Bancakan…

ikon paitun gundulLangit sik klawu, padahal sik awan. Paitun njagong ndik markase Bik Samini. Emperan cidek penginepan, nggene kodew-kodew kewut lek awan ngaso selonjor. Wong-wong sing uripe dinakam zaman, sak aken gak jelas kana araduse. Mangan kembul oges rong bungkus. Paitun kolem sak puluk rong puluk, gak tego tail.

Durung tentu bendinone ibuk-ibuk iki nakam ping pindo. Sing nyenengno lek rimpam ndik kene, cukup gak cukup onok nakaman sembarang digawe kembul. Gerimis rasane koyok singan, mbrebes mili ndelok bolo-bolo iki cik senenge iso nakam. Mumpung durung katut melas ngrasakno, Paitun pamitan.

Sak njaluke sikil uklam, Paitun lesek karepe dewe. Enake ngaso ae, sing cidek yo nrabas Urek-urek nang warunge Mak Tin. Lek Seloso ngene iki biasane njangan bung, lek Kemis manisah. Lek Minggu yo karek sing nget-ngetan thok, krupuk wis kanyab sing ayem. Hadah, lha kok emar. Lapo brengkesan undur-undur ndik kene kabeh. Mak Tin ngawe ayas. Aco ae langsung ublem, gaya kadit lanek ae. Nggedabrus opo ae wong-wong iku.

“Howone kampung ancene seje. Arek-arek enom ketoke aktip sak iki. Lek ente pas liwat, deloken, ndik embong deretan hamure Nanang iku gelek onok acara, koyok serasehan, onok musike barang. Ndik hamure Pak Ranu, ngarep taman iko yo gelek remaja nglumpuk koyok rapat,” jare Bendhot.

“Yo apik tah lek kanyab kegiatan. Ayas pas nang Narko, ndik ngarepe hamure yo emar. Mboh mbahas opo, onok deklamasine barang ambek gitar-gitaran,” jare Bambing, ngomong ambek nggiling ae situk iku, batine Paitun.

“Tapi jare Narko, tau kanae sing kodew crito. Arek iku lak aktip kolem-kolem kegiatan. Jare yo onok sing ketoke gak tepak, maksute sakjane gak cocok karo budayane kene. Kanae Narko iku lak cerdas, mungkin suwe-suwe yo kroso,” Bendhot nerusno crito.

Mulai thethekan iki, oleh ae lek kulakan perkoro. Liane male katut wis. Jakete ambune koyok pindang, batine Paitun. Temenan, gak kaop Bianto lambene berengen.

“Ayas tau krunguh beritah. Sama keamanan RW kan terus dipantoh. Sepertinyah ada yang nyetel. Katanyah… guduk ayas,” jare Bianto. Pipine iso koyok miler.

Paitun kudu ngguyu, radio lek e disetel barang. Irunge koyok potensio. Bianto iki umpomo dikongkon ndodok ndik Urek-urek, paling ditowo wong soale dikiro radio lawas. Untune lek mrenges persis cethekane radio lawas, ombo jejer-jejer.

“Ojok ngeres sik ente. Gak kabeh ngono. Ababmu aturen ta lek ngablak. Ente ayahab, Ot. Saiki usum, masyarakat tewur yo gara-gara wong koyok ente. Gak ngerti urusane maringono ngomong pathing pecothot, kemeruh pisan. Male kanyab wong salah paham. Ati-ati pren ente lek ate ngobral abab, ngawut ae…” Samian ketoke gregeten. Kukule kanyab wanyik, pipine osi koyok samiler.

Pak Nardi sing kait maeng nggethu nakam ketan ketoke ate nengahi. Wanyik iki wis kewut, untune siba hadak senengane ketan. Lek nakam ketan male nggiring, lek wis tepak kaet dilek ambek rodok mendelik. Iku ae ambek disurung ngombe ipoke.

“Sik… sik… ngene lho dik. Zamane saiki lak zaman terbuka. Orang boleh berkumpul, berpendapat, melok mikir urusan umum. Sampeyan delok ta, gak usah adoh-adoh, ndik kampung kene ae. Sing diarani kumpulan, komunitas … opo ae istilahe, cik akehe… muncul koyok jamur lek udan. Iya apa ndak?”

Lek Pak Nardi sing pidato, liane cendelone mingkem. Bianto thok sing sik kethok untune, padahal wis mekso mingkem. Pak Nardi pidato, kudu nyimak. Lek gak iso dipaido ente.

“Lha… saiki sing penting masyarakat dewe. Masyarakat kudu pinter, kudu kritis… yo ambek melok memantau. Kan nanti kelihatan, iku misine opo, iko tujuane opo, terus juga dilihat mau dibawa kemana generasi muda kita. Lek gak, lhooo…iso-iso anak-anake dewe digawe bancakan, digawe kembul ambek sing duwe-duwe kepentingan. Iyo lek pas sing dieloki jelas. Pak RW ambek pengurus liane harus peka
soal ini. Ojok bangun fisik thok. Gawe opo kampunge apik lek atine wargane nggreges, isine mek suudon, ngarani, didu, gak nyaman, kuatir thok. Iyo opo gak?” jare Pak Nardi.

Bendhot iso kliru manthuk nang mburi, ketoke ngantuk pol. Bambing ngelapi lambene, pancetae ndlendeng. Samian ngowos. Ayas methakol ae nakam ambek jangan bung., mblendrang hare. Sak karepmu, Di.

“Saya kapan itu ketemu warga, ngobrol-ngobrol. Semua ndak keberatan, ya cuma kalau bisa jangan sampeklah kegiatan-kegiatan itu tidak sesuai dengan budaya kita, terus dicecer paham-paham sing gak jelas, ambek aktivitas-aktivitas sing mbingungno keyakinane masyarakat. Carane ancene alus. Sing gak ngerti ae iso mbelani. Yo tugase awake dewe kabeh njogo kampung, mageri, lek kegiatane bener, manfaate jelas gawe warga, gak ditumpaki kepentingan, ya kita kan mendukung,” Pak Nardi ngomong terus.

Krungu tumpak-tumpakan, Paitun mripit liwat lawang mburi. Lek gak ndang nyengkre awak-awakan suwe-suwe osi ditumpaki kepentingan pisan, Paitun rikim. Tekok ngarep balai RW Paitun mandeg, kok emar pisan. Ambek munduk-munduk Paitun moro, nginceng tekan cendelo. Lhuk, ndik mejo panganan sak arat-arat.

Hadak bancaan, wakehe, padahal wonge mek piro. Waduh lha kok diparani Riadi, keamanan RW paling kereng hare. Genarone kendep tapi raja tega. Kepergok thok, iso ngompol ente. Ganok omonge, plak-plek ae. Ndik embong-embong sopo gak wedi ambek Riadi, disapu kabeh.

“Ket maeng koen tak delok inceng-inceng. Lapo ae. Iki, tak bungkusno koen. Ojok rame ae. Sing iki titip pisan. Kekno nang Bik Samini. Ampirno lo?” jare Riadi setengah mbisiki ambek ngisaki kresek.

Tiwas grogi ayas. Gak nglindur ta arek iku.