Gendheng Kuadrat!

ikon paitun gundulBiasane lek wis suwe uklam, sikile sanap, Paitun nang kali batese Gang Gawat ambek kampung halabes. Ngekum sikil diluk anyes wis. Lho, lha kok emar temen wong-wong nggrumbul ndik pinggir kali. Lomba balapan nglangi ta. Ambek penasaran Paitun marani.

Papakan ambek Riadi keamanan RW.

“Onok bayi dibuak maneh, Tun. Wis…wis, kanyab wong gak duwe wedi saiki. Koen ate lapo? Aku tak lapor sik,” jare Riadi gopoh ambek getem-getem. Lha masio aku ate salto, ate jup… opo’o. Biasa ae, Di. Gak ngreken Riadi, Paitun ndang-ndang kepingin tail.

Paitun nrombol kupengan wong-wong, ngungak. Aduh… sak akene bayeke. Lanang, ngganteng pisan. Kok iso arek disio-sio koyok ngono. Paling sing mbuak iku setengah wong setengah kerdus. Gak duwe ati, dodone isine usus thok, uteke begedel. Orip ngono tak jaluk, lek oleh. Lhok en ta, bayeke yo resik, dirumat ambek wong-wong seragaman diublemno ambulan. Montor ambulan wes ngaleh, liane wis rayub, yo pancet ae onok sing tambah jagongan. Apais lek gak gerombolane blek e kong guan iku.

“Lha iyo kok geblek men wong tuane. Ayas sing pirang-pirang tahun kepingin nggendong anak, hadak iki dibuak-buak. Adane mbuak resek ae. Jathuko umpomo orip, temenan tak jaluk bayek maeng,” jare Bendhot nelongso praene. Wanyik ancene ibar ping agit, ambik sing saiki yo durung diparingi anak. Masiyo ayas yo meleg, batine Paitun.

“Sek tas lak yo onok kejadian arek bayek dicemplungno got. Sak iki jamane tambah gak karu-karuan. Nates saiki tambah ayahab. Setane liwat… sak srittt…. mblendhing wis. Sriitt… metunthung wis… Lek rong srit, yo opo? Lek sing diliwati rong kecamatan? Hara…’ jare Endik ambik gayane nirokno wong diliwati nates.

Paitun tail iso rodok isin. Nggilani Endik. Ente gak perlu nates, Ndik. Kanae omil hare. Apane wong jaelangkunge Endik dewe, gendhang-gendhong ae thethekan iku.

Jon mbureng ae. Wis wareg Jon ngrasakno nasibe arek-arek panti, dipulosoro mulai bayek, , procot lair diculno cul ndik ndunyo, nyenyep kademen sampek biru.

“Dusone gak karu-karuan iku. Urip sampek ketam, diuber-uber ambek dusone, diketoki terus ambek anake. Ayas lek ngenem-ngenem tail arek-arek panti, naisak pol. Umpomo ketemon ayas, wong sing mbuak bayek opo arek licek, deloken koen,” jare Jon ambek ambekan gedhe.

“Ate mbok apaknoh, Jon?” Bambing kober ae takon ambek mulai tratap-tratap.

“Yo dilungguhno sik. Terus tak kongkon ote-ote, tak imblaki koyok bayek. Tak pupuri sing mblekuk, ambek kudu ngemut dot. Terus tak jak dolen, terakhir tak jungrakno nang laut… ,” jare Jon ambek gaya ngamuk, tapi marine atame ngedipi Paitun.

Paitun ngempet ngguyu, Bambing iso nggreweli. Bendhot filing ero, ngegongi pisan.

“Kadit, Jon. Ojok lebokno laut, kok kane? Jungrakno nang got ae. Sing got e ngrepes, jeru, sing ngembeng kathik umbame badek. Maringono dienteni…bkukuthuk… blukhutuk… cek kapok. Lek perlu hape mu isenono suarane bayek berok-berok,” jare Bendhot macak dendam ambek gayane ndelep-ndelepno endas.

