, sangking ayas wis peyok, dicet meneh tambah ajor.

“Ayas heran, mosok sembarang liane gawe kisruh ae. Kene iki sing duwe Malang rek ya? Masio awak-awak lawetan plembungan ngene, awak lak yo warga. Opo dipikir wong-wong koyoke awake dewe ngene ini iso dibodohi terus. Ayas biyen yo halokes, yo eruh yo opo carane ngregani lingkungan. Umpomo awak ayak ngono, lhuww tak tumbas Alun-alun iki, temenan iki, dirumat sing asik. Ayas wong Malang thess,” jare sing kaosan ireng nggawe jaket. Brengose ketel. Tulisane ndik kaose sangar… jagal kota. Hadah, bareng jakete dicepot, tulisane tibae… jagalah kebersihan kota. Oala… Di Baidi, batine Paitun ambek ngempet atawek.

Wadah, ketoke dalan mulai macet. Kanyab libom minggir ate tail onok opo. Paling kanyab sing rikim, ringin kok diroki, dikiro onok fesyen jare arek saiki, lek biyen fesyen iku jengenge yo ratu luwes. Lah kok yo onok ae sing lambene mlethes.

“Niku dicet tirose gara-gara lare-lare sawanen, kathah dhemite tirose,” jare wong lawetan tahu petis.

Paitun kenal wonge, Wak Boimin, tahu ne kane, tapi petise kanji thok. Ndik pikulane onok tulisan anyar Tahu Boi, dicet ambek cet sepatu ketoke, mlethot kabeh, mblobor pisan. Saking suwene lawetan tahu petis ndik alun-alun, umpomo wonge senden ringin ngono dipikir sing dodol ganok.

Dadak onok wong kewut tapi praene mriayeni, pensiunan, ketoke mari sepedaan pancal.

“Dhemit opo, iku alasan cap opo? Kalau cari alasan yang logis. Kita ini orang berpendidikan. Saya tahu soal urusan pemerintahan. Dhemit. Dhemit opo? Dhemit proyek?” Wong-wong surak.

“Alasan kok gak mbois blass….iku duduk dhemit, paling nates opo gendruwes. Gendruwese ae wis gak iso medeni, lha wis kewut pisan, isone mek watuk. Paling karepe ngudang arek cilik-cilik, areke sing kepiyer.” jare sing brengose ketel. Kabeh ngekek atawek. Boimin dadak gunggungan.

“Kok mboten sanjang kulo. Pun kathik dhemit situk, dhemit sekawan welas kulo kesak e mriki,” jare Boimin ambek gaya ngesak ndik ngokobe. Wis tambah emar.

Paitun mesem. Yo ngono iku wong Malang. Lek onok masalah sing ngrugekno, kabeh kompak mbelani kuthone, masio tah karo noyug. Iku sing kudu dijogo sampek saiki. Wonge kane-kane, pokoke ojok sanjipak ente, iso digado.

Iling noware Cak Kin, Paitun ndang ngaleh. Ublem warunge Cak Kin, kabeh tibake yo wis krungu pekoro ringin dicet.

“Lha iyo, lek mek pekoro nates terus wit dicet. Iso-iso gedong-gedong, wit, lompongan, barongan, sing peteng-peteng medeni iku lak dicet kabeh. Termasuk Paitun iki iso-iso katut dicet,” jare Samian. Kadit nes wanyok.

Manisah iso koyok mandeg ndik gulu. Kait iki Paitun kesereten manisah. Noware Cak Kin iki biasane kane, iki kok rasane aneh. Lho wernone yo seje. Paitun ngwasno Cak Kin.

“Opo o Tun, rawone gak koyok biasae ta? Kluwek angel Tun saiki, larang pisan. Gak popo, ganok bahan kimiane. Gak-gak lek koen ketam,” jare Cak Kin dengan santainya. Des… iku.