Gang Regeg, Gang Gawat…

ikon paitun gundulIsuk-isuk, ebes-ebes kodew wis nggrumbul ngupengi mlijo nang ‘Gang Gawat’.  Yo wis ngono iku bendino, blonjo ambek dibumboni rasan-rasaan.  Terus, gak jarang kari-karine regeg.

Mangkane dalan iku dijenengi wong-wong ‘Gang Gawat’. Tukarane petang dino, rukune telung dino.  Mek lek riyoyo rukune iso rong minggu, iku ae ngenem-ngenem sik kasak-kusuk. Wak Pan, mlijo iku yo podho dene.

 

“Wak Pan, sampeyan pirang ndino gak lawetan? Garai soro wong ae,” onok sing mlethes omongan.

Wak Pan clingak-clinguk.

“Lapo sampeyan?” Bu Wiwik

“Gak buk, gak enak aku lek crito.” jare Wak Pan ambek tail kanan-kiri.

“Onok opo, sopo Wak Pan? Mbak Ipul ta? Ganok wonge, wis limang dino nang Surobyo. Opoo se?”

“Aku ket wingenane gak dodol, soale kentekan ojir buk, gak iso kulakan.”

“Kok iso se,” mbak Tin nyaut.

“Lha yoopo, Mbak Ipu bon, tak tagih alasane onok ae. Blonjone daging, urang, pokoke iwak-iwakan thok. Maleh aku kulakan macet, buk” jare Wak Pan setengah melas.

Koyok nguyahi segoro, rowengane Wak Pan mbledhos ndik Gang Gawat. Bu Wiwik langsung koyok spiker aktip.

“Lhoo…lHo…lho, gelange, kalunge, ngrentep koyok bintang pelem, tapi nang mlijo ae ngebon.  Ngono lek crito nang aku jare tas tuku bedak ndik pasar gedhe. Nggedabrus tibae.”.

Mbak Tin tambah koyok corong TOA.

“Lha kok sampeyan kaet ero.  Wong iku mblebes.  Wingenane nang omahku, crito berlian, model-model rok anyar, bareng mburi-mburine kate utang. Waaa yo kadit ae.

“Mlijo yo dinakam ae, oala…” liane ngebleki omongan.

“Nang ndi-ndi Mbak Ipul iku ngakune pengusaha”

“Alaa, pengusaha opooo, ngusahakno kancane rugi le’e”

Tapi kabeh gak eroh lek ndik kono onok bolone Mbak Ipul.

“Sampeyan gak oleh ngono, aku gak mbelani, Mbak Ipul iku yo sa’aken. Ojobe gak tu moleh. Dadi de’e jungkir walik golek koyo.” Bu Anna mbelane Mbak Ipul.

“Iyo, tapi uripe koyok artis, mestine lak priatin ta.” Onok sing gak terimo.

Bu Anna rodok panas, genti nyantap Wak Pan.

“Koen yo ngono, lapo diomong-omongno barang. Mlijo iku dodol blonjoan, duduk dodol omong!”

“Iku ngono ancene blolone, Wak Pan.” Bu Wiwik ngroweng.

Bu Anna umep.

“Sopo bolo-boloan! Ngomong sukur mlethos ae.”

Dadak moro-moro Bu Wiwik jupuk kentang disawatno nang Bu Anna. Bu Anna kaget mbales, nggrangeh pupune petek diuncalno nang Bu Wiwik.  Gak suwe, kabeh melok rebutan mblonjoan gawe sawat-sawatan, bayem, daging, tempe, sak nyekele disawatno. Isuk-isuk Gang Gawat mbledhos. Untung wong lawetan krupuk liwat, terus nyeluk Pak RT. Kabeh diseneni kongkong helom.

“Isuk-isuk wis emar. Lak maleh telat ta aku nang kantor.” Pak RT ndrememeng.

Dadak Wak Pan sambat nang Pak RT.

“Lha dagangan kulo yok nopo pak?

“Yo embuh … lha maeng yoopo kok iso ngene?”

Wong dodol krupuk ngrowengi Wak Pan.

“Mangkane ta… ojok dodol omongan.”

Pak RT ambek wong dodol krupuk ngguyu kekel ndelok Wak Pan ndepis cidek pos, koyok Paitun nggreges.