Bambing dadak tambah keweden. Endik koyok oleh operan.

“Lha tugasmu Mbing, ambek ayas… tenang…. Marine ente sing ngedusi. Lek wis resik, dipupuri maneh, terus awakmu bagian nyerahno. Ayas sing ngetutno, tak kawal ente. Lak ngonoa pren?” jare Endik.

Rikipe Bambing iki ayahab, onok sing krungu, dileket lak iso kecokot.

“Kok male ngene se rek. Ndak bisah! Ojok ngonoh, Jon. Kene ndak perluh terlibat. Ini bukan urusan kitah. Jarno cek diurus sing berwajib karo RW. Sing mbuaki bayek iku ngonoh wong ndlodog. Gendhenge kuadrat. Koen-koen ojok kolem-kolem ndlodog. Jarno ae wis. Luputo tekok ukuman duniah, gak kiro isoh iral tekan ukumane Sing Kuoso. Saya ndak mau kitah main hakim deweh. Kadit. Ate sempel tah!” jare Bambing ambek raine pucet.

Gak kuat ngempet ngguyu, male ngekek kabeh. Paitun kekel sampek ate kepoyo. Kok yo tepak pas kucinge gulung-gulung ngasin. Bambing iso njahe pol.

“Oo…wedus kabeh. Guyonmu kriminil, Jon. Nggarakno bludrek ae,” jare Bambing lemes. Ngono osi langsung nggoleki awak-awakan.

“Kamuh yah? Kongkalikong ambek wedus-wedus iki. Liat sajah, koen slimpe… tak buak kucingmuh,” Bambing jahe.

Paitun ndang-ndang nyaut kucinge. Slamete Riadi oket, gobyos ambekane ngos-ngosan.

“Lho, nangdi ambulane,” Riadi takon ambek lholhak-lholhok.

Telat le…le… Sangar tapi lambat. Riadi mbureng dipaido entek ngamek.

“Sik ta. Ayas maeng ate laporan. Ngenteni suwe harene. Lha tibae rapate pekoro setape RW ate dilukir, diganti. Pak Pandi eker-ekeran ambik Pak RW. Tak langgit ae mrene.” alasane Riadi.

“Yok opo wong-wong iku. Kok liane eker-ekeran ae. Mosok gak itreng tah lek kampunge dewe iki akeh perkoro sosial. Ndlodog pisan. Terus lek morale masyarakat dadi ajur mumur, perkoro elek dianggep biasa, yoopo? Ayahab. Merem le’e. Iku lak yo tanggung jawabe?” Jon muntab.

Iki iso dowo, rikime Paitun. Nyengkre ae, iki boyok wis njaluk dieluk ae. Tekan pertelon kaceban, ketok Pi’i leyean liyer-liyer ndik kaceb ambik nyetel radio. Kaceb halabese kosong, kalem-kalem Paitun nendes nepakno boyok, empuk hare. Dungaren Pi’i nyetel pengajian. Ustate mbois ketoke lek ceramah, gak osi merem wis. Ngono Pi’i turune ngleker.

“Dadi pemimpin iku tanggung jawabe gueedee! Besar tanggung jawabnya. Masing-masing kamu adalah pemimpin, dan masing-masing kamu akan dimintai pertanggungjawaban terhadap apa yang dipimpin. Seorang raja yang memimpin rakyat adalah pemimpin, dan ia akan dimintai pertanggungjawaban terhadap yang dipimpinnya. Abot nopo mboten? Pun main-main…”

Lhuw, sangar hare, batine Paitun ambek liyer-liyer. Hadak Pi’i tibae kadit rudit.

“Lek ayas dadi pemimpin, kiro-kiro bendino bolak-balik tindien paling,” jarene. Ketoke merem tapi ngoceh ae, sadel iku.

Kadit tindien thok ente, batine Paitun. Iso bendino mbangkrong turu keset barang.